Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Sabtu, 02 Oktober 2010

Sintaksis Basa Cirebon

A. Pengertosan Sintaksis
Istilah sintaksis secara langsung dipendet saking basa Welandi, nggih niku ‘syntaxis’. Teng basa Inggris dipigunakaken istilah ‘syntax’. Sintaksis ngrupiaken bagian atanapi cabang ilmu basa kang micarengaken seluk-beluk wacana, ukara, klausa, lan frasa. Minangka ilmu basa kang bidang kajiane mertelakaken unsur-unsur setunggale ijenan (satuan) kaliyan hubungan antawis unsur-unsur punika teng setunggale ijenan. Hubungan kang dimaksad nggih niku hubungan fungsional atanapi hubungan maknawi.
Umpamie :
Hafizh, murid SD Negeri 1 Bungko siweg maos buku teng perpustakaan.
S – P – O + K

Teng selebete ukara teng inggil punika wonten frasa Hafizh, murid SD Negeri 1 Bungko kang mangadeg saking nem tembung atanapi nem unsur, nggih niku Hafizh, murid, SD, Negeri, 1, lan Bungko. Frasa punika mangadeg saking tembung Hafizh ngrupiaken tembung nominal (N) lan tembung murid SD Negeri 1 Bungko ngrupiaken tembung golongan keterangan (K). Hubungan maknawie nggih niku tembung Hafizh nyatakaken makna pelaku, lan tembung murid SD Negeri 1 Bungko nyatakaken makna apositif.
Frasa Hafizh, murid SD Negeri 1 Bungko kalebet teng golongan nominal keranten gadah distribusi kang sami kaliyan tembung nominal lan kalebet teng jenis konstruksi endosentris apositif keranten mangadeg saking unsur pusat lan aposisi. Anadene fungsi frasa Hafizh, murid SD Negeri 1 Bungko nggih niku minangka jejer atanapi subjek. Wonten frasa siweg maos kang mangadeg saking kalih tembung atanapi kalih unsur nggih niku siweg lan maos. Teng frasa punika, tembung siweg ngrupiaken tembung tambah (T) lan tembung maos ngrupiaken tembung golongan verbal (V).
Hubungan maknawie nggih niku tembung maos ngrupiaken tembung kang nyatakaken makna tindakan, lan tembung siweg nyatakaken makna aspek. Frasa siweg maos kelebet teng golongan verbal keranten gadah distribusi kang sami kaliyan tembung verbal lan kelebet teng jenis konstruksi endosentris atributif keranten mangadeg saking unsur pusat lan atribut. Anadene fungsi frasa siweg maos nggih niku minangka predikat. Wonten frasa teng perpustakaan kang mangadeg saking kalih tembung atanapi kalih unsur nggih niku teng lan perpustakaan. Saking penelitian frasa teng inggil punika jelas nyaniya tembung teng ngrupiaken tembung tambah (T) lan tembung perpustakaan ngrupiaken tembung golongan keterangan (K) nggih niku keterangan tempat. Hubungan maknawie nggih niku tembung teng nyatakaken makna preposisi, lan tembung perpustakaan nyatakaken makna keterangan. Frasa teng perpustakaan kelebet teng golongan keterangan keranten gadah distribusi kang sami kaliyan tembung keterangan lan kelebet teng jenis konstruksi eksosentris keranten antawis kekalihe mboten saged dipisahaken. Anadene fungsi frasa teng perpustakaan nggih niku minangka keterangan kang nyatakaken keterangan tempat.

B. Bidang Kajian Sintaksis
Minangka setunggale cabang ilmu basa, sintaksis gadah bidang kajian kang tinemtos. Anadene bidang kajian sintaksis nggih niku :
1. wacana : ijenan kang paling ajeg, realisasie katingal teng wangun anggitan kang wutuh kados dene novel, buku, atanapi artikel,
2. ukara : ijenan basa kang secara relatif saged mangadeg piyambek, gadah intonasi, lan secara aktual atanapi potensial mangadeg saking klausa,
3. klausa : ijenan gramatik arupi kelompok tembung, sekirang-kirange mengadeg ing atase subjek lan predikat, ugi gadah potensi kangge dados ukara,
4. frasa : gabungan kalih tembung atanapi langkung kang sipate nonpredikatif atanapi gabungan kalih tembung atanapi langkung kang mboten nglangkungi setunggal fungsi.

C. Wacana
Istilah wacana dipendet saking basa Sansekerta kang artose ‘omongan atanapi pangandikan’. Istilah wacana sejajar kaliyan ‘discourse’ saking basa Inggris. Istilah ‘discourse’ punika asale saking basa Yunani ‘discursus’ artose ‘mlempat mrika-mriki’. Wacana saged diartosaken kaliyan komunikasi pikiran liwat kecap, omongan, atanapi pangandikan. Wacana ugi gadah artos paguneman atanapi konversasi.
Nilik teng wangenan atanapi konstruksie, wacana ngrupiaken organisasi kang wonten teng seinggile ukara, sipate alamiah, puguh adegane (jelas strukture), hubungan antawis unsur-unsure asifat kohesif, koherensif, lan kesinambungan kang nyata secara lisan atanapi tinulis. Minangka unsur gramatikal kang paling wiyar, wacana saged awujud karangan kang wutuh, wungkul atanapi paragraf kang mbakta makna kang ajeg. Cekake, wacana ngrupiaken wangun basa kang paling jembar kang diwangun dening rakngean ukara-ukara kang sambung sinambung (kontinuitas), pertalian unsure entep suruh (kohesif), lan tetalian maknae dalit (koherensif), luyu kaliyan konteks situasi.

1. Unsur-Unsur Wacana
Wacana minangka wangenan saking runtutan ukara kang wungkul (wutuh) lan sambung sinambung teng tetalenan proposisi kang setunggal kaliyan propososi kang sanese. Kang dimaksad kaliyan proposisi nggih niku konfigurasi semantik kang njelasaken isi komunikasi, omongan, atanapi pangandikan nyoko teng makna klausa atanapi ukara kang diwangun dening predikat sareng argumen.
Unsur-unsur kang wonten teng wacana nggih niku ngewengku transaksi, perelean urutan, tetukeran, owahan, lan laku atanapi polah. Transaksi ngrupiaken tataran makna kang nyoko teng unit konversasi lan tetukeran, interaksional nyoko teng unit monolog lan paragraf, lan proposisional nyoko teng unit owahan lan laku atanapi polah.

a. Konversasi
Konversasi, dialog atanapi peguneman ngrupiaken unit atanapi ijenan paling wiyar kegiatan kang dipiangge dening kalih penyatur atanapi langkung, sranae mbuh basa lisan atanapi basa tulis. Konversasi sipate interaksional keranten kang dipentingakene komunikasi timbal balik. Lantaran ngrupiaken unit interaksi kang paling wiyar, konversasi punika ngrupiaken gabungan tetukeran.

b. Tetukeran
Tetukeran ngrupiaken unit minimum (paling alit, paling sekedik) kegiatan pianggean basa antawis kalih penyatur, mbuh lisan mbuh tinulis. Tetukeran sami kaliyan konversasi nggih niku gadah sifat interaksi lan diwangun saking gabungan omongan para penyatur. Dados, kang dimaksad tetuteran nggih niku gabungan kalih omongan atanapi langkung saking penyatur, sabed nyoko teng omongan stimulus kaliyan omongan responsi.
Umpamie :
Hafizh : Sampurasun.
Aqhsal : Rampes
Hafizh : Punten
Aqshal : Mangga

c. Monolog
Monolog nggih niku kemampuan kang diwedalaken dening setunggale penyatur kang sifate transaksional. Teng monolog puniku kang dipentingakene isi komunikasi. Sayektine antawis monolog kaliyan konversasi hakekate sami, cumi benten sifat semantise. Upami monolog sifate transaksional sedeng konversasi sifate interaksional. Wangenan monolog langkung wiyar tinimbang paragraf, mangkane teng monolog punika gagasane langkung saking setunggal.

d. Paragraf
Paragraf disebat ugi alinea, nggih niku unit minimum minagka wadah kangge mekaraken tema, paragraf puniki sifate transaksional. Paragraf cumi gadah setunggal gagasan atanapi tema. Paragraf diwangun saking sekirang-kirange kalih ukara atanapi langkung. Upami monolog salancar kaliyan konversasi sedeng paragraf punika salancar kaliyan tetukeran.
Teng unggal paragraf wonten pikiran utami sareng pikiran penandes. Pikiran utami wontene teng ukara utami, ari pikiran peneges wontene teng ukara penandes. Pikiran utami nggih niku pikiran kang njiwai unggal paragraf, ari pikiran peneges atanapi pikiran penandes nggih niku pikiran kang gunane kangge langkung njelasaken pikiran utami.

e. Owahan
Owahan ngrupiaken unit proporsional wacana kang arupi omongan atanapi paguneman. Teng tataran tatabasa owahan punika salancar kaliyan ukara.
Umpamie :
Teng setunggale rowangan kelas,
Guru : Dadi, kesimpulane, wong kang paling bodo-bodoe iku wong sing
gampang percaya satuhu ning omonganeng wong sejen nanging omongan
iku ora dibuktekaken bener orae.
Murid : (manggut-manggut)
Guru : (tambah semanget ngomonge)
Nah, sekiyen sira kabeh percaya ora ning omongane Pak Guru?
Murid : Percaya, percaya…
Guru : (sambir manggut-manggut)
Dasar bodoh!

f. Laku
Laku atanapi polah nggih niku unit proporsional minimum saking wacana. Laku punika teng bidang tata basa disebate klausa. Laku kenging diwangun saking predikator kemawon saged ugi diwangun dening predikat sareng argumen. Teng tata basa, laku atanapi polah punika asring disebat kaliyan istilah ceriosan.

2. Kepragmatisan Wacana
Antawis pragmatis kaliyan semantik punika kekalihe sami-sami mupangataken makna minangka isi komunikasi. Bentene, ari semantik muser teng pikiran, sedeng pragmatik muser teng omongan. Kajaba punika, pragmatik ugi raket tetaliane kaliyan sintaksis. Kekalih disiplin ilmu basa punika sami-sami mupangataken unsur basa. Bentene, upami sintaksis muser teng ukara minangka objeke lan gadah sifat isolatif, sedeng pragmatik muser teng wacana minangka proses pianggeane lan sifate motivasional.
Pragmatik ngrupiaken ulikan kang nalenaken adegan basa kaliyan pianggean basa. Kajaba mekaten, pragmatik ugi raket tetaliane kaliyan wacana. Wacana ngrupiaken wujud pianggean basa atanapi pragmatis. Milane, wacana gadah sifat-sifat pragmatis. Ari kepragmatisan wacana punika ngliputi deiksis, praduga, implikatur konversasi, adegan konversasi, lan laku basa.

a. Deiksis
Deiksis ngrupiaken unsur basa kang gunae kangge nuduhaken setunggale hal atanapi fungsi kang sampun temtos kang wonten teng setunggale basa. Deiksis dipiangge kangge njelasaken kecap sulur, tembung penuduh, peran, lan waktos. Sementawis fungsi gramatikal kaliyan leksikal sanese ditalenken kaliyan konteks waktos lan tempat lumangsunge komunikasi basa.
Punapa-punapa kang disebataken dening deiksis disebate anteseden. Ditilik saking antesedene, deiksis dibentenaken dados deiksis personal, deiksis temporal, deiksis lokatif, deiksis wacana, lan deiksis sosial. Ditilik saking kewontenan antesedene, deiksis saged dibagi dados deiksis jawi tuturan (eksoforis) lan deiksis lebet tuturan (endoforis).

1) Deiksis Eksoforis
Deiksis eksoforis atanapi deiksis jawi tuturan nggih niku deiksis kang nuduhaken punapa-punapa kang wonten teng sejawine wacana. Deiksis eksoforis asring disebat deiksis ekstratekstual.
a) Deiksis Personal
Deiksis persona atanapi deiksis penuduh janma lumrahe diisi kaliyan tembung-tembung sulur atanapi tembung gegantos tiyang. Tembung gegantos tiyang punika saged diwicik dados :
(1) Tembung gegantos tiyang kaping setunggal (penyatur) kados dene kula, abdi, dalem, isun, kula sedanten, lan sapanunggalane.
(2) Tembung gegantos tiyang kaping kalih (pemireng) kados dene sira, ira, panjenengan, panjenengan sami, panjenengan sedanten, lan sapanunggalane.
(3) Tembung gegantos tiyang kaping tiga kados dene, deweke, piyambeke, deweke kabeh, panjenengane sedanten, lan sapanunggalane.

b) Deiksis Temporal
Deiksis temporal atanapi deiksis penuduh waktos nggih niku deiksis kang nuduhaken lumangsunge setungale kedadosan atanapi peristiwa. Kang kelebet teng penuduh waktos nggih niku :
(1) bengen, wingi, kiyen, sukiki, besukiki, lan sapanunggalane.
(2) mau, kiyen, mengko, bade, ajeng, dereng lami, lan sapanunggalane.
(3) minggu, wulan, taun, windu, abad, lan sapanunggalane.
(4) awan, sore, barang rep, bengi, lan sapanunggalane.

c) Deiksis Lokatif
Deiksis lokatif atanapi penuduh panggenan (tempat) nggih niku deiksis kang dipigunakaken kangge nuduhaken tempat atanapi panggenan, setunggaling hal atanapi barang, mbuh rada caket, caket, rada tebih, atanapi tebih. Deiksis teng basa Cerbon punika diantawise teng andap puniki.
Umpamie :
(1) Nuduheken caket : iki, niki, nikiyen
(2) Penuduh rada tebih : iku, niku, nikuen
(3) Penuduh tebih : ika, nika, nikaen
(4) Penuduh tempat : teng ngriki, teng ngrika, teng ngriku, teng andap, teng
inggil, teng teng madya, teng iringan, lan sapanunggalane.

d) Deiksis Sosial
Deiksis sosial raket petalenane kaliyan ukara kang njelasaken atanapi dijelasaken dening realitas (kesunyatan) kang sampun temtos teng situasi sosial. Deiksis sosial puniki talen-tinalen kaliyan para partisipan (penyatur, pemireng, hal kang dicaturaken). Deiksis sosial sinangkut kaliyan aspek honorifik (pengormatan) lan tata krama.

2) Deiksis Endoforis
Deiksis endoforis nggih niku deiksis kang nuduhaken punapa-punapa kemawon kang wonten teng selebete wacana. Deiksis endoforis sifate intratekstual. Punapa-punapa kang dituduhaken dening deiksis disebate anteseden. Miturut posisi antesedene, deiksis endoforis saged diwincik dados deiksis anaforis lan deiksis kataforis. Deiksis anaforis nggih niku deiksis kang nuduhaken punapa-punapa kang wonten teng ajenge deiksis.
Umpamie :
Ari Nissa punika putra kula, sekolahe teng SMP Negeri 1 Kapetakan.
anteseden - deiksis anaforis

sekolahe maksade sekolah Nissa kang ngrupiaken deiksis anaforis saking Nissa minangka antesedene. Ukara teng inggil punika deiksise kalebet teng deiksis anaforis keranten wontene teng sewingkinge anteseden. Sedeng deiksis kataforis nggih niku deisksis kang wonten teng ajenge anteseden.
Umpamie :
Keranten kemaherane bicaos, Hafizh diangkat dados juru bicaos.
deiksis kataforis - anteseden

kemaherane ngrupiaken deiksis saking Hafizh minangka antesedene.

b. Praduga
Praduga disebat ugi presuposisi ngrupiaken pangira-ngira atanapi panyangka- nyangka kang wonten hubungane kaliyan kemustahilan. Paraduga punika saged arupi kedadosan, masalah proyeksi, atanapi nonjolaken setunggale hal saereng rupi-rupi keterangan kang njelasaken.
Praduga punika raket pertaliane kaliyan inferensi kewacanan nggih niku proses kang dilampahaken dening pemireng sesampune nampi makna wacana saking pemicareng kang mboten diebregaken langsung teng selebete wacana. Praduga punika grupiaken prasyarat kang diperlokaken sampun leres atanapi mboten lerese omongan.
Umpamie :
Masa sih wonten tiyang kang sampun pejah saged gesang malih.
Ukara teng inggil punika ngrupiaken praduga. Kang leres, ukara teng inggil punika kedahe :
Tiyang kang sampun pejah moal saged gesang malih.

c. Adegan Konversasi
Sampun dijelasaken upami konversasi punika unit kang paling jembar atanapi paling wiyar teng interaksi basa. Adegan paguneman atanapi struktur konversasi punika gadah pola konversasi, kaedah konversasi, lan prinsip konversasi kang sampun temtos.
1) Pola Konversasi
Pola konversasi atanapi paguneman gadah pola kang sampun benten-benten saluyu kaliyan laku basa. Pola konversasi ngisyarataken yan antawis penyatur kaliyan pemireng silih gumanti. Upami panyatur ngandika maka kang sanese mirengaken, mekaten ugi sewangsule.
Umpamie :
A : Sampurasun!
B : Rampes!
A : Punten!
B : Mangga!

2) Kaidah Konversasi
Kaidah konversasi nggih niku aturan-aturan kang kedah dituruti dening komunikator atanapi pengangge basa supados omongan pinika saged dimangertos dening lawan micarenge atanapi komunikatif.

3) Prinsip Konversasi
Kaidah atanapi prinsip konversasi awujud aturan-aturan wacana kang sipate fungsional kados dene cara mikat atining tiyang sanes, cara milih jejer (topik paguneman), cara ngembangaken topik, lan cara mungkes topik (ngwusanai topik).

4) Topik, Tema, lan Judul
Topik, tema, lan judul punika raket petaliane. Topik asale saking basa Yunani ‘topoi’ kang artose ‘tempat lumangsunge peristiwa atanapi kedadosan’ ngrupiaken jejer persoalan kang diwicarakaken. Teng wacana, topikngrupiaken proposisi kang awujud frasa atanapi klausa lan biasae ngandung setunggal topik. Topik wonten tigang masem cacahe, nggih niku topik salamba, topik jembar, lan topik sambung – loncat.
a) Topik salamba
Topik salamba ngih niku topik kang diceriosaken dening penyatur teng setunggale wacana kelawan sesarengan. Setunggal topik dirojong dening katah penyatur.
Umpamie :
Rudi : “Pa, njaluk udud!”
Bapa : “Eh, bocah cilik durung kena udud, matek bodo!”
Rudi : “Ya wis, gawekaken mobil-mobilan bae sih!”
Bapa : “Bapa kuh bli bisa gawe mobil-mobilan!”
Rudi : “Matek gah Bapa kuh aja udud, ambir bli bodo!”

b) Topik jembar
Topik jembar nggih niku topik wacana kang diceriosaken dening penyatur kelawan sewing-sewangan, nanging tetep sinambung lantaran wonten bagbagan omongan saking penyatur.
Umpamie :
Dono : “Bapa isun waktu balik bengi ditodong ning wong loro. Keloro-loroe nggawa sembito. Nanging semana brangasane kuh, nembe digebrag sepisan bae wong loro pating kleper.”
Dino : “Mundak bapanisun, nembe turu bener ketekan garong papat, durung kongsi digebrag, nembe dideheman bae wis pating brusut mlayu.”
Dana : “Sih, bapae Dono karo bapae Dino ditekani bapanisun kuh, durung digebrak durung dideheman, nembe ditakoni ‘endi’ bae kuh wis pating kleter.”

c) Topik sambung loncat
Kang dimaksad kaliyan topik sambung loncat ngih niku topik wacana kang benten-benten, para penyatur kang kelibet teng paguneman punika nyeriosaken topike sewang-sewangan.
Umpamie :
Dokter 1 : “Ari isun sih Alhamdulillah, sedina-dina kuh, ari melas sih
kudu, Mateke, nembe telung taun bae wis ganti mobil maning.”
Dokter 2 : “Mundak isun, bli sirike mamba mendi, kang arep brobat kuh
ngantri, Due kepengenan arep ngingu patang satpam nggo
ngatur pasen.”
Dokter 3 : “Isun sih sewulan kuh paling akeh loro atawa paling akeh telung
pasien.”
Dokter 1 lan 2 : “Duh, melas temen, ya. Tapi nang apa bisa sampe mengkonon?”
Dokter 3 : “Yong isun sih dokter matih, dadi sepisan teka bae gah waras.”

Tema ngrupiaken amanat utami kang diomongaken dening penyatur teng wacana minangka rumusan topik sanajan sekilas antawis tema kaliyan topik punika dedempetan maknae. Judul ngrupiaken titel kang arupi etiket, label, atanapi nami kang dilarapaken teng setunggale wacana.
Judul punika gunae nangekaken/nimbulaken raos penasaran dumateng pemirsa atanapi pemaos dumateng pesoalan kang bade diwedaraken. Mangkaning, judul punika kedah luyu lan nyulur teng sewungkule isi wacana lan jelas namung singget.

d. Laku Basa
Laku basa atanapi polah basa (language event, speech act) ngrupiaken paripolah omongan kang dipiangge dening penutur nalika nglakokaken komunikasi basa. Laku basa ngrupiaken konteks kewacanan. Minangka kegiatan omongan, laku basa dipengaruhi dening rupi-rupi faktor atanapi unsur. Dell Hymes njelasaken nyaniya komponen tuturan komunikasi kang mengaruhi pilihan laku basa saged disingget dados SPEAKING kang fonem purwae nyoko teng :
S (setting and scene)
P (participants)
E (end purpose and goal)
A (act sequence)
K (key tone of spirit of act)
I (instrumentalities)
N (norm of interaction and interpretation)
G (genres)

3. Konteks Kewacanan
Konteks kewacanan punika ngrupiaken ciri-ciri alam sejatining basa atanapi lingkungan nonlinguistik kang nuwuhaken makna omongan nggih niku situasi kewacanan. Komponen-komponen laku basa teng wacana basa Cerbon saged disingget dados UNGKARA, nggih niku :
U (undak-usuk atanapi tatakrama basa)
N (norma kang ngangge basa)
G (galur ceriosan)
K (kang ngangge basa lan kang diceriosaken)
A (alat kang dipigunakaken/basa kang dipigunakaken
R (rasa, nada, lan ragam basa)
A (amanat lan tujuan komunikasi)

a. Undag-Usuk Basa atanapi Tata Krama Basa
Undag-usuk atanapi tata krama disebat ugi panta-panta basa nggih niku sopan santun atanapi anggah-unguh anggene migunakaken basa waktos ngewontenaken komunikasi. Tata krama basa punika kedah disaluyukaken kaliyan tiyang kang diajak komunikasi. Puniku sebabe, upami wonten lare kang micareng kaliyan tiyang sepah lan mboten ngangge tata krama basa, diwuwusaken lare punika mboten gadah sopan-santun, atanapi mboten sumerep kesopanan.
Tata krama basa punika selerese setunggale sistem migunakaken variasi basa (lemes, wajar, kasar) kang raket petaliane kaliyan kekuwasaan (power), kelungguhan (status sosial), keakraban (solidarity), lan kontak antawis penyatur kaliran pemireng katut hal-hal kang diceriosaken. Teng basa Cerbon, undag–usuk punika saged kaperang dados tigang undagan, nggih niku basa padinan (ngoko, bagongan), basa kromo (bebasan), lan basa krama inggil. Tatakrama basa ngrupiaken setunggale hal kang ditampi, dianut, lan diajenan dados setunggal kebagusan dening warga Cirebon khususe, lan sewilayah tiga umume.
Basa ngkoko disebat ugi basa padinan atanapi basa bagongan, nggih niku basa kang dipigunakaken kangge ngewontenaken komunikasi sedinten–dinten kang lumrah dipigunakaken dening penutur kang sepantar atanapi sami yuswane, Umpamie antawis lare kaliyan lare, tiyang kang yuswane langkung sepah micareng kaliyan tiyang kang yuswane langkung enem, atanapi pengageng micareng kaliyan kang seandape.
Basa kromo nggih niku variasi basa kang dipigunakaken dening lare kang micareng kaliyan tiyang kiang yuswane langkung sepah. Sedeng basa krama inggil nggih niku variasi basa kang dipigunakaken dening penutur upami penutur punika kelungguhane langkung asor tinimbang kang diajak micareng, Umpamie antawis murid micareng kaliyan guru, santri kaliyan ajengan, atanapi rayat kaliyan kuwu camat, bupati, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Kula sih mengkin aduse, sesampune Pak Camat siram rumiyin.
Pecile kula namung kalih lan sekolahe maksih teng SMP, ari putrane Pak Bupati pinten lan sekolahipun teng pundi?
Rambute kula sampun katah kang petak, namung remae Pak Camat maksih cemeng kemawon.

Upami kaula nyerios lan pareng nyukani penghormatan, lumrahe kang migunakaken basa punika langkung ngutamiaken wedalan ragam basa lemes. Ari prake tembung-tembung lemes teng basa Cerbon punika saged dilampahaken kaliyan rupi-rupi cara, kados dene :
(1) nglemesaken tembung,
Umpamie :
weteng -> padaharan
kuping -> talingan
ngising -> tetoya
mangan -> neda
lunga -> kesah

(2) nggentos tembung kaliyan basa kosta,
(a) basa Sunda :
Umpamie :
sasih -> bulan
nangis -> ceurik
kiwa -> kenca
pengen -> hayang
mangan -> tuang

(b) basa Sansekerta
Umpamie :
kewajiban -> darma
pejah -> palastra
toya -> tirta

(c) basa Arab
Umpamie :
kuburan -> makam
sira -> ente
isun -> ana

(3) ngrobih setunggal fonem atanapi langkung,
Umpamie :
/u/ dados /i/
Umpamie : kuat dados kiat
murah dados mirah

/u/ dados /a/
Umpamie : sebut dados sebat
rempug dados rempag
rembug dados rembag

/i-u/ dados e-a/
Umpamie : itung dados etang
kitung dados ketang
pitung dados petang

/a/ dados /i/
Umpamie : rupa dados rupi
pama dados upami
warna dados warni

/u-u/ dados /e-e/
Umpamie : kumpul dados kempel
dudu dados dede

/ni/ dados /ntun/
Umpamie : wani dados wantun
wini dados wintun

/ri/ dados /tun/
Umpamie : kari dados kantun
pari dados pantun

/di/ dados /dos/
Umpamie : wedi dados wedos
dadi dados dados
pribadi dados pribados

/ti/ dados /tos/
Umpamie : jati dados jatos
saperti dados sapertos
ganti dados gantos

/ya/ dados /dos/
Umpamie : supaya dados supados
kaya dados kados
ngresaya dados ngresados

/ra/ dados /ten/
Umpamie : kira-kira dados kinten-kinten
pira dados pinten

/o/ dados /e/
Umpamie : kanggo dados kangge
takon dados taken
ngongkon dados ngengken

/lah/ dados /won/
Umpamie : kalah dados kawon
salah dados sawon

/yu/ dados /jeng/
Umpamie : kayu dados kajeng
payu dados pajeng
mlayu dados mlajeng

/b/ dados /s/
Umpamie : bengien dados sengien
bareng dados sareng

/sa/ dados /os/
Umpamie : rasa dados raos
krasa dados kraos

/rep/ dados /jeng/
Umpamie : arep dados ajeng
pembarep dados pembajeng
karep dados kajeng

b. Penyatur sareng kang dicatuaraken
Pianggean basa nglibetaken sinten kang ngandika (penyatur) atanapi sinten kang nyerat (penulis, sinten kang dijak nyerios, lan objek atanapi topik kang diceriosaken. Tumali kaliyan penyatur atanapi aspek ceriosan, teng budaya Cerbon ketingale sampun saking sengiyen dados patitenan masyarakat.

c. Galur Tuturan
Galur tuturan arupi wujud basa kang dipigunakaken dening janma kangge piranti komunikasi raket petaliane kaliyan adegan basa (struktur basa). Adegan basa punika sekirang-kirange tumali kaliyan ungel, aturan (order), wangunan (konstruksi), lan pilihan. Adegan atanapi struktur basa diwangun dening kalih lapisan, nggih niku surface structure (adegan lair) lan deep structure (adegan batin).
Adegan lair (surface structure) nggih niku representasi fonetis wujudiahe ungel (kados dene fonem, morfem, tembung, frasa, klausa, ukara, lan wacana) wontene teng wewengkon baham, arupi paripolah ucap (parole, performance), sifate heterogen, lan katah variasie, antuk enggal robih. Adegan batin (deep structure) nggih niku aturan, rumus, atanapi kaidah (kados dene fonologi, morfologi, sintaksis, leksikologi, semantik), wontene teng wewengkon utek arupi kemampuan (langue, competence), sifate homogen, lan relatif angger.
Teng galur omongan kang angel robihe nggih niku rumus-rumus basa (langue), sifate angger, sewarni, lan mboten gampil kepengaruhan dening sestem kang enggal. Sanajan mekaten, wedalan kang disebat parole punika rineka warni, katah kepengaruhan dening sistem kang enggal, kerembesan pengaruh waktos, panggenan, lan situasi. Dados, basa Cerbon punika arupi galur omongan kang rineka werna wedalane nanging sewerna, mboten gampil kepengaruhan dening sistem kang enggal.

d. Latar Pengker, Waktos, Panggenan, lan Suasana
Wedalan omongan atanapi basa Cerbon punika kepengaruhan dening latar pengker sinten kang diajak micareng, punapa kang dimicarengaken, kapan waktose micareng, teng pundi micareng, lan kepripun cara micareng. Hal punika sanged disingget dados latar pengker waktos, panggenan, lan suasana selebete pianggean basa atanapi komunikasi punika.
Latar pengker sinten kang diajak micareng ngrupiaken setunggale unsur kang nemtosaken penggunaan tembung, keranten antawis penanggap tutur kang setunggal kaliyan penanggap tutur sanese punika wonten tembung-tembung kang kenging dituturaken wonten ugi kang mboten kenging dituturaken. Perihal punapa kang dituturaken punika tetaliyan kaliyan suasana kejiwaan tiyang kang diajak mitutur. Umpamie, upami siweg micareng kaliyan lare alit sesaged mumkin kedah nyaluyukaken kaliyan faktor kejiwaan lare alit, lan kesanggeman lare alit punika nampi kosa tembung, mekaten ugi upami micareng sareng tiyang kang pendidikane inggil mboten saged disamiaken kados micareng kaliyan tiyang kang pendidikane andap.
Panggenan waktos cumarios saged teng griya, teng margi, teng sabin, teng kantor, teng peken, lan sapanunggalane. Lantaran panggenane benten, temtos kemawon basa kang dipigunakaken lan topike ugi benten. Waktos lumangsunge omongan saged, siyang, dalu, enjing, atanapi sonten. Basa kang dipigunakaken teng wanci dalu wonten bentene kaliyan pianggean basa teng wanci siyang atanapi enjing, utamie teng pilihan tembunge lan topike. Suasana pianggean atanapi tuturan, saged teng suasana resmi, mboten resmi, atanapi pergaulan, basa sedinten-dinten atanapi upacara-upacara adat ugi wonten bentene. Tuturan teng suasana kepaten temtos kemawon benten kaliyan tuturan teng suasana riya-riya, terutami teng tema tuturan lan intonasi tuturane.

e. Alat kang Dipigunakaken
Basa kang dipigunakaken kangge ngewontenaken komunikasi saged arupi basa lisan saged ugi basa tinulis. Basa lisan nggih niku basa ucapan kang dikedalaken dening alat ucap janma. Wontene kumunikasi antawis penutur kaliyan penanggap tutur punika liwat micareng kaliyan mirengaken. Dumadose komunikasi lisan kelawan lancar upami antawis penutur kaliyan penanggap tutur sami-sami migunakaken basa kang sami lan faktor alat ucap kaliyan alat pireng ugi kedah sami-sami ndukung komunikasi.
Kang dimaksad kaliyan basa tinulis punika ngrupiaken basa grafis, wontene komunikasi antawis penutur kaliyan penanggap tutur punika liwat nyerat kaliyan maos. Dumadose komunikasi tinulis kelawan lancar upami antawis penyerat kaliyan penanggap serat sami-sami migunakaken basa kang sami lan faktor tulisan kaliyan kesanggeman maos ugi kedah sami-sami ndukung komunikasi. Umume basa tinulis punika dilampahakene kelawan mboten adep-adepan.
Kadang-kadang kangge ngedalaken isi ati ugi sebagian tiyang ngangge isyarat. Cumi kedah diemut nyaniya isyarat punika sanes ngrupiaken basa keranten mboten gadah tetenger lan hakikat basa. Teng prake komunikasi, wonten kang ngangge alat bantu komunikasi kados dene radio, telepon, OHP, televisi, koran, majalah, surat, lan sanes-sanese.

f. Raos, Nada, lan Ragam Basa
Kang dimaksad kaliyan raos nggih niku sikap penutur teng objek kang diceriosaken. Rasa basa gumantung teng selebete pribados penyature, lan gadah sifat objektif. Upamie teng lumangsunge komunikasi basa, penyatur saged gadah raos seneng, bungah, sedih, sungkawa, mangmang, lan sapanunggalane.
Nada nggih niku sikep penyatur dumateng kang diajak tutur. Upamie, penyatur saged gadah sikep sinis, lemes, kasar, lan sapanunggalane.
Umpamie, guru micareng dumateng murid kang dugie kawana kaliyan ukara kados :
“Apa isuk-isuk temen teka ning sekolae, Cung?”

Ukara teng inggil punika sanes gadah maksad nyatakaken dugie keenjingen temen, nanging sewalike ukara teng inggil punika nyatakaken sindiran, ‘kenang apa tekae kawanan’.
Ragam basa nyoko teng wangun kaliyan warni wacana atanapi tuturan katut gaya basa kang dipigunakaken dening penyature. Ragam basa, rineka basa, atanapi variasi basa kang dipigunakaken dening masyarakat basa punika saged dibagi-bagi saluyu kaliyan kewontenane. Hal punika bade diotetelaken teng bab selajenge, nggih niku bab mangenani semantik.

g. Amanat Tuturan
Amanat tuturan ngrupiaken maksad lan tujuan kang bade dimaturaken dening penyatur nalika ngedalaken tuturan. Anadene maksad kang bade dikedalaken punika saged arupi wawaran, tangled, ngengken, undang-undang, lan sapanunggalane.
Amanat tuturan gadah tetalian kaliyan isi atanapi makna kang dikandung dening tuturan. mangkaning, wonten amanat tuturan kang saged langsung ditampi, wonten ugu amanat tuturan kang mboten langsung saged ditampi atanapi kedah dipikiraken rumiyin. Upami amanat tuturan kang pareng dimaturaken punika mboten nyambung teng penanggap tutur, maka saged tumimbul salah paham, salingsingan, batur ngaler niki ngidul, hal punika saring disebat kaliyan istilah misscomunication atanapi missunderstanding.

4. Adegan Wacana
Ditilik saking adegane, wacana diwangun saking kalih lapisan, nggih niku lapisan wangun (lair) lan lapisan isi (batin). Antawis lapisan wangun (lair) lan lapisan isi (batin) punika kedah silih kinait lan silih ngajegi minangka setunggal sistem. Adegan wangun wacana disebate kohesi, sedeng isi wacana disebate koherensi. Gumulunge wangun lan isi teng selebete wacana nuduhaken upami wacana punika gadah unsur gramatikal, unsur semantik, lan unsur leksikal.

a. Kohesi
Kohesi nggih niku aspek formal basa teng wacana, kalebet teng organisasi sintaksis, wadah ukara-ukara kang disusun kelawan dalit, lan kompak anggene mbangun wacana atanapi konteks. Cekake, kohesi punika tetali antawis ukara teng selebete wacana. Kohesi piyambek saged arupi kohesi teng bidang gramatikal kang wangune pronominal, substitusi, ellipsis, paralelisme, lan konjungsi lan kohesi teng bidang leksikal kang wangune sinonimi, antonimi, hiponimi, kolokasi, repetisi, lan ekuivalensi.
Supados wacana punika kohesif, penyatur kedah gadah pangauning mangenani kaedah basa, kesunyatan, katut proses nalar minangka penyingget sintaksis. Maksade, wacana nembe saged disusun kelawan kohesif upami wonten kesaluyuan wangun teng konteks (suasana batin) kaliyan ko–teks (suasana lair basa). Kohesi saged dinyatakaken kaliyan hubungan antarproposisi kang dinyatakaken secara eksplisit (kaserat) kelawan unsur-unsur gramatikal lan semantik.
Secara sederhana, kohesi saged diartosaken kaliyan kesejajaran wangun (signifian) antarsatuan basa supados saged kacipta koherensi (runtun, kesejajaran isi, signifie).
Umpamie :
Bapa : Nis, damelaken kopi kangge Bapa!
Nissa : Nissa siweg siram, Pa!

Paguneman teng inggil punika nyirataken upami hubungan wacana punika mboten kohesif keranten mboten wonten setunggal-setunggal acan tembung kang disebat, artose antawis kekalih ukara teng inggil punika mboten gadah hubungan makna, wontene punika hubungan maksad, naging ukara teng inggil punika nuduhaken kekoherensifan, keranten sanajan mboten wonten tembung kang disebat, nanging pengengken teng hal punika Bapa saged nyumerepi nyaniya Nissa waktos punika mboten saged ndamelaken kopi kangge bapae keranten Nissa waktos punika siweg siram. Ukara teng inggil punika kedahe :
Bapa : Nis, tulung damelaken kopi kangge Bapa!
Nissa : Punten, Nissa mboten saged damel kopi kagge Bapa keranten siweg siram, Pa!

b. Koherensi
Koherensi puniku unsur kang wonten teng selebete wacana kang ngrupiaken organisasi semantik, wadah gagasan disusun teng runtutan kang logis, nuduhaken maksad ujaran kelawan gampil. Koherensi saged dimaknai hubungan logis antawis bagian-bagian anggitan atanapi antawis ukara kaliyan ukara teng selebeting paragraf. Koherensi punika njambet tetalian semantik antarbagian wacana kaliyan gumulunge latar pengker semantik. Cekake, koherensi ngrupiaken kesejajaran isi.
Peryogi dicamaken, nyaniya hubungan antawis kohesi kaliyan koherensi punika sipate mboten mutlak. Maksade, setunggale konstruksi wacaana saged mawon ketingale kohesi nanging mboten patos koherensi. Mekaten ugi sewangsule, kang ketingale koherensi mboten patos kohesif.
Umpamie :
A : Sinten tiyang istri kang dibakta dening Pa Gandi punika?
B : Pa Gandi mbakta tiyang istri punika saking Gronggong.

Paguneman teng inggil punika nyirataken upami hubungan wacanae kohesif keranten wonten setunggale tembung kang disebat nggih niku tiyang istri naging ukarae mboten koherensif, keranten mboten nyebat wastane, padahal kang ditangledaken dening A punika wastane tiyang istri kang dibakta dening Pa Gandi sanes saking pundi tiyang istri kang dibakta dening Pa Gandi.
Ukara punika kedahe :

A : Sinten tiyang istri kang dibakta dening Pa Majid punika?
B : Tiyang istri kang dibakta dening Pa Majid punika wastane Mba Neneng.

c. Klasifikasi Kohesif
Dumasar teng petalian hubungan antarunsure, kohesi saged diklasifikasiaken dados :
1) Hubungan pengulangan bentuk lan makna kang sami
Kang dimaksad kaliyan hubungan pengulangan wangun lan makna kang sami nggih niku pengulangan setunggal tembung atanapi langkung kang bentuk lan maknae tembung punika sami.
Umpamie :
Tatik : Nis, kiyen mangan dikit bae, yu!
Nissa : Kempong tah, Ang?
Tatik : Iya, weteng wis kemruyuk, sing isuk durung diisi!
Nissa : Mangan ning endi?
Tatik : Ning warteg bae lah!
Nissa : Lagi ngirit critae, kih?
Tatik : (sambir mesem-mesem) Iya lah, kiyen kan wis tanggal ….
Nissa : iya wis … pitulikur!

Tembung mangan kang diucapaken dening Tatik kaliyan Nissa teng contoh paguneman teng inggil punika ngrupiaken pengulangan tembung mangan kang gadah wangun lan makna kang sami.

2) Hubungan kataforis
Hubungan kataforis puniku ditandai kaliyan penempatan wangun pronomina seajenge anteseden.
Umpamie :
Kelawan semanget pengabdiane kang ageng, Pak Kuwu mbangun Desa.

Tembung pengabdiane ngrupiaken kataforis saking anteseden Pak kuwu kang wontene sepengkere pronimina. Artose, tembung pengabdiane punika ngrujuk teng pengabdiane Pak Kuwu, mboten ngrujuk teng anteseden sanese. Cekake, hubungan kataforis punika hubungan kang dituduhaken dening kewontenan pronominal teng ajenge anteseden atanapi upami antasedene wonten teng pengkere pronomina.

3) Hubungan anaforis
Hubungan anaforis puniku ditandai kaliyan penempatan bentuk pronomina sewingkinge anteseden.
Umpamie :
Maning-maning Hafizh nunjukaken sikap oposisi marang pemerentah. Deweke nggagas pembentukan kaukus pantura.

Tembung deweke ngrupiaken anaforis saking anteseden Hafizh kang wontene seajenge pronomina. Cekake, hubungan anaforis punika yen antasedene wonten teng ajenge pronomina.

4) Hubungan koreferensi
Hubungan koreferensi ngrupiaken hubungan antarreferensi keranten–sebab kang sanes. Contohe antawis tembung warteg kaliyan tembung ngirit lan mangan kaliyan kempong teng wacana teng inggil punika.
Maknae nggih niku, pati-pati ngejak dahar teng warteg punika supados mboten patia awis, keranten yatra kang digadahi dening Tatik punika cekak, maklum mawon keranten waktos Tatik ngajak dahar punika sampun tanggal pitulikur, artose yatra punika sampun mboten kados tanggal setunggal.

5) Hubungan metaforis
Hubungan metaforis ngrupiaken hubungan kang dinyatakaken kaliyan penganggean tembung atanapi klompok tembung mboten kaliyan artos kang selerese, nanging minangka gambaran kang dumasar persamian atanapi bebandingan.
Umpamie :
Pantes bae Nissa duwe wajah kang ayu, sebab mimie gah bengene kuh kembang desa kang dirubung ning kumbang.

6) Hubungan leksikal
Hubungan leksikal nggih niku hubungan kang nyangkut hubungan makna antartembung atanapi makna unsur-unsur basa minangka tembung barang, kedadosan, peristiwa, lan sapanunggalane. Hubungan leksikal punika wonten kalih cacahe, nggih niku :
a) Hubungan hiponimi
Hubungan hiponimi ngrupiaken hubungan istilah umum kaliyan istilah khusus, artose hubungan punika maksih teng hiponim kang sami.
Umpamie :
Sanese sepede, piyambeke mboten gadah kendaraan punapa-punapa.
Aja maning mebeler, kursi siji bae deweke ora gableg.

b) Hubungan sinekdot
Hubungan sinekdot punika ngrupiaken hubungan bagian-bagian teng selebete leksikon. Hubungan sinekdot wonten kalih cacahe, nggih niku :
(1) Hubungan wajib
Hubungan wajib nggih niku hubungan kang kedah wonten teng selebete leksikon atanapi anteseden, artose mboten wontene sebagian kang dirujuik maka ndadosaken mboten sempurnaning anteseden.
Umpamie :
Maning-maning Bu Fatimah tuku gedong magrong-magrong. Kamer kanggo turue akeh lan gede-gede, pawone amba lan pepek seisie, jendelae digawe saking kayu jati kang tuwa umure, lawange amba lan dicet nganggo warna kang bagus, tamane ditanduri karo petetan kang larang regane.

Tembung kamer kanggo turu, pawon, jendela, lawang, lan taman punika ngrupiaken hubungan kang sipate wajib, keranten unggal griya pancen kedah wonten kamer kangge kulem, pawon, jendela, lawang, lan tamane.

(2) Hubungan manasuka
Kang dimaksad kaliyan hubungan manasuka nggih niku hubungan antawis anteseden kang setunggal kaliyan anteseden sanese punika angsal wonten angsal ugi mboten wonten. Artose, mboten wontene setunggal anteseden punika mboten ngirangi makna leksikal anteseden kang dirujuk.
Umpamie :
Maning-maning Bu Fatimah tuku gedong magrong-magrong. Paviliune ana ning sebelah kiwe, air mancure nenem mancure duwur-duwur, lan balong iwak hiase dingoni iwak koki kang bagus-bagus. Ning kiwe tengen gapura manjinge dijaga satpam kang ora kari nggawa kenut.

Tembung paviliun, air mancur, lan balong ulam, ngrupiaken hubunga manasuka keranten paviliun, air mancur, lan balong ulam punika mboten kedah wonten teng unggal griya.

5. Unsur Gramatika
Unsur gramatikal ngrupiaken setunggale unsur kang nggumulungaken adegan wacana. Unsur gramatikal wacana ngliputi pronimina, ellipsis, paralelisme, substitusi, lan konjungsi.

a. Pronomina
Pronomina atanapi tembung sulur atanapi tembung gegantos nggih niku tembung kang dipigunakaken kangge nyuluraken atanapi nggentos tembung barang atanapi punapa-punapa kang dianggep barang. Barang kang disulur atanapi kang digentos disebate anteseden. Pronominal saged kaperang dados pronominal kataforis lan pronominal anaforis, sedeng teng prake pronominal saged dibentenaken dados :
1)Tembung gegantos tiyang
Tembung gegantos tiyang nggih niku tembung geganten kang nuduhaken tiyang.
a) Tembung geganten tiyang kaping 1, (isun, ingsun, kula, dalem, abdi, reang, kita, saliraningsun, lan sapanunggalane).
b) Tembung gegantos tiyang kaping 2, (sira, ira, dika, rika, panjenengan, sampeyan, sira kabeh, panjenengan sedanten, lan sapanunggalane).
c) Tembung gegantos tiyang kaping 3, (deweke, piyambeke, piyambeke sedanten, lan sapanunggalane).

2) Tembung gegantos gadah/milik (posesif)
Tembung gegantos gadah atanapi milik nggih niku tembung gegantos kang nuduhaken milik. Tembung geganten milik biasae tembung gegantos tiyang kang ditempataken teng wingkinge tembung barang. Sanajan mekaten, teng basa Cerbon gadah tembung gegantos khusus kaya dene :
a) Tembung gegantos milik kaping 1, (pun anak, pun biyang, lan sanes-sanese).
b) Tembung gegantos milik kaping 2, (tuang putra, tuang ibu, tuang rama, lan sanes-sanese).
c) Tembung gegantos milik kaping 3, (anake, emboke, bapane, lan sanes-sanese).

3) Tembung gegantos penuduh (demonstratif)
Tembung geganten penuduh nggih niku tembung kang dipigunakaken kangge nuduhaken punapa-punapa kang wonten teng selebete atanapi sejawine wacana. Tembung penuduh punika amengku :
a) Penuduh jawining wacana (eksoforis), iki, iku, ika, nikien, nikuen, nikaen.
b) Penuduh lebeting wacana (endoforis), ning kana, ning kene, ning kono, teng ngriki, teng ngriku, teng ngrika.

4) Tembung gegantos patangledan (interogatif)
Tembung gegantos panangled ngih niku tembung kang gunae kangge nyuluraken punapa-punapa kang pareng disumerepi, kang dinyatakaken kaliyan tiyang, barang, pilihan, sebab, waktos, tempat, cara, suasana, lan sapanunggalane.
a) sinten, kangge nangledaken aran, nami, wasta.
b) punapa, kangge nangledaken barang, tetuwuhan, sato kewan, kedadosan, peristiwa.
c) pundi, kangge nangledaken tempat, panggenan, pilihan, hal.
d) kapan, kangge nangledaken waktos lumangsunge kedadosan.
e) pinten, kangge nangledaken jumblah, regi.
f) kepripun, kangge nagledaken kewontenan, suasana, atanapi kedadosan.
g) kenging punapa, kangge nagledaken alesan, sebab, paripolah atanapi tingkah laku.

5) Tembung gegantos kang mboten temtos
Tembung gegantos mboten temtos nggih niku tembung kang nuduhaken punapa-punapa kang dereng temtos, Umpamie punapa-punapa, sinten-sinten, pundi-pundi, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Wis lah isun sih cukup semene bae ora perlu akeh-akeh kader gah butuhe setitik, ari sira sih wis olih semono akehe masih bae ngurek ndongkel-dongkel karange uwong, suwe-suwe gah sing duwe teka,, kurang sepira maning sih? Mendenapa wong sejen kang durung olih sepira-piraa.

b. Elipsis
Ellipsis nggih niku ngicalaken setunggal tembung atanapi langkung kang wonten teng selebete ukara. Sanajan wonten setunggale tembung atanapi langkung kang dibucal, nanging penanggap (reseptor) tutur sampun saged nyumerepi maksad ukara kang dimaturaken punika.
Umpamie :
Piyambeke teng Jakarta minggu wau. (pengicalan predikat : kesah)
Waktos wangsul mbakta oleh-oleh saking Bandung. (pengicalan subjek)
Tiyang punika nggebugi sekiyate tenaga. (pengicalan objek)
Bapak sing nyambut damel. (pengicalan objek lan keterangan)
Mimi njait rasukan. (pengicalan keterangan)
Wau dalu. (pengicalan subjek, predfikat, objek sekaligus, Umpamie Piyambeke tumbas kulkas ….)

c. Paralelisme
Paralelisme puniku ngrupiaken cara migunakaken tembung atanapi kelompok tembung kang sejajar atanapi setata. Paralelisme biasae ditandai kaliyan pianggean simulfiks (gabungan prefiks kaliyan sufiks kang tumempele teng setunggale tembung kangge ndukung setunggal fungsi secara sesarengan) atanapi konfiks (gabungan prefiks lan sufiks kang tumempele teng setunggale tembung kangge ndukung setunggal fungsi secara mboten sesarengan) kang sami.
Umpamie :
Perencanaan, pelaksanaan, lan pengawasan pembangunan ngrupiaken hal kang pokok kang kedah sigra dilaksanakaken. Upami mboten mekaten, mengkine saged mawon tumimbul masalah sanes kang nungtut wontene perhatian lan pemecahan kang pesti ujung-ujunge bisa nimbulaken pemborosan lan penyelewengan.

d. Substitusi
Substitusi ngguh niku tembung kang dipiangge kangge nyuluraken (nggentos) tembung atanapi omongan sanes kang wonten teng selebete wacana. Senyatane, pronominal, ugi saged gadah sipat substitusional. Subsitusi ugi saged arupi proverba, nggih niku tembung kang nuduhaken kelakuan, kewontenan, hal, atanapi isi bagian wacana kang sampun disebataken.
Umpamie :
Kenen, ari jare Bapa sih, dadi guru kuh sing bisa, sebisa-bisa, lan kudu bisa nglakokaken apa bae kanggo minteraken murid-mudride.

e. Konjungsi
Konjungsi atanapi tembung penyambung nggih niku tembung-tembung kang dipigunakaken kangge nyambungaken unit-unit sitaksis kang setunggal kaliyan unit-unit sintaksis kang sanese teng wangenan kang langkung jembar atanapi wiyar, teng hal punika saged nyambung antawis klausa kaliyan klausa, lan antawis ukara kaliyan ukara. Konjungsi saged kaperang dados :

1) Konjungsi subordinatif
Konjungsi koordinatif punika fungsie kangge nyambung klausa kang undag-undagan. Diwuwus klausa undag-undagan keranten antawis kekalih klausa punika pancen mboten satata. Klausa subordinatif punika ditengeri kaliyan kesanggeman kangge tetukeran panggenan antawis klausa inti kaliyan klausa andapan. Klausa andapan punika ditengeri kaliyan kewontenane sepengkere konjungsi. Klausa andapan ditengeri kaliyan panggenane tansah teng pengkere konjungsi, sanajan klausa punika wontene teng purwa ukara.
Umpamie :
Dadi murid kudu mekel blajar supaya bisa lulus ujian.
Supaya bisa lulus ujian, dadi murid kudu wekel blajar.
Lamon diparingi sugih, isun arep ngadegaken panti asuhan.
Isun arep ngadegaken panti asuhan lamon diparingi sugih.

2) Konjungsi koordinatif
Konjungsi koordinatif punika fungsie kangge nyambung klausa kang setingkat atanapi sejajar. Konjungsi punika ditengeri kaliyan pianggean konjungsi setata, maksade yen ukara punika mboten saged ditukeraken panggenane saged dipestiaken ukara punika ngrupiaken ukara koordinatif keranten mboten gadah klausa andapan, kekalihe ngrupiaken klausa inti. Anadene klausa akang dipentingakene punika tansah klausa kang wonten teng purwa.
Umpamie :
Nissa tuku rambutan karo kates.
Kakange pinter nanging adine plang-plongo.
mboten saged panggenane ditukeraken dados :
Karo kates Nissa tuku rambutan.
Kakange pinter lamon adine planga-plongo.

3) Konjungsi korelatif
Konjungsi korelatif punika fungsie kangge nyambung klausa pasang-pasangan. Konjungsi punika ditandai kaliyan piyanggean konjungsi kang pasang-pasangane sampun tinemtos.
Umpamie :
Sanajan udan ngrecek, nanging isun tetep mangkat.
Dudu kembange sing tekulati, tapi tandurane.
mboten saged disulur kados :
Senajan udan ngrecek lan isun tetep mangkat.
Dudu kembange sing tekulati, cuma tandurane.

4) Konjungsi antarukara lan antarparagraf.
Konjungsi punika lumrahe ditandai kaliyan pianggean konjungsi kados dene : dados, mangkane, pramila punika, sebab punika, sanajan mekaten, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Dados, kula sedanten kedah nurut dumateng undang-undang.
Mangkane, yen niat sekolah kuh kang bener!
Pramila punika, kang gadah kendaraan kedah nglunasi pajeg unggal naune.
Sebab punika, enggal-enggal barange diantukaken, Kang!
Sanajan mekaten, kula sih angger setya marang semah.

6. Unsur Semantis
Kangge ngangsalaken setunggale wacana kang manunggal kedah disokong dening unsur semantis. Sedeng unsur semantis kang nyokong kemanunggalan wacana punika wonten kalih cacahe, nggih niku tetalian semantik antar bagian wacana kaliyan kemanunggalan latar pengker (latar belakang) wacana.

a. Tetalian semantik antarbagian wacana
Tetalian semantik antarbagian wacana saged kaperang kados teng andap puniki :
1) Tetali sebab – akibat, nggih niku tetalian semantis antarbagian wacana kang nuduhaken hubungan sebab – akibat lumangsunge kedadosan.
Umpamie :
Sedurunge mangkat sekolah, Arif biasae sarapan dikit. Namung lantaran tangie kawanan, dina kien Arif ora sempat sarapan. Sewise dangdan, Arif langsung nyangklek tas mangkat sekolah sambir mlayu-mlayu kewedien sekolahe wis manjing. Ning jero kelas, wetenge Arif kemruyuk pengen diisi.

2) Tetali alesan – akibat, nggih niku tetalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken punapa alesane ngantos wonten kedadosan lan kepripun akibate.
Umpamie :
Mau bengi Aqshal bli bias turu. Pikirane bingung olan keder, priben carae ngadepi Pak Guru kang ngupai tugas nanging klalen dikerjakaken. Wayah ayam jago kukuluruk, Aqshal nembe bias merem, kuen gah turu-turu ayam. Aqshal nembe nglilir waktu jarum jam nuduhaken angka 8. Sida-sedae Aqshal ora mangkat sekolah.

3) Tetali srana – asil, nggih niku tetalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken sampun kelakone setunggale asil lan kepripun cara ngasilakene.
Umpamie :
Unggal arep ngadepi ulangan, boh ulangan harian atawa ulangan umum, Fathur blajare wekel sanget. Kewekelane Fathur iku kena kabasakaken klalen mangan klalen nginum. Pantes bae asil ulangane nyenengaken pisan olih angka sempurna, yaiku 10.
4) Tetali srana – tujuan, nggih niku tetalian semantis antarbagian wacana kang nuduhaken lumangsunge kedadosan kangge nglakokaken tujuan, sanajan tujuane punika dereng temtos kelaksaanan.
Umpamie :
Fachri duwe kepengenan mbesuk yen deweke wis gede duwe cita-cita kepengen dadi tentara. Unggal sore nglakokaken samubarang olahraga kaya dene jogging, grak badan, lan olahraga sejene sambir badane sehat, kuat, lan dedeg pengadege bagus. Arepan deweke yen ana seleksi penerimaan tentara kah bisa ketrima.

5) Tetali latar kecindekan, nggih niku tetalian semantik antarbagian wacana kang dipigunakaken kangge nuduhaken punapa buktose kang diangge dumasar kacindekan punika.
Umpamie :
Batur maen bal waktu sekolah bli kira-kira akehe sanajan kiyen wis pada memangkatan luru pangan. Dadi, lamon sekiyen ana kanga arep ngejak bal-balan maning kah ora patia kengelan ngulati pemaene. Paribasane nembe dianyuli sepisan bae gah pada pating grudug teka kabeh.

6) Tetali rakitan anggal asil, nggih niku tetalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken salah setunggale kedadosan kang mboten kelaksanan asile.
Umpamie :
Ari Salsa sing awit dalan durung ngebul kenang kemedul wis jental-jentul ngenteni batur pada kumpul. Wis olih rong jam kang dienteni ora muncul-muncul. Boyok sampe ngrempoyok, balung sampe pating plengkung, saking ati mendukul, Salsa langsung wangsul mbari mlakue dial-diul, mengidul.

7) Tetali asil – syarat, nggih niku petalian saemantis antarbagian wacana kang nuduhaken cara punapa kang kedah dilampahaken supados tujuane saged kelaksanan.
Umpamie :
Hukum ning negara kita wis kewilang bagus. Malah ning prake bisa luwih kukuh lan kuwat. Asal rayat karo penegak hukum mau kudu diwarai hak lan kewajibane. Apa maning yen para pemimpine ngupai contoh kang bener.

8) Tetali bebandingan, nggih niku petalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken bebandingan setunggal perkawis atanapi peristiwa kaliyan perkawis atanapi peristiwa kang sanes.
Umpamie :
Ora kaop kenang omongane wong tuwa, bocah-bocah kiyeng tukaran. Awite cuma pepoyokan biasa, terus jejogregan. Tungtunge peplototan kaya kucing karo tikus bae.

9) Tetali parafrastis, nggih niku petalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken salah setunggale bagian wacana kang njelasaken isi wacana sejen kalian basa atanapi cara kang sanes.
Umpamie :
Umah-umah wis tetaunan. Wong lanang mekaya ora karuwan, apa maning wong lanang kiyeng demenan. Selawas-lawas laka perobahan, aja maning bisa ngrobah kahanan, kanggo ngrobah badane deweke bae ora bisa, malah manggon bae masih karo mertua. Untung mertua masih duwe umah, senajan cilik lumayan kanggo ngaub saking panase srengenge lan derese udan.

10) Tetali implikatif, nggih niku petalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaen yen salah setunggale bagbagan atanapi bagian wacana punika ngiataken bagian isi wacana kang sanese.
Umpamie :
Dasar wong wis bli keduman eling. Duwe utang bli kiyeng nyicil. Wis mekonon yen ditagih kalah ngejak tukaran bari matae pecicilan.

11) Tetali identifikasi antarbagian wacana, nggih niku petalian semantis antarbagian wacana kang saged diangge dening penyatur dumasar saking pangauning atanapi pengalamane piyambek.
Umpamie :
Bocah kang bli katrima ning sekolah favorit iku dudu brati bocah kang goblog. Srog bae delengen Buya Hamka. Senajan wonge sekolahe ora duwur nanging bisa olih paparab profesor.

12) Tetali aditif, nggih niku petralian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken gabungan, mbuh kang petalian kaliyan waktos atanapi mboten petaliyan kaliyan waktos.
Umpamie :
Batur-batur, pegawean isun kih wis pragat, nanging punten bae isun bli bisa mbaturi sira kabeh sampe isuk. Mata wis abot ora kejagan. Isun sih arep balik bae lah, arep turu mbari nglempengaken awak.

13) Tetali generik spesifik, nggih niku petalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken hubungan antarbagian wacana saking bagian umum tumuju teng bagian khusus.
Umpamie :
Mang Armad kuh bli kejagan medite. Aja maning nyilihaken duwit ning batur, ngetokaken duwit kanggo kepentingane dewek bae gan kengelane bli kejagan. Waktu anake nangis jejemplingan pengen jajan, ngupaie ora malah anake diwasu lawe.

14) Tetali ngupamiaken, nggih niku petalian semantik antarbagian wacana kang nuduhaken setunggal perkawis diibarataken dumateng perkawis kang sanese.
Umpamie :
Wis karuan gajih cilik, nggo urip sedina-dina bae kengelan ari kongkon melu-meluan kaya batur yaiku nrima duwit sogokan atawa pasang erek-erek, ya ngko dikit. Mending urip sekedare tinimbang morale bejad sih.

b. Kemanunggalan latar pengker (latar belakang) wacana.
Koherensi wacana saged lumantar dening kemanunggalan latar pengker semantik. Kemanunggalan latar pengker semantik saged arupi hal-hal kados teng andap puniki.

1) Gunggungan topik
Umpamie :
Toko elektronik ning Cerbon langka padane. Yen sedulur butuh alat elektronik apa bae, jujugen Toko Lima ning Dalan Pekiringan.

2) Hubungan sosial antarpenyatur,
Umpamie :
Asring kapireng guneman antarpenyatur kados guneman teng andap puniki.
Nabilla : Kebek durung, Teh?
Salsa : Bagen lah isun sih ndodoke ning jaba bae.

Paguneman teng inggil wau maksih nyisakaken katah pitangledan keranten topik tuturane mboten jelas, nanging upami sumerep hubungan sosial kang wontene, paguneman teng inggil punika mboten ndadosaken pitangledan. Keranten kekalih lare wau siweg nyumponi undangan ulang taun pecile tangga. Nabila tangled punapa lare-lare kang teng lebet sampun supenuh tah dereng, cumi Salasa mboten purun mlebet.

3) Warni medium kang dipiangge.
Umpamie :
Kula mirengaken siaran radio kang siweg nyiaraken pertandingan bal-balan. Sering kapireng ukara kang kapegot, nanging angger mawon ngertos tujuan atanapi maksade. Sanajan mekaten, punapa-punapa kang disampekaken liwat radio ngrupiaken wacana kang gembleng atanapi wutuh.

7. Unsur Leksikal
Unsur leksikal kang micarengaken masalah kemanunggalan wacana nggih niku tetali unsur leksikal saking wacana. Pianggean tembung kang mboten pas teng selebete wacana saged dadosaken kekederan dumateng penanggap tutur, malah saged-saged digeguyu. Saking keterangan punika, katingal pisan nyaniya tetalian unsur leksikal kang saluyu kaliyan konteks kewacaan punika penting sanget. Unsur leksikal kang dimaksad nggih niku ngliputi sinonim, antonim, hiponimi, repetisi, kolokasi, lan ekuivalensi.

a. Sinonim
Sinonim nggih niku tembung-tembung kang dianggepe gadah artos kang sami kaliyan tembung kang sanese. Diwuwus cumi tembung kang dianggep gadah artos kang sami, keranten teng selebete kaidah kebasaan punika wonten pepakem nyaniya upami wangune robih, maka makna kang dikandunge ugi benten. Umpamie, antawis tembung ‘mati, maot, ninggal, pejah, seda, gugur, palastra, lan modar’ punika maknae sami, nggih niku ‘kewontenan makhluk punika sampun mboten gadah ambekan malih’. Nanging penggunaan tembung-tembung punika dibentenaken. Mboten mumkin kula nyebat ‘paksie kula sampun seda atanapi palastra’. Pantese niku ‘paksie kula sampun mati’.
Contoh sanese :
Rencange kula pejah sampun lami.
Mohammad Hatta wafat taun 1980.
Pahlawan punika gugur teng peristiwa 10 November.
Sultan Hasanudin seda sesampune nglaksanakaken kewajibane.
Gatutkaca palastra kenging senjata konta gadahe Dipati Karna.

b. Antonim
Antonim disebat ugi tembung kosok baline, nggih niku tembung kang dianggep gadah makna kang lelawanan. Diwuwus cumi tembung kang dianggep gadah artos kang lelawanan keranten teng setunggale makna sanajan kosok bali makna setunggale tembung punika mboten absolut lelawanan kaliyan makna kang selerese.
Umpamie :
Ngrungu yen mesin tik kang disilih durung dibalekaken, Pak Tulis nyewoti rabine :
“Waraen ning kebayane, ari njukut kuh kudu nganteraken. Weruh ora kebayan kuh yen ning kantor kuh lagi sibuk akeh pegawean, lamon lagi dangan ya mbuh temen!”

c. Hiponim
Hiponim disebat ugi tembung sawengku, nggih niku tembung kang maknae diwengku dening makna tembung kang sanes. Anadene makna kang digadahi dening tembung-tembung punika ngrupiaken makna khusus saking makna umum tembung sanese.
Umpamie :
Isuk-isuk ing dina Minggu Tatik lagi nandur kekembangan. Kekembangan kang ditandur kaya dene mawar, melati, cokrak-cakrik, kembang sepatu, lan anggrek.

d. Repetisi
Repetisi nggih niku ngulang-ulang tembung kang sami kang wonten teng setunggale wacana.
Umpamie :
Saumpama mbesuk isun kelaksanan dadi wong agung, isun ora pengen nggunggung diri, niat isun arep mbangun desa kelairan isun dewek, isun pengen mbangun srana olahraga kang bagus lan lengkep, isun arep ngadegaken perkumpulan para nem-neman, lan isun arep nggiataken pesamuan tokoh masyarakat.

e. Kolokasi
Kolokasi atanapi medan makna nggih niku penggunaan tembung-tembung teng selebete ukara kang antawis tembung kang setunggal kaliyan tembung kang sanes punika jinise wonten teng lingkungan wewengkon basa kang sami.
Umpamie :
Nissa karo adine blanja keperluan sedina-dina kaya dene uyah, sabrang, bawang, trasi, gula, lan kecap.

f. Ekuivalensi
Ekuivalensi leksikal nggih niku migunakaken tembung-tembung kang maknae memper.
Umpamie :
Sampe tekang kapan bae isun arep kelingan marang gurunisun. Segala-galane kang mangenani gurunisun iku angger masih kelingan. Deweke kang ngajar isun ambir bisa maca, nulis, itung-itungan, lan ngupai pangaweruh dedalane kebecikan. Sampe isun bisa kaya kenen kang kagolong dadi wong agung. Isun moal klalen jasae guru sampe kapan bae.

8. Wangun Nyata Wacana
Wangun nyata kang digadahi dening sedanten jinis basa saged ditingal saking media kang dipigunakaken, cara maturaken, ditingal saking penyaketane, lan ditingal saking maksade, basa saged dipasing dados teng andap puniki.

a. Ditingal saking mediae,
Ditingal saking mediae wacana kaperang dados wacana lisan kaliyan wacana tulis.
1) Wacana lisan
Wacana lisan nggih niku wacana kang migunakaken basa kang diasilaken dening alat ucap janma kang sistematis, gadah makna, dinamis, arbitrer, puguh undag usuk lan tatabasae minangka alat tutur komunikasi kangge ngedalaken isi atie, kados dene pikiran, peraosan, lan keparengan penuture. Contoh wacana lisan kados dene ceramah, kotbah, pidato, paguneman, lan sapanunggalane.
2) Wacana tulisan
Wacana tulisan nggih niku wacana kang migunakaken lambang-lambang grafis atanapi tulisan minangka alat tuture. Kangge nyumerepi maksad wacana tulisan punika, reseptor kedah maos punapa kang sinerat punika. Kesanggeman migunakaken tembung-tembung lan faktor kawaose tulisan saking pihak penutur lan kesanggeman maos teng pihak reseptor ngrupiaken hal kang mengaruhi kelancaran maturaken maksad. Wangun wacana tulisan punika kados dene surat, artikel, skripsi, surat kabar, majalah, buku, novel, lan sapanunggalane.

b. Ditingal saking cara maturakene
Ditingal saking cara maturakene, wacana saged kaperang dados wacana langsung kaliyan wacana tan langsung.
1) Wacana langsung
Wacana langsung nggih niku wacana kang dipigunakaken antawis penyatur kaliyan kang mirengaken puniku kewontenane langsung, saged secara adep-adepan atanapi mboten adep-adepan. Wacana langsung kang adep-adepan punika Umpamie omongan tiyang kang siweg nglampoahaken paguneman, sedeng wacana langsung kang mboten adep-adepan punika Umpamie omong-omongan liwat telepon.
Wonten kemumkinan teng wacana langsung punika dumados interaksi antawis penyatur kailyan pemireng, Umpamie kegiatan guru ngajar teng ajenge kelas. Wonten ugi wacana langsung kang mboten dumados interaksi antawis penyatur kaliyan pemirenge, Umpamie ceramah, kotbah. Seliyane punika, wonten wacana langsung kang antawis penyatur kaliyan pemirenge mboten adep-adepan, Umpamie komunikasi liwat telepon.

2) Wacana mboten langsung
Wacana mboten secara langsung biasae komunikasie punika ngangge basa tulis, Umpamie surat, selebaran, surat kabar, majalah, telegram, lan sapanunggalane. Wonten wacana mboten langsung kang arupi basa lisan, Umpamie setunggal tiyang nelpon rencange lan pesen supados pesene punika disampekaken dening tiyang sanese kang keleresan mboten gadah telepon atanapi sanajan gadah telepon ugi pihak pertami punika wegah ngobrol kaliyan pihak ketiga. Anadene wacana tan langsung kang wangene tulisan, reseptor biasae nanggapi punapa kang sinurat punika sesampune kang sinerat punika diwaos.

c. Ditingal saking penyaketane, wacana saged kaperang dados wacana fiksi kaliyan wacana non-fiksi.
1) Wacana fiksi
Wacana fiksi nggih niku wacana kang isie ngebregaken atanapi mertelakaken objek lan saged mbangun daya hayal atanapi pengamatan liwat kesan-kesan kang tumimbul kang gadah sipat imajinatif. Najan mekaten, teng wacana fiksi ugi wonten kesunyatan lan penalaran kang nyata, nanging kasunyatan punika cumi sekedar kangge maturaeken amanat minangka asil olahan daya hayal pengarang. Wacana fiksi saged kaperang dados prosa, puisi, lan drama.
a) wacana prosaik nggih niku wacana kang disusun saking basa lancaran nggih niku basa kang biasa dipiangge teng kegesangan sedinten-dinten. Sifat basa kang wonten teng wangun wacana prosaik punika umume bebas, dawa-dawa, pertela, lan gadah makna denotatif. Wacana prosaik saged arupi dongeng, novel, cerios cendek, wawaran kados teng media citak, lan sapanunggalane.
b) wacana puitik nggih niku wacana kang disusun saking basa ugeran, kauger (terikat) dening guru lagu, guru wilangan, lan purwakanti. Sifat basa teng wacana puitik punika singget, padet, lan ngandung makna konotatif lan figuratif. Ngantos kangge mahami pesen kang wonten teng wacana puitik punika, pemaos kedah gadah pangauning mangenani makna kang kecap. Wacana puitik saged arupi mantra, parikan, wangsalan, kekawen (kakawihan), sisindiran, geguritan, pepujian, lan sapanunggalane.
c) wacana dramatik nggih niku wacana kang disusun saking wangun paguneman (dialog). Basa kang dipigunakaken umume basa lumrah kang dipiangge teng tuturan sedinten-dinten. Wacana dramatik saged arupi tangled jawab, gunem catur, spurwaa, sandiwara, masres, lakonan, lan sapanunggalane.

2) Wacana nonfiksi
Wacana nonfiksi nggih niku wacana kang isie ngebregaken objek kang saged nambihi pengalaman dumateng kang maos atanapi mirengaken. Sipat wacana nonfiksi nggih niku sipate aktual, basae saujaratna (bebas saking ambiguitas lan ketaksaan makna), lan dumasar teng kasunyatan alam puniki (faktual). Contoh wacana nonfiksi kados dene artikel, makalah, skripsi, laporan ilmiah, lan sapanunggalane.

d. Ditilik saking maksade
Ditilik saking maksad penyampeane, wacana saged kaperang dados wacana deskripsi, wacana narasi, wacana persuasi, wacana argumentasi, lan wacana eksposisi.
1) Wacana deskripsi
Wacana deskripsi nggih niku wacana kang isie mbeberaken atanapi nglukisaken kewontenan setunggale hal kelawan rinci. Kaliyan wacana deskripsi, penyerat atanapi pemicareng saged ngusahakaken ngalihaken kesan-kesan, asil pengamatan, lan peraosan piyambeke dumateng pemirsa atanapi pemireng kaliyan mbeberaken sifat lan sedanten beberan kang wonten teng selebete objek punika.
2) Wacana narasi
Wacana narasi ngrupiaken wangun wacana kang ngisahaken atanapi nyriosaken setunggale kedadosan atanapi peristiwa kelawan rinci lan jelas, dumasar kronologis, sampe-sampe kang mirengaken anapi kang maos punika kados ningali atanapi ngalami piyambek peristiwa atanapi kedadosan kang dicriosaken.
3) Wacana persuasi
Wacana persuasi ngrupiaken wacana verbal kang gadah tujuan kangge ngeyakiaken dumateng pemaos atanapi pemireng supados percanten lan purun nglakokaken punapa kang dikepengeni dening penyerat atanapi pemicareng teng waktos punika atanapi waktos kang sanes. Wangun-wangun persuasif punika biasae migunakaken unsure emotif kang sanget.
4) Wacana argumentasi
Wacana argumentasi nggih niku setunggale bentuk retorika kang gadah tujuan kangge mengaruhi sikap lan pendapate tiyang sanes supados pemaos atanapi pemireng punika percanten lan akhire nglakkokaken punapa-punapa kang dikepengeni dening penyerat atanapi pemicareng. Wacana argumentasi punika sekilas mboten benten kaliyan wacana persuasi, nanging upami diteliti wonten bentene, nggih niku ari argumentasi puniku ngrupiaken usaha-usaha mbuktosaken keleresan liwat penalaran ngantos kesimpulan, sedeng wacana persuasi ngrupiaken keahlian atanapi kesepakatan kehendak antawis penyerat atanapi pemicareng kaliyan pembicaos kaliyan pemireng.
5) Wacana eksposisi
Wacana eksposisi ngrupiaken wacana kang medaraken atanapi ngrinciaken maksad lan tujuan kang pengen dicawel dening pemicareng atranapi penyerat kelawan maparaken hal atanapi maksad punika.

D. Ukara
Ukara nggih niku kemanunggalan atanapi kesatuan tutur kang ngungkapaken setunggale konsep atanapi pikiran lan pengraosan. Ukara ngrupiaken unsur basa kang secara relatif saged mangadeg piyambek, gadah pola intonasi akhir atanapi final, secara aktual atanapi potensial diwangun dening klausa.
Ukara selebete basa Cerbon saged ditingal saking pinten-pinten dumasare, nggih niku dumasar jinis klausa lan sifat hubungane kaliyan aktor-aktor aksise. Teng basa Cerbon gadah tipe-tipe kados teng andap puniki.

1. Jenis-jenis Ukara
Ukara saged digolongaken dados kalih jenis, nggih niku dumasar wangun lan dumasar makna. Ramlan mbagi ukara dumasar jumlah klausa kaliyan intonasi.
a. Dumasar teng wangune, ukara saged dibagi dados kalih jenis, nggih niku ukara salambar kalian ukara camboran.
1) Ukara Salambar
Ukara salambar nggih niku ukara kang cumi gadah setunggal klausa. Ukara salambar teng basa Cerbon punika wonten ukara salambar kang basajan (sederhana) nggih niku ukara salambar kang magadege teng atase setunggal subjek lan setunggal predikat, lan ukara salambar kang rumit nggih niku ukara salambar kang magadege teng atase setunggal subjek, setunggal predikat, lan setunggal objek, saged ditambih kaliyan keterangan atanapi mboten. Teng hal puniki basa Cerbon gangsal gangsal jenis ukara salambar, nggih niku :
a) Ukara salambar predikat nominal
Ukara salambar predikat nominal disebat ugi ukara ekuatif ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur pangwangun predikate ngrupiaken tembung saking golongan nominal.
Umpamie :
Buku punika cetakan rineka cipta.
Buku citakan Rineka Cipta punika.
Punika buku citakan Rineka Cipta.

b) Ukara salambar predikat adjektiva
Ukara salambar predikat adjektiva ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung adjektiva (tembung sipat).
Umpamie :
Bapa siweg sakit.
Omongane wong iku bener.
Tatik pancen badeg.

c) Ukara salambar predikat verba
Ukara salambar predikat verba ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung verba (tembung kriya). Ukara salambar predikat verba punika katah jenis lan sebutane kados dene :
(1) Ukara tantransitif (taktransitif), nggih niku ukara salambar predikat verbal kang mboten gadah objek atanapi pangajeg. Ukara jenis puniki cumi gadah subjek lan predikat mawon, atanapi saged dikintil kaliyan keterangan.
Umpamie :
Bu Nabilla siweg blanja.
Pak Aqshal dereng dugi.
Danu dereng dahar.

(2) Ukara ekatransitif
Ukara ekatransitif nggih niku ukara kang cumi gadah setunggal klausa kang gadah objek nanging mboten gadah pengajeg. Ukara jenis puniki gadah tigang unsur, nggih niku subjek, predikat, lan objek.
Umpamie :
Ujian sekolah nemtokaken nasibe para siswa.
Presiden ngijini pembentukan panitia kerja.
Mang Daspan kerubonan rajeg.

(3) Ukara dwitransitif
Ukara puniki secara semantik ngungkapaken hubungan maujud. Teng wangun aktif, wangun kang maujud punika ngrupiaken subjek, predikat, objek, lan pengajeg (pelengkep).
Umpamie :
Nissa siweg ngilaraken adine pedamelan (dwitransitif benefaktif).
Kula kedah numbasaken pecil hadiah ulang taun.
Sira diupai kesempatan dening dosen iku (dwitransitif direktif).
Aqshal dikirimi duwit dening wong tuwa unggal wulan.

(4) Ukara semitransitif
Umpamie :
Amir ketiban wit gedang.
Ning kana sira bakal sering kudanan salju.
Perbuatane keweruhan dening bapae.

Secara sekilas kesekawan ukara teng inggil punika gadah struktur atanapi adegan kang sami, nanging upami diperhatekaken ketingal wonten bentene. Kesekawan ukara teng inggil punika subjeke mboten nglampahaken panggawe, justru ketiban kewontenan atanapi kesialan.

(5) Ukara pasif
Pengertosan aktif kaliyan pasif teng ukara nyangkut hal-hal kados verba kang dados predikat, subjek, objek, lan predikat kang dipianggene.
Umpamie :
Masalah punika sampun disumerepi dening tiyang sepahe.
Deweke kepentung dening kakange.

(6) Ukara aktif
Ukara aktif nggih niku ukara kang subjeke nglampahaken pedamelan atanapi perbuatan.
Umpamie :
Salsa lagi mangan rujak.
Nissa ngajak adine jalan-jalan.
Zahra nggedag kucing.

d) Ukara salambar predikat preposisi
Ukara salambar predikat preposisi ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsure kang mangun predikate punika saking golongan tembung preposisi (tembung ajeng). Sedanten frasa preposisional saged didadosaken predikat ukara.
Umpamie :
Yati bade kesah teng IKIP dinten nikiyen.
Umahe Bi Tini ning Karangreja.
Wak De wonten teng Puri Celkancang.

e) Ukara salambar predikat frasa sanes
Ukara salambar predikat frasa sanes ngrupiaken ukara kang cumi gadah setunggal klausa lan unsur kang mangun predikate punika saking golongan tembung keterangan lan wilangan. Ukara jenis puniki ngrupiaken ukara kang predikate nyimpang saking pola kang sampun diwicarakaken kados teng inggil punika.
Umpamie :
Anake akeh.
Mulaie jam sangaan.
Keboe Mang Misti mung loro.

2) Ukara Camboran
Ukara camboran saged diwincik miturut hubungan antawis klausa-klausa pangwangune.
a) Dumasaraken makna hubungan hubungan klausa-klausa pangwanhune punika, ukara camboran teng basa Cerbon saged digolongaken kados teng andap piniki.
(1) Ukara Ajungtif
Ukara ajungtif (ukara tambih) nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan migunakaken tembung sambung kados dene : lan, sarta, tur, yaiku, ya, turug-turug, tambah-tambah, lan maning, nuli, mbari, bara-bara lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mubile Pak Kaji ngemot limang kranjang pelem, lan unggal kranjang isie sewu iji pelem gedong gincu.
Rujake Bi Saenah ya pedes ya sedep.

(2) Ukara Lelawanan
Ukara lelawanan punika ukara kang ngandung makna lelawanan. hal punika ditandai kaliyan pianggean tembung sambung (konjungsi) lelawanan kados dene : abong-abong, padahal, sanajan, nanging, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Abong-abong ning rayat cilik, papagan bae mbuwang rai.
Mekonon sih mekonon, nanging aja kaya konon.
Bisae nyalahaken isun bae, padahal sih anake sing njukut jambu.

(3) Ukara Konsesif
Ukara konsesif nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan migunakaken konjungsi sanajan lan nanging.
Umpamie :
Ziarah ning Gunung jati baguse sih mlaku sanajan adoh yen kiyeng kah lakonana.
Kakange pinter ning bidang apa bae nanging adine ora ngerti apa-apa..

(4) Ukara Disjungtif
Ukara disjungtif nggih niku ukara kang ngandung klausa-klausa pilihan kang dihubungaken kaliyan migunakaken konjungsi kados dene : utawa, atanapi, nanging, mbuh, arep sejene, kajaba, Cuma, bae, mung, tah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mbuh sugih mbuh mlarat, yen ana gerbu tikus ya baguse sih mangkat.
Arep duwe arep beli, ari duwe utang ya angger bae kudu mikir bayare.

(5) Ukara Sebab Akibat
Ukara sebab akibat nggih biku ukara kang ngandung klausa kang nuduhaken sebab–akibat. Lumrahe ukara punika dihubungaken kaliyan pianggean konjungsi kados dene : lantaran, jalaran, keranten, sebab, reh, rehing, sarehing, asale, ngantos, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Punten mawon, kula mboten saged milet lantaran mengkin dalu wonten pengaosan teng dusun.
Dina kiyen, Salsa bli mangkat sekola asale dijak dening mimie mangkat kondangan.

(6) Ukara Kondisional
Ukara kondisional (ukara syarat) nggih niku ukara kang ditengeri kaliyan penggunaan konjungsi lamon, umpama, asal, yen mengkonon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Lamon pengen lulus kudu wekel sinau.
Asal wekel sinaue, pasti bisa lulus.
Yen mengkonon, ayuh gagian mangkat!

(7) Ukara Temporal
Ukara temporal (ukara waktos) nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan konjungsi kang nuduhaken waktos kados dene : waktu, nalika, sederenge, sesampune, samangke, bari, ari, bakda, nuju, siweg, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Mama dugi sajing kantor nalika mimi siwek mbetek.
Sesampune dahar, Hafizh kesah sekolah.
Samangke ingsun aweh pariwara, sira gae metua.

(8) Ukara Undag-Undagan
Ukara undag-undagan nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan pianggean konjungsi kang nuduhaken tetingkatan, kados dene : boro-boro, aja bara, apa maning, pilang bara, malah, malahan, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Boro-boro rabi loro, rabi siji gan kengelan.
Aja abaran pengen duwe motor, nggo tuku pit mini bae ora sanggup.
Pilang bara arep gawe sugih, aja ngedo bae wis mending.

(9) Ukara Komparatif
Ukara komparatif nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubungaken kaliyan pianggen konjungsi kang nuduhaken bebandingan, kados dene : kaya, kaya dene, lir, lir kadia, kadia, semu, semu-semu, rada, rada-rada, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Bocah iku pintere kaya bapane.
Omongane Madyani rada-rada mblasar

(10) Ukara Final
Ukara final nggih niku ukara kang klausa-klausae biasae dihubungaken kaliyan konjungsi kang nuduhaken pungkesan, kados dene supaya, malar, sangkan, sambir, sambiran, aja-aja, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Aja-aja Pak Maftuki wis tekang Cerbon.
Sambiran ora rekasa, moten klambie ning tas!

(11) Ukara Pelengkep
Ukara pelengkep nggih niku ukara kang klausa-klausae dihubunganken kaliyan konjungsi yen, seumpama, lamon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Wis dadi kepotusan yen wulan arep gaji pegawe arep munggah.
Wis ana kabar yen korban tabrakan wis ketulungan.

b) Dumasar Wangune, ukara camboran teng basa Cerbon puniku wonten kalih cacahe, nggih niku ukara camboran salancar kaliyan ukara camboran undag-undagan.
(1) Ukara camboran salancar
Ukara camboran salancar ngrupiaken ukara kang diwangun dening kalih klausa atanapi langkung kang sedanten klausae ngrupiaken unsur inti atanapi babon klausa. Ukara camboran salancar mboten gadah klausa andapan.
Umpamie :
Bapak siweg maos majalah, Nissa nyiram petetan, sedeng mimi njait rasukan.
Hafizh tumbas rambutan lan Arif tumbas salak pondoh.

(2) Ukara camboran undag-undagan
Ukara camboran undag-undagan ngrupiaken ukara kang diwangun dening kalih klausa atanapi langkung kang sedanten klausa punika mangadeg saking klausa inti atanapi babon klausa lan klausa sanese ngrupiaken klausa andapan. Klausa andapan ciri-cirie wonten teng sepengkere konjungsi.
Umpamie :
Lamon isun duwe duit, isun arep nglungakaken mimi munggah kaji.
Isun arep nglungakaken mimi munggah kaji, lamon isun duwe duit.
Nabilla tetep mangkat sekolah senajan awake lagi blenak.
Senajan awake lagi blenak Nabilla tetep mangkat sekolah.

Klausa lamon isun duwe duit teng ukara kaping setunggal kaliyan senajan awake lagi blenak teng ukara kaping sekawan ngrupiaken klausa andapan sanajan template klausa punika wonten teng ajeng.

c) Ditingal saking segi maknae (nilai komunikatife), ukara saged dibentenaken dados gangsal jenis, nggih niku ukara warta, ukara prentah, ukara tangled, ukara seron, lan ukara emfatik.
(1) Ukara warta
Ukara warta punika asring disebat ukara deklaratif, nggih niku ukara kang isie ngewartakaken setunggale hal dumateng pemaos atanapi pemireng.
Umpamie :
Wau enjing wonten tabrakan teng cakete kantor kecamatan.
Kula ningal wonten mobil mlebet teng lepen wau dalu.

(2) Ukara prentah
Ukara prentah disebat ugi ukara imperatif, nggih niku ukara kang tujuane ngenken tiyang kang diajak micareng, atanapi nyukani prentah kangge nglakokaken hal punapa kang diprentah atanapi diparengaken dening pamicareng atanapi penyerat. Ukara prentah punika biasae diwusanai kaliyan tanda seron (!).
Umpamie :
Tulung jokotaken kompa ning Mang Dulatip!
Aja duwur-duwur maneke, bokat tiba!

Ukara prentah punika saged diwincik atanapi dibagi dados gangsal jenise, nggih niku ukara prentah tantransitif (taktransitif), ukara prentah transitif aktif, ukara prentah pasif, ukara prentah cara pengalusan, lan ukara prentah bentuk ingkar.
(a) Ukara prentah tantransitif (taktransitif)
Ukara prentah tantransitif (taktransitif) biasae mboten wonten subjeke, mertahanaken bentuk verba kados punapa wontene, lan ditambih kaliyan partikel –a.
Umpamie :
Sewaktu-waktu nungganga bis kota ambir weruh keanaan sejerone bis kota!
Nggawaa sangu kang cukup!

(b) Ukara prentah transitif aktif
Ukara prentah transitif aktif biasae ngrobih bentuk dasar dados bentuk prentah kaliyan ngicalaken prefiks N– saking verbal aN– ditambih kaliyan partikel –a.
Umpamie :
Beresana buku-buku kang ana ning duwure meja!
Benerana pit damese Fachri kang rusak!

(c) Ukara prentah pasif
Ukara prentah pasif punika bentuk verbae maksih masih tetep teng bentuk pasif lan urutan tembunge ugi mboten robih.
Umpamie :
Kardus kuen kuh gagian dikirim kiyen!
Didol bae sih mobil wis bodol kuh!

(d) Ukara prentah cara pengalusan
Ukara prentah cara pengalusan nggih niku ukara kang kangge ngalusakene migunakaken tembung ‘tulung, punten, nacak, coba, mangga’, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Tulung tumbasaken udud, De!
Coba undangaken mang Misti kongkon mene!
Mangga mlebet, Bu!

(e) Ukara prentah bentuk ingkar
Ukara prentah bentuk ingkar nggih niku ukara prentah kang diseseli bentuk ingkar ‘aja, mboten kenging, atanapi sampun’.
Umpamie :
Dokumen rahasia aja diwaca!
Dokumen puniki tulung sampun dibucal!
kamer punika mboten kenging dilebeti!

(3) Ukara tangled
Ukara tangled disebat ugi ukara interogatif, nggih niku ukara kang isie nangledaken setunggale hal. Ukara punika saged disukani tembung tangled atanapi mboten.
Umpamie :
Punapa kang dados lantaran ngantos kewontenane kados mekaten?
Saged mboten kesah saniki?
Sampun pragat dereng ngerjakaken soale?
Sinten kang siweg mbakar boled?
Lagi apa sih, Cung, dedogrog bae ning lawang kuh?

(4) Ukara seron
Ukara seron atanapi interjektif ukara kang ngungkapaken peraosan kagum. Keranten peraosan kagum punika kinait kaliyan sifat, ukara seron cumi saged didamel saking ukara warta kang predikate adjektiva. Cara damel ukara puniki kados teng andap puniki.
(a) urutan ukara diwalik saking S – P dados P – S
(b) tambihaken partikel –e teng predikat
(c) tambihaken teng ajenge predikat kaliyan tembung seru
Umpamie :
Pergaulan bocah-bocah nom jaman sekiyen bebas sanget.
Alangkah bebase pergaulan bocah-bocah nom jaman sekiyen!
Pemandangan sing duwur gunung bagus pisan.
Dudu musuh baguse pemandangan sing duwure gunung!

(5) Ukara emfatik
Ukara emfatik nggih niku ukara kang nyukani penegesan kusus teng subjek. Penegesan punika saged dilakokaken kaliyan nambihaken partikel –e lan nambihaken tembung sambung kang atanapi sing teng pengkere subjek atanapi jejer.
Umpamie :
Panjenengan ngawiti tukaran iki.
Panjenengane sing ngawiti tukaran iki!
Masyarakat desa mrotes kebijakan pemerentah kabupaten.
Masyarakat desae kang mrotes kebijakan pemerentah kabupaten!

2. Keserasian Ukara
Tiyang damel ukara sejatine dumasar pangauningan piyambek mangenani lingkungan sekelilinge, dados mboten mumkin raose yen saged manggihi ukara kados teng andap puniki.
Watu iku nggebug adinisun.
Ayamisun udud limang lenjer.

Upami diteliti, sanajad ukara teng inggil punika secara adegan atanapi struktur gadah syarat dados setunggal ukara kang sampurna keranten gadah subjek, predikat, lan objek, nanging ukara-ukara kang wonten teng inggil punika wonten keanehane keranten ukara-ukara punika mboten wonten kesaluyuan makna antawis subjek, predikat, lan objeke. Hal punika dumados keranten subjek punika mboten gadah syarat kangge nglakokaken tindakan kados mekaten.

3. Pemalikan Urutan Tembung
Mboten mustahil wonten pemalikan tembung kangge ngedalaken maksad kang sampun temtos kados punapa kang dimaksad dening pegangge basa. Umume pemalikan urutan tembung punika dikakokaken dening tiyang kang migunakaken basa lisan. Ukara kang wujude kados punika umume disebat ukara topik – sebutan.
Umpamie :
Istri Pak Agung ninggal wau enjing.
Pak Agung istrie ninggal wau enjing.
Gaji pegawe ora bakal munggah.
Pegawe gajie ora bakal munggah.

4. Pewiyaran Ukara Salancar
Ukara salancar saged dipiwiyar kaliyan tembung-tembung keterangan keranten keterangan pancen sanes ngrupiaken unsur inti teng ukara. Artose, sanajan mboten wonten keterangan ugi setunggale ukara sampun gadah makna kang mangadeg.
Umpamie :
Wingi deweke nangkep kidang punika. (keterangan waktos)
Wingi deweke nagkep kidang punika teng alas. (keterangan panggenan)
Wingi deweke nagkep kidang punika teng alas kangge dipendet kulite. (keterangan tujuan)
Wingi deweke nagkep kidang punika ngangge jala teng alas kangge dipendet kulite. (keterangan alat)
Indonesia tansah nglunasi utang luar negri. (keterangan cara)
Pak Kuwu ngrumusaken peraturan desa kaliyan anggota LPMD lan BPD. (keterangan pengampil)
Tekade luru pegawean ning tanah sebrang kaya gunung watu. (keterangan similatif)
Akeh pemimpin kang lumengser krana duwe wadon sejen. (keterangan sebab)
Keloro utusan arep ngrundingaken kerja sama diplomatik setunggal kaliyan sanese. (keterangan liyan).

E. Klausa
Klausa nggih niku ijenan (satuan) gramatik kang magadege saking predikat. Predikat punika kenging dikintil dening subjek, objek, pengajeg (pelengkap), atanapi keterangan atanapi mboten dikintil dening subjek, objek, pengajeg (pelengkap), atanapi keterangan. Selerese unsur klausa nggih niku jejer (subjek) kaliyan ceriosan (predikat) keranten sebagian ageng klausa punika mangadege binangun saking jejer (subjek) kaliyan ceriosan (predikat). Sanajan mekaten, teng ukara kang subjek atanapi jejere sami, subjek punika asring dibucal.
Umpamie :
Waktu Nissa lagi blajar numpak pit, Hafizh nangis digendong dening Asep.

Ukara teng inggil punika gadah sekawan klausa kang secara lengkepe kados teng andap puniki.
(a) Nissa lagi blajar
(b) Nissa numpak pit
(c) Hafizh nangis
(d) Hafizh digendong dening Asep

Akibat penggabungan klausa 1 kaliyan klausa 2, lan klausa 3 kaliyan klausa 4, teng klausa 2 lan klausa 4 subjeke punika (Nissa lan Hafizh) dibucal. Kaliyan penjelasan teng inggil punika jelas nyaniya kang tansah wonten teng unggal klausa nggih niku predikat. Unsur kang sanese kenging wonten kenging mboten wonten.

1. Tetenger Klausa
Umume kang disebat kaliyan klausa punika gadah tetenger kadost teng andap puniki :
a. Ngrupiaken wangun gramatik kang ngisi lanjaran ukara, maksade klausa punika selamie wonten teng selebete ukara.
b. Ngrupiaken wangun gramatik kang predikatif, nggih niku wangunan basa kang ngandung tetali jejer (subjek) lan ceriosan (predikat).
c. Saged ditambih kaliyan unsur udagan (objek), pengajeg (komplemen/pelengkep), atanapi keterangan (adverbial).
d. Unsur inti kang ngrupiaken jejer saged diicalaken saking wangunane kelawan mboten ngrobih makna segemblenge.

2. Unsur Fungsional Klausa
Selebete pamedaran kang sampun diwicarakaken teng inggil punika saged dicendekaken upami wangenan klausa kang paling jembare disusun saking jejer atanapi subjek, predikat, ceriosan, udagan atanapi pelengkep, lan keterangan. Unsur klausa kang disebat jejer, predikat, ceriosan, undagan, pelengkep, lan keterangan punika ngrupiaken unsur fungsional klausa nggih niku unsur-unsur kang nempati atanapi mancen fungsi-fungsi gramatik teng klausa.

a. Jejer atanapi subjek
Jejer anapi subjek punika nggih niku unsur klausa kang nuduhaken punapa-punapa kang diceriosaken dening penyatur. Contoe teng klausa udan grimis mulai tumurun penyatur nriosaken udan grimis. Frase udan grimis nuduhaken jejer atanapi subjek. Jejer biasae arupi tembung atanapi frase nominal atanapi dianggep nominal. Jejer biasae arupi tembung atanapi frasa barang, nanging saged ugi arupi tembung atanapi frasa sanese kang dibarangaken atanapi dianggep barang. Sedanten jejer punika biasae saged ditengeri kaliyan klitik –e, atanapi penuduh niki, niku, atanapi nika, atanapi dening tembung penangtos (penganteb) kuh, sih, atanapi gah.

b. Ceriosan atanapi predikat
Ceriosan punika unsur klausa kang nuduhaken punapa-punapa kang dipertelakaken dening penyatur mangenani jejer. Umpamae teng klausa ‘udan grigis mulai tumurun’ penyatur nyeriosaken yen udan grimis punika mulai tumurun. Frasa mulai tumurun punika disdebate ceriosan atanapi predikat.
Ceriosan biasae arupi tembung atanapi frasa kanng kagolong teng kelompok tembung atanapi frasa kriya. Nanging saged ugi diwangun dening kewontenan, barang, wilangan, lan frasa pengantet. Biasae ceriosan punika saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan pripun, punapa, atanapi siweg punapa.

c. Udagan atanapi objek
Udagan nggih niku unsur klausa kang nglengkepi ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa kriya transitif lan saged rinobih dados jejer teng klausa aktif. Umpamie isi lemarie teng klausa kula mberesi isi lemarie. Frase isi lemarie nglengkepi ceriosan kang arupi tembung pedamelan (kriya) transitif (mberesi) lan robih dados jejer teng klausa pasife dados isi lemarie diberesi dening kula.
Udagan biasae arupi tembung atanapi frase kang kelebet teng golongan nominal atanapi kang dinominalaken. Undagan mboten saged dipisahaken kaliyan ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa pedamelan transitif.

d. Pengajeg (pelengkep) atanapi komplemen
Pengajeg nggih niku unsur klausa kang nglengkepi ceriosan kang arupi tembung atanapi frasa pedamelan semi transitif lan bitransitif katut tembung atanapi frasa sifat. Upami klausae didamel klausa pasif, pengajeg punika mboten saged robih dados jejer atanapi mboten saged didadosaken jejer.

e. Keterangan
Keterangan nggih niku unsur klausa kang mertelakaken ceriosan kang nyukani informasi tambihan mangenani punapa-punapa kang dituduhaken dening jejer, ceriosan, atanapi objek kados mangenani waktos, tempat, cara, tujuan, lan sapanunggalane.

3. Analisis Klausa
Analis klausa saged dilampahaken dumasar fungsi unsur-unsure, dumasar kategori tembung atanapi frasa kang dados unsure, lan dumasar makna unsur-unsure.
a. Analisis Klausa dumasar fungsi unsur-unsure
1) Subjek lan Predikat
Umpamie :
badane lemes ndedes
S – P
bapae tukang kayu
S – P

2) Objek lan Pelengkep
Umpamie :
Salsa mangan bonteng
S – P – O
Indonesia dumasar Pancasila
S – P – Pel

3) Keterangan
Umpamie :
desa-desa punika hancur akibat angin puyuh
S – P – Ket
adie Mang Misti kelenger wingi sore
S – P – Ket

b. Analisis Klausa dumasar kategori tembung atanapi frasa kang dados unsure
Analisis klausa dumasaraken kategori tembung atanapi frasa kang dados unsur klausa teng ngriki disebate klausa kategorial. Dumasar kategorie predicate punika, klausaged dibagi dados klausa predikat verba, klausa predikat nomina, klausa predikat adjektiva, klausa predikat, wilangan, lan klausa predikat frasa ajeng.
Umpamie :

kula sampun ngadep komandan wau dalu
F : S – P – O – Ket
K : nominal – verba – nominal – ket

gedong punika gedong sekolah kula sengiyen
F : S – P – Ket
K : nominal – nominal – ket

Indonesia subur pisan
F : S – P
K : nominal – adjektiva

jendela kamere cumi tiga
F : S – P
K : nominal – wilangan

Pak guru ngajar teng kelas
F : S – P – Ket
K : nominal – verba – frasa ajeng

c. Analisis Klausa dumasar Makna Unsur-unsure
Saliyane mangadeg saking fungsi lan kategorie, klausa ugi mangadeg saking makna kang sampun temtos. Makna kang setunggal tinalenan kaliyan makna kang dinyatakaken dening fungsi kang sanese.
Umpamie :
Aqshal mbaturi Fachri ning toko sepatu sedelat..
F : S – P – O – Ket 1 – Ket 2
K : N – V – N – Frasa ajeng – Ket
M : pelaku – tindakan – penderita – tempat – waktu

1) Makna Predikat
Makna kang digadahi dening ceriosan atanapi predikat punika kados teng andap puniki.
a) tindakan, umpamie : Nabilla siweg blajar
b) kewontenan, umpamie : rambute ireng lan pasek
c) pengenal, umpamie : tiyang punika Bupati Cirebon
d) jumlah, umpamie : sikile meja ana papat

2) Makna Subjek
Makna kang digadahi dening jejer atanapi subjek punika kados teng andap puniki.
a) pelaku, umpamie : Zahra siweg blajar
b) alat, umpamie : mobil trik ngangkut beras
c) sebab, umpamie : banjir ngancuraken desa
d) penderita umpamie : dalan-dalan lagi diberesi
e) asil, umpamie : beras murah diadol dening pemrentah
f) tempat, umpamie : Kraton Kanoman sering ditekani dening turis mancanegara
g) pengalaman, umpamie : pengaruhe tambah wiyar
h) dikenal, umpamie : bapae pegawe kedutaan
i) penerang, umpamie : bocah kuen ditukokaken pit dening bapae
j) kajumblah, umpamie : sikile meja ana papat

3) Makna Objek 1
Makna kang digadahi dening udagan 1 atanapi objek 1 punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : Amir mentung kucing ping pirang-pirang
b) penerang, umpamie : Pak Rodin nukuaken anake golek-golekan
c) tempat, umpamie : akeh turis kang nekai Candi Borobudur
d) alat, umpamie : pulisi nembak penjahat nganggo pestol
e) asil, umpamie : pemrentah lagi mbangun dalan-dalan anyar

4) Makna Objek 2
Makna kang digadahi dening udagan 2 atanapi objek 2 punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : Budi nukokaken adine buku anyar
b) asil, umpamie : Akmad ngetikaken surat adine

5) Makna Pengajeg
Makna kang digadahi dening pengajeg atanapi pelengkep (komplemen) punika kados teng andap puniki.
a) penderita, umpamie : katah mahasiswa blajar basa Cerbon
b) alat, umpamie : Nabillah lan Zahra bebarengan sekolah

6) Makna Keterangan
a) panggenan
Keterangan panggenan atanapi tempat (lokatif) punika keterangan kang mertelakaken panggenan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken tempat kang dianciki, kang dituju, lan kang ditinggalaken.
Keterangan tempat saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : teng pundi, mendi, nggir endi, sing endi, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Nissa ngobrol mbari tatik ning buri umah
kula naruh yatra teng laci lemantun
mamange nembe teka sing Irian

b) waktu
Keterangan waktos punika keterangan kang mertelakaken waktos lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken waktos kang sampun kalangkung, kang siweg dilampahaken, kang bakal dilampahaken, lan lamie waktos.
Keterangan waktos saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : kapan, sing awit kapan, sampe kapan, lan sapanunggalane.
Umpamie :
bapa wingi tuku pit anyar
bocah kuh wis baling sing awit mau
deweke mengko mene maning
bapane isun arep mangkat ning Jakarta
isun nembe teka sing sekolahan

c) cara
Keterangan cara punika keterangan kang mertelakaken kepripun lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken cara kang dipigunakaken kangge nglampahaken kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan.
Keterangan cara biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung-tembung kang nuduhaken sifat atanapi kewontenan setunggale kedadosan, atanapi proses, kados kelawan, kaliyan, bari, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mahasiswa blajar basa Cerbon kelawan sregep
Hafizh mlayu santer pisan
Mang Darta gegerokan ngundang-undang anake

d) penerima
Keterangan penerima punika keterangan kang mertelakaken tujuan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken tujuan atanapi alamat.
Keterangan penerima saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : kangge sinten, dumateng sinten, lan sapanunggalane.
Umpamie :
piyambeke ngirim serat dumateng kula
nyuwuna pituduh marang Gusti Allah
Ulum ngenakaken surat ning Pak Kuwu

e) tujuan
Keterangan tujuan punika keterangan kang mertelakaken maksad atanapi tujuan lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan, nggih niku mertelakaken maksad lan tujuan nglampahaken panggawe.
Keterangan waktos saged dipigunakaken kangge njawab pitangledan : siweg punapa atanapi sareng sinten pedamelan kang dipertelakaken punika dilampahaken. Keterangan punika biasae arupi frasa pengantet kang diawiti kaliyan pianggean tembung kangge atanapi demi.
Umpamie :
tiyang sepah punika tumbas sepede kangge putrane
kanggo kepentingan umum kita kabeh ngadegaken mesjid iki
demi kelancaran lalu lintas, supir kudu nurut ning peraturan

f) kegunaan
Keterangan kegunaan punika keterangan kang mertelakaken kagunan setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa.
Keterangan kegunaan biasae ditandai kaliyan tembung kedah, kudu, wajib, lan sapanunggalane.
Umpamie :
rumus matematika kedah diplajari
sedurunge melu kudu ndaftar dikit
peserta penataran wajib nganggo klambi batik

g) peserta/pembarung
Keterangan peserta punika keterangan kang mertelakaken sinten-sinten atanapi punapa-punapa kang ngrencangi atanapi nyarengi jejer anggene nglampahaken pedamelan kang dilampahaken dening jejer.
Keterangan peserta atanapi pembarung biasae arupi frasa pengantet lan diawiti kaliyan pianggean tembung: kaliyan, karo, sareng, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Akmad siweg ngobrol kaliyan rencang-rencange
deweke lunga ning Jakarta karo isun
bapa kesah teng Grage sareng kula
Tatik nangis bari gluntungan

h) alat
Keterangan alat punika keterangan kang mertelakaken punapa kang dados alat atanapi perabot kang dipigunakaken kangge nglampahaken pedamelan kang dilampahaken dening ceriosan.
Keterangan alat biasae arupi frasa pengantet kang diawiti kaliyan pianggean tembung ngangge, karo, lan sapanunggalane.
Umpamie :
nelayan narik prau nganggo tambang
getih kang bleberan dikored karo klambie

i) sebab
Keterangan sebab punika keterangan kang mertelakaken setunggal sebab lumangsunge kedadosan, peristiwa, atanapi setunggale pedamelan kang dilampahaken, nggih niku mertelakaken sebab.
Keterangan sebab biasae arupi tembung atanapi frasa kang diawiti kaliyan pianggean tembung-tembung keranten, sebab, lantaran, pedah, padu, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong mau bli bisa mlaku, lantaran mabok
badane teles kebes kenang udan
padu sedulure bae dipai akeh

j) pelaku
Keterangan pelaku punika keterangan kang mertelakaken yen setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa punika dilampahaken dening tiyang, lembaga, atanapi instani sanes.
Keterangan pelaku biasae ditandai kaliyan tembung dening.
Umpamie :
buku punika wis diterbitaken dening penerbit kang sami
sambutan kang kaping kalih bade diwedaraken dening Pak Camat

k) keseringan
Keterangan keseringan atanapi frekuensi punika keterangan kang mertelakaken intensitas lumangsunge setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kewengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa.
Keterangan keseringan ngrupiaken tembung atanapi frasa kang biasae ditandai kaliyan tembung : ping atanapi kewalikan.
Umpamie :
wis ping pirang-pirang Nissa nggawekaken kopi nggo bapae
kula sesasih sepisan nyaba teng kota
isun sidang kari ping loro maning

l) bebandingan
Keterangan bebandingan punika keterangan kang mertelakaken sami atanapi bentene setunggal hal atanapi setunggal kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan kaliyan setunggal hal, kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan sanese.
Keterangan bebandingan biasae ditandai kaliyan tembung : kaya, siga, lir kadya, lir penda, kados dene, ibarat, prasasat, tinimbang, lan sapanunggalane.
Umpamie :
umae Wa Kaji mangrong-magrong kaya kraton
awake begang siga gesek tekek
rambute alus lir penda kapas
desae luwih adoh tinimbang desaisun

m) pengecualian
Keterangan pengecualian punika keterangan kang mertelakaken sifat kekhususan setunggale hal atanapi pedamelan kang mangenani atawa kawengku dening kewontenan, kedadosan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa punika.
Keterangan pengecualian biasae ditandai kaliyan tembung : kecuali, iwal, kejaba, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong kabeh wis mangkat iwal Budi
unggal dina isun mangkat kerja kecuali dina libur
sekabeh wis kenang giliran kejaba Mang Misti

n) aspek
Keterangan aspek punika keterangan kang mertelakaken lumangsunge atanapi kedadosan setunggal pedamelan atanapi kewontenan, atanapi kedadosan, kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa. Benten kaliyan klausa keterangan sanese, klausa keterangan aspek punika katahe petaliane raket pindah kaliyan ceriosan ngantos ngrupiaken setunggal frasa kaliyan…. minangka puser ceriosane.
Keterangan aspek kang arupi frasa kaliyan ceriosan saged dititeni teng pamedaran frasa.
Umpamie :
slup deweke manjing ning jero umah
jleg, Amir anjlog sing deduwuran
ngak, lawang gede mulai dibuka
brusut, welute ucul sing gegeman tangan

o) modalitas
Keterangan modalitas punika keterangan kang mertelakaken sikap, pemadegan, atanapi tafsiran subjektif penyatur teng isi tuturan kang diucapaken dening piyambeke atawa teng lumangsunge kedadosan, kewontenan, atanapi pedamelan kang dipertelakaken dening ceriosan teng setunggale klausa. Dibandingaken kaliyan aspek, teng ukara atanapi lanjaran klausa, modalitas punika panggenane langkung bebas.
Umpamie :
rupane tamu kuh bli sida teka
wayah mene mbokat bocah kuh wis balik
delengane bocah kuh sing isuk durung katon metu sing kamer
kaya-kayae sih bapa kuh wis balik maning

4. Penggolongan Klausa
Klausa saged digolongaken dumasar tigang hal, nggih niku, dumasar struktur intern, dumasar wonten atanapi mboten wontene tembung negatif kang secara gramatik negatifaken predikat, dumasar kategori tembung atanapi frasa kang nempati fungsi predikat.
a. Penggolongan klausa dumasar struktur intern
Dumasar struktur interene, penggolongan klausa saged kaperang dados klausa lengkap lan klausa mboten lengkap.
1) Klausa lengkep
Klausa lengkep nggih niku klausa kang wonten subjeke. Klausa lengkep saged dibentenaken dados klausa lengkep susunan biasa kaliyan klausa lengkep susunan inversi.
a) klausa lengkep susunan biasa
Umpamie :
badane tiyang puniku ageng sanget
S – P
sungkrah buangen
S – P

b) klausa lengkep susunan inversi, nggih niku klausa kang susunan antawis subjek kaliyan predikate diwalik.
Umpamie :
ageng sanget badane tiyang puniku
P – S
buangen sungkrah
P – S

2) Klausa mboten lengkep
Klausa mboten lengkep nggih niku klausa kang mboten wonten subjeke.
Umpamie :
siweg dolanan
P
nulis surat
P – O
sampun kesah teng Jakarta
P – Ket

b. Penggolongan klausa dumasar distribusi unit atanapi unsure, klausa saged dibentenaken dados klausa bebas kaliyan klausa kauger (terikat)
1) Klausa Bebas
Klausa bebas nggih niku klausa kang saged dados ukara kang mandiri teng omongan atanapi wacana. Umpamie, klausa kakange sregep medamel lan adine males medamel teng ukara Kakange sregep, adine males medamel, punika kalih klausa kang saged dados ukara-ukara kang mandiri kados dene Kakange sregep medamel. Adine males medamel. Klausa bebas saged dibagi dados klausa verbal lan klausa nonverbal.
a) Klausa Verbal
Klausa verbal nggih niku klausa kang predikate mangadeg saking tembung golongan verbal (tembung kriya). Klausa verbal secara umum saged dibagi dados klausa verbal aktif lan klausa verbal pasif.
Klausa verbal aktif nggih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal (tembung kriya) kang jejere nglampahaken pedamelan.
Umpamie :
Nissa tuku rambutan
Tatik dolanan lemah
Salsa nangis glosoan

b) Klausa Nominal
Klausa nominal nggih niku klausa kang predikate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan nominal.
Umpamie :
piyambeke guru agama
kang ditumbas dening Bi Nengsih puniku kacang ijem
bapae Camat Kapetakan

c) Klausa Wilangan
Klausa wilangan nggih niku klausa kang predikate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan wilangan.
Umpamie :
glindingane mobil trek ana sepuluh
keboe cuma loro
mobile kari telu
seminggu mangakate mung sepisan

d) Klausa Keterangan
Klausa keterangan atanapi klausa adverbial nggih niku klausa lulugu kang predikate saking tembung golongan keterangan. Ditilik saking aros atanapi maknae, klausa keterangan saged dibentenaken dados :
(1) keterangan tempat
Klausa keterangan tempat atanapi lokatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken tempat. Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung ning, teng, nggir, sebelah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
geriyae teng Jakarta
bature ana ning buri
umae sebelah wetane kantor pulisi

(2) keterangan waktu
Klausa keterangan waktu atanapi temporal nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken waktos.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung nalika, sapraptaning, nembe, sesampune, sederenge, siweg, unggal, barang, saban, salami, lan sapanunggalane.
Umpamie :
waktu Kanjeng Sultan tumeka
sapraptaning Raden Arjuna
nembe teka magas
dau lunga
sesampune kesah
arep mangkat

(3) keterangan syarat
Klausa keterangan syarat atanapi kondisional nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken syarat kangge lumangsunge punapa-punapa kang dibrehaken dening klausa lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung upami, lamun, yen, asal, ari, darapon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
upami sedanten peraturan saged dilampahaken
lamun ngko sore ora udan
yen duwe duit arep tuku computer
asal isune dijak
ari mekonon ya wis bae

(4) keterangan tujuan
Klausa keterangan tujuan atanapi purposif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken tujuan, nggih niku keterangan kang mertelakaken tujuan lumangsunge kegiatan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan pianggean tembung ambir, supados, ngarah, sangkan, supaya, malar, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ambir dadi wong bener
ngarah asile
sangkan aja ruwed bae
supaya beres
malar oli akeh

(5) keterangan sebab
Klausa keterangan sebab atanapi kausatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken sebab lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung sebab, keranten, margi, lantaran, pedah, dumeh, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sebab Yayu Ning wis dadi kepala sekolah
keranten kula dereng wonten yatra
margi kula ugi kedah mekaten

(6) keterangan akibat
Klausa keterangan akibat atanapi efektif nggih niku klausa keterangan kang mertelakaken akibat lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening ceriosan.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung ngantos, sampe, satemah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sampe keimpi ana ning suwarga
ngantos kabedol oyod-oyode
nora wurung satemah anulari

(7) keterangan asil
Klausa keterangan asil atanapi resulatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken asil lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening ceriosan klausa lelugue. Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung kang nuduhaken asil, kados dene matek, mawi, niat, lan sapanunggalane.
Umpamie :
matek bocae bli gelem balik bae
mawi mbakta pengilon
niat amangkat ora kabangkat

(8) keterangan ngaku
Klausa keterangan ngaku atanapi konsesif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu punika sampun mboten nyebabaken punapa-punapa.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung najan, sanajan, sok sanajan, padan-padane, lan sapanunggalane.
Umpamie :
najan isun anake wong ora duwe
sanajan udan isun anger teka
padan-padane kang Asep butak sesigar

(9) keterangan cara
Klausa keterangan cara nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken keterangan cara, nggih niku mertelakaken kepripun cara lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung bari, kelawan, karo, nganggo, lan sapanunggalane.
Umpamie :
bari tangane bli mandeg nyrowok jabur
kelawan ngati-ati
nganggo pacul
karo lemah wedi

(10) keterangan guna
Klausa keterangan guna nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken guna, nggih niku keterangan kang mertelakaken guna atanapi mupangat lumangsunge kedadosan atanapi kewontenan kang diebregaken dening klausa lelugu.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung kanggo, nggo, kangge, ambir, lan sapanunggalane.
Umpamie :
nggo nyenengaken ati
kanggo ngawinaken Aisyah
kangge nyampekaken weling teng bapa
ambiran atie seneng

(11) keterangan bebandingan
Klausa keterangan bebadningan atanapi similatif nggih niku klausa keterangan kang nuduhaken bebandingan, nggih niku mertelakaken persamian hal kang diebregaken dening ceriosan klausa lelugu/ klausa inti.
Klausa punika ditengeri kaliyan piyanggean tembung lir, kaya, prasasat, kados, lir kadia, sapertos, lan sapanunggalane.
Umpamie :
lir kodok kekureban batok
kaya kucing ndeleng dengdeng
lir kadia mas sinangling
sapertos lisa kaliyan toya
prasasat wong picek nembe melek

e) Klausa Wawaran.
Klausa wawaran atanapi deklaratif ngih niku klausa kang predikate ngewawaraken, mertelakaken, nerangaken, njelasaken, atanapi nyukani informasi. Klausa punika ngewengku klausa bebas lan klausa kauger.

f) Klausa Petangled,
Klausa patangled nggih niku klausa kang ngandung makna nagledaken atanapi nguji. Teng klausa punika, salah setunggal unsur fungsionale ngrupiaken tembung pitangledan. Klausa petangled punika saged dibagi dados :
(1) klausa petangledan golongan
Klausa petangledan golongan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken golongan barang atanapi janma. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled punapa, apa, sapa, atanapi sinten atanapi arupi frasa kang diwangun dening tembung atanapi frasa barang (nominal) lan tembung petangled.
Umpamie :
piyambeke kuh sinten
bapae sapa
kakange guru apa
kaen sawahe sapa
apa kang dianggo
punapa kang dianglu

(2) klausa petangledan pedamelan
Klausa petangledan golongan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken pedamelan. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled lagi apa, tes apa, arep apa, kenang apa, lan sapanunggalane.
Umpamie :
lagi apa sih utek bae ning jero kuh
lakie arep apa
anake kepriben
sikile kenang apa
tes apa sih pating krunggut ning buri kuh

(3) klausa petangledan kewontenan
Klausa petangledan kewontenan nggih niku klausa petangledan kang nangledaken kewontenan. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kepripun.
Umpamie :
pripun sidae
pripun kesehatane
pripun tulus mboten

(4) klausa petangledan jumblah
Klausa petangledan jumblah nggih niku klausa petangledan kang nangledaken jumblah, cacah, regi, atanapi sedantene barang atanapi jalma. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kang ditengeri kaliyan tembung tangled pinten, pinten + tembung barang, pinten + tembung penaker kang nuduhake jumblah.
Umpamie :
regine pinten
suwene pirang jam
akehe pirang umah
krambil punika pinten manggar

(5) klausa petangledan ukuran
Klausa petangledan ukuran nggih niku klausa petangledan kang nangledaken ukuran kados dawa-cendek, wiyar-ciut, inggil-endep, lan sapanunggalane. Klausa punika salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled sepinten, sepira.
Umpamie :
dawae sepira
jeroe sepira
ceteke sepinten
inggile sepinten

(6) klausa petangledan tempat
Klausa petangledan tempat nggih niku klausa petangledan kang nangledaken tempat atanapi panggenan. Klausa punika ditengeri kaliyan salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane punika ngrupiaken tembung petangled pundi, endi, kang, sing, saking, inggir, belah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Madapi kuh kang endi
rabie sih sing endi
umae inggir endi
umahe belah endie umahe Pak Camat

(7) klausa petangledan waktu
Klausa petangledan waktu nggih niku klausa petangledan kang nangledaken waktos. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled kapan.
Umpamie :
ari ujian sih kapan
kapan bapae teka
kapan awite taun Hijriyah kuh

(8) klausa petangledan cara
Klausa petangledan cara nggih niku klausa petangledan kang nangledaken cara nglampahaken pedamelan. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung petangled priben, kepriben, kepripun, kepriyen, kapriye, kepriwen, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ari mbreseni busi kuh priben
kepriben awite blajar numpak motor

(9) klausa petangledan sebab
Klausa petangledan sebab nggih niku klausa petangledan kang nangledaken perihal sebab musabab lumangsunge kedadosan atanapi peristiwa. Klausa punika ditengeri salah setunggal unsur fungsionale atanapi bagbagane ngrupiaken tembung atanapi frasa petangled kenang apa, punapa sebabe, atanapi nang apa.
Umpamie :
kenang apa sira dijak bli gelem
punapa sebabe saged mekaten kuh
nang apa sira bli tuku dewek

g) Klausa Panitah
Klausa panitah atanapi imperatif nggih niku klausa akang ngandung makna nitah, ngengken, mrentah, atanapi ngejak-ngejak kang tujuane punapa kang diomongaken atanapi kang diprentahaken punika dituruti dening kang diajak ngomong.
Klausa punika ceriosane (predikate) ngrupiaken tembung pedamelan kang dirangken kalian afiks –kaken, –aken, –nang, –na (mboten ngangge afiks di– lan aN–) tembung sifat kang ngangge tembung sing, saking, atanapi frasa pedamelan transitif wangun asal (lingga).
Umpamie :
segae tutupana
tutupaken lawange
gawakaken mene
dudoknang dalane
sira sing wekel blajar
kongkon dolan bocah kuh

h) Klausa Penganteb
Klausa penganteb atanapi klausa emfatik nggih niku klausa kang ngantebaken atanapi negesaken jejer klausa wawaran. Klausa punika arupi transformasi saking klausa wawaran kelawan ngrobih jejer klausa wawaran dados ceriosan teng klausa penganteb, dibarengi kaliyan nambihaken tembung seajenge jejer lan tembung pisan sewingkinge jejer klausa wawaran, ceriosan kaliyan unsur sanese klausa wawaran punika robih dados jejer klausa penganteb tur winangun klausa relatif.
Umpamie :
ya kita kabeh kang kudu sabar
ya deweke kang kudu mutusaken kuh
ya kita pisan kang bakal ketempuhan

i) Klausa frasa ajeng
Klausa frasa ajeng nggih niku klausa kang predicate saking tembung atanapi kelompok tembung frasa golongan frasa ajeng.
Umpamie :
beras kuen sing Cianjur
kredit iku kanggo petani cilik
layang saking Pak Camat

2) Klausa Kauger
Klausa kauger nggih iku klausa kang mboten saged dados ukara kang mandiri. Artose, klausa punika saged dados ukara nanging kedah wonten ukara kang sanese minangka stimuluse. Ukara kang arupi klausa kauger (terikat) punika kabengket dening ukara sanes, mboten bebas, atanapi mboten ucul saking ukara-ukara atanapi konteks ukarae. Umpamie klausa lamun lulus teng ukara Lamun lulus kula bade teng Bali. Klausa punika mboten saged mangadeg mandiri atanapi bebas, nanging saged dados ukara upami sampun wonten ukara sanese minangka stimuluse. Umpamie (Kapan sira mangkat ning Bali?). Lamun lulus.

c. Penggolongan Klausa Verbal
Klausa verbal saged dibagi dumasar kategorie, dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane, dumasar wonten atanapi mboten wontene unsur negatif atanapi pemungkir teng ceriosane, lan dumasar kekhususane.
1) Dumasar kategori tembunge
Dumasar kategori tembunge, klausa verbal saged dibentenaken dados klausa verbal intransitif, klausa verbal monotransitif, klausa verbal dwitransitif, klausa verbal semitransitif, klausa verbal adjektif, klausa verbal aktif, lan klausa verbal pasif.
a) klausa verbal intransitif
Klausa verbal intransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal intransitif (tanlaju).
Umpamie :
deweke kuh ndodok
bocah-bocak lagi clingak-clinguk
kula siweg nganggur mawon
Amir blajar basa Cerbon
lungae wingi sore

b) klausa verbal monotransitif
Klausa verbal monotransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal monotransitif (ekalaju).
Umpamie :
bocah wadon njokot sapu
deweke nugel gedang

c) klausa verbal dwitransitif
Klausa verbal dwitransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal dwitransitif (dwilaju).
Umpamie :
deweke ngupai buku ning isun
deweke ngupai klambi dudu ngupai clana

d) klausa verbal semitransitif
Klausa verbal semitransitif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal semitransitif (madyalaju).
Umpamie :
Mang Kurdi dagang tebu
anake dadi guru
mboke tukang nembang
bibie doyan turu

e) klausa verbal adjektif,
Klausa verbal adjektif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal adjektif.
Umpamie :
anake pinter-pinter
sawahe subur
umahe gede
karange amba

f) klausa verbal aktif,
Klausa verbal aktif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal aktif, nggih niku verbal kang subjeke nglampahaken pedamelan.
Umpamie :
Amin ndamoni kopi panas
deweke cuma nungtun motor
isun dolan ning umae batur

g) klausa verbal pasif,
Klausa verbal pasif ngih niku klausa verbal kang predikate arupi tembung atanapi frasa verbal saking golongan tembung verbal pasif, nggih niku verbal kang subjeke dikenai panggawe (perbuatan).
Umpamie :
bengen presiden lan wakil presiden dipilih dening MPR
bobade wusanae keweruhan uga
endase Mang Misti ketiban klapa

2) Dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane
Dumasar pertalian aktor kaliyan aksi atanapi pertalian kang nglampahaken pedamelane, klausa verbal saged dibentenaken dados klausa verbal medial lan klausa verbal resiprokal.
a) klausa verbal medial (refleksif)
Klausa verbal refleksif atanapi klausa verbal medial nggih niku klausa verbal kang jejere (subjek) nuduhaken kang nglampahaken sekaligus ngrandapaken pedamelan kang ditetelaken dening ceriosan.
Umpamie :
Cung Hafizh lagi ndadar awak
sira sih bli ngaji diri
Mang Misti wis lawas ngasingaken diri
Amir lagi ngumpetaken awak dewek
dadaren awak amrih lantip

b) klausa verbal resiprokal
Klausa verbal resiprokal atanapi klausa verbal silih wales nggih niku klausa verbal kang jejere nuduhaken pedamelan kang nglampahaken nembe ngrandap pedamelan kang ditetelaken dening ceriosan kang nuduhaken silih wales. Tembung kriya kang nuduhaken pedamelan silih wales punika biasae tembung kang dirangken silih–, nanging wonten ugi kang mboten ditengeri kaliyan tembung silih–.
Umpamie :
kang maen bal silih dupak
mama kaliyan mimi silih asih
wong gullet jeh genten gitik
bocah-bocah pada gegebugan
pemuda karo gadis pepandengan mata

3) Dumasar wonten atanapi mboten wontene unsur negatif atanapi pemungkir teng ceriosane, klausa verbal saged dibagi dados klausa verbal negatif lan klausa verbal pangluyu.
a) klausa verbal negatif
Klausa verbal negatif atanapi klausa verbal pamungkir nggih niku klausa verbal kang ceriosane ngrupiaken tembung atanapi frasa verbal pamungkir. Klausa punika saged arupi klausa-klausa kang sampun ditetelaken teng inggil kang ceriosane dinegatifaken dening tembung-tembung sanes, mboten, dereng, moal, mong, lan sapanunggalane.
Umpamie :
wong kene mah ora ngungsi
wong kabeh bli bakal diwarai
isun sih durung tuku buku

b) klausa verbal pangluyu
Klausa verbal pangluyu nggih niku klausaverbal kang ceriosane mboten diului dening tembung atanapi frasa pemungkir. Frasa punika disebat ugi frasa positif.
Umpamie :
bapae dadi guru
mimie Camat Kapetakan
mamange Kuwu Pegagan Kidul
adine dokter gigi
kakange tukang kayu
bibie bidan desa

4) Dumasar kekhususane, klausa verbal saged dibagi dados klausa verbal eksistif lan klausa verbal eventif.
a) klausa verbal eksistif
Klausa verbal eksistif nggih niku klausa verbal kang ceriosane (predicate) ngrupiaken golongan tembung kewontenan. Klausa punika mertelakaken wonten atanapi mboten wontene setunggal hal atanapi setunggal barang.
Teng klausa verbal eksistif punika, ceriosan kaliyan jejer (subjek) mboten saged ditukeraken tempate. Hal punika benten kaliyan klausa verbal intransitif kang ceriosane arupi wonten atanapi mboten wont
Umpamie :
wonten kang ngirim danas wau
ning desa isun langka gedong beskop
ning langit ana lintang
ning alas ana macan

b) klausa verbal eventif
Klausa verbal eventif nggih niku klausa verbal kang ceriosane (predikate) arupi tembung atanapi frasa verbal kedadosan. Tembung atanapi frasa punika mertelakaken kewontenan atanapi kedadosan alam, kados dene jawoh, ongkeb, padang linglang, peteng jimet, lan sapanunggalane. Klausa kedadosan punika biasae cumi diwangun dening ceriosan.
Umpamie :
jawoh
arep udan delengane sih
duh, atis temen sih
kuh, padang linglang sih
kok, sumub pisan sih
tingeling, durung umeb-umeb

5. Hubungan Makna Antarklausa
Dumasar saking asil penelitian dipanggihi wolulas hubungan makna kang digadahi minangka pesamuan antawis setunggal klausa kaliyan klausa kang sanese teng ukara wiyar. Kang dimaksad kaliyan ukara wiyar nggih niku ukara kang mangadege saking kalih klausa atanapi langkung. Hubungan makna antarklausa kang dimaksud nggih niku kados teng andap puniki.

a. Hubungan Penjumblahan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan penjumblahan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi lan, karo, lan malih, tuwin, miwah, tambahan maning, lan sapanunggalane.
Umpamie :
deweke mbuka tali rambut lan mulai sesuri
deweke kang mbentak karo nempiling
tulisane alit-alit lan malih mboten kewaos
tenaga dokter mung setitik tambahan maning peralatane ora jejeg

b. Hubungan teturutan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan teturutan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi lajeng, teras, terus, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Salsa ngunci pit lajeng mlebet teng toko sepatu
sewise ndodok terus lendean ning korsi males
piyambeke nutup kaca mobil teras medal

c. Hubungan pemilihan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan pemilihan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi atawa, atanapi, tah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sira kuh nembang tah nangis
bocah kuh gering atawa mung kepegelen
kula mboten ningal sugih atanapi masakate

d. Hubungan lelawanan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan lelawanan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi nanging, tapi, namung, cumi, sedeng, padahal, sewalike, lan sapanunggalane.
Umpamie :
bocahe sih pinter nanging males
umae bagus tapi pekarangane kotor
deweke gelem dikongkon apa bae namung kudu ana buruane
isun bli duwe apapa cuma klambi kang tumempel ning awak
yong sira sih meneng bae padahal deweke wis gelem diajak kuh
isun paham kepengenanira, sewalike sira kudu ngerti kepengenanisun
ning umah bae ya isun kuh sumpeg, sedeng arep dolan bli gableg duwit

e. Hubungan langkung
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan langkung puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi malahan, malah, lan sapanunggalane.
Umpamie :
deweke ora sekedar ngumbangi isun, malah wong tuanisun digawa-gawa
bli sekedar nyumbang, malahan deweke gelem kecuprakan ngoyok

f. Hubungan waktos
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan waktos atanap[I temporal puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi waktu, nalika, siweg, lagi, sewaktu, selagi, sementawis, demi, salami, sesampune, sederenge, sing awit, sampe, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mimi masih njait klambi waktu bapa teka oli nangka
lagi enak-enake ndodok tengok-tengok, ana tamu nggawa jamu
siweg midang teng latar, tiwa-tiwa kula ninggal Mang Sutar nyangking kitar
isun lagi nyupir sewaktu ngrungu abane kentong titir
aja watir selagi masih ana kang bisa mikir
bapa manggul macul sementawis Mang Daspan ngidul mlakue dincul
udan-danan gah bagen demi senok kang gawe kedanan
sesampune sholat, Nissa ngumpulaken kayu kang pating pencelat
deweke masih angger nangis sedurunge diupai jajanan alus manis
sing awit jaman cindil abang, nasibira angger bae kurang
sengitisun ning sira sampe tekang anak putu

g. Hubungan bebandingan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan bebandingan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi kaya, kaya dene, lir penda, lir kadya, sapertos, kados, tenimbang, ketimbang, umpama, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mending dikaken ning tangga tenimbang ana kang nggawa
ketimbang ngobrol bli kruan mending mbabuti uwan
rambute ireng kaya areng
pikirane landep kaya dene pucuking panah
sipate kakang karo adie beda pisan, umpama bumi karo langit

h. Hubungan sebab
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan sebab puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi keranten, sebab, lantaran, maklum, penaka, sangkari, margi, karna, pedah, berkat, yong, asale, lan sapanunggalane.
Umpamie :
semah kula bade pindah keranten teng ngrikie sampun mboten betah
karuan tenang-tenang bae gah, sebab deweke duwe wong gede
yong diwarai ning wong tuwa bli nurut ya bonggane dewek
lantaran bli ngerjakaken PR, Amir disetrap dening Pak Guru
isun sih bli melu maning lah, maklum laka ongkose
pantes Nissa sih pinter gah asale anake Pak Guru
isun bias maca berkat didikane Pak Hadi

i. Hubungan akibat
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan akibat puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi nganti, nganti-nganti, sampe, sampe-sampe, lan sapanunggalane.
Umpamie :
saking larise sampe kang dagange bli katon bokonge
saking seningite ning laki sampe-sampe mertuae ninggal deweke ora teka
Mang Daspan ari nggebugi anak nganti sepatine urip

j. Hubungan gadah syarat
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan gadah syarat puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi asal, lamon, lan sapanunggalane.
Umpamie :
asal sedina olih seeter bae gah, Mang Tori ngrasae wis cukup
isun gelem teka ning umae sira lamon jagate ora udan
umpama gelem, ngko bengi Jumatan

k. Hubungan mboten gadah syarat
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan mboten gadah syarat puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi najan, sanajan, bagen, sanggine, yatapin, najana, senajana, bagen sora, kader, lan sapanunggalane.
Umpamie :
najan wis telat, isun masih bias nglamar pegawean
sira kabeh kudu duwe cita-cita kang duwur senajan anake wong bli duwe
wantun ya mboten, wedos ya mboten, sanggine tek jajal rumiyin
bocah kuh aja digunggung bae, bagen sora nangis glosoan gah
gelema bae diundang ning pulisi gah, kader sira sih ora salah

l. Hubungan pengumpamaan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan pengumpamaan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi umpama, umpame, lamon, lamona, lan sapanunggalane.
Umpamie :
umpama anake bli demen gah, sira sih kudu bagus karo wong tuwae
pribe tindakanira seumpamae wis tekang prake terus during duwe duwit
lamon payu, kulite isun siap tek letek nggo mbiayai anak sekolah
lamona gelem sih sing bengen bae isun dikawinaken karo wong wadon kaen

m. Hubungan penerang
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan penerang puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi kang, ingkang, sing, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sedurunge turu, isun mbales surat kang jumblahe pirang-pirang
bangunan umae ana ning sabrang wetane mesjid sing menarae doyong lan laka memoloe

n. Hubungan arepan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan arepan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi supaya, sambir, supados, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mimi ngundang-ngundang anake supaya marek
surenana rambute ambir katone rapi
ambiran enak sih mangan bae terus blanja
Mang Kardi wekel pisan medamele sopados dialem dening mersepuh

o. Hubungan isi
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan isi puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi nyaniya, yen, lan sapanunggalane.
Umpamie :
sekiyen isun nembe ngerti nyaniya mboke bocah madep rai mungkur ati
isun nembe weru yen Amaliyah iku anake Pak Rodin

p. Hubungan cara
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan cara puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi kelawan, kaliyan, sareng, tanpa, mbari, sonder, lan sapanunggalane.
Umpamie :
Narti ndodok tengok-tengok mbari sikile ungkang-ungkang
dicawele pelem kang duwur kaliyan watang kang dawa
Faisal ngadeg ngayer-ayer kelawan tangane njepit udud
isun bli sanggup ngerjakaken soal tanpa diwuruki dening kakang
Budi ngajak gemuyu ambir pikirane jembar

q. Hubungan perkecualian
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan perkecualian puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi seliyane, kecuali, sejene, iwal, kejaba, lan sapanunggalane.
Umpamie :
tetamu bli kena manjing kecuali panitia reuni
sejene bocah kelas nenem olih balik
deweke uga duwe motor seliyane mobil

r. Hubungan kegunaan
Hubungan makna antarklausa kang nuduhaken hubungan kegunaan puniki ditandai kaliyan pianggean konjungsi kangge, guna, nggo, kagem, lan sapanunggalane.
Umpamie :
deweke diangkat dadi mandor kanggo mingpin anak buahe
nggo apa sira marek ning umae isun yen teka-teka ngajak tukaran
hakim nekakaken saksi guna dijaluk keterangane
kaula nyuwun pandonga panjenengan kagem keslametan kaula saparakanca

F. Frasa
1. Pengertosan Frasa
Frasa nggih niku satuan gramatik minangka unsur klausa kang mangadeg saking kalih tembung atanapi langkung kang mboten nglangkungi setunggal fungsi lan sifate mboten predikatif.
Umpamie :
Bapa kula siweg maos majalah teng kursi males
Ukara teng inggil punika gadah tigang frasa, nggih niku bapa kula, siweg maos, lan teng kursi males.

2. Sifat Frasa
Unggal unsur basa gadah sifat saluyu kaliyan karakteristike piyambek-piyambek, mekaten ugi kaliyan frasa. Anapon sifat frasa kang dimaksad nggih niku kados teg andap puniki.
a. Frasa ngrupiaken satuan gramatik minangka unsur klausa kang mangadeg saking
kalih tembung atanapi langkung.
b. Frasa ngrupiaken unsur gramatik kang mboten nglangkungi wates fungsi, maksade
frasa punika wonten teng selebeteng setunggal fungsi, nggih niku fungsi subjek,
perdikat, objek, pengajeg (pelengkap), atanapi keterangan.

3. Penjenisan Frasa
dumasar saking distribusi unsur-unsur tembunge, frasa saged digolongaken dados kalih golongan, nggih niku golongan frasa endosentrik lan golongan frasa eksosentris.

a. Frasa Endosentrik
Frasa endosentrik nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan unsur-unsure, mbuh sedanten unsure, setunggal unsure, atanapi sebagian unsure kemawon.
Umpamie :
Mahasiswa siweg maos buku enggal teng perpustakaan.

Ukara teng inggil punika gadah tigang frasa, nggih niku siweg maos, buku enggal, lan teng perpustakaan. Saking frasa-frasa wau, kang kelebet teng golongan frasa endosentris nggih niku frasa siweg maos kaliyan frasa buku enggal keranten kekalih frasa punika gadah distribusi kang sami kaliyan unsur-unsure. Persamian distribusi punika saged katingal saking jajaran kados teng andap puniki.
mahasiswa siweg maos buku enggal teng perpustakaan
mahasiswa - maos buku - teng perpustakaan

Aspek siweg lan enggal teng ukara punika saged dibucal. Sedeng frasa teng perpustakaan setunggal unsure mboten saged dibucal. Keranten mengkine ukara punika mboten gadah artos punapa-punapa. Kemumkinane kados ukara teng andap puniki.
mahasiswa siweg maos buku enggal teng perpustakaan
mahasiswa - maos buku - teng perpustakaan
mahasiswa siweg maos buku enggal teng -*)
mahasiswa siweg maos buku enggal perpustakaan -*)

b. Frasa Eksosentrik
Frasa eksosentris nggih niku frasa kang mboten gadah disribusi kang sami kaliyan sedanten atapi setungal unsure.
Umpamie :
Mahasiswa siweg maos buku enggal teng perepustakaan.

Kang kelebet teng golongan frasa eksdosentris teng ukara teng inggil punika nggih niku frasa teng perpustakaan, seranten kekalihe mboten saged dipisahaken. Kebotenwontenan persamian distribusi punika saged katingal saking jajaran ukara teng andap puniki.
mahasiswa siweg maos buku enggal teng perpustakaan
mahasiswa siweg maos buku enggal teng –––
atanapi
mahasiswa siweg maos buku enggal ––– perpustakaan

4. Penggolongan Frasa Endosentris
Frasa endosentris saged digolongaken dados tigang gongan frasa, nggih niku frasa endosentris koordinatif, frasa endosentris atributif, lan frasa endosentris apositif.

a. Frasa Endosentris koordinatif
Frasa endosntris koordinatif nggih niku frasa kang mangadeg saking unsur- unsur kang setingkat. Kesetingkatan punika saged dibuktosaken kaliyan wontene kemumkinan antawis unsur-unsur punika dihubungaken kaliyan konjungsi lan atanapi atanapi.
Umpamie :
griya pekarangan : griya lan pekarangan / griya atanapi pekarangan
laki rabi : laki lan rabi / laki atanapi rabi
mama mimi : mama lan mimi / mama atanapi mimi

b. Frasa Endosentris Atributif
Frasa endosentris atributif ngrupiaken frasa kang mangadeg saking unsur-unsur kang mboten setata atanapi undag-undagan. Tembung kang setunggal ngrupiaken tembung pokok sedeng tembung kang sanese ngrupiaken atribut. Unsur-unsur punika mboten saged dihubungaken kaliyan konjungsi lan atanapi atanapi.
Umpamie :
pembangunan gangsal naun mboten mumkin pembangunan lan gangsal naun
sekolah dasar mboten mumkin sekolah atanapi dasar
gedung anyar mboten mumkin gedung lan anyar
tiyang punika mboten mumkin tiyang atanapi punika
dalu nikiyen mboten mumkin dalu lan nikiyen
siweg blajar mboten mumkin siweg atanapi blajar

Bentuk naun, dasar, anyar, punika, nikiyen, lan siweg, ngrupiaken atribut saking gangsal, sekolah, gedung, tiyang, dalu, lan blajar.

c. Frasa Endosentris Apositif
Frasa endosentris apositif nggih niku frasa kang unsur-unsure mboten saged dihubungaken kaliyan tembung lan atanapi atanapi lan secara gramatik unsur kang setunggal sami kaliyan unsur sanese.
Umpamie :
Susilo Bambang Yudhoyono Presiden Republik Indonesia siweg teng luar negri.

Susilo Bambang Yudhoyono –– siweg teng luar negri.
–– Presiden Republik Indonesia siweg teng luar negri.

Secara semantik, unsur Susilo Bambang Yudhoyono sami kaliyan unsur Presiden Republik Indonesia. Susilo Bambang Yudhoyono ngrupiaken unsur pusat, sedeng Presiden Republik Indonesia ngrupiaken aposisi.
Umpamie :
Ahmad, anak Pak Sastro
Bandung, Kota Kembang
Indonesia, gatih daging kula

5. Dumasar persamian distribusi golongan atanapi kategori tembunge
Dumasar persamian distribusi golongan atanapi kategori tembunge, frasa saged dibentenaken dados gangsal golongan, nggih niku frasa nominal, frasa verbal, frasa wilangan, frasa keterangan, lan frasa ajeng.
a. Frasa Nominal (FN)
Frasa nominal nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan golongan nominal.
Umpamie :
piyambeke tumbas rasukan enggal
mahasiswa lami siweg ngawasi pembangunan gedung sekolah
piyambeke guru kang bijaksana
kapal mabur punika tibel

1) Secara kategorial
Secara kategorial, frasa nominal mumkin diwangun dening konstruksi :
a) N dikintil N,
Umpamie :
griya pekarangan
kakang kula
gedung sekolah

b) N dikintil V,
Umpamie :
mahasiswa enggal
acara pamungkas
griya risak

c) N dikintil Wil,
Umpamie :
tiyang kalih
endog telu
sawah limang bau

d) N dikintil Ket,
Umpamie :
koran wingi sore
wong mau
sega mau awan

e) N dikintil frasa ajeng,
Umpamie :
beras sing Cianjur
kiriman nggo adi
pengabdian teng sultan

f) N diului Wil
Umpamie :
kalih tiyang
tigang griya
limang kodi sate

g) N diului sandang
Umpamie :
Si Unyil
Sang Kancil
Sri Sultan
Kang Kemod
Mang Daspan

h) N diului kang /sing
Umpamie :
kang kiyen buku isun
kang kuen bapae Mamat
sing kaen mobil sedan
sing watu ali-alie isun

i) V diului kang / sing
Umpamie :
kang arep ngajar
kang bli mungga kelas
sing lagi nangis
sing nembang

j) Wil diului kang / sing
Umpamie :
kang rong lembar
kang pitung iji
sing nem karung
sing limang perkara

k) kang / sing dikintil Ket
Umpamie :
kang wingi sore
kang mau
sing isuk
sing minggu buri

l) kang / sing dikintil frasa ajeng
Umpamie :
kang ning Cerbon
kang sing Cianjur
sing kanggo Ahmad

2) Hubungan makna Antarunsur Frasa Nominal
Dumasar asil saking penelitian, frasa nominal gadah hubungan makna kados teng andap puniki.
a) Penjumlahan
Umpamie :
laki (lan) rabi
nusa (lan) bangsa
pendidikan (lan) latihan

b) Pemilihan
Umpamie :
Senin atawa Selasa
mama tah mimi
kien atanapi ngko esuk

c) Kesamian
Umpamie :
Bapak SBY, Presiden RI
Hafizh, mahasiswa fakultas kedokteran
Gajah Mada, pemersatu Nusantara

d) Penerang
Umpamie :
buku (kang) bagus
umah (sing) anyar
mahasiswa jurusan kedokteran

e) Pewates
Umpamie :
buku sejarah
Kota Cerbon
bangunan anyar iku

f) Penemtos
Umpamie :
pekarangan wiyar puniku
murid kang wekel ika
bangunan ruwag iki

g) Jumblah
Umpamie :
limang kilo trigu
rong liter lenga lantung
telung lembar godong salam

h) Jejuluk
Umpamie :
Hajah Ruwiyah
Kapten Wawan
Guru Tini
Ki Syekh Benting
Pangeran Ahmad

b. Frasa Verbal (FV)
Frasa verbal nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan golongan verbal.
Umpamie :
Nissa siweg blajar Matematika
Hafizh mboten doyan duren
Aqshal dereng tumbas buku

1) Hubungan makna Antarunsur Frasa verbal
Dumasar asil saking penelitian, frasa verbal gadah hubungan makna kados teng andap puniki.
a) Keasringan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna keseringan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken intensitas setunggale tiyang selebete nglampahaken panggawe, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung ngalami, arang-arang, kadang-kadang, sering, tansah, ora ilok, lan panunggalane.
Umpamie :
ngalami bli munggah kelas
arang-arang teka
kadang-kadang mbolos
sering males
tansah sulaya jangji

b) Kepengenan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna kepengenan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken ajengan setunggale tiyang kangge nglampahaken panggawe, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung arep, pengen, kepengen, bade, pareng, ajeng, lan panunggalane.
Umpamie :
pengen blajar
arep geburan
kepengen mangan
bade kesah
ajeng tumbas
pareng dahar

c) kudu/kewajiban
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna kedah/ kewajiban ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken kewajibane setunggale tiyang kangge nglampahaken panggawe, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung kudu, perlu, wajib, kedah, suwadine lan panunggalane.
Umpamie :
kudu ndaftar dikit
perlu diperhatekaken
wajib ningkataken

d) kesanggeman
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna kesanggeman ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken kesanggeman setunggale tiyang kangge nglampahaken panggawe, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung bisa, saged, mampu, gelem, sedia, purun, lan panunggalane.
Umpamie :
bisa mbina
saged mbimbing
mampu micareng
gelem nukokaken
sedia nyampekaken
purun sesarengan

e) keijinan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna keijinan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken keijinan setunggale tiyang kangge nglampahaken panggawe atanapi paripolah lan biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung oli, kena, mangga, sumangga, kenging, lan panunggalane.
Umpamie :
oli balik
kena mangkat
mangga dahar
sumangga nepangaken
kenging mlebet

f) tingkat
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna tingkat ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken mutu, hubungan punika jumblah setunggale hal lan biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung kirang, langkung, rada, temen, pisan, pindah, paling, lan panunggalane.
Umpamie :
kurang pinter
rada gede
cilik temen
amba pisan
paling pantes

g) tidakan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna tindakan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken tindakan kang dialami dening setunggale tiyang selebete nglampahaken panggawe, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung lagi, siweg, ajeng, tes, nembeke, dau bae, lan panunggalane.
Umpamie :
lagi blajar
arep lelayan
tes jalan-jalan
nembe mangan

h) kewontenan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna kewontenan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken kewontean setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung pemanis kados dene ngicis, mbrojo, nggeteng lan panunggalane.
Umpamie :
putih ngicis
ireng geteng
suker nggerit

i) pengenal
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna pengenal ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken pengenal setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan struktur D-M (diterangaken – nerangaken).
Umpamie :
gedong sekolah
masaiswa jurusan bahasa
Lurah Kebon Danas
Bupati Cirebon

j) asal
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna asal ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken asal saking setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan kesanggeman struktur punika diseseli kaliyan preposisi saking.
Umpamie :
trasi cirebon
beras cianjur
oncom bandung
opak kuningan

k) jumblah
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna jumblah ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken jumblah setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan tembung wilangan.
Umpamie :
patang kodi
limang lusin
telung kintal
rong glemek

l) resiprokal (wewalesan)
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna resiprokal ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken wewalesan setunggale hal.
Umpamie :
genten gitik
silih asih
gilir gumanti

m) pemilihan
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna pemilihan ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken pilihan setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean konjungsi, tah, atawa, atanapi, mbuh lan sapanunggalane.
Umpamie :
arep sekolah tah ora
kiyan atawa engko
rama atanapi mimi
bengi mbuh isuk

n) pemungkir
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna pemungkir ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken mungkiri setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean konjungsi, mboten, tan, datan, ora, during, beli, moal, lan sapanunggalane.
Umpamie :
mboten mlebet
tan winasis
ora gelem
durung teka
beli tuku
moal diupai
datan wonten

o) aspek inkoatif
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna aspek inkoatif ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken makna kang tinemtos setunggale hal atanapi barang kang wonten, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung kang nyatakaken makna aspek.
Umpamie :
plas mangkat
slusup manjing
bruk ditaruh
cleng nyonglot
ces ademe

p) spontanitas
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna spontanitas ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken ujug-ujug dumadose setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean konjungsi, ndadak, ndadak-ndadak, ndadak sekala, ujug-ujug, tiwa-tiwa, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ndadak sekala mlayu
tiwa-tiwa ambruk
ujug-ujug nempiling

q) habituatif
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna habituatif ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken makna habituasi setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean konjungsi, ora ilok, biasae, seringe, iloke, prantine, lan sapanunggalane.
Umpamie :
ora ilok liwat
biasae nembang
iloke mangkat
prantine lunga
seringe liwat

r) modalitas kepestian
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna kepestian ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken kepestian lumangsunge atanapi dumadose setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean konjungsi, temtu, temtos, mbokat, mbokat bae, mbok menawi, mumkin, menawa, kaya-kaya, lan sapanunggalane.
Umpamie :
temtu ngupai
pasti bisa
mbokat duwe
bokat mene
mbokat bae gelem
menawa wani
mbok menawi tulus

s) hamham
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna ham-ham ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken ragu-ragu atanapi mangmang marang dumadose setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung kang nyatakaken keragu-raguan.
Umpamie :
rupane wis teka
kaya-kaya telung glintir
delengane sih mrana

t) pengajeng-ajeng
Hubungan makna antarunsur frasa verbal kang gadah makna pengajeng-ajeng ngrupiaken frasa verbal kang nyatakaken pengajengan dumadose setunggale hal, hubungan punika biasae ditengeri kaliyan pianggean tembung kang nyatakaken pengajengan, kados dene : mugi-mugi, moga-moga, mugia, mugi, lan sapanunggalane.
Umpamie :
muga-muga lulus
mugia ketampi
mugi angsal kawijujengan

c. Frasa Adjektival (FAd)
Frasa adjektival nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan golongan adjektiva. Umpamie :
Hubungan makna Antarunsur Frasa Adjektiva
Dumasar asil saking penelitian, frasa adjektiva gadah hubungan makna kados teng andap puniki.
a. Jumblah
Umpamie :
lega lan bersih
males uga mblegedud
abang karo ijo

b. Pemilihan
Umpamie :
gede tah cilik
emong atanapi sungkan

c. Tingkat
Umpamie :
rada lega
wani kasep
kuning pisan
enak nemen

d. Undagan
Umpamie :
tambah bengi
mangkin susah
sering lara
wuwuh sue

e. Pemungkir
Umpamie :
ora wani
moal manut
durung sugih
mboten tulus

f. Aspek
Umpamie :
padang linglang
abang branang
kuning pling
peteng njimet

d. Frasa Keterangan (FK)
Frasa keterangan nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan golongan keterangan.
Umpamie :
wingi isuk
mau bengi
arep mangan
nembe teka
awan kiyen

e. Frasa wilangan
Frasa wilangan nggih niku frasa kang gadah distribusi kang sami kaliyan golongan wilangan.
Umpamie :
rong unting kangkung
telung lembar godong salam
sebotol kecap manis
limang bengket suket
patang glondong kelapa

f. Frasa Ajeng (FA)
Frasa ajeng biasa dipurwai/diawiti kaliyan tembung konjungsi minangka setungale tanda. Konjungsi punika dikintil dening tembung atanapi frasa golongan nominal, verbal, wilangan, atanapi keyterangan minangka tanda atanapi aksise.
Umpamie :
ning sewijineng dina
sing awit wingi isuk
kaliyan kebingahan
saking Cerbon
kelawan cermat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar