Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Selasa, 17 Agustus 2010

PUISI (Bagian II)

C. Ragam Puisi
Ragam puisi saking semanten katahe punika saged dikelompok-kelompokaken dumasar jaman lan isie. Ditingal saking jamane, pusi saged dikelompokaken dados puisi lami lan puisi enggal.

1. Puisi Lami
Teng selebete puisi lami, aturan-aturan damel puisi ketat sanget. Hal punika dumados keranten upami setunggal kemawon tetenger punika mboten wonten, maka puisi punika dereng saged dilebetaken teng jinis puisi kang tinemtos. Kang dimaksad kaliyan puisi lami nggih niku puisi kang dereng angsal pengaruh saking puisi western (barat), artose puisi lami punika puisi kang maksih asli. Sifat-sifat kesastraan jaman punika saluyu kaliyan kepercayaan masyarakat. Teng jaman punika maksih katah cerios-cerios setan, kuntilanak, leak, lan sanes-sanese. Sifat kesastraan jaman punika ugi maksih statis, artose perobihan-perobihan wangun lan isie meh mboten wonten, sanajan wontena ugi perobihan punika lambat sanget.
Sanese punika, sastra jaman punika mboten disumerepi sinten penganggite lan anggitan-anggitan punika mboten nggambaraken keaslian pribados penganggite keranten tiyang-tiyang kedah tunduk dumateng kebiasaan-kebiasaan kang linaku teng jaman punika. Puisi lami saged dibagi malih kaliyan tigang jaman, nggih niku jaman purba, jaman Hindu, lan jaman Islam.

a. Puisi Jaman Purba
Miturut penyelidikan ahli sastra, karya-karya sastra teng jaman punika katahe ngandung puisi, anadene puisi kang kalebet teng jaman purba punika nggih niku mantra, bidal, pantun lan talibun.

1) Mantra
Wangun puisi lami kang diperkirakaken paling sepuh yuswane nggih niku mantra. Mantra punika kenging gadah rima atanapi sanjak atanapi kenging mboten gadah rima atanapi sanjak, kang penting teng mantra punika irama. Sangsaya kiat iramae sangsaya ageng tenaga gaib kang diciptakakene. Mantra punika setunggale puisi lami kang gadah kekiatan atanapi dianggep saged ndugiaken kekiatan gaib kang biasae diwucalaken atanapi diucapaken dening pawang, dukun, atanapi tiyang kang gadah kekiatan gaib kangge nandingi kekiatan sanese.
Mantra mboten kenging diucapaken dening sembarang tiyang, nanging kedah dening tiyang kang amogasidi (tiyang kang ahli teng bidange lan dianggep gadah kekiyatan gaib kang hebat). Mantara umume tumimbul teng jaman Hindu – Buddha. Misale mantra kang diucapaken waktos nawur bibit pantun supados pantun saged tuwuh kelawan subur, maka diwaosaken mantra kados teng andap puniki.
Umpamie :

Seri Damongala, Seri Damongali
Arep kekiriman anak sangang wulan
Segala inang segala pengasuh
Aja ngupai lara
Aja ngupai gering
Aja ngupai manastis
Aja ngupai linu
Aja ngupai puyeng
Cilik dadi gede
Tuwa dadi enom

Atanapi mantra kang sampun angsal pengaruh saking agama Islam kados mantra kang diucapaken dening pawang nalika kangge tiyang belaan (nelayan) bade mayang supados angsal ginanjar kawilujengan teng andap puniki.

Hai, Toh Mambang petak, Toh Mambang cemeng
Kang manggon ning wulan lan diwangkara
Nglimpahaken sadaya alam asaleng pawang
Maturaken sadaya uripingsun
Nglakonaken sadaya kakarepingsun
Assalamu’alaikum,
Hai, baturingsun Mambang Tali Kedah
Kang umulang neng pusat tasik Pauh Janggi
Maturaken welingingsun
Marang Datuk Si Rimbun Alam :
Ingsun anjaluk tulung remenana batur-baturingsun!
Hai, sadaya baturingsun ning jaladri!
Hai, Sidang Saleh, Sidang Bayu
Sidang Mukmin, Sidang Embang
Sidang Biku Mambang Segara
Mambang Singgasana, Mambang Dewata
Mambang Laksana, Mambang Sina Mata
Mambang Dewati, Mambang Dewani
Mambang Tali Kedah

2) Pantun
Pantun ngrupoiaken ragam puisi Melayu (Indonesia), unggal padae mangadeg teng atase sekawan padalisan, gadah rima atanapi pola persanjakan (a – b – a – b), unggal padalisan biasae cacahe sekawan atanapi gangsal tembung lan wolu ngantos kalilas kecap. Baris pertami lan kalih ngrupiaken sampiran sedeng baris kaping tiga lan sekawan ngrupiaken isi. Pantun saged digolongaken dumasar tigang dasar, nggih niku dumasar isie, dumasar wangune, lan miturut pianggeane.

a) Dumasar isie, pantun saged dibentenaken dados :
(1) Pantun asukan-suka
Umpamie :
Cina blending mbuka warung
Adol ember ning jero paso
Pikiran pusing kaya dikurung
Nunggu lonceng tanda ngaso

(2) Pantun duka cita
Umpamie :
Anak belaan luru teri
Praue kerem nabrak karang
Kuwayang sengsara nasibisun iki
Bapa ninggal, mimi wis miyang

(3) Pantun dagang
Pantun dadang disebat ugi pantun nasib nggih niku pantun kang dipigunakaken dening tiyang kang tebih teng tanah sebrang, tiyang kang dikintunaken dening tiyang sepuhe, garwa kang dikintunaken dening semahe, atanapi semah kang dikintunaken garwane.
Umpamie :
Manek gunung nggawa tulup
Kelap-kelip lampu ning kota
Jagat peteng srengenge surup
Dagang temrotos banyu mata

(4) Pantun Jenaka
Umpamie :
Sungguh nikmat wohe belimbing
Cukul parek wohe lungga
Seneng duwe rabi suwing
Najan nyewot kegugu uga

(5) Pantun Badekan
Umpamie :
Prau compreng mentas ning darat
Isie kebek asam cuka
Mangan ning laut nguyu ning darat
Apa iku coba jawaba

(6) Pantun Ajar Kenal
Umpamie :
Permata biru karate saru
Layangan tugel nyangkol ning cawang
Mata ngantuk bli bisa turu
Bayangan senok bli bisa ilang

(7) Pantun Kinasihan
Umpamie :
Aja mlaku ning tengah sawa
Sebab sawa akeh lumpure
Aja gelem sampean ning kula
Sebab kula wong ora duwe

(8) Pantun Pirakan
Umpamie :
Pari segedeng diangkut gotrok
Nganggo tali tambange kawat
Sampe ati ninggalaken senok
Lagi demene digawa minggat

(9) Pantun Nelangsa
Umpamie :
Benang dawa kanggo tinalen
Njukut benang jlumaten jala
Upama kakang karo wong sejen
Eling-elingen blesake kula

(10) Pantun Agama
Umpamie :
Asam kandis asam gelugur
Ketelu asem riang-riang
Ati nangis ning lawang kubur
Kelingan awak ora sembayang

(11) Pantun Wejangan (nasihat)
Umpamie :
Cukul lumut karo kemumu
Njokot jambu bangkole kawat
Upama urip tanpa ilmu
Sesat ning dalan dunya akerat

(12) Pantun Adat
Umpamie :
Gedang emas dipangan manyar
Mateng sesigir ning jero peti
Utang emas bisa dibayar
Utang budi digawa mati

b) Dumasar wangune, pantun saged dibentenaken dados :
(1) Pantun kilat
Pantun kilat nggih niku pantun kang mangadeg ing atase kalih larik. Pantun kilat ugi desebat karmina. Teng wewengkon Cerbon pantun kang kados mekaten disebate wangsalan tunggal.
Umpamie :
Kucing garong nyolong daging
Mata mlolong pating prinding

(2) Pantun biasa
Pantun biasa disebat ugi pantun sekawan seuntai, nggih niku pantun kang mangadeg saking sekawan larik, kang mboten kalebet teng pantun biasa nggih niku pantun kilat lan talibun.

(3) Pantun nenem seuntai atanapi langkung
Pantun nenem seuntai disebat ugi talibun nggih niku pantun kang gadah nem baris atanapi langkung (saged 8, 10, atanapi 12 larik).

(4) Pantun kinait
Pantun kinait disebat ugi pantun rantai nggih niku pantun kang gadah sekawan larik kang baris kaping kalih lan kaping sekawan dados larik kaping setunggal lan tiga selebete pada kang sanese, mekaten seterase.
Umpamie :
Woh kara wite dibantun
Ayo dibantun ngangge pedang
Para sederek pirengaken pantun
Pantun mboten ngrasani tiyang

Ayo dibantun ngangge pedang
Sekintal wos teng lebete peti
Pantun mboten ngrasani tiyang
Sampun curiga selebeteng ati

(5) Pantun moderen
Pantun moderen nggih niku pantun kang sedanten larike ngrupiaken isi, mboten wonten sampirane, anadene kang diangge kangge gocelan nggih niku rima lan iramae.
Umpamie :
Sedapur pring ning pinggir balong
Liak-liuk nigelaken layang
Dikubengi angin ndodok mlolong
Ora karuan godonge manglayang

c) Dumasar pianggeane, pantun saged dibentenaken dados :
(1) Pantun lare alit
Pantun lare alit nggih niku setunggale wangun pantun kang ditingal saking isie langkung pas dipigunakaken dening lare alit. Pantun jinis puniki ngrupiaken pantun kang saluyu kaliyan kepribadosane lare alit kados dene pantun asukan-suka lan pantun duka cita.

(2) Pantun tiyang nem
Pantun tiyang nem-neman nggih niku pantun kang dipigunakaken dening para nem-neman kangge maturaken peraosane. Kalebet teng pantun nem-neman punika nggih niku pantun kenalan, pantun kinasihan, pantun pirakan, pantun kingking (sedih) ati, pantun dagang, lan pantun nasib.

(3) Pantun tiyang sepuh
Pantun tiyang sepuh nggih niku pantun kang dipigunakaken dening tiyang sepuh. Kalebet teng jinis pantun tiyang sepuh kados dene pantun wejangan, pantun adat, lan pantun agami.

3) Wangsalan
Katah kang sawon atanapi keliru ngartosaken wangsalan. Katah ugi kang tinuker antawis wangsalan kaliyan parikan. Kang dimaksad sareng wangsalan nggih niku sekumpulan tembung arupi badekan lajeng angsal jawaban atanapi wangsulan. Wonten kalih jenis wangsalan, nggih niku wangsalan tunggal sareng wangsalan rangkep. Kang dimaksad sareng wangsalan tunggal nggih niku wangsalan kang sepada wontene kalih larik atanapi baris. Umume wangsalan tunggal puniki kaiket dening wontene rima, nggih niku rima madya lan rima wusana.
Umpamie :
Gula jawa Karang Sinom
Bagen tuwa rabie enom

Udan barat campur angin
Edan keparat mending sing dingin

Cipir kawat rambatane tugel
Ora kuwat nyawang wong prigel

Gambang kayu gambang kromong
Wong diwayu bli bisa ngomong

Jeruk tipis jeruk bali
Lambe tipis doyan ngrasani

Bunen-bunen langka parie
Sing bengen-bengen langka narie

Wedang bandrek wedang bajugur
Demen dewek ngarani batur

Asem kawak gula watu
Rangda kawak sugih putu

Cipir kawat cipir wesi
Ora kuwat nyawang sing duwe laki

Nandur kacang ning lemah wedi
Wurung kakang sida adi

Contoh wangsalan teng inggil punika kelebet teng wangun wangsalan tunggal keranten cumi gadah kalih larik unggal padane. Anapon kang disebat wangsalan rangkep nggih niku wangsalan kang setunggal baite gadah sekawan larik atanapi baris. Larik kaping setunggal lan kaping kalih disebate sampiran lan larik kaping tiga lan kaping sekawan punika isi wangsalan. Dados, teng wangsalan rangkep punika sejatine isi wangsalan punika wontrene teng baris kaping tiga lan baris kaping sekawan. Anadene baris kaping setunggal lan kaping kalih punika fungsie cumi pemanis atanapi pemundut rima. Wangun rima teng wangsalan nggih niku a – b – a – b.
Umpamie :
Bode Lor Karang Sari
Watu Belah Pesalakan
Laka jodo kena mari
Aja belah wong sanakan

Awan-awan akeh lamuk
Mencloke ning suket teki
Akeh prawan pada ngamuk
Ngamuk soteh njaluk laki

4) Parikan
Wangun parikan memper kaliyan wangsalan anging wonten bedane. Upami wangsalan boten angsal jawaban atanapi wangsulan sedeng parikan punika angsal jawaban. Wangsalan lan parikan biasae diangge dumateng sinden, dalang, lan tiyang nem-neman kang siweg kasmaran. Jaman sengiyen, antawis wangsalan sareng parikan inggih tunggal, nanging kemajengan pangauningan seiring kaliyan kemajengan mikir, saniki antawis wangsalan sareng parikan punika inggih benten nyatane.
Kados wangsalan, parikan ugi dibagi dados kalih maceme nggih niku parikan tunggal lan parikan rangkep. Parikan tunggal gadah kalih padalisan unggal padane sedeng parikan rangkep gadah sekawan padalisan kang setunggal padane. Baris pertami teng parikan tunggal punika sampirane sedeng baris kaping kalih punika isi parikane.
Umpamie :
Kembang putih melipir gunung (tegese mega)
Sampun tega kakang kali kulane (tega negesaken mega)

Gelang alit mungging jriji (tegese ali-ali)
Sampun lali sareng kulane (lali negesaken ali-ali)

Piring abang sing Panjunan (tegese laya)
Sulaya karo janjie (sulaya negesaken laya)

Teng andap puniki kula sajiaken parikan-parikan kang sumejah boten kula sukani isi. Mangga panjenengan piyambek kang nyukani isi parikan punika.

Kalong cilik saba gedang (tegese codot)
Tunggak jati pesarean (tegese maesan)
Kebo pendek saba wana (tegese bedul)
Ireng-ireng ning rerangken (tegese sawang)
Kembang putih sepetarangan (tegese endog)
Lampit gunung magelaran (tegese klasa)
Dogdog cilik pekauman (tegese kentong)
Dengdeng gedang wewalean (tegese sale)
Roko cendek pembuangan (tegese tegesan)
Pendil wesine negara (tegese undang-undang)
Gubug duwur ning tengah sawah (tegese ranggon)
Kembang merang sapu jogan (tegese kesed)
Tumbak cendek ning beyekan (tegese jantung)
Gambar kulit mungging panggung (tegese wayang)
Pitik walik saba kebon (tegese danas)

Kang dimaksad kaliyan parikan rangkep nggih niku parikan kang gadah sekawan larik atanapi baris kang setunggal padae. Baris kaping setunggal lan kaping kalih punika disebate sampiran lan baris kaping tiga sareng baris kaping sekawan punika isie.
Umpamie :
Dodol watu sira wong ayu (dodol watu tegese apu)
Wader kalen sesonderan (wader kalen tegese sepat)
Mugi sedaya agung ampura (ampura negesaken apu)
Sedaya-daya lepating kaula (lepating negesaken sepat)

Godong kacang rinumbacara (tegese lembayung)
Suket rendeng wohe ketiga (tegese pari)
Kula keyungyun teng sampeyan (keyungyun negesaken lembayung)
Lawas tresna bli mari-mari (mari-mari negesaken pari)

5) Talibun
Talibun nggih niku sajak kang cacah padalisane langkung saking sekawan larik. Anadene jumblah larik kang saged diangge punika saged 6, 8, 10, atanapi langkung. Pantun punika ngangge rimae, rima selang (a – b – c – a – b – c ) atanapi (a – b – c – d – a – b – c – d), sepindah pada kang pertami ngrupiaken sampiran sedeng sepindah pada kang sanese ngrupiaken isi.
Umpamie :
Rama-rama ning godong gedang
Nyucuk pari tigel ning dalan
Pipit manggung mbari miber
Selawas senok ning negri sebrang
Ati kakang ora karuwan
Watir senok ana kang nyamber

Pasir wulan kari separuh
Digawae nganggo prau dawa
Ora kuat gage pinggiraken
Tiku ngadep ning parane
Tresna senok kakang weruh
Kaya nggegem sepelik wangwa
Krasa panas diuculaken
Semono gedene nembe kirane

6) Bidal
Bidal nggih niku basa kias kangge nugungkapaken peraosan kang sealus-aluse ngantops tiyang kang mirengaken pounika saged ngresepi artos lan maksad teng selebeteng manah. Biasae bidal punika isie wejangan, nasaehat, lan pangeling-eling. Dumasar teng penggunaane, bidal saged dibentenaken dados :
a) Pepatah
Pepatah nggih niku kiasan kang tepat arupi ukara sampurna kang cendak. Awale, pepatah punika kangge nugelaken ceriosan tiyang.

b) Pribasa
Pribasa nggih niku Pribasa ngrupiaken kelompok tembung atanapi ukara kang susunane tetep lan nyriosaken maksad-maksad kang sampun temtos. Kelebet teng wangun pribasa nggih niku kados dene bidal, ungkapan, lan perumpamaan. Pribasa ugi ngrupiaken perumpamaan kewontenane tiyang gesang teng alam dunya. Biasae pribasa punika diangge dening tiyang supados kang dijak wicaos punika mboten kesinggung.
Umpamie :
Kebo balik ning kandange. Artose, tiyang kang sampun lami ngintunaken kampung atanapi desae teras wangsul malih teng kampung kelairane.
Durung kena iwake wis butek banyue. Artose, pedamelane dereng nemoni asil ketumpu ribut rumiyin.
Ngarep-ngarep duren tigel. Artose, ngajeng-ngajeng angsale rejeki kang dereng karuwan.
Ana geni pesti ana kebul. Artose, wonten perkawis temtos mawon wonten sebab musababe.
Pakane dedali bli bakal dipangan luwak. Artose, rejekie tiyang gesang punika piyambek-piyambek.
Manis aja gerek dieleg, pait aja gemek diwutahaken. Artose, segala masalah kedah disaring rumiyin sae mbotene, mngpaat mbotene, lan untung rugie.
Kaya ketek diupai kaca. Artose, percumi nyukani barang teng tiyang liyan yen tiyang punika mboten saged migunakakene.
Mburu deleg kelangan kocolan. Tegese, nggedag-nggedag rejeki kang ageng dereng karuwan, rejeki alit kang sampun pesti malah ical.
Ngarep-ngarep endoge Si Blorok. Artose, ngajeng-ngajeng rejekie tiyang sanes.
Ibarat ana niyat ora kajat. Artose, tiyang kang gadah maksad atanapi karepan nanging mboten kiyeng nglakonane.
Ana gula ana semut. Artose, wong sugih atanapi pinter panggenan nyuwun pitulung.
Panas setaun ilang kenang udan sedina. Artose, kebagusan kang katah ical kenging keblesakan kang mboten wonten artose.
Sedia payung sedurunge udan. Artose, saee njagi diri piyambek supados slamet saking baya.
Sapa sing nadur bakal ngunduh. Artose, sinten kemawon kang nanem kebagusan pesti angsal kebagusan malih lan sinten kemawon kang nanem keblesakan pesti angsal keblesakan malih.
Tanpa guru wong bli bakal weruh patrape. Artose, supados pedamelane punika leres, perlu nalar.
Adil iku prajurit kang paling kuwat. Artose, gadaha sifat adil supados angsal keselametan.
Kang kuwat dibopong kang rubuh diedek. Artose, tiyang sugih katah rencange, tiyang masakat katah musuhe.
Sapa ratu, sapa pendeta, sapa rayat. Artose, sedanten janma punika sampun gadah drajat lan tugase piyambek-piyambek.
Ngajari beburu anake macan. Artose, ngwucal putrane tiyang pinter temtos enggal ngertos.
Wulane muluk srengengene munjuk. Artose, angsal keuntungan kang malipet-lipet.
Umpane entok iwake durung kena. Artose, usaha kang dereng angsal untung sanajan bandane sampun telas sedanten.
Nyuled damar wayah awan. Artose, setunggale panggawe atanapi pitulungan kang sia-sia.
Kesturi mati kenang ambune. Artose, pejah kenging panggawe atanapi paripolahe piyambek.
Kaya banyu seduwureng godong tale. Artose, tiyang kang mboten gadah sikap atanapi pendirian.

c) Perumpamaan
Perumpamaan nggih niku majas kang arupi perbandingan kalih hal kang hakekate benten, nanging kekalih hal punika sumejah dianggep sami.
Umpamie :
Geger gumerote lir kadya gunung lugrug.
Wajahe kados dene wulan kawanan.
Wentise wong wadon kuen kaya pari meteng.
Saking nahan mengkel endase wani ngebul.
Kados toya kaliyan lisa.

d) Tamsil
Tamsil nggih niku kiasan cendak kang gadah sajak lan rima, kados dene pantun kilat atanapi karmina.
Umpamie :
Ana uwi ana tales
Ana budi ana wales

Parek kabut mata ditutup
Parek maut maaf ketutup

e) Ibarat
Ibarat nggih niku perbandingan terang-terangan sareng kawontenan teng sekelilinge lan ngandung sipat puitif.
Umpamie :
Ibarat kembang, seger dipandeng, layu ditendang
Kaya anak ayam kelangan bibite

f) Pemeo
Pemeo nggih niku ecean (ejekan) atanapi sindiran kang dados kembang lkambee tiyang atanapi pianggean tembung-tembung kang lucu kang selerese tujuane punika nyindir.
Umpamie :
Undang-undang lan kukum cumi linaku kangge rayat alit
Kukum didamel kangge dilanggar

g) Amsal
Amsal nggih niku tembung cendak kangge ngajaraken setunggale kabeneran.
Umpamie :
Aja sampe bagen tekor asal kesohor
Kena dipadeng aja digandeng
Kena diplajari aja diturut

h) Siloka
Istilah siloka punika asale saking saloka, artose sami kaliyan pribasa nanging langkung cendak. Teng sastra Cerbon, kang dimaksad kaliyan siloka nggih niku frasa kang nggambaraken setunggale hal (peristiwa, kedadosan, tandangan, obah-osik, lan sapanunggalane) kang gadah tetenger kang sami kaliyan hal kang digambaraken.
Umpamie :
Sebane kenging dislokani sata grana. Sata namaning sawung, grana namaning ulung, artose kados dene sawung ningal ulung, ngraos kawedosen.
Kawontenan atanapi suasanae kenging kaslokaaken badra irawan. Badra namaning wulan, irawan namaning mega, artose kados dene wulan katutup dening mega, riyem-riyem.
Tiyang punika kenging dislokani catur manggala. Catur namaning sekawan, manggala namaning pengageng, kados pengageng kang gadah kuwasa ngakimi lan pinter dados penghulu.
Pangandikane punika kenging dislokani eka sabda. Eka namaning sawiji, sabda namaning pangandikan, artose pangandikane tiyang tanos kang cecek setunggal atanapi kang sampun kedadosan mboten bakal kedadosan malih.
Tingkahe punika kenging dislokani maling sandi. Maling namaning tiyang kang doyan nyeyolong, sandi namaning samar, artose anggene nyenyolong punika mboten katenger.
Pangandikane punika kenging dislokani ngreka wecana. Ngreka namaning nganggit, wecana namaning omongan, artose pangandikane tiyang punika mboten saged dipercanten.
Sabare punika kenging dislokani ngunjara setan. Ngunjara namaning mlebetaken teng penjara, setan namaning nepsu, artose saged ngekang nepsu.
Kapotusane punika kenging dislokani nyirna wedana. Nyirna namaning ical, wedana namaning kang wonten, artose kapotusane mboten mbakta mupangat.
Payiose punika kenging dislokani ceti bedaya sriti manggung. Bedaya namaning njoged, manggung namaning mungel, artose werni-werni bebaktane.
Lare punika kenging dislokani jaka kencur. Jaka namaning lare jaler kang dereng nikah, kencur namaning cikur, artose kamilareen.
Negrie punika kenging dislokani panjang apunjung. Panjang namaning dawa, apunjung namaning inggil, artose negri punika karta raharja, aman, tentrem, lan ayem.
Impen punika kenging dislokani dora sembada. Dora namaning bobad, sembada namaning pantes, artose impen punika bobad-bobad pantes, kembange tiyang kulem.

i) Ungkapan
Ungkapan nggih niku gabungan tembung-tembung kang maknae mboten sami kaliyan makna gabungan makna unsur pangwangune sewang-sewangan.
Umpamie :
abot tangane artose males
adoh kupinge artose budeg
alot cangkeme artose mboten kiyeng ngomong
anak emas artose putra kang paling dieman
bintange munjuk artose angsal drajat
bli duwe rai artose isin
dawa tangane artose doyan nyenyolong
encer uteke artose pinter
gede endase artose sombong
gede atine artose bungah atanapi seneng
kakehen cangkem artose pangandikane ngawur
kandel raine artose mboten sumerep ngisin
kapok pitung turunan artose taluk, mboten malih-malih
ketiban pulung artose angsal rejeki atanapi kanugrahan kabecikan
mangan ati artose damel mangkel
mati pangane artose tebih rejekie atanapi ical dalan pangane
nemu tamba artose angsal pitulungan
ngobar ati artose memanas
pait cangkeme artose pangandikane nglarani ati
panas baran artose penasaran
rai badogan artose cemrotok teng barang daharan
rai gedeg artose mboten sumerep teng isin
abang cangare artose nyewot
tai manuk artose apu
awak abang artose anggene medal (keranten pegatan) mboten mbakta punapa-punapa
tamu bli diundang artose maling
tunggal getih artose keturunan atanapi sabronjot

b. Jaman Hindu
Bangsa India gadah buku kang agung sanget, ageng hikmate, mulya, lan didadosaken wejangan luhur. Saking agung, hikmat, mulya, lan isie wejangan luhur punika ngantos buku punika didadosaken semacem buku suci. Buku kang dimaksad nggih niku Mahabharata lan Ramayana. Anadene puisi kang tumimbul teng jaman Hindu nggih niku seloka lan gurindam.

1) Seloka
Miturut Simorangkir Simanjuntak, seloka puniku pribasa (pepatah) kang disukani sampiran.
Umpamie :
Lare Agam sadean sutra
Nyade teng Renggat caket peken
Aja dicekel kaya wangwa
Rasa panas diuculaken

Miturut Hooykas, seloka nggih niku pantun kang ngandung kiasan/prasasat lan isie wejangan-wejangan.
Umpamie :
Kelip-kelip geni ning duwur gunung
Wong turu ning bale-bale
Niat ati ngrangkul gunung
Nagging tangan ora nyampe

Miturut Amir Hamzah, seloka punika pantun sampiran kaliyan isi wonten hubungan artos.
Umpamie :
Jalan-jalan ning kebon gayam
Ampir-ampiran ning umah gedong
Pura-pura ngulati ayam
Larak-lirik anake uwong

2) Gurindam
Gurindam punika setunggale puisi lami kang setunggal padae mangadeg teng atase kalih padalisan atanapi kalih rongge (dua seuntai) kang gadah rima teras (a – a). baris pertami ngrupiaken syarat sedeng baris kaping kalih ngrupiaken jawaban.
Umpamie :
Dumateng tiyang sepah kedah inget
Supados gesang tetep selamet

Kang bagus-bagus bebaturan
Salah-salah dadi tukaran

Sareng rencang kedah emut
Supados panjenengan katah kang tumut

3) Karmina
Karmina nggih niku pantun kang jumblahe kalih padalisan. Padalisan kang kaping setunggal ngrupiaken sampiran sedeng padalisan kaping kalih punika isie.
Umpamie :
Macan turu parek kandang
Badan kuru akeh utang

Nguleg kacang gawe sambel
Bengen sayang kiyen sebel

Godong kacang kanggo rumba
Duwe rabi cungure amba

c. Jaman Islam
Teng jaman Islam punika puisi-puisi kang wonten sampun dipengaruhi dening kebudayaan Islam saking khususe saking Arab atanapi Persia. Puisi kang tumimbul teng jaman punika nggih niku syair, gazal, masnawi, ruba’i, kit’ah, lan nazam.
1) Syair
Syair nggih niku puisi lami kang unggal padae mangadeg teng atase sekawan padalisan, gadah rima a – a – a – a, sedanten padalisane ngtupiaken isi kang silih kantetan.
Umpamie :
Rungokaken sawijineng riwayat
Rajapola Nagri Kembayat
Dikarang pikir dadi hikayat
Gawe syair namung niat

2) Gazal
Gazal nggih niku puisi kang asale saking Persia, mangadeg teng ataseng wolung padalisan, unggal padalisan dipungkes kaliyan tembung-tembung kang sami, lan unggal baris isie perihal asmara atanapi katresnan, mboten kemawon kinasihing sepepada nanging ugi kinasihing Gusti Allah.
Umpamie :
Kinasihingsun lir yuswa ugi
Yekan kinasih kang mulya ugi
Nyawa punika saking pundi ugi
Marang nyawa piyambeke ugi
Yen sewu naun gesangira ugi
Kedah sadya ugi
Nanging upami yuswa ugi
Meh kaliyan kingking tresna ugi

3) Masnawi
Masnawi punika puisi kanga sale saking Persia kang gadah rima kalih-kalih lan isie perihal pupujian.
Umpamie :
Umar kang adil kaliyan ambeke
Nyatae uga adil marang piyambeke
Klawan adil ingkang putra dipunpejahi
Punika;ah adat ingkang kedah dipunsumejahi
Kalawan mbedah isineng dunya
Punikalah ingkang ageng lan maha sunya
Punapa malih kang nebihaken syar
Imamul haq salebeting padang mahsyar
Barang ingkang haq ta’ala kang benten
Sujare salerese kados mekaten

4) Ruba’i
Ruba’I nggih niku puisi kang asale saking Arab, gadah sekawan padalisan teng setunggale padae.
Umpamie :
Subhanallahu punapa sedanten hak janma
Ingkang awaking salebeting buntala dados hawu kang sia-sia
Lemah puniki kuladadosaken awake manke
Kang sengiyen wonten teng piyambake

5) Kit’ah
Kit’ah nggih niku setunggale puisi saking Arab Parsi kang unggal padae mangadeg teng atase gangsal padalisan.
Umpamie :
Yen tekdeleng sajroneng lemah asal segala iman
Datan bisa mbedakaken rayat lan sultan
Fana uga sekaliyan kang ana, rungokana kang Allah ngandikan
Kullu man’alaiha fanin, yekan
Sing sapa kang ana neng duwur bumi iki fana ing jaman

6) Nazam
Nazam nggih niku puisi kang asale saking Parsi. Puisi punika mangadeg teng atase kalih welas larik atanapi padalisan, gadah rima kalih-kalih atanapi sekawan-sekawan. Isie sajak nazam punika umume perihal hamba sahaya atanapi budak belian istana kang setya dumateng dunungane.
Umpamie :
Nyaniya kangge raja sedanten
Bade wonten mentri mekaten
Kang teng setunggale padamelan
Nyampurnakaken samubarang kerajaan
Mentri punikulah mahatolan prabu
Lan peti sedanten rusiah ratu
Keranten pangandikan raja punika saujaripun
Esa artose lan kalih wontenipun
Maka mentri kang mekaten punikalah wontene
Wonten kewontenan raja piyambake
Upami raja angsal wontene puniku
Angsal peti rusiah teng ngriku

2. Puisi Enggal
Kelairan puisi Indonesia moderen ditandai kaliyan babare sajak pertami kang judule ‘Tanah Air’ kang diserat dening Muh. Yamin. Hal punika menget nyaniya sajak punika dianggep minangka cikal-bakale kelairan puisi moderen menget rumpaka sastra (puisi) mboten babar teng tengahe kekosongan budaya, nanging ngrupiaken kemanunggalan antawis konvensi kaliyan inovasi. Kebabaran punika nerasaken konvensi sastra lami khususe puisi Melayu kang ragam utamie nggih niku pantun lan syair. Sejeb punika, lajeng diampili dening penyair-penyair sejamane. Kebabaran pengampil Muh. Yamin teng periode punikalah kang mengkine disebat Angkatan Pujangga Baru. Selajenge dumados persambungan sejarah puisi saking periode teng periode sanese kang nuduhaken tetenger kang tinemtos saluyu kaliyan periodisasie.

a. Periodisasi Puisi Enggal
Kang dimaksad kaliyan periodisasi puisi enggal nggih niku pembagian puisi dumasaraken teng masa tumimbule puisi teng setunggale jaman kang sampun temtos. Teng hal punika puisi enggal saged diperiodisasikan teng atase periode Angkatan ’20, Angkatan ’45, Angkatan ’50, Angkatan ’60, Angkatan ’70.
1) Periode Angkatan ‘20

Teng naun 20-an, kinembang puisi Indonesia modern lan muncul penyair kados Muh. Yamin, Sanusi pane, lan Rustam Effendi. Rumpaka ketigang penyair punika sampun terbit selebete kempelan Percikan Permenungan (1926), Puspa Mega (1927), lan Tanah Air (1922). Penyair sanese teng angkatan punika nggih niku : Amir Hamzah (Nyanyi Sunyi lan Buah Hati), Armijn Pane (Gamelan Jiwa), lan J.E. Tatengkeng (Rindu Dendam).

2) Periode Angkatan ‘45
Puisi Angkatan ’45 ngrupiaken respons dumateng puisi Angkatan Pujangga Baru, terutami arupi penyimpangan-penyimpangan dumateng aturan perpuisian kang maksih dahat kaiket dening pola-pola kang tinemtos. Pramila punika, sajak Angkatan ’45 disebate sajak pembebasan.
Upami puisi Pujangga baru alirane romantik, maka puisi teng Angkatan ’45 punika alirane realisme kang ngutamiaken gambaran kegesangan secara nyata. Seliyane punika, Angkatan ’45 ngampili aliran ekspresionisme selebete gaya penuturan lan pemilihan masalahe. Penyair-penyair Angkatan ’45 kados dene Chairil Anwar (Deru Campur Debu lan Kerikil-Kerikil Tajam), Asrul Sani lan Rivai Apin (Tiga Menguak Takdir), Toto Sudarto Bachtiar (Etsa lan Suara), Mohamad Ali (Hitam di Atas Putih lan Bintang Dini).

3) Periode Angkatan ‘50
Antawis Angakatan ’45 kaliyan Angkatan ’50 punika angel mbentenakene keranten gaya kang diangge dening penyair Angkatan ’45 diterasaken dening Angkatan ’50, cumi kemawon wonten pigentosan situasi teng Indonesia saking situasi perang teng situasi merdika atanapi saking situasi penjajahan teng situasi kemerdikaan).

4) Periode Angkatan ‘60
Periode Angkatan ’50 punika teng dasare nerasaken konvensi Angkatan ’45, cumi kemawon wonten perobihan selebete gaya cinerios. Teng periode punika kinembang jinis puisi epik kang kawentar nggih niku ballada. Ballada ngrupiaken sajak sajak basajan ngenai setunggal cerios kang nimbulaken raos haru.
Tema kang wonten teng selebete puisi punika umume nyeriosaken masalah perang, kejanmaan, tiyang kang pareng babas saking penjajahan, atanapi bebas saking kekejeman. Pramila punika, sastrawan minangka setunggale anggota masyarakat lan bangsa mboten ucul saking masalah kemasyarakatan lan budaya panggenan piyambeke gesang.

5) Periode Angkatan ‘70
Kaliyan muncule pujangga-pujangga enggal kang gadah bakat teng pungkasan naun 1970, maka muncul ugi periode sastra, khususe kangge puisi kang gadah corak piyambek. Para pujangga nem namiaken periode punika minangka Angkatan ’70 atanapi Angkatan ’80. Teng periode punika, seliyane puisi ngalami pikembangan kang sae selebete rangkenan sejarah puisi, kinembang ugi sastra pop arupi novel-novel pop kang maksih gadah corak konvensional.
Para pujangga kang kagolong teng periode Antawis naun 1955 – 1970 kang maksih aktif kados dene Subagio Sastrowardoyo, Ajip Rosidi, W.S. Rendra, Sapardi Djoko Damono, Taufik Ismail, Slamet Sukirmanto, lan Darmanto Jt. Sedeng para penyair enggal kang muncul teng periode punika nggih niku : Sutardji Calzoum Bachri, Ibrahim Sattah, Abdul Hadi W.M., Tuti Herati, Kuntowijoyo, Sides Sudiyanto, Emha Ainun Najib, Korrie Layun Rampan, D. Zawawi Imron, Eko Budianto, Afrizal Malna, Soni Farid Maulana, Beni Setia, lan Acep Zamzam Noor.

b. Jinis-Jinis Puisi Enggal
Puisi Indonesia enggal disebat ugi puisi Indonesia moderen ngrupiaken wangun puisi kang mboten saged dipisahaken saking puisi lami keranten maksih gadah hubungan kesejarahan. Sastra enggal ngrupiaken tanggapan atasing sastra lami. Tanggapan punika arupi penyimpangan atanapi penerasan dumateng unsur-unsur puisi lami. Puisi enggal saged dibentenaken dumasar kalih penjenisan, nggih niku penjenisan puisi dumasar isi lan sipate, kaliyan penjenisan puisi dumasar cacahe padalisan teng setunggale pada.
Penyair asring nyukani judul anggitane punika kaliyan jenis puisi kang diciptakaken piyambeke. W.H. Hudson nyatakaken wontenpuisi subjektif lan puisi objektif. Cleanth Brooks nyabat wontene puisi naratif, puisi lirik, lan puisi deskriptif. David Daiches nebataken wonten puisi fisik, puisi platonic, lan puisi metafisik. Sedeng X.J. Kennedy nyebat wontene puisi kongkret lan puisi ballada.

a. Puisi Naratif
Puisi naratif nggih niku puisi kang ngungkapaken cerios atanapi penjelasan penyair. Puisi naratif punika saged dibagi teng atase puisi naratif sederhana, puisi naratif sugestif, lan pusi naratif kompleks. Kalebet teng golongan puisi naratif punika kados dene epik, romansa, balada, lan syair.
1) Epik
Epik nggih niku puisi kang teng lebete ngandung kisah-kisah kepahlawanan kang gadah hubungan kaliyan legenda, kepercantenan, atanapi sejarah. Epik ugi ngrupiaken anggitan kang nggambaraken setunggale hal kelawan objektif. Penganggit cumu nglukisaken, maparaken, atanapi nggambaraken setunggale hal datan ngampilaken peraosane atanapi pertimbangane, anggitan kang kalebet teng jenis epik punika kados dene kisah, novel, biografi, cercen, esai, kritik, lan sapanunggalane.

2) Romansa
Romansa nggih niku puisi kang isie luapan raos tresna setunggale tiyang dumateng pasangane (demenane). Jenis puisi punika migunakaken basa kang romantik lan nyeriosaken kisah pidemenan kang diseseli kaliyan geguletan lan petualangan.
Umpamie :
Lir pengilon kang siap pecah
Yekan manahingsun
Kita pada-pada lair
Sing sendang kamulyan nagri dongeng

Duh Gusti,
Sapa sinatria kang mentangaken panah katresnan
Saking gondewa kencana manahe
Sapa sinatria kang ametik kuncup menur arum
Ning tengahe kembang setaman?

Amung panjenengan
Pangeran Atas Angin
Putra mahkuta
Kaprabon nirwana nagri dongeng

Wimalae tinarik wolung turangga putih
Dipaesi sayuta kembang tanjung
Umiring kawan dasah putri domas
Sumelendang limar pelangi
Suminjang mega mendung
Sulaman ‘luh sejagat abyoring lintang
Dipirig sumilir angin
Dipayung mega ancala

Gagawane sanampan pepundi tukon
Umisi sapasang diwangkara kembar
Cupu manik toya kagesangan
Kalung merjan rorojonggrang
Lan saatus ron lontar
Umisi kidung marang maharani
Tumurun
Arak-arakan neng mayapada
Liwat rajutan benang bianglala
Sapraptane udan gumriwis balebat
Lir dumugi saking alam kayangan

Maka
Kembang lan kembang,
Godong lan godong,
Oyod lan oyod
Trah getih biru bakal anitis
Turun temurun

Romansa Saptarona, Mamae Hafizh

3) Balada
Ballada punika setunggale genre puisi kang nyeriosaken ngenai tiyang-tiyang kang gagah prakosa atanapi isie ngenai tokoh pujaan. Sajak kang singget ngenai setunggale masyarakat saged nuwuhaken raos haru, kadang-kadang ditembangaken kados tetembangan, atanapi kadang-kadang diseseli kaliyan paguneman.
Balada nggih niku sajak sederhana tentang setunggale cerios kang saged netesaken soca ludira (toya mripat), kadang-kadang balada ditembangaken atanapi daos paguneman.
Umpamie :
Sing sawijineng petapan ingsun ngereng
Nlusuri lurung peteng
Lan gang ciut rahim ibu
Nanging resik lan arum gandane
Sajroning bunda ingsun mrangkang
Waktu wus gingsir
Kelawan lafadz tasbih
Dzikir gumrenggeng jumeriteng pengarepan
Selembar jarit putih tanpa noda
Tanpa kemedul keembus angin nglumuri
Bening mblebed sukma
Tanpa tatu
Saunting benang putih warna padang nglilit fitrah
Duh Gusti,
Nikilah kodrat panjenengan
Mboten saged kula sumingkang
Nolak warisan kalawan cap-capan segel wasiat
Dalu niki
Dalem ditumplekaken teng dunya
Dunya waja
Dunya sewu muka
Dunya sewu rupa
Dunya slompretan lan bledogan jejugug
Kumintil giring-giring waktu
Ambekan ngangseg kanjeng ibu
“Ya … Gusti,
Kiyataken manah kaula
Kaula tan rela nangis kangge puniki”
(swanten wanodya parobaya teng selebeteng pondok)
Deweke ngenakaken tangis kedasih lan kidung rarawoga
Nggebrag tali abang jingga
Mili, tetes-tetes banyu mata
Kabagjaan, kabanggaan
Mili,
mili,
lan mili

'14051967' Mamae Hafizh


b. Puisi Lirik
Puisi lirik nggih niku puisi kang ngungkapaken gagasan penyair pribados. Genre puisi kang kalebet teng jenis puisi punika nggih niku elegi, ode, lan serenade.
1) Elegi
Elegi nggih iku sajak, syair, atanapi tetembangan kang ngundang ratapan lan ngungkapaken duka cita. Elegi ngungkapaken peraosan kingking (sedih), syair atanapi tetembangan kang ngandung ratapan lan ungkapan duka cita (khususe peristiwa kematian).
Umpamie :
Nok,
Kawruhana dening saliramu
Pirakan kita
Tektangisi sampe detik kiyen
Sira tumeka nginte urip
Sira teka ngedengaken rai
Nanging
Sedela mata saliramu katutup
Ndeleng padanging dunya
Saliranira ora rena


2) Serenada
Serenadaa nggih niku sajak patresnan kang ditembangaken. Tembung srenada maknae tetembangan kang pas ditembangaken teng wanci sumurupe srengenge. Rendra katah nyiptakaken serenada teng selebete ‘Empat Kumpulan Sajak’. Misale ‘Serenada Hitam, Serenada Biru, Serenada Merah Jambu, Serenada Ungu, Serenada Kelabu, lan sapanunggale. Mekaten ugi lagu-lague Ebiet G. Ade saged dikelompokaken teng jenis serenada keranten selerese lagu-lagu Ebiet G. Ade punika puisi kang ditembangaken.

3) Ode
Ode ngrupiaken sajak lirik kangge maturaken pujian dumateng setunggale tiyang, barang, atanapi peristiwa kang dimulyakaken.
Umpamie :
Panjenengan puniika sedantene
Panjenengan saka kang nyangga
Salebeteng keakingkingan lan kepegatasaan
Panjenengan kekiyatan teng selebeteng kalemahan
Sumber tresna lan asih
Panjenengan kang lumajeng nulung kaula
Nalika dawah nglampahi gesang
Panjenengan kang nyriosaken kisah sarwa bijak
Atanaping kang ngelus rema
Lan samubarang resah pan sirna
Adem lan ayem namung panjenengan
Upami kaula gumantung
Sapucuking ancala kang paling inggil
Kaula sumerep
Tresna penjenengan manetep kumintil
Datan sanes amung panjenengan
Kanjeng ibu

'Ode kangge Bunda' Mamae Hafizh

4) Puisi afektif
Puisi afektif nggih niku sajak lirik kang nekanaken pentinge mengaruhi peraosan pemaose. Sajak jinis punika ngajak pemaos kangge milet ngraosaken suasana batin penyaire, ngantos asring ugi jinis punisi punika disebat puisi nuansa ati.

5) Puisi kognitif
Puisi kognitif nggih niku puisi lirik kang nekanaken isi lan gagasan penyaire. Puisi jinis punika mentingaken tema kang biasae isie pernyataan ide, gagasan, ajaran kebijaksanaan, kang diungkapaken ngangge gaya basa kang prosais, nggih niku cenderung gadah makna tunggal.

6) Puisi ekspresif
Puisi ekspresif nggih niku puisi lirik kang nonjolaken ekspresi pribados penyaire. Peraosan, pandengan gesang, pemikiran, lambang-lambang, lan persoalan kang dimajengaken selebete sajak nggih niku gadah khas penyaire kang rinobih upami kepribadosane robih.

7) Puisi pastoral
Puisi pastoral nggih niku sajak lirik kang isie nggambaraken kegesangan kaum angon atanapi petani teng sabin-sabin. Nada kang digadahi biasae sendu atanapi nostalgik, kangen dumateng kegesangan tegalan pangonan teng jaman nem-neman.

8) Puisi parodi
Puisi parodi nggih niku sajak lirik kang isie ecean ugi, nangung ditujuaken dumateng rumpaka seni kang tinemtos. Teng selebete parodi, rumpaka seni kang dados sasaran biasae makna lan wangun kang wonten punika diangge kangge dolanan ngantos timbul efek bebodoran.

9) Serenada
Serenada nggih niku sajak asmara kang biasae ditembangaken. Tembung serenada asale saking tembung ‘serenade’ artose tetembangan kang pas ditembangaken teng wanci barangrep (senja).

c. Puisi Deskriptif
Puisi deskriptif nggih niku puisi kang penyaire tumindak minangka pemaring kesan dumateng kawontenan atanapi peristiwa, barang, atanapi suasana kang ditingal narik perhatosan penyair. Jenis puisi kang saged diklasifikasiaken teng puisi deskriptif punika kados dene satire, kritik sosial, lan impresionistik.

1) Satire
Teng wangun gaya basa, satir ngrupiaken majas akng dipigunakaken selebete kesusastraan kangge nyatakaken sindiran dumateng setunggale kewontenan atanapi setunggale tiyang. Teng wangun puisi satire nggih niku sajak kang isie ngesemi (mencemooh), arupi sindiran atanapi ecean.
Umpamie :
Sabar! Sabar! Sabar!
Iku pakon kang sering
Tekrungu nggal dina
Sajeroneng kuping
Heran, bener-bener isun heran
Apa isun masih kurang sabar?

2) Kritik Sosial
Puisi kritik sosial nggih niku puisi kang nyatakaken mboten seneng dumateng setunggale kawontenan, nanging kembotensenengane punika dilampahaken kalawan nyindir atanapi nyatakaken kawontenan sewalike.

d. Puisi Fisik
Puisi fisik nggih niku puisi kang sipate realistis, artose nggambaraken kasunyatan punapa wontene. Anadene kang digambaraken punika kesunyatan sanes gagasan. Hal-hal kang ditingal, dipireng, atanapi diraosaken ngrupiaken objek rumpakae. Puisi-puisi naratif, ballada, impresionistik, lan puisi dramatis biasae ngrupiaken puisi fisikal.

e. Puisi Platonik
Puisi platonik nggih niku puisi kang sepinuhe isie hal-hal kang sipate spiritual kejiwaan. Saged dibandingaken kaliyan istilah tresna platonik kang maknae tresna tanpa nafsu jasmaniah. Puisi-puisi ide atanapi cita-cita saged dilebetaken teng klasifikasi puisi platonik.
Umpamie :

Borobudur Sedina

Kanggo nggayuh kalepasan
Ning telung pelataran suwung
Lan mendenapa suntuk
Kemestaan kumentir neng puncaking rasa
Kang tan kapahamaken
Kosong
mlompong
Njerit maratan langit
Nyeak maratan jagat
Jiwaningsun anuju gaib
Ning mahastuppa
Tumeka anatta
Tan hana werna
Tan hana rasa
Tan hana rupa
Tan hana asma
Tan hana uga tresna
Neng puncaking jagat raya
Sawiteng bodhi panggonan leluhur
Sawiji mata banyu ning sela watu karang
Sumber panglepas dahaga pitung turunan
Ingsun lair
Sawiji mahastuppa perlambang jagat telung tingkat
Sing latare tekjukut lemah keramat
Tekemposaken ambekan
Kamulan Bhumi Sambharabuddhara
Bakal alas jasad leluhurira mangke
Hong ilaheng tata winanci awighnam
Astu namas siddham
Rungokaken puji sajroning sepi
Setanggi
Kembang sapta rona
Dupa kemenyan putih
Paritta-paritta tetembangan para dewa
Lontar panyambung tali jiwa
Gumleger
Pinadu keheningan atma
Ngranjing menjero
Nimbus butekeng jiwa
Lan roh bening maning
Lirpenda embun sapucukeng sesuketan

Trowulan, 9 Januari 94, Mamae Hafizh

f. Puisi Metafisik
Puisi metafisik nggih niku puisi puisi kang sipate filosofis lan ngajak pemaos ngrenungaken kagesangan lan ngrenungaken Tuhan. Puisi religius teng setunggal sisih saged dikategoriaken teng puisi metafisik (ngajak pemaos ngrenungaken gesang), kegesangan, lan ketuhanan. sedeng teng sisih sanese saged dikategoriaken puisi platonik (nggambaraken ide penyaire). Kang saged diklasifikasiaken teng golongan puisi metafisik punika kados dene kasidah-kasidah karya Barzanji lan tassawuf karya Jalaludin Rumy.
Umpamie :
Saumpama sira setuju
Bumi iku bunder. Lan bener
Deweke munyer
Sejatine awan lan bengi pesti dumadi
Lantaran lemah kang tekidek bli trembus srengenge
Kadsang tektuang sekabehe
Ning ruang tanpa kringet
Kawruhana tentang sukma
Rah, roh, ruh ika
Yen sira wus raket karo arume kembang mahoni
Mumkin ingsun ngraketi kembang wangke
Sawijine rasa insane tan kenal
Kabagjaan tanpa mahami hakikat kasedihan
Saumpama ora katon
Saumpama ora krungu
Cahya lan swara ora nana arti apa-apa
Sejene kekaburan lan getaran
Ning angkasa
Yen tresna marang Allah tan krasa ning ati
Kang sira rasaaken Cuma awu
Kang katiup
Lan kasebar neng angin
Sejatie tempat iki kosong
langka busana
langka boga
sekabehe katon sarwa sampurna
kawruhana denira
selawas iki sira Cuma setya
marang pangandikan
ngabdi marang gema
ulatana tirta prawidi
samangke sira weruh sangkanparaning dumadi

'Kekidung Kadangira' Mamae Hafizh

g. Puisi Kongkret
Puisi kongkret kawentar teng Indonesia awit naun 1970-an. XJ. Kennedy mastani jenis puisi kang tinemtos kaliyan istilah puisi kongkret. Puisi kongkret nggih niku puisi kang sipate visual lan saged dihayati kainan wangune. Wangun grafis p[uisi, kaligrafi, ideogramatik, atanapi puisi-puisi karya Sutardji Calzoum Bachri ningalaken pengimajian tembung (words imagery) lewat wangun grafis. Misale kados karya Kenneth Williams teng andap puniki.

She Loves Me
She loves me
She loves me not
She loves
She loves me
She
She loves
She

atanapi puisi karya Joice Kilmer teng andap puniki


t
t t t
r r r r
e e e e e e e e e
? ? ?

Kang bade dinyatakaken teng puisi punika cumi ‘tree’ (wiwitan atanapi tetuwuhan), nanging keranten aksara-aksara punika upami diperhatekaken kelawan teliti, tipografie mangun bentuk wit cemara natal, maka saking tipografi sajak punika saged disimpulaken nyaniya kang dimaksad ‘tree’ teng puisi punika nggih niku wit cemara natal.

h. Puisi Subjektif
Puisi subjektif disebat ugi puisi personal nggih niku puisi kang ngungkapaken gagasan, pikiran, peraosan, lan suasana selebete diri penyair piyambek. Puisi-puisi kang diserat dening kaum ekspresionis saged diklasifikasiaken minangka puisi subjektif keranten ngungkapaken kewontenan jiwa penyair piyambek. Mekaten ugi puisi lirik, nggih niku aku lirik micareng dumateng pemaos.

i. Puisi Objektif
Puisi objektif maksade puisi kang ngungkapaken hal-hal kang wonten teng sejawine penyair punika piyambek. Puisi objektif disebat ugi puisi impersonal. Puisi naratif lan puisi deskriptif katahe ngrupiaken puisi objektif, sanajan wonten pinten-pinten kang subjektif.

j. Puisi Kamer
Istilah puisi kamer lan puisi auditorium asring dipanggihi teng puisi Hukla karya Leon Agusta. Puisi kamer nggih niku puisi kang cocog dibaktakaken teng salebete kamer lan diwaos piyambekan atanapi dipirengaken dening tiyang kalih mawon.

k. Puisi Auditorium
Puisi auditorium ngrupiaken puisi kang cocog diwaos teng selebete aula atanapi ruangan kosong kang wiyar kang pemirenge saged ngantos atusan tiyang. Keranten puisi auditorium punika asring dipoanggihi teng puisi hukla, maka puisi auditorium disebat ugi puisi Hukla (puisi kang mentingaken swanten atanapi rarangken swanten)

l. Puisi Diafan
Puisi diafan atanapi puisi polos punika puisi kang sanget migunakaken pengimajinasian, tembung kongkret, lan basa figuratif ngatos puisi punika memper kaliyan basa padinan. Hal punika dumados keranten basa kang dipigunakaken ngrupiaken basa padinan kang lumrahe gadah makna tunggal.
Umpamie :
Nok,
Masih kelingan ora
Ning cerita ngenai manuk greja
Nalika mabur kang wis tekcritakaken?
Titenana
Manuk greja mabur tansah endep duwur
Nanging iku perlu
Supaya deweke bisa mabur adoh
Waktu kiyen isun lagi mabur endep
Mengko yen waktue wis teka
Lan isun mabur duwur
Sira pasti tekgawa
Mendi bae
Isun ngebakaken lar
Sira pesti tek gawa
Siap-siapa sira

'Layanganira' Mamae Hafizh

m. Puisi Peteng
Puisi peteng nggih niku puisi kang sipate peteng, artose pemaos punika ngraos kengelan sanget selebete nafsiraken makna tembung-tembung kang wonten teng selebete puisi. Pemaos kang sama sekali mboten gadah latar pengker pangaweruh kang cekap tentang penyair lan kasunyatan sejarah pesti mboten sanggem nafsiraken puisi punika.
Umpamie :

Lir-ilir

Lir ilir, lir ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo
Tek sengguh penganten anyar
Cah angon, cah angon
Panekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu paneken
Kanggo mbasuh dodotira
Dodotira, dodotira
Kumitir bedah ing pinggir
Domdomana jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mungpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Surako, surako
Hosre ....

n. Puisi Prismatis
Teng jinis puisi prismatik, penyair sanggem nyelarasaken kesanggeman nyiptakaken majas, versifikasi, diksi, lan pengimajinasian ngantos pemaos ngraos kangelan nafsiraken makna puisi punika, nanging mboten patos peteng kados sifat kang digadahi dening puisi peteng. Pemaos maksih saged nlusuri makna kang rineka ragam punika.

o. Puisi Parnasian
Parnasian ngrupiaken sakelompok penyair teng Perancis. Puisi parnasian diciptakaken kaliyan pertimbangan-pertimbangan keilmuan atanapi pangauning, sanes dumasar inspirasi. Teng puisi parnasian punika, penyair leres-leres mlebet teng suasana kang bade dilukisaken. Peraosan lan suasana batin leres-leres dilibataken teng jenin puisi punika.
Umpamie :

Keranten Nissa

Tuhan
Kula nyuwun yatra
Kangge tumbas golekan
Keranten Nissa
Siweg nangis
gegerungan
Nyuwun tumbas golekan

p. Puisi Inspiratif
Puisi inspiratif nggih niku puisi kang leres-leres dumasar teng inspirasi penyaire. Puisi kang saged diklasifikasikaken teng jinis puisi inspiratif nggih niku epigram, idille, himne, lan sage.

1) Epigram
Epigram nggih niku syair atanapi sajak kang ngandung gagasan peristiwa kang dipungkes kaliyan pernyataan kang narik ati, biasae ngrupiaken sindiran lan asring ngandung paradoks. Epigram ugi genre puisi kang isie slogan, semboyan kangge mbangkitaken perjuangan lan sumanget gesang.

2) Idile
Idile nggih niku sajak kang isie tetembangan ngenai setunggale kegesangan teng pedusunan, perbukitan, lan tegalan-tegalan, biasae kebek kenging lukisan kegesangan lan pemandangan alam kang maksih asli, ugi tiyang-tiyang dusun kang maksih lugu lan basajan gesange, raket kaliyan alam. Idile ugi ngrupiaken sajak kang nggambaraken kagesangan kang santosa, gemah ripah loh jinawi.
Umpamie :
Wong kota
Ngalami durung tekang desa
Nyruput wangieng bumi
Nembe dipacul nyegeraken rasa

Wong kota
Ngalami durung pandeng ijoe tandur
Sing nembe trubus
Mbari nggurak pipit kang ngibrit

Ngalami durung ndodok ning lalahan
Karo peladang sambir gegonjakan
Nunggu jagung ning unggun
Sadurunge pacul ngayun

3) Himne
Himne nggih niku sajak pupujian kang ditujuaken dumateng Gusti Pangeran (Allah) Ingkang Murbeng Wisesa.
Umpamie :
Kula emut dumateng Panjenengan
Nalika rahina
Ngabritaken langit pinggir wetan
Kula emut dumateng Panjenengan
Nalika kekuwung
Kang bade kulem
Kula emut dumateng Panjenengan
Nalika sesek ambekan selebeting dada

'Eling' Mamae Hafizh

4) Sage
Sage nggih niku sajak kang ngandung unsur-unsur sejarah, nanging kaleresane alit sanget kados dene dongeng Ciung Wanara, Lutung Kasarung, Sangkuriang, atanapi Baru Klinting, lan sapanunggalane.

q. Puisi Dramatik
Puisi dramatik nggih niku salah setunggale wangun puisi kang secara objektif nggambaraken paripolah setunggale tiyang lewat lakuan, dialog, paguneman, atanapi monolog ngantos gadah setunggale gambaran atanapi lukisan setungggale kisah kang sampun temtos. Mboten tebih bentene antawis puisi jinis punika kaliyan wangun sastra sanese kang disebat drama, bentene nggih niku cumi teng wangun penyeratane kemawon.
Umpamie :

Abimanyu nanar pandengan matae
Mandeng getih sing ngecembeng
Umingguh alon-alon
Sangsaya amba
Ngebeki kemah ning tegal Kurukshetra
Kentel getih abang anggur kewungu-wunguan
Sinamburat gumilap-gilap
Kenang cahya sing jaba
Srengenge wus nemen gingsir mengulon
Jagat wus sawiji bal gede emas
Kang kadang katon blabaran getih
Leber-lumeber neng awang-awang
Sawiji bal gede emas
Minangka pratanda pramila jurit gede
Antara loro sedulur tunggal getih
Getih Bharata

'Abimanyu Palastra' Mamae Hafizh

r. Puisi Didaktik
Puisi didaktik nggih niku puisi kang ngandung nilai-nilai pendidikan kang arupi nilai-nilai etika, estetika, lan logika. Umume, puisi punika ditampilaken kelawan ekspresif.
Umpamie :
Mingkar mingkureng angkara
Akarana karna mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Aduh Gusti pakartining ngelmu
Ingkang tumrap neng alam dunya
Agama ageming aji
Sapa entuk wahyuning Allah
Gyoh dumilah mangulang ngelmu bangkit
Bangkit mingkat reh mangukut
Kukutaining jiwangga
Yen mangkana kenang sinebuting wong sepuh
Liring sepuh sepi ing hawa
Awas loroning atunggil

Hong Ilaheng, Gombloh

2) Dumasar cacahe padalisan
Dumasar cacahe padalisan atanapi larik teng setunggale padae, puisi enggal saged dipasing-pasing dados :
a) Distikhon
Distikhon nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah kalih padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Teng pundi toya, teng dasareng balong
Tekilari jawaban teka-teki kosong

b) Tersina
Tersina nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah tigang padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Dudu alas banaliwungan sing sepi
Dudu puncaking gunung kang duwur
Dudu pinggireng jaladri kang tingtrim

Aja ngulati ning panggonan muja
Ning kuil panggonan mbakar dupa
Ning guha panggonaning tetapa

Dudu mekuta sela pualam
Ning katil papas permata nilam
Ning surge sajabaning alam
Tresna sajati nmpel ning saliranira
Gumebyar nalika makarya
Tresna tan bakal sirna

‘Sangkan Paran’, Mame Hafizh

c) Kuartren
Kuartren nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah sekawan padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Jokot cawan iki
babuten pengakuan atasingsun
minangka kang nggawa cawan katresnaningsun
aja rungokaken mrupus omongane

ingsun kandakaken marang sira
ingsun iki dudu banyu kendi
ingsun dudu banyu segara
uga dudu kekosonganing giri

ingsun gegodongan unggal emposaneng angin
ingsun teles dening banyu kali
sira datan weruh sapa ingsun
wacaen sekaca sing buku ingsun

'Pengakuan' Mamae Hafizh

d) Kuin
Kuin nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah gangsal padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Ibu,
buku kang panjenengan sukakaken
nembe kula waos setunggal kaca
nanging mata kula sampun awrat
kangge maos sedantene

Saniki,
kula nembe paham sedanten
panjenengan semanten kiyate maos
sanajan antuk kang panjenengan tahan
mboten selamie saged panjenengan liwati

Awit dinten saniki
kula langkung paham
semkanten awrate langkah panjenengan
sanggem setya ngasuh lan angrungkebi
sedanten putra panjenengan

'Ibu' Mamae Hafizh

e) Sekstet
Sekstet nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah nenem padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rima angsal ugi mboten wonten rima. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Tekitung langkah ning dasareng ati
lan jarak gumingsir
sangsaya ngembang tan winates
kang ana Cuma pucuk-pucuk semu
tektlikuri tapak-tapak langkah
mumkin masih ana sisa

Kedamean kang ilang
maksa ingsun kesengkur
gawaen salah siji lampion ingsun, Nok
lumayan kanggo madangi dalanira
dadekaken panggeran sajroning uripira
lan urip tansah sajroning panggeran

'Jarak' Mamae Hafizh

f) Septima
Septima nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah pitung padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Yen ayang-ayanganira wis samar
lan ulung segara wis balik ning patarangan
angin umempos neng segala nusa
tiyang-tiyang prau garing dewek
kiong-kiong tinemung dalane
lan bidak weruh neng panggeran
sira kena tumekang marag isun

Yen kawicaksanan kang siraulati
ana limang prekara kang kudu sira engeti
marang sapa sira micareng
apa kang sira micarengaken
priben sira micareng
kapan sira micareng
lan ning endi sira micareng

Weling Mimi Hj. Ruwiyah Emi

g) Stanza
Stansa nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah wolung padalisan. Unggal padalisane punika angsal wonten rimae angsal ugi mboten wonten rimae. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Kiyen sira uga lagi angkes-angkes
Nglalenaken dina ning usum udan
Kanggo ngulati lintang-gemintang
Ingsu tansah dedonga
Mugia siratemokaken lintang kerti
Kang paling abyor
Kang mampu nimbus irengeng mega
Ingsun tansah dedonga kanggo sira
Wulan Wungu, Mamae Hafizh

h) Soneta
Soneta nggih niku sajak enggal kang setunggal padae gadah kawan welas padalisan. Saking sekawan welas padalisan punika kabagi dados sekawan pada, pada kaping setunggal lan kalih wontene sekawan padalisan kaliyan rumus rima a – b – b – a, a – b – b – a, sedeng pada kaping tiga lan sekawan piyambek-piyambek gadah tigang padalisan kaliyan rumus rimae, c – d – c, d – c – d. Anadene isie punika bebas.
Umpamie :
Selagi langkah masih ngalir
Selagi getih masih umalun
Wahai geni, bakaren jiwaningsun
Supaya njerit, supaya nglilir

Selagi ambekan masih ning dada
Selagi nyawa masih kabantun
Wahai geni, bakaren atiningsun
Supaya eling, supaya waspada

Dina dawa dina sun lumaku
Ngulati asmaning Pangeran
Duh gusti, bakaren atmanisun kang kaku

Waktu dawa waktu luru panggeran
Naming datan tinemu
Duh gusti, bakaren raganisun kang penasaran
‘Niskala Banyu Mata’, Mamae Hafizh

i) Puisi Bebas
Puisi bebas nggih niku setunggale wangun puisi kang mboten merhatekaken cacahe padalisan unggal padae lan mboten mentingaken wontene rima. Mekaten ugi kaliyan isie ugi bebas.
Umpamie :
Paksi-paksi mabur maning
Sing kandang kang tekgawe
Saumpama bae
Ana siji kang manggung lan anteng
Lir sakurebing langit lan salumaing bumi
Mesem marang awakingsun

Tetembangan kang lamat-lamat krungu
Ning awang-awang gilir gumanti
Lir sumliwireng paksi
Ah,
Saumpama siji bisa manggon lan anteng
Lir sakabeh lintang ning gagana wiyati
Mesem unggal bengi
Marang awakingsun
Pesti

‘Kurungan’, Mamae Hafizh

PUISI (Bagian I)

A. Pengertosan Puisi
Micareng ngenai sastra, mboten ucul saking rineka wernaning sastra kang wonten teng lebete, kalebet pemicarengan ngenai puisi. Teng selebete sastra Indonesia, istilah puisi asring diorak-arik kaliyan istilah sajak. Selerese antawis puisi kaliyan sajak punika benten. Istilah puisi asale saking basa Yunani ‘poesis’ kang maknae penciptaan. Puisi secara langsung dipendet saking basa Welandi ‘poezie’ kang sejajar kaliyan istilah 'poetry' teng basa Inggris, sedeng istilah sajak sejajar kaliyan istilah 'poem'. Pramila punika, kekalih istilah punika kedahe dibentenaken lan mboten dicampuradukaken penggunaane. Puisi punika setunggale genre sastra (seliyane prosa lan drama), sedeng sajak punika setunggale jenis puisi (individu puisi).
Puisi ngrupiaken asil kreasi keinanan setunggale tiyang. Kang dimaksad kaliyan kreasi keinanan nggih niku setunggale ekspresi saking pengalaman kang sifate imajinatif, pikiran-pikiran kang paling sae, lan pikiran-pikiran kang paling nyenengaken. Pernyataan punika saluyu kaliyan pendapat saking Wattsdunton kang nyatakaken ‘Puisi minangka ekspresi kang kongkret lan sifate artistik saking pikiran janma ngangge basa emosional lan gadah irama’ (selebete Tarigan, 1985 : 7). Hal punika gadah makna nyaniya puisi ngrupiaken gambaran pengalaman lan peraosan penyair liwat larik-larik lan pada puisi kaliyan migunakaken basa kang kaatur lan inan.
Ahli sanes nyatakaken nyaniya ‘Puisi nggih niku pendaleman pengalaman kang sifate penafsiran lan nafsiraken pengalaman punika selebete basa kang umirama (gadah metrum) (as the interpretative of experience in metrical language)’ (Altenbernd teng Pradopo, 1977 : 5). Artose, puisi ngrupiaken ekspresi pengalaman setunggale tiyang kaliyan migunakaken basa kang umirama, nggih niku ngangge wangun padalisan lan pada puisi.
Negasaken pendapat teng inggil punika, Waluyo netelaken nyaniya ‘Puisi nggih niku wangun rumpaka sastra kang ngungkapaken pikiran lan peraosan penyair secara imajinatif kaliyan ngonsentrasiaken sedanten kekiyatan basa kaliyan pengonsentrasian struktur fisik lan struktur batine, (1995 : 25).
Selebete teori sastra kang lami ngantos saniki maksih diyakini dening masyarakat (ugi guru basa lan sastra) nyaniya puisi punika maksih diartosaken kaliyan anggitan kaiket, tinalenan kaliyan katahe tembung teng setunggale padalisan (baris atanapi larik), katahe padalisan teng setunggale pada (bait atanapi strophe), uga tinalen kaliyan rima (pisajakan). Miturut Wiryosudarmo, puisi punika setunggale anggitan kang kaiket dening (1) katahe tembung teng unggal padalisan, (2) katahe padalisan teng unggal pada, (3) katahe kecap (suku kata) teng unggal padalisan, (4) rima, lan (5) irama (teng selebete Alit, 2002 : 54).
Teori kados kang didefinisiaken dening Wiryosudarmo punika, pancen linaku, nanging linakue cumi kangge jenis-jenis puisi kang sampun temtos kados dene pantun (sisindiran), syair, sonata, lan jinis-jinis sastra lami sanese. Anadene pengertosan puisi kang diwedalaken dening Laelasari nggih niku ‘Wangun rumpaka sastra kang migunakaken tembung-tembung kang inan lan sugih kenging makna’. Kainanan setunggale puisi winangun dening wontene diksi, majas, rima, lan irama kang wonten teng puisi punika. Puisi migunakaken basa kang ringkes nanging padet, sugih makna, lan katah ngandung penafsiran.
Para penyairr enggal (moderen) anggene nyerat puisi mboten merduliaken iketan-iketan formal kados puisi lami. Nanging ekenging pounapa asil tulisane punika maksih disebate puisi? Puisi enggal punika nyimpangi pengertosan saking pandengan lami kados teng inggil punika. Puisi enggal mboten kaiket dening wangun-wangun formal, korespondensi, lan perioditas punika. Mangkane, puisi enggal punika disebat puisi bebas atanapi sajak bebas.
Kados dene pengertosan sastra, ngantos saat puniki, para ahli sastra ngraos kangelan nemtosaken definisi puisi kang sampurna lan ajeg, punapa kang diwastani puisi punika. Teng andap puniki wonten sejumblah pendapat saking ahli sastra ngenai pengertosan puisi.
1. H.B. Jassin : minangka setunggale anggitan, puisi ngandung irama. Unsur irama punika kang mbentenaken antawis puisi kaliyan prosa.
2. Carlylle : puisi nggih niku pemikiran kang sipate musikal, artose wonten wirama, wiraga, lan wirasae.
3. Wordsworth : puisi punika pernyataan peraosan kang imajinatif, nggih niku peraosan kang direka lan diangenaken.
4. Dunton : puisi ngrupiaken pemikiran janma secara kongkret atanapi nyata lan artistik (gadah nilai seni) ngangge rasa emosional, lan gadah wirama.
5. Shelley : puisi punika rekaman detik-detik kang paling inan teng kagesangan setunggale tiyang.
6. Hudson : puisi ngrupiaken salah setunggale pang (cabang) sastra kang migunakaken tembung-tembung minangka sarana ngaturaken lan ngasilaken ilusi lan imajinasi. Media utami puisi nggih niku tembung-tembung kados dene koas lan cet teng selebete lukisan kang migunakaken garis lan warni kangge nggambaraken gagasan pelukis.

B. Deklamasi
Deklamasi nggih niku maosaken setunggal sajak kaliyan pinuh pemahaman, penghayatan kang disertai kaliyan gerak lan mimik kang sae. Pernyataan kasebat saluyu kaliyan pendapat ahli kang nyatakaken nyaniya ‘Deklamasi nggih niku paripolah maosaken sajak kang disertai kaliyan gerak lan mimik kang sae (teng ajenge tiyang katah’ (Depdikbud, 1992 : 193). Artose, ndeklamasiaken puisi nggih niku maosaken puisi teng ajeng tiyang katah kang disertai kaliyan pemahaman lan penghayatan ngantos pemireng saged mahami isi puisi kang dipirenge.
Ahli sanes nyatakaken nyaniya, ‘Ndeklamasiaken puisi artose maos puisi disertai gerak, intonasi, tempo, interpretasi, lan mimik kang sae’ (Ganda, 1999 : 34). Dados, ndeklamasiaken puisi nggih niku maosaken puisi teng ajenge tiyang katah kang dilampahaken kaliyan gerakan anggota badan kados dene tangan, bau, lan mastaka. Intonasi nggih niku inggil endepe swanten selebete maos puisi. Tempo nggih niku kecepetan artikulasi atanapi lamie waktos kang diperlokaken selebete maos tembung demi tembung. Mimik ngrupiaken peniruan kaliyan migunakaken gerakan-gerakan anggota badan lan raut wajah atanapi gerak wajah. Sedeng interpretasi nggih niku kewungkulan makna lan pematuran pesen kang kakandung teng lebete puisi, ugi penjiwaan kang wajar lan mboten kelangkungan.

C. Adegan (struktur) Puisi
Kang dimaksad kaliyan adegan atanapi struktur puisi nggih niku unsur-unsur kang wonten teng setunggale puisi. Adegan (struktur) puisi saged dikelompokaken dados kalih kelompok, nggih niku struktur ekstrinsik kaliyan struktur intrinsik. Struktur ekstrinsik nggih niku unsur-unsur kang wonten teng sajawining puisi, sedeng unsur atanapi struktur intrinsik punika unsur kang wonten teng selebete puisi punika. Struktur intrinsik saged dibagi dados struktur lair disebat ugi struktur wangun atanapi struktur ragawi lan struktur batin disebat ugi struktur isi atanapi jasmani.

1. Struktur Lair
Puisi ngrupiaken setunggale struktur kang kompleks. Mangkane, kangge nyumerepi punapa kang wonten teng selebete puisi punika kedah dianalisis sdegan (struktur) lair lan adegan batine. Ditingal saking adegan laire, setunggale puisi gadah bagian penting arupi unsur-unsur kang mbangun puisi saking selebete puisi punika piyambek. Unsur-unsur intrinsik kaiket kaliyan wangun lahiriah atanapi anatomi puisi lan basa kang dipiangge selebete puisi punika. Bagian-bagian unsur lair puisi punika nggih niku :

a. Ungel (bunyi)
Lapis ungel ngrupiaken lapis kang paling inggil saking setunggale sajak keranten upami sajak punika diwaos, kang pertami muncul lan kapireng punika ungel. Sesampune lapis ungel nembe muncul lapis kang langkung andap, nggih niku lapis makna.
Ijenan-ijenan estetik ungel nggih niku persajakan, pocapan (kiasan), ungel, lan orkestrasi. Orkestrasi punika njambet masalah euphony lan caccophony. Micareng masalah ungel teng selebete puisi, kaula sami kedah mahami konsep ngenai :
1) Irama
Irama disebat ugi ritme nggih niku gerakan turut tinurutan secara teratur, munggah-mudune atanapi alunan swanten kang dumadose keranten pengulangan atanapi penemtosan ungel-ungel teng arus dawa cendake, akas atanapi lemese tekanan, lan inggil endepe nada. Irama gadah hubungan kaliyan pengulangan ungel, tembung, frasa, lan ukara. Teng puisi (khususe puisi lami), irama arupi pengulangan ungel kang kaatur setunggale padalisan puisi kang nimbulaken gelombang kang nyiptakaken keinanan.

2) Rima
Rima nggih niku pengulangan ungel kang sami teng setunggale puisi kaliyan nimbangaken tembung-tembung kang gadah pisamian ungel kang harmonis. Pengulangan ungel punika nyiptakaken konsentrasi lan kekiyatan basa atanapi asring disebat daya gaib tembung kados teng selebete mantra. Rima saged dibentenaken dados tigang kelompok, nggih niku :
a) Miturut ungele rima saged dibentenaken dados :
(1) Rima mutlak nggih niku rima kaliyan ungele sami kang wontene teng sebagian kecap akhire kemawon lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
jua – jua
mati – mati
dugi – dugi
enjing – enjing
(2) Rima serupi nggih niku rima kang sekilas wangune (tulisane) meh katingal sami nanging selerese benten lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
rame – rami
segara – segala
pita – pira
sapi – sari
susur – susul

(3) Rima sampurna nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima cumi teng sedanten unen kecap akhir lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
puji – saji
sayang – miyang
tarik – burik
njawil – njuwil
angger – tengger

(4) Rima tan sampurna disebat ugi rima paruh nggih niku rima kaliyan pianggean ungel-ungel kang sami kang enggene teng sebagian kecap akhir lan wontene teng setunggal pada.
Misale :
enjing – kucing
wangsul – ketul
salak – butak
mandeg – budeg

(5) Rima kabuka nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima teng kecap akhir lan gadah kecap akhir kang kabuka atanapi akhire gadah vokal kang sami lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
buka – duka
batu – ratu
kati – mati
duwe – kuwe
(6) Rima katutup nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami teng kecap akhir lan gadah kecap akhir kang katutup lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
gelang – belang
susut – kusut
sedep – tetep
purut – surut
tutur – kukur

(7) Rima aliterasi nggih niku rima kaliyan pianggean tembung-tembung kang gadah rima kang sami cumi teng ungel-ungel awal teng unggal tembung kang sepadalisan atanapi teng padalisan-padalisan kang sanes.
Misale :
bisa – bika
rumasa – rumaja
garuda – garjita
sumerah – sumejah
mubeng – mudeng

(8) Rima asonansi nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami cumi teng ungel-ungel vokal lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
akal – ajar
otak – obat
niat – kias
riung – ciut
baut – taut

(9) Rima disonansi nggih niku rima kaliyan tembbung-tembung teng vokal kang dados kantetan tembung lan gadah kesan nyukani ungel kang tinentangan lan wontene teng setunggal padalisan kang sami.
Misale :
tindak – tanduk
srantal – sruntul
blarat – blorot
bolak – balik
b) Miturut panggenane teng selebete larik, rima saged dibentenaken dados :
(1) Rima purwa nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gada rima kang wontene teng awal padalisan kang wonten teng setunggal pada.
Misale :
dikeduk-keduk urat pandan
dikeduk lajeng diurug
dikaji-kaji untungeng badan
dikaji lajeng ditangisi

(2) Rima madya ngrupiaken rima kaliyan tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng tengah padalisan teng selebete setunggal pada.
Misale :
Kelampok Tegal Widara
Mengetane Dukuh Jati
Aja kapok amal jariyah
Kanggo sangu mbesuk mati

(3) Rima wusana nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami kang enggene teng akhir padalisan atanapi larik teng setunggal pada.
Misale :
Anak buaya mangan ning kali
Rob pasang manjing ning tengah
Timbang urip ditinggal rabi
Suka mati diurug lemah

(4) Rima tegak nggih niku rima kliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan wontene teng padalisan-padalisan kang benten.
Misale :
Kejahatan diri diumpetaken
Kebajikan diri dikatonaken
Kejahatan tiyang diwaraken
Kebajikan tiyang diklalenakeni

(5) Rima rata (datar) nggih niku rima kaliyan penganggean tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan wontene teng larik kang sami.
Misale :
Toya mili, mili teng kali
Akal ajar awak akeh amal
Aja gamam, gumum, lan gumede
Adigang, adigung, adiguna

(6) Rima sejajar nggih niku rima kaliyan setunggal tembung kang diulang-ulang teng setunggale pada secara urut-urutan.
Misale :
Abot bareng dipikul
Enteng bareng ditengteng
Kambang bareng kentir
Kelem bareng teles

(7) Rima sami disebat ugi rima kantet nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng padalisan kang urut.
Misale :
Tali wesi tambang kawat (a)
Kawat entok kenang karat (a)
Bakal sengsara ning akerat (a)
Sebab urip ora solat (a)

(8) Rima kembar nggih niku rima kaliyan tembung kang gadah rima kang sami lan enggene teng pengkere padalisan kang urut-urut.
Misale :
Gedongana kuncenana (a)
Wong mati masa wurunga (a)
Tekad isun cuman siji (b)
Bagen dadi prawan sunti (b)

‘Sumpah Suci’, Abdul Adjib

(9) Rima tugel nggih niku rima kaliyan tembung-tembung kang gadah rima nanging mboten ngintil rima teng larik kang sanese.
Misale :
Urip ingsun iki, Nok (a)
Kaya kodok keturuban batok (a)
Ora weruh singering jagat (b)
Sing katon mung tembok wis njeplok (a)

(10) Rima paut nggih niku rima kaliyan pola padalisan pertami gadah rima kaliyan padalisan kaping sekawan sedeng padalisan kaping kalih gadah rima kaliyan padalisan kaping tiga.
Misale :
Sasauran gledeg ning langit (a)
Guruh gemuruh temurun udan (b)
Cinawang kilat dikucur awan (b)
Halimun sepet kaya binangkit (a)

(11) Rima silang nggih niku rima kaliyan pianggen tembung-tembung kang gadah rima teng pengkere padalisan teng selebete pada lan enggene selang-seling.
Misale :
Kelampok tegal widara (a)
Mengetane Dukuh Jati (b)
Aja kapok amal jariya (a)
Kanggo sangu mbesuk mati (b)

(12) Rima bebas atanapi rima merdika nggih niku rima kang mboten ngintil teng kaidah-kaidah rima kang sampun wonten.
Misale :
dina kiyen
Tuhan mesem sopan
sewaktu tekwara
sabenere Deweke bli duwe aran
lan unggal menusa bebas ngundang
Deweke
klawan sebutan apa bae
‘Gusti’ Mahesa Alit

3) Ragam ungel
Ragam ungel ngliputi euphony, cacophony, lan onomatopeia. Euphony nggih niku salah setunggale ungel kang sanggem nuansakaken suasana kasumringahan, vitalitas, atanapi obah osik. Ungel euphony unsure arupi ungel vokal. Tembung-tembung kang nyenengaken biasae diwakili kaliyan ungel vokal. Misale, seneng, nembang, mlajeng, lan sapanunggalane.
Kewalikan saking euphony nggih niku cacophony. Cacophony ngrupiaken ungel kang nuansakaken suasana tekanan batin, beku, sedih, atanapi kesepian. Upami euphony diwakili dening vokal, maka cacophony diwakili dening konsonan kang wonten teng pengkere tembung. Ungel konsonan saged arupi ungel bilabial kados dene /p/ teng tembung tutup lan redup. Saged ugi arupi ungel dorsovelar kados /k/ lan /m/ misale, ndesek, kaku, kelam, gerak, peteng, asing, lan sapanunggalane.
Ragam ungel selajenge nggih niku onomatopoeia. Onomatopoeia nggih niku swanten kang nyugestiaken ungel tiron saking kawontenan sekelilinge tiyang (lingkungan jawi). Swanten kang nyugestiaken punika saged arupi swanten sato kewan atanapi barang-barang sanese kados dene titik toya jawoh, gedebur ombak, barang-barang kang dawah, lan sapanunggalane. Swanten sawung jago teng wilayah Jawa (wetan, tengah, lan kilen) cumi nyukani sugesti swanten kang selerese. Penyugestian punika saged dimaklumi keranten pancen angel nirokaken realitas ungel kang selerese liwat media kebasaan. Transkripsi ungel antawis setungggal wilayah kaliyan wilayah kang sanese saged benten.
Misale :
kuk – ku – lu – ruuuk : swanten sawung jago teng logat basa Jawa
kong – ko – ro – ngoook : swanten sawung jago teng logat basa Sunda
kuk – ku – ru – yuuuk : swanten sawung jago teng logat basa Indonesia
tek – kuk – kuak : swanten sawung jago teng logat basa Batak

b. Tembung
Dumasar wangun lan isie, tembung teng selebete puisi saged dibentenaken dados lambang, utterance, lan simbol. Lambang nggih niku tembung-tembung kang gadah makna kados dene makna kang wonten teng selebete kamus (makna leksikal) ngantos acuan atanapi rujukan maknae punika mboten nuduhaken teng macem-macem kemumkinan kang sanes atanapi makna denotatif.
Utterance atanapi indice nggih niku tembung-tembung kang ngandung makna saluyu kaliyan kewontenan tembung punika teng selebete konteks pianggean. Misale tembung ‘jalang’ teng sajake Chairil Anwar gadah makna kang benten kaliyan ‘wadon sente punika sampun jangji bade ngrobih nasibe’. Sedeng simbol nggih niku tembung kang gadah makna rangkep. Dados, kang dimaksad kaliyan utterance atanapi indice punika nggih niku tembung kang gadah makna konotatif, ngantos kangge mahami makna kang wonten teng selebete tembung punika kaula sami kedah nafsiraken kelawan ningal kepripun hubungane makna tembung kang dimaksad kaliyan makna kang sanese (analisis kontekstual).
Saluyu kaliyan telaah tembung teng inggil punika, S. Effendi njelasaken wontene istilah pengimajinan lan pengiasan. Pengimajian nggih niku penataan tembung kang nyebabaken makna abstrak dados makna kongkrit. Sedeng pengiasan ngrupiaken pengimajian kaliyan migunakaken tembung-tembung kias ngantos nimbulaken makna kang langkung kongkrit.

c. Padalisan
Istilah padalisan teng selebete puisi dumasare sami kaliyan istilah ukara teng selebete prosa. Cumi, saluyu kaliyan hak penganggit kang diistilahaken kaliyan licentia poetica, maka wujud, tetenger, lan peranan padalisan mboten saged disamiaken mekaten mawon kaliyan ukara teng karya prosa.
Baris teng selebete puisi ugi asring ngalami pelesapan (elips) nggih niku pengicalan setunggal tembung atanapi langkung teng setunggale larik (baris/ padalisan) ngarah angsal pemodelan lan keefektifan basa.
Misale :
Teng akire kaula sami
Tan tansah sinarengan. Ajal
Misah kaula sami piyambek-piyambek kantun

Saking keterangan punika saged disimpulaken nyaniya padalisan atanapi larik punika ngrupiaken ijenan (satuan) kang umume langkung wiyar saking tembung lan sampun ngrojong (ndukung) ijenan makna kang sampun temtos. Padalisan teng setunggale puisi dumasare minangka wadah kangge manunggalaken lan ngemban gagasan atanapi ide penyair lewat tembung. Nanging, saluyu kaliyan kewontenan padalisan punika teng selebete puisi, maka penataan padalisan punika kedah mertetangaken masalah rima lan pola persajakan. Teng hal punika dikenal istilah enjambemen, nggih niku perloncatan atanapi pemenggalan padalisan setunggale sajak kang dilajengaken teng padalisan selajenge.

d. Pada
Pada atanapi bait disebat ugi kuplet atanapi strophe (teng prosa sejajar kaliyan paragraf) nggih niku kemanunggalan larik/padalisan kang wonten teng setunggale kelompok kang secara sesarengan ngrojong setunggal kemanunggalan pokok pikiran. Peranan pada teng selebete puisi nggih niku kangge mangun setunggale kemanunggalan makna kangge ngewujudaken pokok pikiran kang sampun temtos kang benten kaliyan ijenan (satuan) makna teng selebete kelompok padalisan sanese.

e. Diksi
Secara definitif diksi punika pemilihan tembung. Teng kajian puisi, diksi punika ngliputi (1) pemilihan tembung kang wonten teng selebete puisi, (2) penggunaan tembung, lan (3) penempatan tembung-tembung punika teng selebete konstruksi frasa, padalisan, lan pada.
Misale :
Senja ning Pelabuhan Cilik

Kiyen waktu ora nana kang ngulati tresna
Ning antara kudang, umah tua, marang cerita
Tiang lan temali. Kapal, prau tan mayang
Ngembus diri percaya pareng pinaut

f. Tembung Nyata
Kang dimaksad kaliyan tembung nyata nggih niku tembung atanapi kelompok tembung kang saged munculaken setunggale imaji (pembayangan, sipate semantik) dumateng setunggale pemaos keranten wonten referensi atanapi rujukane. Sangsaya kiat setunggale tembung atanapi kelompok tembung punika saged mangun imaji teng dirie pemaos, maka tembung punika sangsaya kiyat nampilaken pembuaran (pembayangan) teng selebete manah pemaos. Ukuran tembung nyata nggih niku saged dipahami dening pemaos.
Misale :
A. ……
Gubug mungil
Sing kana asale temali musat
Nyebar ning pucuk-pucuk petak sawah
Nggaris-garis sedawaneng pari kang mulai kuning
……

B. ……
Ning antara gedong-gedong penyakar langit
Hotel-hotel gemintang
Apartemen-apartemen kang paling murah 45.000 dollar
Gubug-gubug reot mbusuk sedawaneng Ciliwung
Mambuneng kringet wadon-wadon kutangan
Ning sela-sela lanang kuru, pucat mandeng langit kemewahan
……

g. Majas
Majas atanapi gaya basa puniku rineka werna atanapi maceme. Majas dipigunakaken dening tiyang kangge nyiptakaken hal-hal kang sampun tinemtos saluyu kaliyan maksad lan prayojana pianggean majas punika. Majas saged dikelompok-kelompokaken dados pinten-pinten kelompok. Upami diteliti kelawan titen, selerese majas kang wonten punika saged dikelompokaken dados gangsal kelompok, nggih niku majas perulangan, majas bebandingan, majas tinautan, majas tinentangan, lan majas penegesan. Gaya basa atanapi majas punika saged dikelompokaken dumasaraken wangun lan isie. Dumasaraken teng isie, majas saged dikelompokaken dados sekawan kelompok, nggih niku majas perulangan, majas bebandingan, majas tinautan, lan majas tinentangan.
Suprapto netelaken nyaniya kang dimaksad kaliyan majas nggih niku ‘Cara kang diangge dening setunggale tiyang selebete nglukisaken setunggale hal, barang, kedadosan, peristiwa, atanapi punapa kemawon kaliyan nyasamiaken hal, barang, kedadosan, peristiwa punika kaliyan hal, barang, benda, kedadosan, peristiwa kang sanese ngangge basa kang pocapa, kang saged nggesangaken atanapi ningkataken efek (pencitraan) lan nimbulkaken konotasi kang sampun temtos kaliyan cara migunakaken hal kang dianggep sami antawis hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese’ (1991 : 47).
1) Majas Perulangan
Majas perulangan nggih niku majas kang cara nglukisaken kewontenane punapa mawon kaliyan ngulang-nglang tembung, frase, atanapi setunggal maksade. Kang kalebet teng majas jinis puniki kados dene majas anaphora, tautologi, repetisi, epifora, lan sapanunggalane.
a) Aliterasi
Aliterasi ngrupiaken majas perulangan kang mupangataken purwakanti atanapi tembung-tembung kang kecap awale sami ungel-ungele (Suprapto, 1991 : 6).
Misale :
Ngalir, ngambus, ndesek, ngepung
Ngebeki sukma, nawan awak
Serasa manis semilireng angin
Selagu merdu, dersikeng bayu
b) Antanaklasis
Antanaklasis nggih niku setunggale wangun majas perulangan kang gadah pengulangan tembung kang sami nanging benten maksade. Dados, majas antanaklasis puniku majas kang ngulang tembung homonimi (Ducrot lan Todorov, 1981 : 227).
Misale :
Angga nggawa kembang kanggo kembang desa sing disenengi.
Enake sih lintah darat kuh cangkeme dijejeli lintah, ambir kapok

c) Kiasmus
Majas kiasmus ngrupiaken setunggale wangun majas perulangan kang isie ngulang atanapi repetisi sekaligus ngrupiaken inversi hubungan antawis kalih tembung teng setunggale ukara (Ducrot lan Todorov, 1981 : 277)..
Misale :
Kang sugih ngrasa deweke mlarat, sedeng kang mlarat ngaku deweke sugih. Wis biasa wong urip sedina-dina, wong pinter pengen disebut bodoh, nanging akeh wong bodoh ngaku pinter.

d) Repetisi
Majas repetisi nggih niku majas perulangan kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngulang-ngulang kelompok tembung atanapi frasa kang sami (Ducrot lan Todorov, 1981 : 279).
Misale :
Wilujeng rawuh pahlawaning sun. Wilujeng rawuh kusumaning nagri. Wilujeng rawuh gandulaning ati. Wilujeng rawuh kemerdikan. Kaula antosi rawuhipun panjenengan. Wilujeng rawuh jungjunan. Wilujeng rawuh.

e) Anafora
Majas anafora ngrupiaken setunggale wangun majas perulangan kang nempataken tembung atanapi frase kang sami teng ajenge wangun puisi (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Amung panjenengan gandulaning ati
Amung panjenengan lanang sejati
Amung panjenengan kesumaning ati
Amung panjenengan kang kula tresna
f) Tautologi
Tautologi ngrupiaken setunggale majas perulangan kang cara nglukisakene kaliyan ngulang-ngulang tembung kang wonten teng selebete ukara (Suprapto, 1991 : 85).
Misale :
Ambeke deweke sih, isun kuh kongkone kudu sing sabar, sabar, lan sabar sesabar-sabare. Apa isun semene kuh durung bisa dicap sabar? Isune kurang sabar sepira maning sih? Jare wong sabar kuh dadie lebar!

g) Epifora
Majas epifora ngrupiaken majas repetisi atanapi perulangan kang cara nglukisakene kaliyan nempataken tembung atanapi kelompok tembung kang sami teng pengkere padalisan teng wangun puisi secara umulang (Suprapto, 1991 : 27).
Misale :
Upami angsal dening panjenengane, kula bade dugi
Yen sempat, kula bade dugi,
Lamon ditampi, kula bade dugi
Upami mboten jawoh, kula bade dugi

2) Majas Bebandingan
Majas bebandingan nggih niku majas kang cara nglukisaken kewontenane punapa mawon kaliyan ngangge bebandingan antawis hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese. Kang kalebet teng majas puniki kados dene majas asosiasi, metafora, personifikasi, alegori, pleonasme, lan sapanunggalane.
a) Simile
Tembung simile asale saking basa Latin ‘simile’ kang maknae kados atanapi sapertos. Majas simile punika satunggale majas kang cara nglukisaken kewontenan atanapi hal kaliyan mbanding-mbandingaken hal kang hakekate benten anging sumejah dianggep sami (Ducrot lan Todorov, 1981 : 279). Hal-hal wau dibandingaken kelawan eksplisit kaliyan piangeyan tembung kaya, kayadene, kados, kados dene, sepertos, minangka, umpama, lir kadya, lan sapanungalane.
Misale :
Kaya banyu ning godong tales
Kaya dene wulan tumanggal
Kados kucing sareng tikus
Kados dene bawang sesiung
Sepertos toya kaliyan lisa
Minangka tiyang sepuh kaliyan putrane
Umpama pitik kelangan babon
Lir kadya mas sinangling

b) Metafora
Metafora asale saking basa Yunani ‘metaphora’ kang artose ‘ngalihaken’. Tembung metaphora diudunaken saking tembung ‘meta’ kang artose teng inggil lan ‘pherein’ kang artose mbakta (Tarigan, 1993 : 141).
Setunggale majas asring nimbulaken tambihan kekiyatan teng selebete ukara. Majas metafora mbantos tiyang kang micareng atanapi nyerat kangge ngambaraken hal-hal kelawan pertela, kaliyan cara mbanding-bandingaken setunggale hal kaliyan hal kang sanese kang gadah tetenger lan sifat kang sami. Bentene metafora kaliyan simile nggih niku, upami majas metafora sifate implisit sedeng majas simile punika sifate eksplisit. Dibandingaken kaliyan majas sanese, majas metafora ngrupiaken majas kang paling singkat, madet, lan rapi.
Poerwadarminta njelasaken, metafora nggih niku majas kaliyan penganggean tembung-tembung kang sanes artos kang selerese, nanging minangka lukisan kang didumasaraken persamian atanapi perbandingan (1976 : 648)
Misale :
Pustaka niku gudange elmu, lan maca niku ngrupiaken kuncie.
Pangandikane panjenengan kados lading menges-menges.
Uripe kaya manuk dara sepasang.

c) Personifikasi
Personifikasi asale saking basa Latin ‘persona’ kang artose tiyang, pelaku, aktor, atanapi kedok kang diangge teng selebete drama (Dale (et all), 1971 : 221). Personifikasi artose sami mawon kaliyan penginsanan. Personofokasi punika setunggale jenis majas kang nemnpelaken sipat-sipate janma teng barang-barang atanapi benda-benda mati lan idea abstrak (Tarigan, 1993 : 123).
Suprapto njelasaken yan personifikasi nggih nikugaya basa bebandingan kang mbandingaken benda mati atanapi mboten saged gerak seolah-olah gadah ambekan lan gadah prilaku kados tiyang gesang (1991 : 63).
Misale :
Peteng wis ngrangkul sekurebing bumi.
Srengenge nggeguyu bumi kang mulai tuwa.
Pucuking cemara ngundang-ngundang.
Udan ngadusi garinge sawah.

d) Alegori
Alegori asale saking basa Yunani ‘allegorein’ kang artose ‘micareng secara lisan’. Allegorein diudunaken saking tembung ‘allos’ kang artose ‘hal kang sanes’ lan ‘agoreuein’ kang artose ‘micareng’ (Tarigan, 1993 : 124).
Alegori ngrupiaken kisah kang diceriosaken kaliyan migunakaken lambang-lambang. Alegori puniku ngrupiaken metafora kang dipiwiyar lan silih sambung-sinambung.
Alegori asring ngandung sifat-sifat moral spiritual. Biasae alegori punika mangun cerios kang ribed kaliyan maksad kang kaselubung. Cerios fabel lan parabel ngrupiaken alegori-alegori kang cendek.
Alegori nggih niku gaya basa kang mertingalakern bebandingan kang wutuh, kang mbentuk kemanunggalan kang paripurna, minangka cerios kang diangge kangge perlambang kangge ndidik atanapi nerangaken setunggale hal (Suprapto, 1991 : 10).
Misale :
Cerita 25 Rasul
Dongeng Abu Nawas
Cerita 1001 Malam

e) Antitesis
Secara kalamiah antitesis diudunaken saking tembung ‘antithesis’ kang artose ‘musuh kang cocog’ atanapi tinentangan kang bener-bener (Poerwadarminta, 1976 : 52).
Majas antitesis puniku sejenis majas kang sumejah ngewontenaken komparasi (perbandingan) antawis kalih antonim (yaniku kalih tembung kang gadah ciri semantik kang sebalike).
Misale :
Deweke seneng pisan baka ndeleng wong susah.
Aneh, bocah seayu Ida jeh lakine blesak.
Kebagusane wong tuwae dirusak karo keblesakane anake.
Wong sugih biasae dijaluki tulung dening wong mlarat.
f) Asosiasi
Majas asosiasi puniku majas bebandingan kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan mbandingaken hal kang setunggal kaliyan hal kang sanese, saluyu kaliyan kewontenane hal kang dimaksad (Suprapto, 1991 : 14).
Misale :
Rambute andan-andanan kaya kembang mayang.
Clingak-clinguk kaya ketek ketulup.
Kulite kuning lir penda mes sinangling.

g) Pleonasme
Majas pleonasme ngrupiaken majas bebandingan arupi pianggeyan tembung atanapi frasa keterangan kang dilangkung-langkungaken. Wontene tembung atanapi frasa kang linangkungan puniki negesaken tembung kang selerese mboten diperlokaken (Suprapto, 1991 : 63).
Misale :
Dolanane aja ning jero, metua kah ning jaba!
Gagiyan mundun mengisor kih, ning kene akeh jabur!
Mundura mengguri ndikit, ana pasukan kraton liwat!
Maneka munjuk, jukuten gegamane isun!

h) Antonomasia
Majas antonomasia nggih niku majas bebandingan setunggale tiyang atanapi kelompok tiyang kaliyan ciri-ciri fisik kang wonten teng tiyang atanapi sekelompok tiyang punika (Suprapto, 1991 : 13).
Misale :
Horee … Si Gendut bli bisa mlayu!
Waduh, rombongan gondronge wis pada kumpul!
Lhadalah, dayak sumbuk pating brusut!
Tingeling, kentung glantang-gluntung bae!

i) Anakronisme
Majas anakronisme nggih niku ngrupiaken gaya bebandingan kang nuduhaken kebotencocogan kaliyan jaman (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Ning sewijine kamer kapal Titanic, Abu Nawas nonton bal sepak ning televisi.
Sambir nelpon bature, Hang Tuah nglirik tangane ndeleng arloji Titus.
j) Prifrase
Majas prifrase ngrupiaken setunggale majas bebandingan kang cara nglukisakene kaliyan cara nggentos setunggale tembung kaliyan frasa atanapi ukara kang sanes (Suprapto, 1991 : 64).
Misale :
Kula nembe kemawon dugi teng griya waktos srengenge gingsir sebelah kilen. (maksade maghrib)
Deweke nembe wangsul sesampune mireng ayam jago kukuluruk. (maksade subuh)

k) Sinonimi
Majas sinonimi nggih niku majas bebandingan kang cara nglukisaken setunggale kedadosan atanapi peristiwa ngangge tembung-tembung kang gadah makna kang sami lan jelas (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Maksad lan prayojana kula mriki bade nglamar putra panjenengan.
Kita kabeh kudu ngerti guna lan fungsi koprasi.
Urip ning dunya kudu gemi nastiti.

l) Tropen
Majas tropen nggih niku majas bebandingan kang cara nggambaraken pedamelan ngangge tembung-tembung kang gadah pengertosan kang sami (Suprapto, 1991 : 88).
Misale :
Tatik angrem ning jero kamer bli metu-metu.
Nggal bengi deweke adol suara sing siji panggung ning panggung sejene.
Nggo mbela anak rabi, tek dadapaken sanajan adus getih.

m) Alusio
Alusio disebat ugi kilatan, nggih niku majas kang nuduhaken kelawan mboten langsung wontene setunggal kedadosan atanapi pereistiwa atanapi tokoh pelakon dumasar pra anggapan wontene setunggale pangaweruh sami-sami kang digadahi dening pemicareng atanapi pinyerat. Hal punika gumantung teng pemaos atanapi pemireng kangge nangkep acuan atanapi referensi punika (Tarigan, 1993 : 124).
Alusio nggih niku majas bebandingan kang migunakaken ungkapan atanapi pribasa kang sampun lazim atanapi biasa dipigunakaken dumateng tiyang (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Kula ngeri lan mrinding mbayangaken peristiwa Westerling teng Sulawesi Selatan.
Tugu puniki diwangun kangge mengeti pertistiwa Bandung Lautan Api.
Kula nghalami kiyambek akibat pembrontakan G 30 S / PKI.
Aki-aki punika tua-tua keladi sangsaya tuwa sang saya jadi.

3) Majas Tinautan
Majas tinautan nggih niku majas kang cara nglukisake kewontenan punapa mawon kaliyan ngait-ngaitaken hal kang dimaksad kaliyan sanese kang gadah sipat kang memper karakteristike. Kang kelebet teng jinis majas tinautan puniki kados dene metonimia, sinekdot, alusio, eufimisme, elipsis, inverse, lan sapanunggalane.
a) Metonimia
Metonimia asale saking basa Yunani ‘meta’ kang artose tinuker lan ‘onym’ kang artose nami. Metonimia ngrupiaken sejenis majas kang migunakaken nami setunggale barang kangge setunggale hal kang sanes kang wonten kaitane kaliyan barang kang dimaksad. Teng metonimia, setunggale barang disebataken nanging kang dimaksad niku barang kang sanes (Dale (et all), 1971 : 234).
Majas metonimia ngrupiaken majas kang migunakaken name ciri atanpi ciri hal kang dados tetenger kang wonten teng hal kang dimaksad ditautaken kaliyan tiyang, barang, atanapi punapa mawon minangka gegantie (Suprapto, 1991 : 50).
Misale :
Unggal mangkat ning kantor, mama numpak Honda.
Waduh, pancen enak numpak Feroza.

b) Sinekdoche
Sinekdoche ngrupiaken setunggale majas tiunautan kang cara nglukisaken kewontenanan setunggale hal kaliyan cara nglukisaken sebagian kangge sedantene hal atanapi sedantene hal kangge sebagian (Moeliono, 1984 : 3). Sinekdot asale saking basa Yunani ‘synekdechesthai’ kang artose nyayogiaken atanapi nyukakaken setunggale punapa mawon dumateng kang disebataken (Dale (et all), 1971 : 236).
Majas sinekdoche puniki saged dibagi kaliyan kalih jenis, nggih niku pars prototo lan totem proparte. Pars prototo nggih niku bagian saking gaya basa sinekdoche kang dipigunakaken kangge nglukisaken setunggal bagian hal nanging selerese setunggal bagian punika nggambaraken sedanten hal kang dimaksad (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Pirang endas kang teka waktu rapat pembentukan Karang Taruna?
Sing mau isuk Mang Daspan durung katon cungure.

Anadene kang dimaksad kaliyan majas totem pro parte nggih niku bagian saking gaya basa sinekdoche kang dipigunakaken kangge nglukisaken sedanten hal nanging kang dimaksad selerese sedanten hal punika nggambaraken setunggal bagian (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Indonesia menang 5 – 0 nglawan Jepang ning pertandingan bulu tangkis.
Tanggul Kali Winong bobol, Cerbon kebanjiran, masyarakate mlayu kebirit-birit.

c) Eufimisme
Eufimisme asale saking basa Yunani ‘euphemizein’ kang artose ‘micareng kaliyan ngangge tembung-tembung kang jelas lan wajar’. Euphemizein diudunaken saking tembung ‘eu’ kang artose sae lan ‘phanai’ kang artose micareng. Dados jelas, eufimisme artose pinter micareng sae (Dale (et all) 1971 : 239).
Majas eufimisme nggih niku setunggale majas tinautan kang cara nglukisakene setunggale hal, kang diungkapaken secara alus minangka gegantos ungkapan kang diraose kasar, mboten eca dipirengaken, dianggep ngrugiaken, atanapi mboten nyenengaken dumateng tiyang sanes kang diajak komunikasi (Suprapto, 1991 : 29).
Misale :
Frasa tuna karya dianggep langkung alus tinimbang pengangguran.
Frasa tuna wisma dianggep langkung alus tinimbang glandangan.
Frasa tuna wicara dianggep langkung alus tinimbang bisu.
Frasa pramu wisma dianggep langkung alus tinimbang bujang.
Frasa pramu niaga dianggep langkung alus tinimbang pelayan.
d) Ellipsis
Majas elipsis puniku majas kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngicalaken setunggale tembung atanapi frasa kang wonten teng ukara (Ducrot lan Todorov, 1981 : 277). Pengungkapan kados puniki selerese boten saluyu kaliyan kaidah tata basa keranten wonten bagian kang penting kang dicalaken. Anging, penyeratan kados puniki asring diangge keranten antawis pemicaos kaliyan pemireng sampun sami-sami maklum punapa kang dimaksad kaliyan ukara wau.
Misale :
Mang Dulatip ning Jakarta. (pengicalan predikat : lunga)
Bocah jeh nggebugi seporete. (pengicalan objek : ayam, wedus, lsp)
Isun lan Bapa arep mangkat ning Bandung. (pengicalan keterangan waktos)
Arep ning Jakarta. (Pengicalan subjek)

e) Inverse
Majas inverse ngrupiaken permutasi atanapi perobihan atanapi tinukeran urutan setunggale unsur-unsur konstruksi sintaksis (Ducrot lan Todorov, 1981 : 277). Penggunaan majas puniki dipigunakaken kangge nampilaken efek keinanan (keindahan) atanapi perhatosan dumateng tiyang sanes kang diajak komunikasi.
Inverse nggih niku majas kang cara nglukisaken setunggale hal kaliyan ngrobih susunan unsur ukara, predikat wonten teng ajenge subjek (Suprapto, 1991 : 38).
Misale :
Kempong isun sewise ndeleng panggangan ayam mlagrang.
Ukara wau lerese
‘Isun kempong sewise ndeleng panggangan ayam mlagrang.
Mengkel deweke waktu tingkahe tek warakaken ning bapae.
Ukara wau lerese
‘Deweke mengkel waktu tingkahe tekwarakaken ning bapae.

f) Gradasi
Gradasi nggih niku majas kang gadah setunggale rangkeyan lan urutan sekedike tigang tembung atanapi istilah kang secara sintaksis tembung atanapi istilah punika gadah setunggal ciri semantik atanapi langkung (Ducrot lan Todorov, 1981 : 277).
Misale :
Kita berjuang nglawan musuh kelawan setunggal tekad, tekad teras majeng, majeng ning panguripan, panguripan kang bagus, bagus secara rohani atanapi jasmani, rohani atanapi jasmani kang diridhoi, diridhoi marang Gusti Allah, Gusti Allah kang gadah pejah lan gesang. Pejah lan gesange kula sedaya.

4) Majas Tinentangan
Majas tinentangan nggih niku majas kang cara nglukisaken hal punapa mawon kaliyan mitentangaken antawis kang hal setunggal kaliyan hal kang sanese. Kang kelebet teng majas puniki kados dene hiperbola, litotes, oksimoron, paronomasia, ironi, paralipsis, lan lapanunggalane.
a) Hiperbola
Tembung hiperbola asale saking basa Yunani ‘hyperbolein’ ‘kang artose pemborosan. Hiperbola diudunaken saking tembung ‘hyper’ kang artose nglangkungi, lan ‘ballein’ kang artose mbalangaken (Dale (et all), 1971 : 233).
Majas hiperbola ngrupiaken setunggale majas kang ngandung makna kang sumejah dilangkung-langkungaken. Anadene kang dilangkung-langkungaken punika arupi jumlah, ukuran, lan sipat kelawan nyukani penekanan teng setunggale pernyataan atanapi situasi kang ningkataken kesan lan pangauning (Moeliono, 1984 : 3).
Misale :
Saking sugie, emase sampe kekiloan.
Sawahe gumelar sing awit tumpal wetan tumeka ing tumpal kulon.
Mobile ngebeki grasi kang ambae selapangan bal sepak.
Ati isun kebakar nalika ngrungu demenan mlaku karo wong sejen.

b) Litotes
Litotes asale saking basa Yunani ‘litos’ kang artose basajan. Majas litotes ngrupiaken wewalikan saking majas hiperbola. Tujuan penggunaan majas puniki kangge nimbulaken kesan andap asor. Dale (et all) netelaken ‘Majas litotes ngrupiaken sejenis majas kang damel pernyataan tentang setunggale hal kaliyan cara nyangkal atanapi mungkiri hal kang selerese. Majas punika ugi disebat majas kewalikane (1971 : 237).
Majas litotes nggih niku majas kang pengungkapane nyatakaken setunggale hal kang positip kelawan negatip. Wangun-wangun litotes tansah tinentangan atanapi paradoksal. Litotes ngrupiaken paradox hyperbola, keranten majas puniki ngrupiaken kewalikan saking hiperbola. Litotes ngandung pernyataan kang sumejah dialitaken lan dikirangi saking kesunyatan kang selerese. Tujuane penggunaan majas litotes punika kangge nimbulaken kesan andap asor.
Misale :
Mangga panjenengan mampir teng gubug kula.
Kemampuan kula dibandingaken kaliyan panjenengan lir ibarat toya teng jaladri.
Asil usahae mboten damel kuciwa ning ati.

c) Ironi
Majas ironi nggih niku majas kang teng pengungkapane nyatakaken makna kelawan maksad ngolok-ngolok (Tarigan, 1983 : 144). Majas puniki ngimplikasiaken setunggale hal kang sunyatae benten. Ironi kang enteng biasae ngrupiaken humor. Ironi kang keras disebate sarkasme atanapi satire sanajan wates antawis kekalihe punika angel ditemtosakene (Suprapto, 1991 : 38).
Misale :
Aduh, tulisane bagus temen sampe kengelan macae!
Bersih temen kamere, ning kana ning kene akeh pakean pating blarat!
Wah, wis tangi ya, masih isuk jeh, nembe jam sewelas!

d) Sarkasme
Majas sarkasme puniku ngrupiaken setunggale majas sindiran kang paling keras atanapi paling kasar kelawan migunakaken tembung-tembung kang boten pantes dipirengaken atanapi boten sopan (Suprapto, 1991 : 77).
Misale :
Kekaca dikit, cung! Rai kaya ketek bae arep demen anak isun!
Nembe ngrungu arane bae gah isun kuh pengen mutah!
Kang inget, Cung. Kader wong endas korengen bae akeh tingkahe!
Wong mlarat bantat bae due kepengenan nyekolahaken anak!

e) Satire
Majas satire nggih niku majas kang digunakaken teng kesusastraan kangge nyatakaken sindiran dumateng setunggale atanapi seklompok tiyang atanapi teng kewontenan sekelilinge/lingkungane (Suprapto, 1991 : 79).
Misale :
Sangsaya isun sabar
Sangsaya isun kelantar
Sangsaya isun sadar
Sangsaya isun ngrasa kesasar

f) Oksimoron
Majas oksimoron ngrupiaken majas kang ngandung penegakan atanapi pedirian setunggale hubungan ukara saluyu kaliyan kesunyatan (Ducrot lan Todorov, 1981 : 278), (Suprapto, 1991 : 55).
Misale :
Olahraga manek gunung iku pancen nyenengaken pisan nanging uga mbahayakaken.
Nuklir saged diangge kangge kesejahteraan, nanging nuklir ugi saged digunakaken kangge ngancuraken.
Televisi ngrupiaken alat pemersatu, nanging saged didadosaken minangka alat penghasut perpecahan.

g) Paronomasia
Majas paronomasia nggih niku majas penjajaran tembung-tembung kang gadah unen-unen kang sami nanging benten maknane (Ducrot lan Todorov, 1981 : 278).
Misale :
Nok, arep tektandur kembang tangjung ning tanjung atie senok.
Awas, bisa ula bisa mbahayakaken ning kesehatan badan.
Kembang kang tektandur kiyen wis kembang.

h) Paralipsis
Majas paralipsis ngrupiaken setunggale formula kang dipigunakaken dening tiyang minangka srana kangge nerangkaken nyaniya tiyang punika boten micareng kados punapa kang sinerat teng ukara punika (Ducrot lan Todorov, 1981 : 278).
Misale :
Mugia aki kaliyan nini mirengaken penyuwunan kula (punten), maksad kula nolak penyuwunan kula.
Pilien pelem kang mateng, (eh,..) kang tekmaksud dudu pelem bosok.
Laka wong kang seneng (aduh maap) maksud isun kang sengit ning sampeyan.
i) Zeugma
Majas zeugma nggih niku majas kang arupi koordinasi atanapi gabungan kalih tembung gramatis kang gadah tetenger semantik kang silih tinentangan kados dene abstrak lan kongkrit (Ducrot lan Todorov, 1981 : 279).
Misale :
Lare punika pancen rajin sekolah, nanging males blajare.
Kaula sami kedah damel amal kebecikan teng alam dunya kangge teng akerat.
Gede-cilik, tuwa-enom, lanang-wadon pada kumpul ning bale desa.
Tebih utawi caket yen niti angkot niku ongkose sami.

j) Kontradiksio Interminis
Majas kontradiksio inteminis nggih niku majas tinentangan kang ngatonaken atanapi ningalaken tinentangan setunggale hal kaliyan penjelasan awal kang arupi perkecualian (Suprapto, 1991 : 43).
Misale :
Sedanten murid sampun kempal, kejaba Toni kang siweg sakit.
Anak-anake Mang Gudel pada pinter-pinter, kecuali kang bungsu.
Kabeh sih pada nurut ning wong tuwa, cuma bungsu kang badeg.
Kabeh-kabeh wis manjing, sira dewek kang masih ning jaba.

k) Paradoks
Majas paradoks ngrupiaken setunggale majas tinentangan atanapi lelawanan kang cara ngartosakene gumantung teng kemampuan pemireng atanapi pemaos keranten majas puniki cumi ketingal teng tembung kang gadah artos tinentangan atanapi lelawanan, padahal maksad kang sunyatane boten tinentangan atanapi boten lelawanan keranten objeke npunika pancen sami (Suprapto, 1991 : 62).
Misale :
Atie sepi ning jagat kang rame.
Lire duwe anak gremaya nanging ngrasae sebatangkara.
Nyi rangda sepocong ngopeni anake wong.

l) Okupasi
Majas okupasi nggih niku majas tinentangan atanapi lelawanan kang ngandung bantahan nanging bantahan punika lajeng disukani penjelasan (Suprapto, 1991 : 56).
Misale :
Candu puniku saged ngrusak kahuripan, margi saking niku, pemrentah ngawasi klawan ketat, nanging kangge pecandue piyambek umume boten saged ngandegaken kebiasaan kang boten sae punika.

5) Gaya Basa Penegesan
Majas penegesan nggih niku majas kang cara nglukisaken hal punapa mawon kaliyan negesaken antawis kang setunggal kaliyan kang sanese. Kang kelebet teng majas puniki kados dene :
a) Anakuloton
Majas anakuloton nggih niku ngrupiaken majas kang teng pianggean ukarae sumejah disimpangaken saking kaidah-kaidah penyeratan aturan tata basa (Suprapto, 1991 : 11).
Misale :
Aja rebutan bae, coba barise kang tartib!
Ndodoka ning krosi, aja klayaban bae kaya mendreng!
Lemakue aja santer-santer, isune ketumpu nggedage!

b) Asindenton
Majas asindenton nggih niku majas penegasan kang cara ngungkapakene kaliyan nyatakaken benda, barang, hal-hal, atanapi kewontenan kelawan turut tinurut tanpa ngangge tembung penghubung (Suprapto, 1991 : 13).
Misale :
Kemeja, srowal, sepatu, kaos kaki deweke tuku ning Pasar Isuk.
Deweke ora teka, deweke lagi klaran.
Ngalor, ngidul, ngetan, ngulon, gojag-gajig bli kruwan.
Deweke, mboke, bapane, anake, mantune dadi anggota KPPS.
Isuk, sore, awan, bengi, aja klalen njaluk ning Pangeran!

c) Eksklamasio
Majas eksklamasio nggih niku gaya basa penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan migunakaken tembung-tembung seron kangge negesaken maksad (Suprapto, 1991 : 26).
Misale :
Ah, apa gunae masih nggetuni barang kang karuan wis ilang!
Tobat, nembe weru bae ana jangan asem kang rasae kaya kolek gedang!
d) Enumerasio
Majas enumerasio nggih niku majas gaya basa penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan nglukisaken setunggale kedadosan atanapi pristiwa supados sedanten maksad teng lebete ukara dados langkung lugas lan jelas (Suprapto, 1991 : 27).
Misale :
Angin sumilir alon-alon, langit biru katon anteng, lazuardi crah nilakandi, wulan uga mencorong maning, sedeng isun, cuma ndodok mbari nglamun. Mikiraken gandulaning ati kang lunga tan weruh juntrungane.
Korbane ninggal sedogan kuen, motore remek bebek, getih blabaran ngamprak-ngamprak ning dermaga.

e) Interupsi
Majas interupsi nggih niku setunggale majas penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan migunakaken tembung-tembung kang diseselaken teng antawis ukara pokok. Penggunaan majas interupsi punika kangge langkung njelasaken maksad, tujuan, lan negesaken bagian-bagian ukara sederenge (Suprapto, 1991 : 38).
Misale :
Deweke penjahat bayaran, sekiyen wis ketangkep lan ana ning kantor pulisi.
Lare kang ngangge rasukan petak, clana biru, lan kasep punika putra kula.
Habibie Presiden Republik Indonesia siweg mbika Saresehan Basa Cerbon.

f) Meiosis
Majas meiosis puniku majas penegesan kang cara ngungkapaken setunggale hal atanapi kawontenan kalian ngangge pernyataan kang alus. Majas puniki asring diangge secara ironi, khususe kangge nggambaraken setunggale hal kang luar biasa (Suprapto, 1991 : 49).
Misale :
Asil panene rada kirang sae (nyatakaken panen kang gagal)
Deweke kurang aktip ning karang taruna (nyatakaken males ning kegiatan)
Maklum, Bi Nengsih kuh wis rada adoh kupinge. (nyatakaken budeg)
g) Polisindenton
Majas polisindenton nggih niku majas penegesan kang cara ngungkapakene kaliyan nyebataken benda-benda atanapi barang-barang secara turut-tinurutan ngangge tembung penghubung atanapi tembung penyambung (Suprapto, 1991 : 64).
Misale :
Sesampune siram, piyambeke teras gentos rasukan, lajeng sarapan, nonten kesah teng kantor.

h) Praterito
Majas praterito nggih niku majas kang cara ngungkapakene kaliyan ngumpetaken maksad pemireng atanapi pemaos kedah ngilari atanapi mbadek piyambek punapa kang diumpetaken punika, nanging pemireng atanapi pemaos sampun paham atanapi sumerep teng hal kang dimaksad dening penyerat atanapi pemicareng punika (Suprapto, 1991 : 64).
Misale :
Kedadian wingi estu ngisin-ngisinaken wong sekampung.
Maklumlah, hal iku wis dadi kebiasaan murid waktu ulangan.
Pantes bae kelakuane mekonon, yong bapane sampah masyarakat.

i) Simbolisme
Majas simbolisme ngrupiaken setunggale majas kang cara nglukisaken hal-hal kelawan wangun simbol atanapi lambang (biasae sato kewan atanapi tetuwuhan) kang digambaraken kangge tiyang kaliyan sipat-sipate (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Aja bebaturan karo Mang Armad, sebab deweke lintah darat!
Dasar buaya darat, angger saban wong wadon dilelara!
Ari kucing garong kuh angger bae doyan barang mente!

j) Simetrisme
Majas simetriisme ngrupiaken majas kang cara nyatakaken setunggal ukara ngangge tembung-tembung kang sanes, nanging isi ukara punika selerese ngandung artos kang sami (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Lare punika sampun dididik, diajar, dituntun manggon dalan kang leres.
Rama kula sampun kesah lan mboten mumkin bade wangsul malih.
Dadi murid kuh sing geten, titen, lan tulaten.
Urip kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.

k) Sinisme
Majas sinisme ngrupiaken majas sindiran arupi pernyataan kang maksade tinentangan atanapi lelawanan kaliyan makna kang selerese. Sinisme kados majas ironi nanging langkung kasar atanapi keras (Suprapto, 1991 : 82).
Misale :
Bagus temen kelakuane sira kiyen!
Ilmue sira wis seduwure langit, kanggo apa isun nasehati sira kuh!
Ora pantes isun ngajari mlaku ning wong kang wis bisa mlayu!

h. Imajeri / Citraan
Teng selebete puisi, kangge nyukani gambaran kang jelas, kangge nimbulaken suasana khusus, kangge langkung damel gesang gambaran selebete pikiran selebete penginderaan diperlokaken wontene pembayangan atanapi imajeri. Imajeri atanapi citraan nggih niku pembayangan atanapi cara mbentuk gambaran setunggale kewontenan seolah-olah saged ditangkep atanapi dinyatakaken kaliyan indra. Jenis-jenis citraan nggih niku :
1) Citraan peningalan
Kang dumaksad kaliyan citraan peningalan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ningal piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Pengalaman indera paningalan tinalenan kaliyan dimensi ruang (ukuran, kedaleman, lan jarak), warni, lan kualitas cahaya atanapi sinar.
Misale :
bangbang wetan wis wayah raina
tangia wong andon guling
lawang gede den kunceni

2) Citraan pemirengan
Kang dimaksad kaliyan citraan pemirengan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos mireng piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Kaula saged nangkep gambaran setunggale hal kaliyan migunakaken indera pemirengan. Citraan pemirengan saged ditimbulaken dening diksi kongkret kang nuduhaken teng setunggale hal kang saged diindera kaliyan talingan. Pengalaman auditif janma biasae gadah hubungan kaliyan ungel, kualitas ungel, intensitas ungel, lan nada (ungel musikal).
Misale :
cemara mulai ngomong
sementawis kepudang nembang
umyang swanten paksih sesauran

3) Citraan peraosan
Kang dumaksad kaliyan citraan peraosan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngraos piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
semut-semut tenang sajroneng leng
welut-welut gumrangsang
embun sedih gumantung ning pucuking gegodongan
manuk-manuk pada seneng nunggu tekae srengenge

4) Citraan pencecapan
Kang dumaksad kaliyan citraan pencecapan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos nyecep piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit. Pengalaman sensori kang tinalenan kaliyan raos ilat dados sumber citraan indera pencecapan.
Misale :
kembang nguculaken maniseng madu
laut netesaken asineng banyu
atie kecut ngrungu arep ditekani pulisi
omongane manis dirungokaken

5) Citraan peraba
Kang dumaksad kaliyan citraan perabaan nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngraba piyambek punapa kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
langit pepaesan lembuteng mega
ulam lelangian ning aluseng toya
lemese isun kena nggo naleni, akase isun bisa nggo pikulan
6) Citraan pengambung
Kang dumaksad kaliyan citraan pengambung nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ngambung piyambek ambete punapa kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
melati segagang ambune aruma wangi
uyue disiram ambir aja pangsing
batang kih ambue blangrangan temen sih
sapa sih ngliwet sangit temen kuh

7) Citraan gerak
Kang dumaksad kaliyan citraan gerak nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah-olah pemaos ningal piyambek gerake benda kang dipaparaken dening penganggit.
Misale :
semilir angin ngoyeg witeng randu
ombak nempiling cadas kang angkuh
clingak-clinguk kaya kunyuk ketulup

8) Citraan pemikiran
Kang dumaksad kaliyan citraan pemikiran nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah olah pemaos milet mikir piyambek punapa kang dipaparaken dening penhganggit.
Misale :
cacing-cacing tepekur
kadal-kadal njubleg
mikiraken nasib dirie

9) Citraan suhu
Kang dumaksad kaliyan citraan suhu nggih niku citraan atanapi pembayangan kang ditimbulaken seolah olah pemaos ngraosaken setunggale suhu kang dipaparaken dening penhganggit.
Misale :
atiseng angin gunung nglaliaken turu
panaseng srengenge mbakar bumi
sepelik geni bisa ndradasi
setetes banyu bisa ngademi
i. Versifikasi
Versifikasi mangadeg ing atase :
1) Metrum
Teng puisi Indonesia, kajian metrum mboten katah dilampahaken dening apresiator, keranten teng selebete basa Indonesia dereng wonten pembakuan atanapi panggeran tentang penemtosan tekanan tembung kaliyan makna normatif. Hal punika ndadosaken para analisator atanapi apresiator ngraos kengelan selebete nganalisis aspek-aspek metrum kang wonten teng sajak. Anadene kang sampun dibakuaken punika cumi istilah, lambang metrum lan aspek-aspek metrum kang wonten teng selebete sajak punika nggih niku jambe, anapes, troche, lan dactyllus.
Kangge sekedar maklum, pola unggal aspek metrum kados teng andap puniki.
a) Jambe : u – / u –
b) Anapes : u u – / u u –
c) Troche : – u / – u
d) Dactyllus : – u u / – u u
e) Spondaeus : – –/ – –

Keterangan : – artose arsis (akas)
u artose thesis (lembek)

2) Ritma
Selebete kepustakaan Indonesia, ritma gadah makna ‘munggah menginggile swanten secara teratur’. Sedeng Slamet Mulyana netelaken nyaniya ritma ngrupiaken pitentangan ungel kados : duwur >< endep, dawa >< cendek, akas >< lembek, kang secara teratur lan ulang-umulang (berulang-ulang) ngantos mangun setunggale kainan.
Perhatekaken ritma kang diwangun dening sajak ‘Krawang – Bekasi’ rumpaka Chairil Anwar teng andap puniki.

……
Kenang, kenange isun kabeh
Terusaken, terusaken jiwa ingsun kabeh
Njaga Bung Karno
Njaga Bung Hatta
Njaga Bung Syahrir
……
j. Tipografi
Setunggale hal kang mboten ucul saking penyeratan sajak nggih niku tipografi. Teng wacana jinis puisi wangun tipografi punika mboten kewates keranten penyeratan tipografi sajak gumantung teng maksad, isi, lan makna puisi kang dirumpaka dening penyaire.
Kirang pase penyeratan tipografi teng selebete setunggal sajak mumkin sanget ndadosaken keder dumateng pemaose. Nanging ketepatan penyeratan tipografi teng setunggale sajak saged nggampilaken setunggal pemaos kangge maknai puisi punika. Keranten makna lan isi puisi mumkin kemawon diwakili dening wangun atanapi tipografi sajak punika.
Kangge penyair kang sampun mapan, penyeratan tipografi puisi punika mboten dilampahaken asal-asalan keranten pancen wangun puisi atanapi tipografi sajak punika gadah makna kang sampun tinemtos. Nanging kangge penulis pemula wonten kalane wangun tipografi punika mboten dados perhatosane. Umume penyair kang maksih selebete taraf belajar selebete mangun tipografi punika lurus kemawon.
Tipografi ngrupiaken setunggale pembenten kang penting sanget antawis wangun karya sastra prosa fiksi, puisi, lan drama. Secara umum tata wajah puisi mboten ngoptimalaken penggunaan margin. Tata wajah puisi sederenge Angkatan 45 relatiuf seragam, nangfing sesampune Angkatan 45 tata wajah puisi ngalami perobihan kang (malah) cenderung kontroversial. Secara grafis, tipografi atanapi tata wajah nggih niku cara penyair nyerat padalisan-padalisan atanapi pada ngantos pada kang dimaksad nampilaken wangun-wangun kang sampun temtos. Tipografi kang pas penyusunane saged mbantos setunggale pemaos (apresiator) kangge nyumerepi punapa kang dimaksad dening penyair.
Misale :

Q

! !
! ! !
! ! ! ! !
! a
Lif ! !
la
lam
m m m m m m m m m m
i i iii i i i i ii ii
m m m m m m m m m m m m m m m m m m

Sutardji Calzoum Bachri
Atanapi kados dene sajak ‘Q’ kang dirumpaka dening J.E. Tatengkeng naun 1923 teng andap puniki.

Kuncup


Terlipat Melambai
Terikat Melombai
Engkau mencari Engau beringin
Terang matahari Digerak angin
Terhibur
Terlipur
Engkau bermalam
Di pinggir kolam
Mengeram Terbuka
Mendendam Bersuka
Engkau tertimbun Engkau berkembang
Sejuknya embun Memanggil kumbang
Terputih
Tersuci
Kembang di dahan
Memuji Tuhan
J.E. Tatengkeng, 1923

Upami mboten dipahami tipografie, kekalih sajak teng inggil punika mboten saged dipahami maknae, punapa malih teng sajak ‘Q’ kang mboten wonten sama sekali tembung-tembung kang saged dimaknai secara denotatif atanapi kononatif. Kalih sajak teng inggil punika nampilaken tipografi kang benten. Hal punika dilandasi kaliyan makna sajak kang benten. Teng sajak ‘Kuncup’, J.E. Tatengkeng nggambaraken tipografi kang upami dicermati tipografi punika nggambaren kelopak-kelopak kembang mawar. Saking hal punika saged dipendet kesimpulan nyaniya kang dimaksad kuncup teng sajak ‘Kuncup’ punika nggih niku kuncup kembang mawar.
Sedeng teng sajak ‘Q’ upami dicermati tipografi punika nggambaraken aksara /alif, lam, lam, lan ha/ teng aksara Arab. Secara kesedantenan tipografi sajak ‘Q’ punika nglambangaken tembung ‘Allah’. Dados kang dimaksad ‘Q’ teng sajak punika mboten sanes ‘Allah’.
2. Struktur Batin
Miturut Rene Wellek, puisi kabagi teng atase lapis ungel atanapi sound of stratum, lan lapis makna atanapi units of meaning, lapis dunia atanapi realitas kang digambaraken penyair, lapis realitas ditingal saking titik tingal kang sampun temtos, lan lapis dunia metafisik. Sedeng I.A. Richards teng hal lapis makna, punika mbagi makna dados sense, feeling, tone, lan subject matter.

a. Sense
Sense nggih niku setunggale hal kang diciptakaken atanapi digambaraken dening penyair lewat puisi kang diciptakakene. Sense punika gadah hubungan kaliyan gambaran dunia atanapi makna puisi secara umum kang pareng diungkapaken dening penyair.
Tema punika ngrujuk teng penganggit. Pemaos sekedik katahe kedah nyumerepi latar pengker penyair supados mboten sawon nafsiraken tema puisi kasebat. Keranten punika, tema sifate khusus (dirujuk saking penyair), objektif (sedanten pemaos kedah nafsiraken sami), lan lugas (sanes makna kias kang dipendet saking konotasie).
Teng dunia puisi Indonesia, sense dipersamiaken kaliyan tema. Kang dimaksad kaliyan tema nggih niku pokok anggitan kang dicetusken dening penganggit minangka jiwa lan dasar anggitan. Tema saged dibentenaken antawis tema mayor kaliyan tema minor. Tema mayor disebat ugi tema umum nggih niku pusat pikiran setungggale rumpaka sastra. Sedeng tema minor nggih niku tema kang ditingal saking segi penganggit.
Minangka contoh, saking tema umum ketuhanan kados kang wonten teng selebete prosa ‘Di Bawah Lindungan Ka’bah’ asil rumpaka Hamka (Haji Abdul Malik Karim Amrullah), atanapi selebete novel ‘Atheis’ rumpaka Achdiat Kartamihardja, prosa ‘Robohnya Surau Kami’ rumpaka A.A. Navis, sajak ‘Doa’ rumpaka Chairil Anwar, sajak ‘Nyanyian Angsa’ rumpaka W.S. Rendra, lan drama ‘Tembang’ rumpaka Nickas, saged dipendet tema-tema kusus kang benten kados teng andap puniki.
1) Di Bawah Lindungan Ka’bah
Novel rumpaka Hamka punika gadah tema kusus, nggih niku : Hamid nekuni agama (Islam) teng Mekkah ngantos dados syekh minangka playon (pelarian) diri teng atase keancuran jiwa keranten tresna marang setunggale wanodya.

2) Atheis
Novel rumpaka Achdiat Kartamiharja punika gadah tema kusus, nggih niku : keraguan tokoh Hasan teng atase kewontane Tuhan (Allah) minangka akibat kegagalane mlajari agama Isdlam secara sufisme kados kados dene kang diajengaken dening rama lan ibue.

3) Robohnya Surau Kami
Novel rumpaka A.A. Navis punika gadah tema kusus, nggih niku : bapa tuwae (eyang kakunge) Saleh mboten nampi upami piyambeke dilebetaken teng neraka keranten ngraos piyambeke nalika gesang temen-tinemenan sumujud lan ngebaktos dumateng Tuhan secara total kaliyan cara ngremeni lan mulasara tajug ugi dzikir teras-terasan.

4) Doa
Sajak rumpaka Chairil Anwar punika gadah tema kusus, nggih niku : kesadaran tokoh ‘Aku’ teng atase diri pribadose kang kebek kaliyan dosa lan ngentengaken marang kewontenane Tuhan lan ngupayakaken kangge tobat. Nanging, nyatane kangelan sanget.

5) Nyanyian Angsa
Sajak rumpaka W.S. Rendra punika gadah tema kusus, nggih niku : Maria Zaitun si pelacur sepuh, ketiban penyakit sphilis, keusir lan kebirat saking lingkungane, kalebet pastur ugi mboten purun nglayani pengakuan dosa-dosae, mekaten ugu kaliyan malaikat. Nanging, Tuhan (Yesus) mboten mekaten. Yesus purun nampi kelawan asih lan tulus.

6) Tembang
Drama rumpaka Nickas pinika gadah tema kusus nggih niku : tokoh Dinggo ngalami konflik batin kang ngantos sematen awrate, antawis keyakinan nyaniya Tuhan punika wonten nyatane kaliyan sedanten kekuwasaane, nanging kasunyatan gesange Dinggo kang terlalu pait midamel Dinggo ngraguaken ketuhanan Tuhan kang diyakinie.

b. Feeling
Feeling atanapi rasa nggih niku sikap setunggale penyair dumateng pokok-pokok pikiraan kang ditampilaken dening puisi piyambeke. Feeling teng p[uisi Indonesia dipersamiaken kaliyan raos, nggih niku peraosan penyair kang saged ditangkep upami puisi punika diwaos kelawan nggentawang teng poetry reading atanapi deklamasi. Maos puisi kelawan nggentawang langkung mbantos kangge manggihaken peraosan penyair kang nglatarpengkeri ciniptane puisi punika.
c. Tone
Tone atanapi nada nggih niku sikap penyair dumateng pemaos (masyarakat) kaliyan pokok pikiran kang ditampilaken piyambek. Saking hal punika, maka ciniptalah puisi. Wonten puisi kang nadae sinis, protes, nggurui, mbrontak, dolanan, serius, patriotik, welas asih, wedos, santai, masa bodoh, pesimis, guyon, ngece, kharismatik, filosofis, khusuk, lan sapanunggalane.

d. Subject matter
Subject matter disebat ugi intention atanapi maksad atanapi amanat nggih niku pokok gagasan kang dimajengaken dening penyair lewat puisi kang diciptakaken. Upami sense gadah hubungan kaliyan gambaran makna teng seebete puisi secara umum, maka subject matter gadah hubungan kaliyan ujaran-ujaran pokok pikiran kang secara khusus mbangun setunggal hal kang diungkapaken dening penyair. Amanat punika dirumusaken piyambek dening pemaos. Sikap lan pengalaman pemaos mengaruhi sanget dumateng amanat puisi. Cara nyimpulaken amanat tinalenan sanget kaliyan cara pendeng pemaos dumateng setunggale hal. Sanajan ditemtosaken dening cara pandeng pemaos, amanat mboten ucul saking tema lan isi puisi kang dimajengaken dening penyair.
Kangge langkung mahami unsur sense, feeling, tone, lan subject matter kados kang sampun ditetelaken teng inggil punika, teng andap puniki kaula sajiaken sajak ‘Sajak Seongok Jagung’ saking W.S. Rendra.

Sajak Seonggok Jagung

Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda
yang kurang sekolahan

Memandang jagung itu
sang pemuda melihat lading
ia melihat petani
ia melihat panen
dan suatu hari subuh
para wanita dengan gendongan
pergi ke pasar …
dan juga melihat
suatu pagi hari
di dekat sumur
gadis-gadis bercanda
sambil menumbuk jagung
menjadi maisena
sedang di dalam dapur
tungku menyala-nyala
di dalam udara murni
tercium bau kuwe jagung

Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda
ia siap menggarap jagung
ia melihat kemungkinan
otak dan tangan
siap bekerja

Tetapi ini :
Seonggok jagung di kamar
dan seorang pemuda tamat SLA
tak ada uang, tak bisa menjadi mahasiswa
hanya ada seongok jagung di kamarnya

Ia memandang jagung itu
dan melihat dirinya terlunta-lunta
ia melihat dirinya ditendang dari discotique
ia melihat sepasang sepatu kenes di balik etalage
ia melihat saingannya naik sepeda motor
ia melihat nomor-nomor lotre
ia melihat dirinya sendiri mkiskin dan gagal
seonggok jagung di kamar
tidak menyangkut pada akal
tidak akan menolongnya

Seonggok jagung di kamar
tak akan menolong seorang pemuda
yang pandangan hidupnya dari buku
dan tidak dari kehidupan
yang tidak terlatih dalam metode
dan hanya penuh hafalan kesimpulan
yang hanya terlatih sebagai pemakai
tetapi kurang latihan bebas berkarya
pendidikan tidak memuaskannya dari kehidupan

Aku bertanya :
apakah gunanya pendidikan
bila hanya akan membuat seseorang menjadi asing
di tengah kenyataan persoalannya?
apakah guna pendidikan
bila hanya mendorong seseorang
menjadi laying-layang di ibukota
kikuk pulang ke daerahnya?
apakah guna seseorang
belajar filsafat, sastra, teknologi, ilmu kedokteran
atau apa saja
bila khirnya
ketika ia pulang ke daerahnya, lalu berkata :
“Di sini aku merasa asing dan sepi!”
(1975)

Tema umum ‘Sajak Seonggok Jagung’ teng inggil punika nggih niku kagesangan (janma), sedeng tema khususe nggih niku kebotensaluyuan antawis asil kang diasilaken dening proses pendidikan kaliyan tuntutan kang diparengaken dening masyarakat ngantos ngakibataken pengangguran lan kehamhaman (kegamangan) jiwa para lulusan kang mboten saged ginawe (berbuat) punapa-punapa teng kagesangan piyambeke.
Feeling atanapi rasa kang wonten teng sajak teng inggil punika nggih niku, Rendra gadah pendapat nyaniya pendidikan teng negara puniki sampun gagal. Pendidikan cumi saged nyiptakaken janma-janma males, pengimpi, keasing, lan hamham.
Tone atanapi nada sajak teng inggil punika nggih niku, Rendra ngajak atanapi ngemutaken kaula sami nyaniya pendidikan teng Indonesia puniki kedah sigra diberesi, keranten mboten saluyu kaliyan hakikat lan tujuan pendidikan.
Subject matter atanapi amanat kang diaturaken dening sajak teng inggi punika nggih niku, Rendra ngemutaken kaula sami, masyarakat lan pemerentah nyaniya pendidikan teng Indonesia puniki kedah sigra diberesi. Kaliyan komparasi ironis, Rendra nuduhaken pemuda kang kirang sekolahan malah langkung unggul tinimbang pemuda lulusan SLA.