Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Kamis, 12 Agustus 2010

BABAD CIREBON (Bagian II)

DANDANGGOELA

Warnanen inkang winoeri-woeri
Djeng Soehoenan Djati ingkang tadak
ingkang mrena aneng Tjerbon
sinerat saking loehoer
martabate agoeng kang Wali
ja Sjeh Wali Akbar
sinebet Sinoehoen
doek gagarwa djadjaka lara
Nji Mas Babadan gaboeg boka moetrani
takdir Allah tanggala.

Doepi garwa ingkang amoetrani
Njai Rarapi poetranira
Sjeh Datoek kapi namane
kakalih poetranipoen
kang satoenggal den paparabi.

Pangeran DJakalan
kang sinebat
Pangeran Sedanglaoetan
kang sirane hing Moendoe lan Iboeneki
Rarapi pon ning kana
boja wonten tadakaning woeri
doepi kang mrenah hing tedakanira
poenika kang mijos
saking Padjadjaran waoe.

Kawoenganten ingkang moetrani
istri ingkang namne seneboet
Ratoe winaon kang krama
wong Agoeng Sabrang Pangeran Atsangin
marenah hing poetranira.

Ratoe winaonika angadeni
Pangeran Sebangkingkin ika
kang mrenah ka Soeltanan koelon
hing Banten Pradjanipoen
doepi garwa Sinoehoen Djati
ingkang saking Mahostikta
poetra Tepas nenggoeng
istri nami Ratoe Ajoe ingkang krami
wong agoeng saking Sabrang

Ratoebagoes Pase kang pranami
amarena agoeng prasoetanira
ika Djeng Ratoe Ajoe
anggadeni ika kang nami
Pangeran P)asarejan
ikoe kang niro eroeh
wiwinihing ka Soeltanan
ingkang ana hing Tjerbon ika toeroening
Sarip Hidajatoellah.

Ika sjid Sjeh Akbar kang dadi
kang djoemeneg Ratoe hing pakoedjan
ija dening pangangkate wong somas ija ikoe
koela warga Pandjoenan jakti
Djeng Pangeran Pandjoenan
poerwa kala rawoeh
kalih raji Rara Bagdad
apa dening kang raji Sjeh Datoek Kapi
sarta kawoela bala.

Angrong atoes sawidak siki
poendjoel nenem balanja kang tiga
ja djedjeg domas djoemlahe
poendjoel sidji ing ngitoeng
maring Djeng Pangeran dadi
samja golong DJamah
maring DJang Sinoehoen
saroepaning koela warga
agoeng alit sadaja den imponi
denira Djeng Soehoenan.

Den moemoeli hing ngageng kang ngati
sinoeng nama gegeden sadaja
waneh kapatijan mangke
maneh ingkang Toemenggoeng
ana ingkang loenggoeng Dipati
pon kawoela warga
pandjoenan kang rijoeng
hing saDjenggere Soehoenan

ngadegaken agama Islam Pakoengwati
menggeh doek ing ngistrenan
Djeng Sinoehoen doek djoemeneng Narpati
hing ngistrenan anang Tjerbon Girang
wilajat pandjoenan moeleh
aken toewoe tahajoe
amangoenaken ika sapoeri
dalem Agoeng pakoedjan
miwah pintoe-pintoe
kantaning pintoe sajastra
kiloe garba kita Dalem Pakoengwati
pangrengganing Pandjoenan.

Doepi kita Tjerbon kang ngoebengi
saking gotaka kasonejan
ngoelon mengkoe Palosaren
aloenta moeng ngaliripoen
pakiringan ngetan doemoegi
gotaka DJagabajan
natas ngetanipoen miminggir Kali Pabejan
ngidoel tepoeng koeta nagara Pakoengwati
pangrenggan ning wong Demak.

Apa dening hing pasang pasoeting
lemah doewoer ngaloen naloen miwah
pasar miwah sabandare
ingkang soeka maleboe
hing katandan miwa marga-margi
poenika Soeltan Demak
ngabakti hing Goeroe
amangoenaken kang gadang
Astana geng toekang asal Madjapahit
Raden Sepet agoenia.

Goena karja koeta samaptaning
kenek kipoen limang atoes sawidak
sing Demak amoeleh Tjerbon
salanggahe Sinoehoen
malah ika Poetri ngadanti
ingkang nami Ratoe Njawa
katoer hing Sinoehoen
kinarja mantoe poenika
pinanggih jaken kalajan poetra Tjerbon nami
Pangeran Pasarejan.

Lami-lamining adjatoekrami
noeli hika mijosaken poetra
nenem katahe poetrane
sawidji hing namanipoen
Raden Kastrijan kang nami
agarwa ing Ptadja Toeban
ping kalihe ikoe
hing Losari djoemeneng Panembahan Losari
Ratoe kakadijasa.


S I N O M

Ja ikoe kang langkoeng goena
katjarita oekoer roekoe beras saelas kinarja
gadjah sakandange dadi
tarkadang kajoe Djati
den tjekap babar pisan
kaliogane waoe doemadi
poen oekiran karsane kang mangoen goena.

Adja salah samja ingkang
djeneng Pangeran Losari
doedoe kang den petek ana
hing palosaren sajakti
doepi ingkang sinare hing
palosaren kang saestoe
pan koelawarga Pandjoenan
kang dingi dipoen wastani
Pangeran Beken santananing Pandjoenan.

Dingine awangoen karja
ababak tanah Losari
ija ikoe kang amoerwa
mila kaseboet nami
Pangeran Losari mashoer
anoet namaning jasa
nami Pangeran Losari
doepi wapat Pangeran Reken poenika.

Doepi lininggihjan
hing Panembahan Losari
ingkang wajah Soesoenan
ingkang djoemeneng Losari
meng sapandjeneng lalis
tan loentah mantrtaning Ratoe
kaping teloene poetra
hing Pasarejan kang nami
Pangeran Dipati Tjerbon kang sawarga.

Sadangkamoening teleran
Radja Wali Soenan Djati
ingkang toemoewoe marena
ana hing Tjerbon nagari
wiwini mantra Kadji
aneng Tjerbon gelaripoen
kaping patipoen poetra
Pasarejan ingkang istri
nami Ratoe Mas kang akrama aneng Toeban.

Ping limane Ratoe Mas kang akrama Toebagoes adi
nagara mangke djadjahan
Banten toenggil koelo wargi
Pandjoenan hing ngrasri
kaping nem kang poetra ikoe
Pasarejan kang nama.

Pangeran waroedjoe adi
pan mangkana djoemeneng Pangeran Sadakadjeman
Sindangkamoening poenika
ginadang linggih Narpati
sasirnane Djeng Soesoenan
mila aloenggoeh Dipati
sampoeni ika akrami
poetranipoen Ratoe Ajoe
ingkang namining wanodja
nami Ratoe Wanawati
apoepoetra titiga nenggeh kang nama.

Ratoe Sewoe kang wanodja
doepi kang djaler anami
Pangeran Mas ija ika
ingkang atampi nagari
saking kang joejoet Adji
djeneng Panembahan Ratoe
ing Tjerbon sabab ika
kang rama Sidangkamoening
soemerene roemihin swarga Soehoenann.

Apa dene ingkang ejang
waoe Pangeran Pasarejan
pon inggih seda roemijin
swargane Soenan Djati
pramila tampi mring joejoet
kang wino iri doerijat
hing nagara Pakoengwati
koeta Tjerbon masih genggeng manggeng barkah.

Doepi kang raja Panembahan
kang nami Pangeran Manis
doepi raka sing ngampejan
poenika sinoeng lilinggih
hing Gebang Ratoe kakadi
sineboet hing namanipoen
Djeng Arja Wirasoeta
tambak prawira matawis
sinoeng tjangkok DJawa goenoeng Pagebangan.

Lan Dramajoe kinen siba
hing gebang njangkoka maring
Djeng Pangeran Wirasoeta
doegija salami-lami
tjinarita hing goerit
KanDjeng Panembahan Ratoe
Hing Tjerbon mangkoe redja
Sasirnane Soenan Djati
Angsal krama Poetri sing nagara Padjang.

Poetrinipoen Soeltan Padjang nenggeh ikang akakasih
Ratoe Mas Goelamporaras
Prameswari Pakoengwati
Panembahan Pakoengwati
pon nenem hing poetrinipoen
nenggeh ingkang anama
Pangeran Sedangbalimbing
lan Pangeran Arja Kidoel kang laksana.

Laksana andikep matjan
dipoen kempit kdi koetjing
lan malih poetra nata
ingkang kasebat hinmg nami
Pangeran Wiri nagari
lan istri ingkang winalangan
Ratoe Ranamanggala
katela namaning laki
krana ikoe Pangeran Ranamanggala
poetraning Sedanggaroeda.

Sendanggaroeda ikoe poetraning Pangeran Ageng kapoetran
hing Ratoe Ajoe poetraning
Soenan Djati kang laki
Ratoebagoes Pase waoe
ketang toenggal teleran
ping limane poetra Adji
Panembahan ratoe kang wina jang hardja.

Lininggihaken ning nama
KanDjeng Pangeran Dipati
Tjarbon ingkang Sedanggajam
mila lininggih Dipati
krana bade njoeloeri
Panembahan sirnanipoen
soepados takdiroellah
datan kena hing ngowahi
enggal-enggal somala he Sedanggajam.

Tilar poetra kalih noenggal
ingkang istri Ratoe Poetri ingkang djaler Pangeran Poetra
ja ikoe kang gadang bendjing
njoeloeri salinggihing
hejang Panembahan Ratoe nenggih
doepi poetra pamekas
Panembahan Ratoe nenggih
istri Ratoe Aingawaningjoen kang nama.


K I N A N T I

Awit Panembahan ratoe
hing Tjarbon anjanjoeloeri
wilajat joejoet soehoenan
martabati saking dingin
doek wangsite wali inkang
nabda hing Ki Karawang betjik.

Geweneng wates lah ikoe sing Karawang ngoelon dadi
Ki Mas banten amoerbaha
sing Karawang ngetan dadi
Ki Mas Tjarbon Misesaha
Poesakaning Radja wali.

Lah ikoe marmitanipoen
Panembahan Pakoengwati
soemoehoed datan langgana
hing Banten mangkana oegi.

Panembahana Soerasowan
tan sedja langganeng wisik
ora kaja kapisandoeng
wong Mataram ngaroe kapti
koemoedoe sanoesa DJawa
kinen tiba hing Matawis
wong Tjerbon wong Banten ika
den pardi hing saban warsi.

Sesebaning para Ratoe
naban Moeloed ming Matawis
Soenan Mataram amboerak
pala karta Radja wali
kang djeneng Ratoe poenika
jen boten idin Matawis.

Doepi Tjerbon sedja anoet
aseba dateng Matawis
estoening manah soekoeran
tan nan lijan kang kahesti
anging Soenan Kalidjaga
kang ngahoebi hing Matawis.

Mangkana pangidepipoen
Panembahan Pakoengwati
marmaning salamet lenggah
sirna ingkang giriroesit
barkah hing manah soekoeran
Jang Widi kang andoeloeri.

Doepi Banten datan hanoet
hing palakarta Matawis
atilan manah soekoeran
kadoega dipoen perangi
wadja bala sing Mataram
aprang ja hing Banten nagari.

Lah ikoe marmitanipoen
Panembahan Banten lalis
kaetang seda hing rana
mila katela hing nami
Panembahan Sedangrana
doepi kang poetra loemari.

Nani Pangeran Kanantoen
paladra loenta kadji
maring Baitoellah jaika
besoek abalike saking
Mekah noeli ngadeg Soeltan
angsal idin saking Ngarbi.

Doepi samangke atoempoer
hing Banten tan nana Adji
wonten malih kang kotjap
hing nagara Banakeling
santrine ja Sjeh Lemahbang
andabeni mana soelit.

Sadjane angaroe biroe
maring Ratoe Pakoengwati
nenggeh ika kang paparab
Datoek pardoek soegi sakti
ategoe nala wikrama
sampoen satata dedemit.

Moelane sadja angaroe
doemeh goeroene alalis
wong Tjarbong kang amradjaja, sedja mangke angajono
dennja djadjal tanpa rowang ngediraken raga sakti.

Hestoe tegor goemaloedoeng, tan nana bradja nedasi
pareng nalika samana
Panembahan Pakoengwati
karsa ngoedjoeng hing Astana
oepatjara dipoen wangking.

Marapit miwah panglondjor
ikoe katjarita kongsi
poepoetjoeking oepatjara
woes ngandjik ana hing margi
bebeneran Wringin DJembrak.

Panembahan dereng midjil
ora ganti datoebaroel
angadeg amalangkerik
angadangi oepatjara
aneng tengah-tengah margi
gegering kawoela bala
jen ana digdja ngranohi.

Siningkeraken tanpoeroen
ja si wong nadja ngajoni
patjek wesi malang dalan
wangkeng kadi toengga wesi
gegering kawoela bala
jen ana digdja ngranohi.

Para kapetengan oemjoeng
alok lamon nemoe kardi
oemrengging geger gentoeran
kapiarsa hing Sang Adji
apariksa ana apa
ing ngarep pating barigi.

Kadjineman atoeripoen
wonten tijang malang moengkir
angngambengi lampah nata
siningkir tan arso ningkir
pateng djanget kadi tosan
wangkeng patjek wonten siti.

Panembahan adan ngoeloeng
ngakeng doehoeng woes tinampi
dening Loera Kapetengan
tan na dangoe ika noeli
doehoeng masih wawarangka
sinoedoekaken toemoeli.
Hing djasmanine Datoekpardoen
mati ngadeg tanpa kaning
opjak lamon njata pedjah
dan tinampakaken aglis
Lebe Joesoep kang kinarsa
amoelasare kang majit.

Panembahan loesita sampoen
dateng Astana lastari
akotjap ika koernapa
kinoeboer witaning margi
tan soewe diragenak ana
hing marga kadi doek oeni
datan ana bentinipoen
kalajan djaman Soesoenan.

Jen noedjoe rijaja ketjil
anna hing masdjid nagara
doepi hing masdjid rijajagoengnge
ana hing Masdjid Astana
masdjid astana poenika
kantjoehe Ki Marbot Goesa.

Lawan Ki Pangoeloe Karawis
doepi KanDjeng Panembahan
jen noedjoe woelan sapar re
sami boebar seba ngetan
hing nagara Mataram
atjaos hing niplal Moeloed
ana hing Pradja Mataram

bakda iplal noeli pamit
nabam tahoen pan mangkana
narima soekoer hing Manon
datan ana kara-kara
rahajoe hing ngagesang
lampah pangiwa lastantoen
tenem toewoeh pasawahan

apa sata Soenan Djati
mari winori-nori hing lampah
wong sasawah sakarepe
tan den pardi hing padjegnja
mangko salamet ardja
panen pada atoer-atoer
samoeloeng-moeloenging bala.

Wong babakti tan den pardi
den oembarena hing bala
opra den petel magawe
saeling-elinging bala
kang pada toer den poepoe
wong dagang ora den beja.

Sakarep-karep ping ngalit
jen gegel maring bandara
ora den pardi akehe
ora na dangdan dadalan
dangdan kali tan nana
koeta Tjerbon masin kempoet
pangrengganing Soeltan Demak.

Kandeling koeta kadoegi
kena den go djadja raoenan
ngerap hing loehoer koetane
saketeng hing DJagabajan
madep maring Astana
ingkang joejoet Djeng Sinoehoen
doepi pintoe Kasoenejan.

Ika ingkang angadepi
maring Moendoe Djeng Pangeran
Sedanglaoet Astanane
boborotan koelon troesan
kang maring Kalidjaga
pamalaten GrenDjeng Hetoek
Ki Gedeng Kagok santana.
Wetan lor boboratan ning
wong dagang paraoe teka
sakamja-kamja lakoene
doeroeng ana tjoeke beja
kang aran wong mardika
tan ana pinarding Ratoe
moeng sakoloere prijangga.

Amoeng ingkang aran abdi
pangoenoengan dipoen tata
saban tahoen pakmite
saban tahoen bakti nira
tan den pasti agengnja
istoe Ratoe Adil loellah.

Wawateking Radja Wali
ora meting pengasilan
apa satekane dewek
dagang maning jen ijaha
djadjaloek lagi ora
amoeng kang den roeroe-roeroe
babakti maring Jang Soekma.

Loemoe sisip pasa mending
tobate langkoeng nasoeka
sarta lawan bratapane
atiwa-tiwa kang Ejang
Soesoenan Walijoellah
KanDjeng Panembahan Ratoe
remaning Karamatoellah.

Boja karsa nalikoeri
hing rerkan Padaleman
ja sote mageng kadaton
lan amengkoe oepatjara
pangrengganing koela wadja
sing Padjadjaran goemoeloeng.

Saking sabrang koenta wiri
angoerip-oerip wong DJawa
Tjarbon kang tembe mrintese
lami-lami saja hardja
lakoening kaoeripan
sakadar-kadar ing rikoe
djoemeneng kang panaraga.


P A N G K OE R

Melar kreta hing pakoedjan
pagoenoengan para Koewoe kabeh ngabdi
katiti amating Ratoe doepi Dalem Koeningan
waktoe ikoe amogolle maring Ratoe
tan karsa lamon ngabdija sedja angratoe pribadi.

Anggepe djalma Koeningan
ija soteh maoe doek soenan Djati
kita seba maring goeroe
doedoe seba ngawoela
doepi iki pan woes sirna
Boeroe misoen apa gawe kita seba
ming Tjarbon den tita ngabdi.

Kawarta dateng pakoedjan
wong Koeningan mangkana kang pamilih
adan pinoetoesan goepoeh
Kjai Patih Roedamada
kang kinarsa mitoetoer rana oedjar kang aloes
hing sirnaning Padjadjaran
sapa ingkang anjo eloeri.

Kon isep jen Tjarbon ingkang
dadi soeloer hing pakoewan saiki
pijambake koedoe manoet
kartaning wong pakoedjan
ja ta Pati Roerdamada hintar sampoen
doemoegi datang Koeningan
dawoehaken timbalan Hadji.

Doepi sahoering Kadjenar
Padjadjaran sampoen merad alalis
tan wonten pitoengkasipoen
lampahing Karadjahan
angaDjawi idep kita wong ngaroeroe
samangke goeroe wis asirna
apane kang den bakteni.

Dan ki Patih Roedamada
bebet Pandjoenan tan kena mjarsa angling
pedes swara noelja timboel
ing ngadji dadak sara
menjat ngandak-njandak Arja Koeningan den doebroek
ora kajane Ki Arja washita hing soeraweri.

Anjebrak lan djalan soetra
temah loempoeh Roedamada goemoeling
woes pinandjara sadaloe
pandjarane wis kalapa
doepi daloe den wengkang poenang galoegoe
Roedamada bisa medal
sadja nigas djangganeki.

Arja Koemining tan kaja
djaka soetra hing loehoer angahoebi
kang pasoekane wong rikoe
dadja ingkang anendra
djroning djala moesna datan kadoeloe
daja Pati Roedamada
atoer oening maring goesti.

Wangsoel hing Tjarbon asigra
matoer atra saoela datan kadoeloe
noenten Panembahan Ratoe
matoes Pangoeloenira
Ki Peki Abdoellah sigra loemakoe
pon lampah mangkana oega
tjampoele tan angsal kardi.

Sampoening kadja mangkana
Panembahan karsa mijambeki
kalih tetekeng loemakoe
mangking roeroekoe loemampah
riri Djati panakawan pada noesoel
keras tangginas loemadjar pandene boja noetoeti.

Hebating kawoela bala
dening goesti woes katemoe alinggih kalijan Ki arja ikoe
pareng dedel wigoena
Panembahan malempat andjong den boeroe
sigra tinawoeran djala
malempat boemi agondjing.

Ki Arja kaDjengkang-Djengkang
bawanipoen kang boemi agoendjing
djalanipoen den tawoer
Panembahan malepat
doepi ngidek boemi miring dadja ikoe
kadjronkong kroengkeb Ki Arja
pamawaning boemi miring.

Singa boemi kang kadedekan
tapakipoen Goesti ingkang Pakoengwati
koedoe bae miring noengkoel
djala soetra tan goena
ngalor ngidoel tawoering djala aloesoed
kasele kaDjengkang-Djengkang
kroengkebe kang andjalami.

Digoelon ngetan akiteran
dangoe dangoe djala mretel amrotoli
sareng kang djala wis rempoek
Arja Kamoening nembah
inggih sampejan njata soeloering Ratoe
dede malele Pandita
kang amoerba awak aking.

Koering gegebal sampejan
pan soemoekoed sembah angabdi lahir batin
samprakawis tereh Goeroe inggih njata Wali Radja
doewa prakara djala soetra inggih poepoes
lah ikoe marganing dadja
Koeningan idep angabdi.

Papak radja Panembahan
kang aminda soehoed pawisik
doepi Talaga kehesroe
Kapetakan pon dapake Sinoehoen
Sindangkasih ija toenggal
Ki Gedeng Soesoekan kalih.

Gedeng Tegalgoel toenggal
toenggal idin saking Soehoenan Djati
doepi ika Radja Galoeh
saestoe toenggalira
Gedeng Soera miwah poenika Andjoem Njai Gedeng
Pangoeragan
pon idin Soenan Djati.

Sakatiking Tapakira
ikoe abdi amatira Narpati
kang kamilik soempahipoen
jen laga wa asoempah
Ratoe ikoe abdi amat ija ikoe
miloe wilalating soempah
hing hardjaning miloe moekti.

Kongang lamoni den nedola
hing Goesitne sakarsane aniti
lawan kongang dipoen roengroem
dening pagoestenira
kang lelegan tanpa soma
poenika taliti.

Loenta hing satedak tedak
dating Ratoe pasti amiris
angadjaba lamon sampoen
den pardika kaken nita
tjatja wadon laloerining ngamat ikoe
poenggel lamin abdi lanang
rabi mardika kang jakti.


M I DJ I L

Ja warnanen anDjenggering Pakoengwati
dennja raton-raton
ja hing doenja koe wis adate
koedoe warna-warna koemelip
ika Kjai Pali
teka mikir sentoeng.

Waktoe bebet sabrang tansah mikir
manah ngilo-ngilo
Ratoe Sabrang pada dagang kabeh
doepi Goesti kita ing riki
korap-koroe ridjiki
adan sigra matoer.

Dateng Panembahan prajogi jen mangking
prajogi samangko
kawoela ngintar
ken padagang gede
badi toeloeng gesang hing Adji
atilad tatangi
sabrang loemrah Ratoe.

Sam olih padagang ing mangken
ngriki dagang oewos
njabrangaken oewos sagedene
agoeng ridjiki angelar bati
Panembahan Adji
dadja sira goepoeh.

Beras hing wong Tjarbon den epaki
karoenge wis awon
kampil beral andamping pinggir kikisik
kawarna jen jakti padaganging Ratoe.

Nama Palidada woesing dadi
baita tjoe mahosora kaja ikoe ana kekere
tjadong-tjadong batok sawidji
basane jen ngemis kanggo amoemoeloek.

Ki Palidada sahoernja ambengis
he sidi lalotjok beras oewis aneng karoeng genahe
ana adat jen di dodol maning
kekere pon masimaredeng andjaloek.

Ki Palidada sewot toemoeli sedjane anabok
dadi kerDjeng tangane tan soewe
sdja djedjek soekoene doemadi
ngingkrang datang kenging
moedoen ika waoe.

Palidada andjirit den toeloengi
moeliji den gotong katoer sira Panembahan priksane
kekerehe ana hing ngendi
lan roepane maning
kajapa roepane ikoe.

Ja ta matoer ingkang pinariksani
kere belang kokop
soekoe tangan sami belang kabeh
Panembahan angandika riri
la iki Ki Pali
gotongen den goepoeh.

Tekakena maring lependjagi
kon tobat kon panor
lan gawaha bras ingkang akeh
sapoeloeh karoeng babakti mami
jata abdi-abdi tandang goepoeh-goepoeh.

Ki Pali den gotong aglis
sarta lawan oewos
ja sapoeloeh karoeng woes mintar kabeh
andjoendjoeng maring lependjagi
mring sang meha jakti
Wikoe Wali Agoeng.

Ki Palidada tobat anangis
noehoen gesang ingong
kang pinoedji aris wansoekane
ija sira soen apoerani
sareng sabda Wali
ingkang ikoe.

Adan waras Palidada kadi
doek maoe dadja nor
soehoen sembah lan pangabektine
wos sapoeloeh karoeng binakti
Sang Wali mangsoeli
hing prakara ikoe.

Beras pirang pirang sira gotongi
maring arsaningngong sadja nira gawe apa mrene
Palidada nembah lingnja ris
inggih poenika bakti
nipoen Goesti Paraboe.

KanDjeng Panembahan ing Pakoengwati
kang katoer samangko
dateng padoeka Pandita Gede
barkah sampejan ingkang kapoendi
moengginja paganti
lahir batosipoen.

Sang Wikoe angandika aris
lah ikoe hing mangko
soen tarimah hing kabetjikane
Goesti nira ananging saiki
gotongana balik
beras ira ikoe.

Soening kene boja anambrih
kang para samono
manga kaja Goestimoe mrene
noeli sadja drawaka hing ngati
doepi isoen beli
jasoteh hing waoe.

Ngemis beras moeng sabatok tjilik
go tambah lajop
ora isoen ngarah akeh-akeh
ja wis pada gawanana balik
ja ta ganti-ganti
kang sinabdan wangsoel.

Pan woes katoer hing Panembahan Adji
ja ta Djeng Sang Katong
andaring ngendangoe kandikane
atema aning kana angking
ja wis prakaraning
dagang ikoe woeroeng.

Adja sido woeroeng ngena gelas
kita aneng Tjarbon
ora kena dagang goena gawe
ija ikoe ingkang dadi wangsit
ejang Soenan Kali
adja salah tanggoeh.

Mangsanaha wali ingkang nisip
mangsanaha goroh
mangsa pitna sabarang gawene
ja ta Palidada toemoeli
moeroengaken kardi
beras dioen oedoeng.

Kampil ingkang aneng pinggir kikisik
den noesoeng den dodol
den balaboeraken hing balane kabeh
kawalatran sagoenging mantri
sami asoekati
hing sihe Sang Praboe.

Para Boejoen samja nakseni
ken anak poetoe Tjarbon
tang kongan dagang wangsit loeloehoere
ja loeloehoere sang Radja wali
koemoedoe saDjati
ana rimah soekoer.


D OE R M A

Koe hardjaning Tjarbon watek Ratoe Olijah
tandah hing sawengi-wengi
hing masdjid sowara hing tilawat parnoedjinja
goemoeroe swarane poedji
kala samana Masdjid Agoeng noenggeling.

Doeroeng ana empere angeringanan
moera ngarep lan woeri
mawi pataka hardja
paroenggoe sarta alantjip
apa kaja dat
hing pataka hing masdjid.

Ora kaja djadeng prang saking Mataram
kang nama Ki Gedeng Enis
naban tigang warsa
kinarsa langlang djagad
kinarsa mamariksani
maring Nalendra kang kabawa Matawis.

Pinariksa banggi wonten doerga baja
koelilip njalawadi
biliana Radja
bala Radja kang lirwa
maring poerbaning Matawis
kala samana
ika Ki Gedeng Enis.

Doek pariksa hing Tjarbon amanggih hardja
sardjoening poedji masdjid
hing daloe kawangwang
dene teka bargama
hing Tjarbon ngoendak-koendaki
inggih mankenja
djoemeneng koetoeb maning.

Anoeroeni Sang Djati soen tjatjak tjoba
ja ta hing mangsa wengi
Gedeng Enis marendah
andalahi koe baroewang
hing loehoer pataka Masdjid
jen mangko tawa
lah jen njata Koetoeb maning.

Panakawan datan langgana hing karsa
kalajan lampah demit
tan nana oeninga
doerga andala baroewang
ja ta abdi sami
sapa ngakoeba hing masdjid panas atis.

Dadja boebar tan nana poeroen ngahoeba
sirep kang samimoedji
Gedeng Enis njana
jen doedoe Koetoeb Hingjang
Gedeng Enis woes lastari
lampanja kesah andjadja panagari.

Ora kaja hing Tjarbon sanget sangsaja
Masdjid dipoen tan kenging
dipoen geni salat
Djeng Panembahan soesah
Popojan datang Djeng Njai
Pangngalangalang
istri goena wit oerip
Adam ika Njai Tegal pangalangalang
nabda la ja iki

gawene wong toewa
do emadak masi ana
Nini-nini kari sidji
Djeng Panembahan
woes katingal broewang mandi
ja ana hing pataka masdjid katingal
sabda Jang Nini-nini
oedjarisoen apa
la ika si banoeana endah si Njai ngabili
wong wis toewa
ora owel jen mati.

Panembahan kang ngawas waoe toeminggal
saking djabaning masdjid
adja meloe hebang
si Njai mengko kebang
mandjing hing djara Masigit.

Djeng Panembahan ngandika ija betjik
pan si Njai mandjingnga masdjid poedjangga
manira kang neng Djawi
ngawasakon broewang
kang ana ing pataka
mangkana enggal Djeng Njai
pangalangalang
loemebet asoesoetji.

Banjoe woeloe andoetjekaken salira
saking tjadas sing djisim
sampoen sinampoerna
ingkang soesoetji badan
noenten malebet toemoeli
wonten ning Bangsal.

Masdjid Agoeng asoetji
abrebresik kang nama tindja kaliwat
hing tindja ingkang kari
moenggoeh kang babasan
manoek maboer kang sarta
koeroengan orana kari
hing tengah-tengah
hing masdjid denja noentji.

Pan aseroe swarane ingkang adan
asroeh amemelingi
ambeledoeg awijat
pamrasane kang meningi
ingkang kawengan
swarane ikoe Djeng Njai.

Pareng andjit kang swara moentjlski broewang
kang aneng pataka masdjid
mesat hing gagana
soememboer hing ngawijat
moeksa ilang ingkang mandi
sirna sampoerna
waloeka kadi oeni.

Katjarita baro ewang ingkang soemebar
moemerep pada mandjing
maring Goewa OEpas
Goewa Dalem ika toenggal
bangsa mandi lamon lalis ja makoempoelan
maring sarwaning mandi.

Woes asirna sing doenja sampoen apinda
maring kaanan latip
teges kang babasan
ora mati kewala
salin nagara kang latip
Djeng Panembahan
andarengen hing kapti.

Toemon waoe sinare Pangalangalang
Njai Dalem Pakoengwati
dening si wanodja
sina tata Olijah
roemasoek badan rokani
oraga soekma
karoe-roe istri letjih.


M E G A T R OE H

Malanipoen kaoeni
hing poengkoeripoen
koeboere Njai Pakoengwati
ana hing masdjid Agoeng
doedoe koeboer kaja pranti
jaktine poenika enggon.

Enggon sirna moenggoeh pameradanipoen
rong prakara denja eling
ila-ila doek Sinoehoen
ngoekoen Sjeh Lemahbang dingin
wanten oepata kamanton.

Ika jen wis tedak sanga anak poetoe
kaselang hing boedi wani
kebo boele timboek rajoe
teloeng prakarane maning
emoet doek dingin wirahos.

Wirahose Soenan Kalidjaga moewoes dening kobaring Masdjid
hing sapoengkoere Sinoehoen
kaja-kaja amenangi
Panembahan doek migatos.

Patang prakara lamon wissa ingkang maoe
ja bok anaha malih
pantar ingkang kaja ikoe noeli sapa kang noelangi
reh si Njai sampoen maot.

Ja wis ora nana ingkang dadi toenggoel
toembali wong Pakoengwati
tjasse Panembahan Ratoe
Goesti Allah ngawikani hing karsane Ratoe Tjarbon.

Lami-lami ana soemoeloer arawoeh
madja Djeng Wali pawestri
Njai Gede Pantjoeran rawoeh
poetra nipoen Soenan Teigading
ngoembara rawoeh hing Tjarbon.

Pan Kalangkoeng minoeli salenggahipoen
dening Ratoe Pakoengwati
KanDjeng Panembahan Ratoe
angabekti poedji bakti
doemateng Djeng Istri kahot.

Dening Njai Gede Pantjoeran sepoeh
toer lampah Wali singgih
tereh hing Wali kang makboel
salaming linggih wasi
hing pradja datanna enggon.

Moela-moela aneng Toeban hing dalemipoen
hing Depok kang den wastani
Pantjoeran pramilanipoen
katelah nama Djeng Njai
Gedeng Pantjoeran hing kono.

Noenten pinda hing DJapara kan sineboet
depoke karangkamoening
lami-lami pinda nipoen
hing madoera milakoni
Njai Gedeng Sampang Boja roro.

Noelja pinda ing kadjonga pinggir laoet
mila katela kang nami
Gedeng Kadjongan kang lihoe noenten ngoembara ana hing
Pakoengwati namaning gon.

Minoelja-moelja dening panembahan Ratoe
mila katela kang nami
soesoeloere kang woes lampoes
mila dipoen woeri-woeri
kinarja toembaling Tjarbon.

Sapoetrane sami dadalem hing rikoe
karang ingkang den wastane
Karang Pasardawa hoeloe
djaba koeta lor kang nami
karanggetas gatining wong.

Dipoen kardja ing panah kang dadi langoen
dening Ratoe Padjoengwati
marmaning kadja poenikoe
tengane hing Tjarbon dadi
kalilip bantjana wadon.

Ija ikoe kang nama Njai Gedeng Dempoel
ja angaroe anak poetoe den niroeti
sedja araraton akoempoel
hing desa Bakoeng prawani
adir-adir kang balo wong.

Saoli-oli wong tatanggane akoempoel babarissab
Sawatiwis oemboel-oemboel waring moentjoel
Ngiroepi bala winoeri
Geger gentoer ing wong Tjarbon.

Ja Ki patih hing Tjarbon kalangkoeng rengoe
reh ika kang dadi Patih
ing waktoe samono ikoe
Patih Roedamada sakti
dados ban nemban ning Ratoe Panembahan Pakoengwati
mila rengoe hing borodjot.

Bebet Padjoenan maoe Nji gedeng Dempoel
tjoeplak andeng-andeng iki
pramila Ki Patih maoe
woes linggar angloeroeg maring
Bakoeng gogombol den tindjo.

Pan den tindjo njata orana dinemoe
pansamja boebar njingkir
ming alas DJoenti anglaroet
doepi ikoe den loeroegi
hing DJoenti tinemoe kosong.

Lintjak-lintjak bala Dempoel genja laroet
raraton ika ana hing
Kandangoer doepi kroengoe
dening Patih Pakoengwati
Roedamada dan tinindjo.

Ika maring kangdangoer pantinemoe soewoeng
tegane pada babalik
hing oedjoeng tanala ikoe
pada parangsawatawi
tan dangoe pad amboros.


L A D R A N G

Gennja boebar angili pada aningid
hing goewa-goewa
sakedap akempal maning
jen koerang sangoe ikoe pada bebegah
sing gampang katoengkoel ikoe den ambil
angraradja dadi geger tepis wiring
ja hing Tjarbon pada ngiliake njipar.

Singlar saking prenahe angoengsi poeri
ja hing Tjarbon koeta Tjarbon masi kikib
ratoe Tjarbon kang hing ngoengsi hoeng ngaoeban.

Patih Roedamada miwah Mantri-mantri
amantjalang
lie amboeroeh kidang kantjil
akeh kena kang kari masih akatah.

Ingkang kena woes den asrahaken maring
Ki Katandan
kinen lamong kang rawati
hing pandjara sineboet goning pandjara.

Doeroeng ana benteng doeroeng ana boei
doek samana
pan doeroeng ana Walandi
moeng sineboet kang njekel kanda wariga.

PaDjaksane hing Kadjaksan pan alinggih poetoe nira
Ki Roedamada kang nami
Djaksa Soemirat kang andarma watjana.

DJan poerwaning desa Kadjaksan sajakti
poetra wajah
Pandjoenan TJaroeban kali
poetra wajah Ki Arja Menger Kadjaksan.

Arja Menger kakange maoe Djeng Njai
Njai Pangalang
ika ingkang woes sirna lalis
Arja Menger koewi ramane Pangeran.

Ja Pangeran Palalanon koewi tjoewan
ja kasilib
akeh njana
jen Palangon sinenggi
lamon ikoe oegjan Pangeran pandjoenan.

Kalesanjata Palalangon kang sajakti
wong Kadjaksan
ingkang doewe toenggal Djati
krana Pangeran Palalangon ikoe njata.

Ja poetraning Pangeran ingkang nami
Arja Menger
doepi doenane kang asri
Pangeran Pandjoenan kardi pakirnan.

Wringin pitoe kang linangawan ningsih
doekan emah
kasosetapan banting diri
doepi soemala mantoek Ardi Amparan.

Dan warnanen wargane ija Nji Dempoel
ingkang amsi
wangoen geger hing nagari
saja dangoe saja katah amarambah.


Kotjap kena sapoeloeh mangka ngoentjoeli
sewoe mana wesa
kena satoes amontjoeli
sewoe mana wesa dadi djalma pan sadela.

Endas merang tinjgel ika anoeli
dan sinebar
dadi bala woes barketi
kawalahen polahe Ki Roedamada.

Dadja matoer popojan hing KanDjeng Goesti
Panembahan amit asih ahoebing
Nini-nini maoe Njai Gedeng Pantjoeran.

Kang dadalem
hing Pasar dawa anenggi
angandika
Nji Gedeng Pantjoeran aris
poetoe nisoen den pratjaja ing Allah.

Ja si Njai mengko kang makseni sidik
sapa-sapa
tawelak maring Jang Widi
tangtoe hing mengko ana kisabing Allah tangalah.

Adja soesah den loeroenggi den perangi ila-ila
hing Tjarbon perangnga dadi temahane
ora-oeroe tamboehing sedja.

Hing sandenge wong Tjarbon perang tan dadi
mangsa sida woes ila-ila hing wali
moeng salelebon hing bodo ngalatak.

Amantangoeb karoewan kang den oengsi titenana
embok si Njai akitib
dening anak poetoe sing amenangana.

Menangana perange wong Pakoengwati doegi bindjang
teka maring djaman akir
jen mengkono bae jen perang prajoena.

Ja ta marem Panembahan ingkang pikir moewa ika
ki Roedamada Patih
samja sedja Pratjaja ming Nji Pantjoeran.

Samja etja-etja hing arjo poeri ora lawas
bala Dempel soegih wani
sedja bedah koeta Tjarbon den djoedjoega.

Ambel soera diksoera pating padigdig
edir pada atimboel bodjana koelit
soegih baris ikoe kang bala tjitjip tan.

Mila angka soemedja angaroboki
pareng praptahing marga bebaneran ning
sokalila Karanggetan kasasmata.

Kang pangaroe kang bala tjitjiptan sami poelih merang
sakeng bradja wesi sami
getas marepel estoning tanpa agoena.

Ingkang bajoe lesoe kade den lolosi angganira
liren gelar aneng siti
adan tandang Ki Roedamada sawaktja.

Bala Dempoel prasani dipoen keriggi
ming ngajoenan kinen tobata
prasami sira ikoe adja ilok gawe dora.

Maring Ratoe lah ikoe marganing dadi soeka lila
atining wong kang andjilib
sirna poerna tan nana doerha rantjana.

Gedeng Dempoel hing ngapoera hing Djati sami boebar
mantoek maring prenah lami
datan arsa soelaja kersaning Nata.

Ja wis ten tre orana koena-oeni sirna baja
doerbala ngaoebing Wali
Wali Tjarbon ingkang woes polipoering.


P OE TJ OE N G

Wantoe-wantoe hing ngagesang koedoe nemoe ingkang
kasoesahanganta
sapira lawase patang poeloeh woloe tahoen ikoe ana.

TJotjobaning pekir hangoela kaoem Masdjid agoeng
kabarpoentjaki ingkang katoenan
geni saking sabrang kidoel sing walahar.

Geger kaoem pan samja rineboet-reboet
Ki Lebe Doeliman
tandang ngoendjoekaken kotjor
Marbot Kamdjah sabatoere ngerab toja.

Modin Hoesoep sabatoere pada nawoer
aken lemah ika mambrih ming geni matine
pan katoedjoeng para Lebe sing padedesan.

Panembahan doemoeloer ika saredjo
jen kawangoen limas
mengkamewahan empere
sakoebengi dadi soerambinira.

Lan pintoene kamewahan bata mempoer
kinanea kang moengal
lan malih paimamame
pan ginatra doendjoeng hadi tanpa talaga.

Miwah djadjantoeng tanpa pisang ingkang moengoep
darapona dadja
hing ngadining sasangkalane
bata moengal-mangil mangoepkang sasmita.

Ja woes Djengger poelih sja woe-woe abagoes
loentane alempah
kawoeri-woeri Djatine
tapaken para Wali kang sasanga.

Menoeri woeri dening anak poetoe
ardjaning pakoedjan
tilase hing loeloehoere
ingkang sampoen sirna sampoerna soekasma.

Bab hing seseban ming Mataram maski lakoe
medjang naban warsa
naban moeroed pan sakehe
para Ratoe Noesa DJawa hing Mataram.

Pan mangkana adate hing naban tahoen
salamining gesang
ora nana hing tjoetake soemambah karahardjan hing Mataram.

Pramilane hing Tjarbon toehoe rahajoe
krana toemarimah
manah soekoer sagedene
beda Banten kaselang toempoer sakada.

Sabab kirang hing manah soekoeran nipoen
ja wai waspada ngisab hing napsoe samini
spa soekoer winales goena waloeja.

Sapa koerang soekoere winales toempes ora nan lijan metoe
sing ngawakee dewek
Goesti Allah pan ora anganihaja.

Sahalame djeneng Panembahan ratoe
seba ming Matram
ora nan aroeng anane
moeloes moedjoer kang basa prasetja waktja.

Soenan Mataram pan tan nana ngaroe biroe
dennja nganggep anak
Mas Tjarbon labda karjane
Hing Mataram katarima djar samadja.

Ra koerang ora loewih dennja ngoeloen
mila katarima
doemadi ing salamete
satoewoehi anak Mas
Tjarbon rahardja.

Sakarsane sabarange kang winangoen
boten nana tilar
Soenan Mataram rempagi
mangkana kang dadi slameting lampah
moenggoeh jang widi karsane
singnga asta lahir batin tan beda.


DANDANGGOELA

Awong dening kang rinembangan njoeloeri
Panembahan noe ikoe kang wajah
kang woes kaseboet namane
Pangeran poetra Soenoe
poetranipoen Pangeran Dipati
ingkang Sedanggajam
ingkang den angkat loenggoeh
deneing Soehoenan Mataram
kkrana waktoe samono ngadeging Ngadji
koedoe saking Mataram.

Ingkang ngadekaken lilinggih hadji
Hadjir Mataram ingkang anama
Pakoenagara djenenge
ingkang ngistren Ratoe
Tjarbon ingkang nama winoeri
Panembahan Girilaja
kang mangke toemoewoeh
sinakoli mangkoe redja
pon katiti sebane dateng Matawis
kadi kang sampoen seda.

Papatihe Panembahan mangkin
Kang nama Ki patih Soeminingrat
ja ikoe estoe poetrane
Ki Roedamada maoe
winoeri-noeri ing Toenggaksemi
moelane pinaraban
Soeminingrat waoe
ramaning Djaksa Soemirat
toenggal brondjot Pandjoenan ingkang gaganti
hing linggihe Sang Nata.

Ja Sang Nata anjar hing Pakoengwati
Pangoeloene nama Ki DJalila
ingkang mangen bargamane
wakil toelaking Ratoe
aneng Tjarbon nata gami
poesakaning Walijoellah
maring anak poetoe
hing Tjarbon nagara djimat
atoembaling noesadjawa kendoeng kikib
koeta Tjarbon waloeja.

Waktoe ikoe ja mati akikib
koeta Tjarbon masih narodja
adi toewoe sakoebenge
tan ana doerga ngaroe
kadja gelare kang roemihin
DJawa Goenoeng kaporba
katiti angoeloen
sinakala tiwa-tiwa
nagara goeng Mataram pon anglilam
ing Tjarbon jen gaweja.

Andel-andel sinarodja Pati
Seminingrat lan DJakasoemirat
Kanti tanda warigane
miwa kang naminipoen
Kjai Kandoeroewan pan toenggil
barandjo ating Pandjoenan
wandoedaji noepoen
mangka taliti Koeningan
Arja Salingsingan kang pinangka dadi
andjeneng pandelengan.

Doepi ingkang dadi Tadamoei ikoe brandjotting karangkendal
Ki Goesti parna poetoene
kang dadi mantoenipoen
Gedeng kodokkan Abdoelkapi
Abdoelkapi kang sadja
dingin mantoenipoen
Ki Pati Keling doek koena
pan karoeroe wong betjik ngoepadeni Hadji
pramila winoeri lenggah.

Awon dening ingkang hing angken linggih
Arja DJagasatroe ja ika
Dipati OEkoer kang ngenem
toer dadi marasepoeh
krana Poetri OEkoer kang nami
Djeng Njai Mas Kirana
den garwa poenika
dening KanDjeng Panembahan
malah midjosaken poetra kakalih
Pangeran Anom kang seda.

Lan malije Pangeran Masa Pakoengwati
ana dene garwa Panembahan
kang soewanengge asalle
saking sabrang kang metoe
saking panagara Soerati
nami Njai Rara Kreta
ingkang amoerwa doesoen
nama desa Karangdawa
malah Njai Rara Kreta amoetrani
Pangeran Sepoeh adja.

Mangkana Panembahan Geri nenggi
agoeng poetrane
ingkang estoe Radja Soenoe
sami kasoekan kramat
boja kenging den nina hing sapadaning
toewoe atena walat.

Ja moelane karoeroe desi nadjen
adja dja maning jen toemeka
lagi nijat ora bee
saking pangaroe laroet
ja Sinoehoen ingkang angahiebi
hargdjaning kapoerata
hing sawaktoe ikoe
djar si nembe tidak lima
kaja-kaja samono mengke moeraking
adening koeta redja.


S I N O M

Panembahan Girilaja ang Roeroe hing Pakoengwati
pranata mati adilad
alam Panembahan lalis
masi apembek Wali
tanpa drawaka hing napsoe
ora boedi soedagar pramila masih asepi
doeroeng ana tjina lawan Walanda.

Masih sakadar wong DJawa
Wong Soenda wong sabrang pekir
wong Arab Mandita
agama ingkang den goegoni
kang minoelka hing ngoerip
prakara agama Rasoel
ora ngadjeni doenja
dagang soedagar kakeri
kang ketengan lakoening agama Allah.

Asli teks pada halaman 123 tidak ada
Krana ikoe kakoellah
toenggal oelam ning djaladri
amoepoewa beja maning lajen karsaha.

Ora nana poepoen pasar
ora nana padjeg oerip soteh wong pagoenoengan
saking karepe pribadi
babakti hing Goesti
tan pinardi hing Sang Ratoe
lan ora winatesan
woes apa doedoene titi
ning sedekah sakerep-karep pridjangga.

Mangkana maning kang bala
sakarep-karepe ngabi
ngadjeni bandaranira
bab den pardi estoe bentan ana dangdan margi
doedoek kali wong saking goenoeng
toemoeroen bakti karja
lan soesoekane pribadi
toemandange tan den prijat dening Radja.

Kadi lakoening sideka gentoeran
ingkang bakti
anglangkoengi saking prijat
gennja pada angadjeni
hing Goestine prasami
angraksa salinggihipoen loemoe jen kasorama
dening sapantare ngabdi
balandjane sadina tjitjik barekat.

Masih loemampah banadja
ingkang den arani pitjis
timah tipis bolong tengah
awawi dipoen soendoeki
ritjik teka satitik
poesaka KanDjeng Sinoehoen
sidji rorone ana
wong tembaga gagawaning
wong dagang sing kasabrangan
masih sarwaning samending
wong Tjarbon mapan masih
langka gedong oemahepoen
naramba oemah DJawa pajon sirap pajon welit
doeroeng ana wong tjilik koeta karang.

Masih kikis lawan dadangadjaba koentaning Hadji
koeta Tjarbon pan waloeja
sakoebengi doeroeng rigrig
poesaka Soenan Djati
Pangeran Pandjoenan waoe
hing prakaraming karta
moeng den wates ambrikoeti
toeroen lima noeli den tema anggagar.

Dening karsaning prijangga
asadjen sangge sedjen sipta
kaligane ikoe bendjing
anak poetoe prasami
anjajanak maring satroe
saneke temen ningkang
prasami den pitamboeho
pamawane wong kopentjoet daaring doenja.

Pada demen malar barang
kang ora langgeng kamilik
temahe adadi oepas
anaepes hardjaning Hadji
beda doek djaman dingin
oengkara KanDjeng Sinoehoen
ora amalar doenja
nanging doenjane angrobi
ridjekene sing doenja rawoeh ngakerat.

Panembahan Girilaja
woes sipta ana kang marik
kagoengan nijat kadoenjan
nanging tan anglaksanani
panasi koendalining koetoeb
prawantoening woes katah tatamoe
kang dede Wali
sabotene angngoekad ding kaenakan.

Poetra garwa saking soenda
hing karsane mambrih soegi
asipta hing kabangkaran
poetra warga sing soerat
adat sabrang adja mambrih
soedagar padagang laoet
njoeng njeng sagongeng koela
Wangsadipa Wangsakarti
den nja anggelar sadja abrangan sinang.

Ja si wantoe Panembahan
sarosane wong sawidji
apa maning woes abenggang
kalawan sobawa Wali
membering-membering meminggir
kagoemris benaning lakoe
lan Panembahan Awal
doepi Panembahan mangkin sabawang soemilir hardjaning kiwa.


K I N A N T I

Hing waktoe samono ikoe koesonja Banten kang dingin
mralaloe kisah ming Ngarab
nani Sangeren Kanari
minggah hadji sina kangsal
idine Radja hing Ngarbi.

Soeltan Mekah paring wahjoe
lamon Pangeran Kanari
la jen djoemenenga Soeltan
ana hing Banten nagari
serta sinoenggan Radoekan
Poesakane nabi Brahim.

Pramila samantoekipoen
ika Pangeran Kanari
meperkaken koela warga
ngistreni angangkat diri
pjambeke djoemeneng Soeltan
ana hing Banten Nagari.

Tan kaja Mataran rengngoe
ora narima hing Djawi
jen ana anana Soeltan
kang sanes saking matawis dadja rika maloeroengan
sedja ngimper Banten Adji.

Wong Banten degeng hing woeroek
doega prang salami-lami
Banten lajan Mataram
lawas-lawas ika noeli
ana panjapi walanda
kang nama Kapitan Moergil.

Ingkang bisa ngoeroes-oeroes
wong perang doemadi mari
sabab Banten den parijat
deng Moergil kinen njahisi
petoegoer aneng Mataram naban taoen ganti-ganti.

Dropan toeloesa angratoe
adja na sawidji-widji
doepi Mataran den prijat
kine narimah doemadi
Soeltan ning bala Soeltan
Banten njaosi pakemit.

La ikoe matganing oeroes
Banten kalajan matawis
ora kaja woesing kreta
walanda minta oepahing
angarta prang neda kongang
adodok aneng batawi.

Soenan Mataram doemoeloer
Soeltan Banten angrempoegi
lah ikoe awiting ana
Walanda aneng Batawi
pan den nidep toewa-toewa
dening para Ratoe Djawi.

Lan djoemeneng Goebenoer ikoe
amiponi hing Batawi
lir kamandi soemelap
Ratoe DJawa doeroeng ngarti
hing gatrane samana
jen akir dadi kamandi.

Asli teks pada halaman 129 ora nana
Masdjid Agoeng Banten ikoe
nalika binangoen nenggih angleresi babad djaman
sewoe limang atoes nenggih
tigang dasa kalih warsa
poenika kadining pelhing.

Doepi moela-moelanipoen
Walanda aneng Batawi
waoe ingkang pranama Moergel nenggeh angleresi
babad djaman kalih nira
sewoe limang atoes warsi
poendjoel tigang dasa tahoen.

Poenika adining peling
doepi Tjarbon doek samana
masih Panembahan Giri
nasi katiting ming ngetan
soekoeran manah loemiring.

Lan ning Tjarbon masih hardjoe
doeroeng kaslapan Walandi
doeroeng ana wong pantinan
koeta Tjarbon masih kikib
ngoebenggi sahardja poera
tengreme wong Pakoengwati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar