Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Selasa, 10 Agustus 2010

SASTRA

A. Pengertosan Sastra
Wonten tigang dasar istilah sastra kang kedah dipahami, nggih niku ilmu sastra, teori sastra, lan seni sastra. Ketigang istilah punika gadah tinalenan kang raket setunggal kaliyan sanese. Kang dimaksad ilmu sastra nggih niku pangauning kang nylidiki sastra secara ilmiah. Penyelidikan ilmiah punika patokane logis, sistematika, lan dumasar teng metode-metode kang sampun temtos ngenai sedanten hal kang gadah hubungan kaliyan seni sastra. Teori sastra ngrupiaken asas-asas, kukum-kukum (hukum), kaidah-kaidah, atanapi prinsip-prinsip dasar ngenai sastra atanapi seni sastra. Sedeng seni sastra ngrupiaken proses kreatif nyiptakaken rumpaka seni kelawan ngangge basa kang inan (susastra) kados dene cerios cendak, novel, puisi, drama, lan sapanunggalane.
Dumasar asil penyelidikan Gonda (1952) kaliyan Zoetmulder (1982), nyaniya teng selebete basa Sansekerta mboten dipanggihaken istilah ‘susastra’ mbuh minangka morfem, tembung lingga, atanapi tembung andahan selebete ijenen (satuan) ‘susastra’ (Teew, 1989 : 23). Istilah ‘susastra’ dipigunakaken (dimunculaken) dening masyarakat sastra Melayu Jawi. Tembung ‘susastra’ piyambek secara etimologis asale saking tembung ‘su’ kang artose inan atanapi sae, lan ‘sastra’ kang artose tulisan. Dados, secara harfiah ‘susastra’ saged diartosaken kaliyan tulisan kang inan (indah) atanapi sae.
Katah definisi kang sampun dimajengaken dening ahli sastra ngenai istilah sastra, nanging ngantos saniki mboten wonten setunggal-setunggal acan definisi sastra kang sampurna. Miturut Teew, istilah sastra piyambek asale saking basa Sansekerta, nggih niku cakal (akar) tembung ‘sas’ kang artose ‘ngarahaken, ngajaraken, nyukani pituduh, atanapi instruksi, lan akiran ‘tra’ kang artose ‘alat atanapi srana kang dipigunakaken’. Dados, sastra punika saged didefinisiaken kaliyan ‘alat kang saged dipigunakaken kangge ngajar, pituduh, buku instruksi, atanapi piwucalan (1988 : 22-23). Istilah sastra identik kaliyan istilah ‘literature’ teng basa Inggris.
Teng basa Indonesia piyambek dikenal istilah susastra. Susastra secara etimologis asale saking kalih tembung nggih niku ‘su’ kang artose sae lan ‘sastra’ kang artose tuilisan. Dados, susastra punika artose tulisan kang sae. Istilah susastra punika identik kaliyan istilah ‘belles letrres’ saking basa Perancis kang saged didefinisiaken kaliyan buku atanapi tulisan kang cara penyeratane ngangge basa kang inan atanapi estetik.
1. Watesan-Watesan
Pengertosan-pengertosan sastra kang diungkapaken dening ahli sastra kados teng andap puniki.
a. Rene Wellek ngungkapaken nyaniya sastra punika kegiatan kreatif setunggale rumpaka seni kang bentuk lan ekspresie imajinatif.
b. Hornby gadah pendapat sastra nggih niku tulisan kang gadah nilai seni ngenai setunggale objek (kegesangan janma) teng setunggale bangsa kang wonten teng setunggale masa.
c. W.H. Hudson njelaskaken rumpaka sastra punika ekspresi saking kagesangan lewat basa minangka media pematurane.
d. Jan van Luxemburg nyatakaken sastra ngrupiaken setunggale rumpaka atanapi kreasi kang unsure fiksionalitas lan ngrupiaken luapan emosi spontan.
Jacob Sumardjo nerangaken nyaniya sastra punika ungkapan pribados arupi pengalaman, pemikiran, peraosan, ide, semanget, lan keyakinan teng setunggale wangun gambaran kongkrit kang nimbulaken sengseme manah liwat media basa.

2. Hakikat Keinan
Setunggale rumpaka sastra saged disebat inan (indah) upami organisasi unsur-unsur kang dikandung teng lebete nyekapi syarat-syarat kang tinemtos. Anadene syarat-syarat kainan kang dimaksad nggih niku (1) kewutuhan (unity), (2) kesaluyuan (harmony), keseimbangan (balance), lan (4) fokus atanapi pusat penekanan setunggale unsur (right emphasis). Analisis ngenai hal punika bade dipertelakaken teng bab selajenge.

3. Mutu Rumpaka Sastra
Penilaian mutu setunggale rumpaka sastra dianggep gadah mutu kang inggil kedah dumasaraken penilaian wangun, isi, ekspresi, lan basae. Selerese unsur-unsur punika mboten saged mangadeg piyambek-piyambek. Sedantene ngrupiaken setunggale kemanunggalan kang mboten mumkin dipisah-pisahaken. Cumi kangge kepentingan analisise wangun rumpaka sastra kang mutue inggil punika kedah dibentenaken.
Dumasar unsur-unsur pengertosan teng inggil punika, minangka setunggale kemanunggalan, maka saged dimajengaken rumpaka sastra disebat mutue inggil upami gadah syarat-syarat kados teng andap puniki.
a. Rumpaka sastra nggih niku usaha ngrekam isi jiwa sastrawane. Rekaman punika migunakaken basa. Cekake, rumpaka sastra punika wangun rekaman ngenai jiwa sastrawan kang pareng dimaturaken dumateng pemaos liwat media basa.
b. Sastra ngrupiaken srana komunikasi. Maksade, wangun rekaman punika kedah saged dikomunikasiaken dumateng tiyang sanes.
c. Sastra ngrupiaken keteraturan. Maksade, setunggale rumpaka sastra kedah nyekapi wangun sastra minangka seni.
d. Sastra ngrupiaken wangun penghiburan. Maksade, rumpaka sastra kang sae kedah sanggem nyukani raos bungah dumateng pemaose.
e. Sastra ngrupiaken setunggale integrasi. Maksade, rumpaka sastra kang sae tansah nuduhaken wontene kemanunggalan unsur-unsure, nggih niku isi, wangun, basa, lan ekspresi pribados penganggite.
f. Setunggale rumpaka sastra kang mutue inggil ngrupiaken setunggale pemanggihan. Maksade, pemanggihan selebete rumpaka sastra punika saged njambet sedanten unsur rumpaka sastra kang kasebat, nanging saged ugi cumi pinten-pinten unsure kemawon.
g. Rumpaka sastra kang mutue inggil ngrupiaken ekspresi pujanggae. Hal punika saged diwuwusaken nyaniya cumi tiyang kang jiwae umisi kemawon kang saged ngedalaken setunggale ekspresi saking lebete dirie. Janma kang kosong mboten saged ngedalaken ekspresi punapa-punapa.
h. Rumpaka sastra kang mutue inggil ngrupiaken rumpaka kang kentel. Kepadetan isi lan wangun, basa lan ekspresi, ngrupiaken asil kekentelan pujangga selebete ngayati kegesangane.
i. Rumpaka sastra kang mutue inggil ngrupiaken penafsiran kegesangan. Setunggale rumpaka sastra punika diregeni keranten rumpaka sastra punika saged nuduhaken segi-segi enggal saking kegesangan kang dikenal sedinten-dinten.
j. Rumpaka sastra kang mutue inggil punika ngrupiaken setunggale pienggalan. Chairil Anwar diregeni selebete sejarah sastra keranten piyambeke umasil mbaktakaken pienggalan selebete pisajakan Indonesia.

B. Tetenger Sastra
Setunggale rumpaka sastra gadah tetenger kados teng andap puniki.
1. Rumpaka sastra sifate hayali (fictionally), artose lewat daya imajinasie, setunggale penganggit pareng ngungkapaken kasunyatan-kasunyatan gesang kang nyata punika lewat kesunyatan kang imajinatif ngantos kegesangan punika langkung gadah makna lan nyenengaken dumateng pemaose ngantos kaleresan teng setunggale rumpaka sastra punika ngrupiaken keleresan kang sepihak, nggih niku keleresan dumasar pandengan penganggit piyambek.
2. Setunggale rumpaka sastra ngandug nilai-nilai estetika (kainan seni) ngantos rumpaka sastra punika gadah daya pesona piyambek. Nilai estetika kang dimaksad gadah patokan atanapi kriteria: unity (kewungkulam/kewutuhan), balance (keseimbangan), harmony (kasaluyuan), lan right emphasys (fokus).
3. Setunggale rumpaka sastra migunakaken basa kang inan. Penggunanaan basa teng selebete rumpaka sastra benten kaliyan basa kang dipiangge sedinten-dinten. Kangge ngrumpakakaken basa kang estetik punika, penganggit migunakaken tembung-tembung kang ambigu, makna konotatif, rima, irama, majas, lan sapanungalane. Kainan basa diwangun dening kewungkulan lan keharmonisan adegan (struktur) estetik lan ekstraestetik, kaliyan stilistika sastra.

C. Pepasinganan Ilmu Sastra
Ilmu sastra kang wonten teng selebete jaman saniki saged dipasing dados sekawan cabang, nggih niku :
1. Teori sastra nggih niku cabang ilmu sastra kang mlajari asas-asas, kukum-kukum, lan prinsip-prinsip dasar sastra, kados dene sipat-sipat sastra, adegan (struktur sastra, jinis-jinis sastra, sistem sastra, lan sapanunggalane.
2. Sejarah sastra nggih niku cabang ilmu sastra kang nylidiki sastra sing awit sastra punika tumimbul ngantos pikembangan sastra saniki.
3. Kritik sastra nggih niku cabang ilmu sastra kang mlajari rumpaka sastra kelawan nyukani pertimbangan lan penilaian rumpaka sastra teng atase sae mbotene, kekiatan lan kekirangane rumpaka sastra kang dimaksad.
4. Filologi nggih niku cabang ilmu sastra kang nliti segi kebudayan kangge ngenal tata nilai, sikap gesang, alam pikiran, lan sanes-sanese saking setunggale masyarakat/ bangsa kang gadah rumpaka sastra.

D. Mupangate Rumpaka Sastra
Maca rumpaka sastra saged nyukani mupangat dumateng pemaose. Anadene mupangat secara umum sesampune setunggale tiyang maos rumpaka sastra nggih niku :
1. Maos rumpaka sastra saged diangge kangge ngisi waktos kang luang. Mupangat karya sastra kados puniki ngrupiaken mupangat maos sastra kangge masyarakat atanapi pemaos pemula.
2. Maos rumpaka sastra saged diangge kangge angsal hiburan. Mupangat karya sastra kados puniki biasae diangge dening pemaos kang seweg katah masalah.
3. Maos rumpaka sastra saged angsal informasi ngenai nilai-nilai kegesangan lan nimbulaken pengalaman kang enggal dumateng pemaose.
4. Maos rumpaka sastra ugi saged diangge minangka media pengembangan pandengan marang kegesangan pemaose.
5. Maos rumpaka sastra saged diangge minangka srana nambih pangauning atanapi pangaweruh (pengetahuan) ngenai nilai-nilai kultural saking jamane karya sastra punika didamel.
6. Maos rumpaka sastra saged nyukani raos seneng lan bungah sinten kemawon kang maose.
7. Maos rumpaka sastra saged nyukani mupangat kang mampu nuduhaken lan ndidik para pemaose kaliyan nilai-nilai keleresan kang wonten teng lebete.
8. Maos rumpaka sastra saged nyukani raos kainan dumateng sinten kemawon kang maose.
9. Maos rumpaka sastra saged nyukani mupangat kang saged mbentenaken moral kang becik kaliyan moral kang ala dumateng sinten kemawon kang maose.
10. Maos rumpaka sastra saged nyukani mupangat kang ngandung ajaran-ajaran agami kang kedah dituladani dening sinten kemawon kang maose.

Sedeng mupangat secara kusus kang digadahi dening rumpaka sastra sesampune setunggal tiyang maos karya sastra nggih niku :
1. Maos rumpaka sastra saged diangge minangka srana kangge angsal katarsis (pembeningan batin pemaos saking kompleksitas batin sesampune pemaos nglampahaken apresiasi sastra).
2. Maos rumpaka sastra saged diangge minangka srana kangge angsal sublimasi (pengalaman enggal saking dunia sanes kang dereng dialami dening pemaos).

E. Sejarah Sastra
Micarengaken sejarah sastra teng dumasare micarengaken ngenai peristiwa-peristiwa penting kang kang wonten teng rumpaka sastra kang dipertelakaken secara kronologis ngantos ketingal wontene pikembangan teng bidang sastra. Peristiwa-peristiwa kang dimaksad selebete sejarah sastra nggih niku peristiwa-peristiwa kang wonten kaitane kaliyan kesastraan, kados dene kang tinalenan kaliyan babare rumpaka-rumpaka sastra, penganggit, kualitas rumpakaan, tumimbule konsep-konsep sastra enggal, situasi sosial budaya, politik kang nglatarpengkeri dumadose peristiwa penting punika, lan sapanunggalane.
Teng kenyataane, mboten unggal rumpaka sastra angsal pemicarengan kang sami wiyare. Antawis setunggal rumpaka sastra kaliyan rumpaka sastra kang sanese lan antawis setunggal penganggit kaliyan penganggit kang sanese mboten angsal pemicarengan kang sami porsie. Hal punika gumantung dateng pentinge kelungguhan rumpaka atanapi penganggit kang dimaksad selebete mangsae atanapi selebete hubungan kaliyan mangsa selajenge.
Antawis penganggit kang setunggal dahat mumkin gadah pandengan kang benten kaliyan penganggit kang sanese selebete nemtosaken pundi kang langkung penting. Pramila punika, buku sastra kang diserat dening piyambeke asring nuduhaken wontene pibentenan penekanan. Langkung tebih malih, para penganggit kang ningal pentinge peranan setunggale tiyang atanapi pinten-pinten penganggit, biasae piyambeke nyerat buku piyambek ngenai penganggit kang kasebat. Mekaten ugi penganggit kang ningal pentinge rumpaka-rumpaka sastra saking setunggale masa (periodi sastra), maka piyambeke nerbitaken antologi kaliyan pembahasan kesejarahane, khususe kangge masa punika.
Dumadose pibentenan selebete ngiktisaraken pikembangan sejarah sastra Cerbon selebete periodisasi lan pasalingsingan paham ngenai setunggale angkatan ugi saged dipahami minangka pamrah wontene pibentenan pandengan teng kalangan para ahli ngenai peristiwa-peristiwa penting punika.
Sejarah sastra ngrupiaken salah setunggale pang (cabang) studi sastra kang kongkrit, sedeng periodi sastra nggih niku studi kang micarengaken pikembangan sastra saking kawitan dumugi teng pikembangane kang pamungkas.
Dumasar sejarah pikembangane, sastra saged dibagi dados kalih bagian ageng kados teng andap puniki.
1. Kesusastraan klasik, nggih niku kesusastraan kang kinembang teng masyarakat tradisional. Anadene tetenger sastra tradisional nggih niku :
a. mboten disumerepi sinten nami penganggite,
b. puisie gadah wangun keiket,
c. prosae gadah wangun hikayat, legenda, mitos, dongeng,
d. ceriose gadah sifat istanasentris, lan
e. dimaturaken ngangge basa lisan.
2. Kesusastraan moderen nggih niku kesusastraan kang kinembang teng kegesangan masyarakat moderen. Anadene tetengere nggih niku :
a. disumerepi sinten name pennganggite,
b. puisie gadah wangun bebas,
c. prosae gadah wangun roman, novel, lan drama,
d. ceriose dipengaruhi dening kesusastraan kilen, budaya, lan industri moderen.

F. Hubungan Sastra Cerbon kaliyan Sastra Nuswantara
Sastra Nuswantara enggal nembeke dimilai teng Abad XX. Unggal wewengkon gadah kesugihan sastra piyambek-piyambek, mekaten ugi hale kaliyan Cerbon. Tradis sinastra teng masyarakat Cerbon sampun lumangsung lami, sebagian sampun gesang saking awit tradisi sastra lisan, lan sebagian malih gesang teng tradisi sastra tulis. Nanging saniki kewontenan peninggalan sastra tinulis saking jaman sengien punika angel manggihane. Hal punika dumados keranten wontene pandengan kang nyatakaken nyaniya sastra buhun punika ngrupiaken barang kuna kang mboten unggal tiyang saged maos. Punapa malih kangge maose, sanajan kangge ngebete kemawon wonten setunggale rumpaka sastra kang kedah nglampahaken ritual-ritual kang sampun tinemtos langkung rumiyin.
Teng masa punika, kesugihan sastra gesang lan kinembang kaliyan migunakaken basa Cerbon asli (Cirebon Kuna). Pramila punika dikenal kaliyan istilah sastra Cerbon buhun. Selebete penyeratan rumpaka-rumpaka sastra punika, seliyane pujangga punika ngrumpaka sastra ngangge basa Cerbon, pujangga ugi nuangaken rumpaka sastra ngangge basa Indonesia (Melayu). Pianggean basa Cerbon teng masa tuwuhe sastra Nuswantara ngrupiaken buktos nyaniya sastra Cerbon punika ngrupiaken bagian kang nyugihaken sastra Nuswantara.

G. Pepasingan Sastra
Pepasingan sastra saged dilampahaken kaliyan kalih bag-bagan, nggih niku miturut jinis atanapi genre sastra lan miturut jaman atanapi periodi sastra
1. Genre Sastra
Secara umum, rumpaka sastra saged dikelompokaken dados kalih jenis, nggih niku kelompok sastra imajinatif kaliyan kelompok sastra non-imajinatif. Ditingal saking daya hayale, daya hayal sastra imajinatif langkung kiat tinimbang sastra non-imajinatif. Mekaten ugi teng selebete penggunaan basae. Sastra imajinatif langkung nekanaken penggunaan tembung-tembung kang gadah makna ambigu lan makna konotatif, sedeng sastra non-imajinatif langkung nekanaken teng penggunaan tembung-tembung kang gadah makna denotatif.
Teng prakteke, sastra non-imajinatif punika mangadeg teng atase rumpaka sastra kang wangune (bentuk) esei, kritik, biografi, otobiografi, lan jejarah. Sedeng rumpaka sastra imajinatif punika secara garis ageng mengadeg teng atase prosa, puisi, lan drama. Nanging punapa kang disebat rumpaka sastra teng Indonesia punika tansah genre sastra imajinatif kemawon. Hal punika saged dimaklumi keranten sajarah sastra teng Indonesia punika maksih cendak. Bab puisi, prosa, lan drama bade diwedaraken teng bab selajenge.

2. Periode Sastra
Sastra setunggale bangsa saking waktos teng waktos ngalami pikembangan, mekaten ugi hale kaliyan sastra Nuswantara (selebete hal puniki ugi sastra Cerbon). Pramila punika, sejarah sastra mboten sanes ngrupiaken rangkenan atanapi jajaran periode sastra. Pengertosan periode teng ngriki nggih niku bagian waktos kang dikuasai dening setunggale sistem norma sastra, standar, lan konvensi sastra kang kemunculan, penyebaran, kerinekaragaman, integrasi, lan kesirnaane saged dirunut. Periodi sastra raket tetaliane kaliyan angkatan-angkatan sastra keranten angkatan sastra punikalah kang manggen periode-periode kasebat.
Angkatan selebete rumpaka sastra mboten sanes nggih niku sekempelan sastrawan kang gesang teng kurun waktos atanapi manggen teng selebete masa tinemtos. Keranten piyambeke sami gesang teng waktos kang sami, temtos kemawon wonten silih mengaruhi ngantos piyambeke gadah ide, gagasan, atanapi sumanget kang sami, atanapi semboten-mbotene wonten kememperane. langkung-langkung tokoh kang dianggep penting, temtos kemawon bade mengaruhi cara pandeng kang ageng sanget ngantos nyukani corak lan warni teng periode punika. Teng selebete bidang sastra, ide, gagasan, pikiran, lan sumanget kang dituangaken selebete wangun rumpaka sastra nuduhaken tetenger intrinsik kang meh sami atanapi malah sami.
Peryogi disumerepi, pembagian jaman sastra atanapi periodi sastra punika mboten saged dijelasaken kelawan pas nalika setunggale jaman punika umakir (berakhir) lajeng ujug-ujug milai jaman kang enggal, hal punika dumasar perkiraan kemawon. Wates-wates jaman kang setunggal kaliyan jaman kang sanese punika sifate ramyang-ramyang (samar), margi setunggale jaman punika mboten mandeg secara ujug-ujug. Mekaten ugi setunggale perobihan ugi mboten saged ditampi kelawan ujug-ujug.
Sesampune dislidiki, nyatae asil kasusastraan punika mboten serupi sifat lan isie awit sengiyen ngantos saniki. Dumasar kebotensamian punika, kasusastraan kabagi teng atase pinten-pinten jaman kados pendapate ahli sastra teng andap puniki.
Miturut B. Simorangkir Simanjuntak, periodi sastra punika saged dibagi dados :
1) Masa Purba
2) Masa Hindu
3) Masa Enggal
a) Masa Abdullah
b) Masa Balai Pustaka (Angkatan ‘20)
c) Masa Pujangga Baru (Angkatan ‘30)
4) Masa mutakhir
a) Jaman Jepang
b) Jaman Revolusi (Angkatan ‘45)
Miturut Sabarudin Ahmad, periodi sastra saged dikelompokaken dados :
1) Sastra Lami
a) Dinamisme
b) Hinduisme
c) Islamisme
2) Sastra Enggal
a) Masa Abdullah
b) Balai Pustaka
c) Pujangga Baru
d) Angkatan ‘45

Miturut Nugroho Notosusanto, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Sastra Melayu Lami
2) Sastra Indonesia Modern
a) Masa Kebangkitan
b) Periode ‘20
c) Periode ‘33
d) Periode ‘42
3) Masa Kebangkitan
a) Periode ‘45
b) Periode ‘50

Miturut Ajip Rosidi, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Kelairan
a) Awal Abad XX – 1933
b) 1933 – 1942
c) 1942 – 1945
2) Perkembangan
a) 1945 – 1953
b) 1953 – 1960
c) 1960 – ….

Miturut J.S. Badudu, periode sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Melayu
a) Purba
b) Hindu / Islam
2) Abdullah
3) Indonesia
a) Balai Pustaka (Angkatan ‘20)
b) Pujangga Baru (Angkatan ‘30)
c) Angkatan ‘45
d) Sesampune ‘45

Miturut Buyung Saleh, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Sederenge naun 1920 an
2) Antawis naun 1920 an ngantos naun 1933
3) Naun 1933 ngantos Mei 1942
4) Mei 1942 ngantos saniki (1956)

Miturut H.B. Jassin, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Sastra Melayu Lami
2) Sastra Indonesia Moderen
a) Angkatan ‘20
b) Angkatan ’33 (Pujangga Baru)
c) Angkatan ’45 milai naun 1942
d) Angkatan ’66 milai sekitar naun 1955

Miturut Bakti Siregar, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Abad XX ngantos 1942
2) 1942 ngantos 1945
3) 1945 ngantos 1950
4) 1950 ngantos saniki (1964)

Miturut Prof. Dr. Rachmat Joko Pradopo, periodi sastra punika saged dikelompokaken dados :
1) Periode Balai Pustaka (1920 – 1940)
2) Periode Pujangga Baru (1930 – 1945)
3) Periode Angkatan ‘45 (1945 – 1955)
4) Periode Angkatan ‘50 (1950 – 1970)
5) Periode Angkatan ‘70 (1970 ngantos saniki (1980)).

Periodi sastra tebng nggil punika sewang-sewangan miturut ahli sastra kang benten. Anadene miturut pendapat umume, periodi sastra punika saged dibagi dados kelompok kados teng andap puniki.
1) Sastra Lami
a) Jaman Purba
b) Jaman Hindu
c) Jaman Islam
2) Sastra Peralihan (masa Abdullah)
3) Sastra Enggal
(1) Pujangga Baru
(2) Balai Pustaka
(3) Angkatan 45
(4) Angkatan 66

a. Sastra Lami
Kang dimaksad sastra lami teng tulisan puniki nggih niku sastra kang gesang lan kinembang sederenge timbule Angkatan ’20. Sastra lami piyambek saged digolongaken teng atase jaman purba, jaman Hindu, lan jaman Islam.

1) Jaman Purba
Kang dimaksad kasusastraan jaman purba punika wangun kasusastraan kang sampun wonten sederenge dugi Agami Hindu. Miturut dugaan (keranten dereng wonten peningggalan sastra tinulis kang saged dislidiki) ahli sastra, teng jaman punika sampun wonten wangun kesusastraan. Selerese teng jaman punika sampun wonten wangun kesusastraan kang tinulis teng ron lontar nanging cacahe punika sekedik pindah, dados dereng saged diangge kangge panggeran.
Miturut penyelidikan ahli sastra punika, teng kesusastraan jaman purba sampun wonten wangun-wangun puisi, prosa, basa umirama (berirama), lan drama. Rumpaka-rumpaka sastra teng jaman punika katah ngandung unsur-unsur puisi kados dene mantra, bidal, talibun, lan pantun.

2) Jaman Hindu
Jaman punika perdagangan teng Indonesia sampun majeng mboten kemawon bangsa Indonesia piyambak, nanging ugi dijujug dening bangsa asing. Bangsa asing kang milet sadean kaliyan bangsa Indonesia waktos punika nggih niku Persia, Cina, lan India. Bangsa-bangsa punika gadah kebudayaan kang dicap langkung inggil tinimbang kebudayaan bangsa Indonesia. Anggene sadeyan, bangsa India punika mbakta agami enggal kang disebat agami Hindu lan Buddha. Kenyatane, agami enggal punika saged katampi dening kaki moyang kita kelawan sae, terutami teng Nusa Jawi. Mangkae, kitab suci kang tinulis teng ron lontar ugi milet diplajari teng kaki moyang kita punika. Saking ngrika, secara basajan saged ditarik kesimpulan nyaniya pengaruh kebudayaan Hindu lan Buddha punika sumebare saking agami.
Anadene pengaruh Hindu lan Buddha teng selebete kesusastraan Indonesia umume wangun prosa lan puisi. Sedeng teng drama lan basa umirama meh mboten katingal pengaruhe. Teng jaman punikalah lair istilah seloka lan gurindam.

3) Jaman Islam
Perdagangan antawis kaki moyang kaliyan bangsa Arab kang dugi sesampune India lan Cina, miturut dugaan sanese milet sadean ugi nyebaraken agami enggal, nggih niku Islam. Kados agami Hindu lan Buddha, Agami Islam ugi saged katampi kelawan sae. Malah pikembangan agami Islam punika langkung rikat tinimbang agami, Hindu lan Buddha.
Mlajari agami Islam artose mlajari ugi kitab sucie, nggih niku Al Qur’an kang diserat ngangge aksara Arab. Kabare, teng Arab waktos punika kepinteran sesanjak diperyogiaken sanget. Saudagar, hulubalang, pengajeng agami, lan pemingpin teng tugase sedinten-dinten ngrupiaken ahli sanjak. Istilah umum kang dipiangge waktos punika nggih niku syair anadene tiyang kang nyair punika disebate penyair.
Toging prana, istilah syair punika mlebet teng pibendaharaan puisi lami Indonesia. Saking punika tumimbul wangun sastra puisi kang wangune syair kados dene : Syair Himop, Syair Bidasari, Syair Ken Tambunan, Syair Yatim Nestapa, Syair Burung Pungguk, Syair Perahu, Syair Pelanduk Jenaka, lan Syair Singapura Dimakan Api. Teng jaman punika ugi tumimbul istilah sastra kang enggal kados dene gazal, masnawi, kit’ah, ruba’i, lan nazam. Mekaten ugi teng prosa tumimbul istilah hikayat. Teng jaman punika timbul asil rumpaka sastra kados dene Hikayat Bayan Budiman, Hikayat Khojah Maimun, Hikayat Khojah Mubarak, Hikayat 1001 Malam, Hikayat Bakhtiar, lan Hikayat Amir Hamzah. Hikayat Amir Hamzah punika teng Jawi dikenal kaliyan istilah hikayat atanapi cerios menak.
Micareng sastra lami (sastra buhun) mboten saged ngantunaken setunggal cerios kang disebat cerios panji. Cerios panji asale saking Jawi Wetan. Sanajan cerios punika babare teng jaman Hindu lan Islam, nanging cerios punika mboten kapengaruhi dening kesusastraan Hindu atanapi Islam.
Cerios panji aslie diserat ngangge basa Jawi, nanging lami-lami katah dipengaruhi dening sastra Melayu. Miturut dugaan, cerios panji punika sumebar teng wewengkon Nuswantara wiwit jaman kerajaan Majapahit. Cerios panji punika cacahe katah lan namie ugi benten-benten. Misale Hikayat Cekel Weneng Pati, Hikayat Nusa Indra Dewa Kusuma, Hikayat Panji Semirang, Hikayat Galuh Digantung, lan sanes-sanese. Nanging sesampune cerios-cerios punika diteliti, saking semanten katahe cerios-cerios punika sejatine sami, nggih niku ngenai sekawan kerajaan utami kang wonten teng Jawi Wetan, nggih niku Kahuripan, Daha, Gegelang, lan Singasari. Anadene cerios utamie punika ngenai raos kuciwae Raden Putra Inu Kertapati saking Kahuripan tunangane Ratu Galuh Candra Kirana saking Daha kang ical mboten temtos wanae.

b. Sastra Enggal
Kang dimaksad sastra enggal nggih niku sastra kang gesang lan kinembang sesampune jaman Islam kang diawiti dening jaman peralihan nggih niku masa Abdullah. Sastra enggal piyambek saged digolongaken teng atase jaman Adullah bin Abdul Kadir Munsyi, Angkatan ’20 Angkatan ’30 Angkatan ’45, lan Angkatan ’66 ngantos saniki.

1) Masa Peralihan (Jaman Abdullah)
Micarengaken sastra zaman peralihan kedah micarengaken setunggale tokoh kang diasmani Abdullah langkung rumiyin. Abdullah, asma lengkepe Abdullah bin Abdul Kadir Munsyi dilairaken naun 1797, ramae saking Yaman lan ibue saking Keling.
Keranten moyange saking kalih negari kang beten basae, Abdullah sing awit alit apal tigang basa, nggih niku basa Arab minangka basa ramae, basa Keling minangka basa ibue, lan basa Melayu keranten pergaulane sedinten-dinten. Anadene sastra kang diasilaken dening Abdullah bin Abdul Kadir Munsyi punika kados dene Hikayat Abdullah (kisah gesang Abdullah piyambek), Kisah Pelayaran Abdullah saking Singapura teng Kelantan, Syair Singapura Dimakan Api, lan Kisah Perjalanan Abdullah teng Jeddah.
Sanese kang sampun disebataken teng inggil punika, Abdullah nambih perbendaharaan kasusastraan Melayu (Indonesia) kelawan cara :
a) Nerjemahaken Panca Tantra saking basa Tamil ngangge basa Melayu kaliyan name Panca Tanderan.
b) Nerjemahaken Injil ngangge basa Melayu.
c) Nyitak buku Sejarah Melayu.
d) Damel kamus lan tatabasa Melayu.
Dr. C. Hooykas langkung setuju nglebetaken Abdullah punika teng golongan sastra lami keranten mboten wonten hal-hal enggal, kados dene basa kang dipiange maksih arupi laporan, punapa malih buku Hikayat Abdullah punika dereng menuhi syarat kangge diwastani autobiografi.
2) Angkatan ‘20
Miturut pemerentah Hindia Belanda, pribumi (bumi putra) kang sampun pinter waos tulis perlu disayogiaken piranti bahan waosan kang saluyu. Mangkane, naun 1908 diadegaken Commissie voor de Volkslectuur (Taman Wacaan Rayat), waktos punika pemingpine Dr. G.A.J. Hazeu. Naun 1917 dening Dr. G.W.J. Drewes (pemingpin Taman Wacaan Rayat waktos punika) nami Taman Wacaan Rayat digentos Balai Pustaka.
Angkatan punika disebat angkatan ’20 atanapi Angkatan Pujangga Baru keranten babare teng naun 20-an lan teng waktos punika penerbit kang paling katah nerbitaken buku-buku sastra nggih niku Penerbit Bali Pustaka.
Teng naun 1921 terbit roman kang pertami, nggih niku Azab dan Sengsara anggitan Merari Siregar. Mboten lami tumimbul roman-roman sanese kados dene : Jeumpa Aceh anggitan Zainudin, Pertemuan anggitan Abbas Sutan Pamuntjak nan Sati, Nasib anggitan Habib Sultan Maharaja, lan sanes-sanese.
Naun 1922 terbit roman Siti Nurbaya anggitan Marah Rusli. Kangge Angkatan Balai Pustaka, roman Siti Nurbaya gadah artos kang penting sanget, ngantos penganggit-penganggit Balai Pustaka nyebat dirie Angkatan Siti Nurbaya atanapi Angkatan ‘20. Anadene rumpaka-rumpaka sastra kang terbit teng periode punika diantawise :
a. Siti Nurbaya (1922) rumpaka Marah Rusli;
b. Azab dan Sengsara (1922) rumpaka Merari Siregar;
c. Muda Teruna (1922) rumpaka M. Kasim;
d. Bebasari (1922) rumpaka Rustam Effendi;
e. Pancaran Cinta (1926) rumpaka Sanusi Pane;
f. Darah Muda (1927) rumpaka Djamaloedin atanapi kang dikenal kaliyan nami padengan Adinegoro;
g. Salah Asuhan (1928) rumpaka Abdul Moeis;
h. Tak Putus Dirundung Malang (1929) rumpaka Sutan Takdir Alisjahbana.

Wonten kalih tetenger utami kang saged ditingal saking penganggit-penganggit Angkatan ’20 punika, nggih niku :
a. Sikap penganggit pareng nuduhaken lan ngewucal pemaos mboten secara terang-terangan, malah asring migunakaken basa kang disandiaken. Kadang-kadang weling punika diseselaken teng tengah cerios pokok, ngantos ngganggu kelancaran ceriosan kang selerese;
b. Selebete milih latar pengker, meh sedanten penganggit milih adat istiadat teng wewengkone piyambek-piyambek.
3) Angkatan ‘30
Angkatan punika disebat Angkatan ’30 atanapi Angkatan Pujangga Baru keranten dipendet saking majalah sastra kang terbit naun 1933. Majalah punika nggih niku majalah Pujangga Baru. Angkatan ’30 atanapi Angkatan Pujangga Baru selebete kesusastraan Indonesia kawentar kaliyan angkatan kang mbakta paenggalan lan teng anggitane njunjung basa Indonesia kang dicetusaken dening para nem-neman selebete Sumpah Pemuda naun 1928. Sederenge Sumpah Pemuda, basa kang dipiangge minangka basa resmi teng sekolah-sekolah, kantor, lan anggitan-anggitan punika ngangge basa Melayu, nggih niku basa kang dipiangge dening masyarakat Kepulauan Riau, Semenanjung Malaya, Sumatera Wetan, Kalimantan Kilen, lan wewengkon sekitare.
Teng awal pemicarengan ngenai pembagian jaman sampun diwicarengaken nyaniya milai lan pemungkese setunggale jaman mboten dumados secara ujug-ujug. Punapa malih kang diangge kangge panggeran punika sanes naun-naun rinumpakae asil sastra kang dimaksad, nanging kang dados panggeran punika isi, sifat, lan jiwa anggitan punika serupi kaliyan cerios kang wonten teng jaman kang dimaksad. Misale, Sutan Takdir Alisyahbana punika sampun katah nganggit teng jaman Balai Pustaka, nanging Sutan Takdir Alisyahbana mboten ngalami disebat penganggit Angkata ’20 atanapi angkatan Balai Pustaka. Anadene rumpaka-rumpaka sastra kang terbit teng periode punika diantawise :
a. Tuba Dibalas dengan Susu (1933) rumpaka Nur Sutan Iskandar;
b. Layar Terkembang (1936) rumpaka Sutan Takdir Alisyahbana;
c. Nyanyi Sunyi (1937) rumpaka Armijn Pane;
d. Di Bawah Lindungan Ka’bah (1938) rumpaka Haji Abdul Malik Karim Amrullah atanapi kang dikenal kaliyan nami padengan Hamka;
e. Buah Rindu (1941) rumpaka Amir Hamzah.

Secara umum, sifat-sifat kesusastraan Angkatan ’30 nggih niku :
a. Persoalan adat kang sifate kedaerahan digentos kaliyan persoalan kang langkung umum lan sifate nasional;
b. Wangun lan isi anggitan robih saluyu kaliyan pikembangan jaman;
c. Unggal anggitan sangsaya ceta lan jelas nggambaraken pribados penganggite kang mboten sukarena dumateng peraturan-peraturan kang umiket (mengikat).

4) Angkatan ‘45
Angkatan ’45 dipikenalaken dening Rosihan Anwar kang diserat teng majalah Siasat naun 1950. Angkatan punika ugi disebat Angkatan Chairil Anwar keranten teng masa punika peran Chairil Anwar semanten agenge selebete nglairaken Angkatan ’45. Seliyane disebat Angkatan, ’45. angkatan punika ugi dikenal kaliyan istilah Angkatan Kemerdekaan keranten teng waktos punika, Indonesia nembeke kemawon mroklamasikaken kemerdikaane.
Teng naun 1942 mletus Perang Asia Timur Raya, lan Jepang kaliyan peparab Sederek Sepuh ndarat teng Indonesia seolah-olah bade mbebasaken bangsa Indonesia saking penjajahan bangsa Welandi lan pareng nyukani kemerdikan dumateng bangsa Indonesia. Nanging, lami-lami rayat eling nyaniya hal punika cumi propaganda kemawon. Saking punika milai muncul penganggit-penganggit nem kados dene Usmar Ismail, Amal Hamzah, Rosihan Anwar, lan Nursyamsu. Pelopor Angkatan ‘45 nggih niku Chairil Anwar. Anadene rumpaka-rumpaka sastra kang terbit teng periode punika diantawise :
a. Atheis rumpaka Achdiat Karta Miharja;
b. Surat Singkat tentang Essai rumpaka Asrul Sani;
c. Deru Campur Debu rumpaka Chairil Anwar;
d. Kesusastraan Indonesia dalam Kritik dan Essai rumpaka H.B. Jassin;
e. Dari Ave Maria ke Jalan Lain ke Roma rumpaka Idrus;
f. Surat Kertas Hijau rumpaka Sitor Situmorang;
g. Sedih dan Gembira rumpaka Usman Ismail.

5) Angkatan ‘66
Nami Angkatan ’66 diperekenalaken dening H.B. Jassin kaliyan ngangkat Taufik Ismail minangka pelopore liwat rumpakae ‘Tirani dan Benteng’. Angkatan ’66 punika tumimbul nalika Indonesia siweg ngalami kekacauan lan kebontentemtosan teng kesedantenan bidang-bidang kegesangan, ngantos rumpaka-rumpaka sastra kang wonten teng jaman punika umume nglukisaken kesengsaraan kang dialami dening rayat lan ugi isie ngenai protes. Protes maring pemerintah lan protes maring kewontenan.
Teng Angkatan ’66 timbul istilah enggal nggih niku ‘pemaosan sajak’. Pemaosan sajak punika ngrupiaken setunggale cabang seni puisi. Pemaosan sajak piyambek dipendet langsung saking basa Inggris ‘poetry reading’. Anadene rumpaka-rumpaka sastra kang terbit teng periode punika diantawise :
a. Tirani rumpaka Taufik Ismail;
b. Pahlawan Tak Dikenal rumpaka Toto Sudarto Bachtiar;
c. Balada Orang-orang Tercinta rumpaka W.S. Rendra;
d. Malam Jahanam rumpaka Motinggo Buesje;
e. Kapai-Kapai rumpaka Arifin C. Noor.
H. Apresiasi Sastra
1. Pengertosan Apresiasi sastra
Apresiasi sastra ngrupiaken setunggale kegiatan mahami, ngayati, lan nikmati setuggale wangun rumpaka sastra kelawan temen-tinemenan ngantos timbul pengertosan, pereginan, lan kepekaan pikiran kritis dumateng setunggale rumpaka sastra kang dimaksad. (Suprapto, 1993 : 13)
Istilah apresiasi asale saking basa Latin, ‘apreciatio’ kang artose nginanaken (mengindahkan) atanapi ngregeni. Teng selebete konteks kang langkung wiyar, miturut Gove, istilah apresiasi ngandung nilai-nilai : (1) penepangan peraosan lan kepekaan batos, lan (2) pemahaman lan pengakuan dumateng nilai-nilai kainan kang diungakapaken dening penganggit. Sedeng Squire lan Taba gadah simpulan nyaniya minangka setunggale proses, apresiasi sastra nglibetaken tigang unsur, nggih niku aspek kognitif, aspek emotif, lan aspek evaluatif.
Aspek kognitif tinalenan kaliyan intelektualitas pemaose selebete mahami unsur-unsur kesastraan kang sipate objektif. Aspek emotif tinalenan kaliyan unsur-unsur emosi pemaos selebete ngayati unsur-unsur kainan kang wonten teng teks sastra kang diwaos. Sedeng aspek evaluatif tinalenan kaliyan kegiatan nyukani penilaian esak-mboten esake, sae-mboten saene, inan-mboten inane, saluyu-mboten saluyue, lan rineka penilaian sanese kang kedah digadahi selebete setunggale rumpaka kritik.
Saluyu kaliyan pengertosan apresiasi sastra teng inggil punika, S. Effendi ngungkapaken nyaniya apresiasi sastra ngrupiaken kegiatan nggauli, ngakrabi, lan ngraketi rumpaka sastra secara temen tinemenan ngantos nuwuhaken pengertosan, pereginan, kepekaan pikiran kritis, lan kepekaan pengraosan kang sae dumateng rumpaka sastra.

2. Kegiatan Apresiasi sastra
Kegiatan apresiasi sastra saged dilampahi kaliyan kalih cara, nggih niku perilaku kegiatan secara langsung lan perilaku kegiatan secara mboten langsung. Apresiasi sastra secara langsung ngrupiaken kegiatan maos atanapi nikmati setunggale rumpaka sastra arupi teks atanapi performansi secara langsung. Perilaku punika saged winujud kaliyan maos, mahami, nikmati, lan ngevaluasi teks sastra arupi cercen (cerita cendek), novel, roman, naskah drama, atanapi teks sastra arupi puisi. Kegiatan apresiasi sastra secara mboten langsung saged dilampahaken kaliyan cara mlajari teks sastra, maos artikel kang gadah hubungan kaliyan kesastraan, mlajari buku-buku atanapi esai kang mbahas lan nyukani penilaian dumateng setunggale karya sastra, tur mlajari sejarah sastra.
3. Pencaketan selebete Apresiasi Sastra
Kerinekawarnian selebete ngapresiasi sastra langkung katah ditemtosaken dening, (1) tujuan lan teks sastra punapa kang bade diapresiasi, (2) lumangsunge apresiasi punika kaproses lewat kegiatan kang kados pundi, lan (3) dasar lan teori kang dipigunakaken selebete kegiatan ngapresiasi sastra. Anadene pencaketan-pencaketan kang lumrah diangge selebete nglampahaken kegiatan apresiasi sastra punika dibagi teng atase dasar-dasar kang sampun temtos.
Dumasar tujuan lan teks sastra punapa kang bade diapresiasi, wonten sejumblah pencaketan kang ngliputi : pencaketan parafrastis, pencaketan emotif, pencaketan analitis, pencaketan historis (kesejarahan), pencaketan sosiopsikologis, lan pencaketan didaktis.

a. Pencaketan Parafrastis
Pengertosan pencaketan parafrastis ngrupiaken strategi pemahaman kandungan makna teng selebete setunggale rumpaka sastra kaliyan ngungkapaken malih gagasan kang dimaturaken dening panganggit kelawan migunakaken tembung-tembung atanapi ukara kang benten kaliyan tembung-tembung atanapi ukara kang dipigunakaken dening penganggit. Tujuan penggunaan pencaketan parafrastis punika kangge nggampilaken atanapi mbasajanaken pianggean tembung-tembung atanapi ukara kang dipigunakaken dening penganggit, ngantos pemaos langkung saged mahami gagasan kang dimaturaken dening penganggit selebete rumpaka sastra.
Misale :
jam ketap-ketip
sungguh ora teksangka
awan gelis mingsed
ngambai dalaneng jagat

Kangge tiyang kang dereng mahami rineka wernaneng makna, temtos kemawon ngraos kangelan kangge mahami makna tembung-tembung teng selebete sajak teng inggil punika, nanging kelawan diparafrasekaken kaliyan ‘penganggit pareng maturaken amanat atanapi gagasan nyaniya ngantos semonten sekedape laku-lampahe tiyang gesang teng alam dunya’ kadose sinten kemawon saged mahami makna kang wonten teng tembung-tembung punika.

b. Pencaketan Emotif
Pencaketan emotif selebete apresiasi sastra ngrupiaken setunggale pencaketan kang usahae manggihaken unsur-unsur kang saged ngudal-udal emosie pemaos. Prinsip-prinsip dasar kang nglatarpengkeri pencaketan emotif nggih niku setunggale pandengan kang nyatakaken nyaniya rumpaka sastra punika ngrupiaken bagbagan saking rumpaka seni kang wonten teng ajenge pemaos kangge dinikmati lan diraosaken ngantos saged nyukani hiburan lan kesenengan.

c. Pencaketan Analitis
Pencaketan analisis nggih niku setunggale pencaketan kelawan cara mahami gagasan, cara penganggit nampilaken gagasan, atanapi ngimajinasikaken ide-ide, sikap penganggit waktos nampilaken gagasan, elemen-elemen intrinsik, lan mekanisme hubungan unggal elemen intrinsik punika ngantos sanggem mangun kasaluyuan, keselarasan, lan kemanunggalan selebete mangun totalitas wangun atanapi totalitas makna.

d. Pencaketan Historis (kesejarahan)
Pencaketan historis langkung nitikberataken unsur biografi (riwayat gesang) penganggit, latar pengker peristiwa kesejarahan kang nglatarpengkeri winujude rumpaka sastra kang diwaos, lan pikembangan gesang penciptaan, atanapi kegesangan rumpaka sastra piyambek. Prinsip dasar kang nglatarpengkeri pencaketan punika nggih niku anggepan nyaniya cipta sastra kepripun kemawon ngrupiaken bagbagan saking jamane.

e. Pencaketan Sosiopsikologis
Pencaketan sosiopsikologis nggih niku pencaketan kang usahae mahami latar pengker keegesangan sosial budaya, kegesangan masyarakat, atanapi tanggapan kejiwaan, atanapi sikap penganggit dumateng lingkungan kegesangan dihubungaken kaliyan kondisi kejiwaan kang wonten teng selebete masyarakat nalika rumpaka sastra punika winujud.

f. Pencaketan Didaktis
Pencaketan didaktis ngrupiaken setunggale pencaketan selebete apresiasi sastra kang ngusahakaken mahami lan manggihaken gagasan, tanggapan evaluatif, atanapi tanggapan penganggit dumateng kegesangan. Penerapan pencaketan didaktis teng apresiasi sastra nungtut daya kesanggeman intelektual, kepekaan raos, atanapi sikap kang mapan saking pemaose.
Teng pelaksanaane, kenenem pencaketan punika lumrah dipigunakaken secara enklitik., nggih niku pencaketan kang setunggal mumkin kemawon dipigunakaken secara sesarengan kaliyan pencaketan kang sanese. Anadene tujuan pencaketan enklitik nggih niku (1) supados pemaos mboten ngraaos bosen, (2) apresiasi kang cumi ngangge setunggal pencaketan mawon bade nyukani informasi kang mboten ajeg atanapi malah sawon, lan (3) pencaketan secara enklitik saluyu kaliyan kompleksitas aspek atanapi kerinekaragaman karakteristik rumpaka sastra punika piyambek.

4. Teori Apresiasi sastra
Selebete pembahasan teng ajeng sampun diwedaraken nyaniya teks sastra punika semboten-mbotene njambet unsur (1) kebasaan, (2) struktur wacana, (3) signifikan sastra, (4) kainan, (5) sosial budaya, (6) nilai boh nilai filsafat, agama, atanapi psikologi, lan (7) latar pengker kesejarahane.
Dumasar landasan teori kang dipigunakaken selebete nglampahi kegiatan, apresiasi sastra, lumrahe apresiator ngangge teori-teori kang sampun temtos. Anadene teori apresiasi sastra kang lumrah diangge punika ngliputi teori kados dene : teori fenomenologi, teori hermeneutika, teori formalisme, teori strukturalisme, teori semiotika, lan teori resepsi.

a. Teori Fenomenologi
Teori fenomenologi dipelopori dening J. Hills lan Ingarden. Teori fenomenologi langkung katah musataken perhatosane dumateng aspek makna lan nilai-nilai kang wonten teng selebete rumpaka sastra. Kangge mahami makna, sanese pemaos kedah sanggem mahami punapa kang sinurat lan digambaraken dening penganggit, pemaos ugi kedah sanggem ngantetaken lan ngabstraksiaken makna punika.
Saking abstraksi lan asosiasi kang diampili dening renungan lan transendensi umikir secara subjektif toging prana angsal dunia-dunia subjektif kang pareng dipaparaken penganggit tur sejumblah nilai kang wonten teng lebete.

b. Teori Hermeneutika
Teori hermeneutika awale dimupangataken minangka ilmu kangge napsiraken kitab suci, teng hal punika kitab Injil. Hermeneutika dumasaraken teng filsafat Martin Heidegger gadah pandengan upaya pemahaman makna liwat transendensi subjektif dumateng realitas kang gumelar teng teks sastra mboten pas (tepat). Miturut hermeneutika, kasunyatan atanapi realitas teng selebete teks sastra mboten saged diuculaken saking dunya kasunyatan, kagesangan, lan waktos.
Kangge mahami makna kang wonten teng selebete teks sastra, miturut teori hermeneutika, pemaos peryogi nelaah hubungan antawis teks sastra punika kaliyan kegesangan sosial budaya kang nglatar pengkeri atanapi unsur kesejarahane. Mekaten ugi transendensi subjektif selebete upaya pemahaman makna mboten mumkin saged dilampahaken keranten kewontenane janma mboten saged diuculaken saking ruang atanapi dunia kegesangan lan waktos.

c. Teori Formalisme
Kewalikan saking teori fenomernologi nggih niku teori formalisme. Teori punika dipelopori dening Jacobson. Teori formalisme langkung nekanaken teng aspek wangun atanapi aspek kebasaan. Wontene penyimpangan, keenggalan, lan keunikan basa teng teks sastra ngrupiaken awal pikembangan lan isi setunggale rumpaka sastra diemban dening totalitas, nggih niku basa ngrupiaken unsur signifikan pangwangun adegan (struktur) wacana atanapi sistem konvensi kang nglatarpengkeri rumpaka sastra.

d. Teori Strukturalisme
Kados kang diungkapaken dening Teew, ‘asumsi dasar strukturalisme nggih niku teks sastra ngrupiaken kesedantenan, kemanunggalan kang buled, lan gadah koherensi batiniah’. Teng aliran strukturalisme punika wonten kalih jejeran. Strukturalisme Perancis atanapi kang langkung dikenal kaliyan istilah strukturalisme klasik, selebete analisise punika langkung nitikberataken deskripsi basa teng selebete teks sastra.
Strukturalisme Amerika atanapi kang asring disebat kritisme enggal (new criticism) sanajan orientasie (kiblate) teng struktur kaliyan totalitase langkung katah ngorientasiaken teng isi. Sedeng strukturalisme Praha kang ditokohi dening Mukarovski lan Vodicka gadah pandengan kang langkung wiyar, nggih niku sistem tanda atanapi sign.

e. Teori Semiotika
Teori semiotika langkung katah nerapaken yen semantik punika selebete ngupayakaken pemahaman makna teng teks sastra. Telaah makna lewat teori semiotika mboten cumi tinalenan kaliyan unsur-unsur linguistik, nanging ugi tinalenan kaliyan unsur-unsur selebete struktur wacana kang sifate metaforis atanapi verbal icon, lan unsur-unsur sosial basa kang nunjang pemaknaan wangun.

f. Teori Resepsi
Tokoh teori resepsi nggih niku Jacques Lacan lan Roland Barthes gadah anggepan nyaniya setunggale rumpaka sastra sampun wonten teng tengah-tengahe masyarakat pemaos lan pemaos piyambek kang nemtosaken makna teng selebete rumpaka sastra. Artose, makna kang dikandung dening setunggale rumpaka sastra punika gumantung teng sudut pandengan pemaos, punapa kemawon makna kang dilabelaken dening pemaos, maka makna punikalah kang dikandung dening rumpaka sastra punika. Teng hal punika, penganggit cumi nyodoraken rumpaka sastra kangge ditafsiraken sekajenge pemaos.
Kerinekawarnian makna punika seliyane ditimbulaken dening katahe penafsiran, ugi dumados keranten wontene pibentenan bekal pangauning lan pengalaman kang digadahi dening pemaos punika piyambek. Malah mboten mustahil angsale pemahaman saking setunggale pemaos ngalami perobihan atanapi cekap kinembangan sejalan kaliyan pikembangan kepekaan raos intelektual atanapi pengalaman pemaos punika piyambek.

g. Teori Tradisional
Miturut Olsen, teori tradisional nggih niku teori kang sepinuhe ngorientasiaken bidang kajiane teng sejarah sastra lan makna kang digadahi dening rumpaka sastra tur nyikapi makna punika minangka setunggale hal kang sanggem ngembangaken pangauning lan filsafat gesang pemaos.

h. Teori Intensional
Teori intensional nggih niku setunggale teori apresiasi sastra kang musataken kajiane teng unsur-unsur signifikan kang mbangun rumpaka sastra lan secara intrinsik wonten teng selebete rumpaka sastra punika piyambek.
Selebete teori intensional, penekanan kajian nggih niku teng sikap penganggit atanapi pemaos lan intensitas peraosan selebete ngayati unsur-unsur keinanan selebete teks sastra punika.

i. Teori Ekstensional
Benten kaliyan teori intensional, teori ekstensional punika pusat kajiane justru teng unsur-unsur nonsignifikan selebete teks sastra, nanging kewontenane gadah peran selebete mujudaken teks sastra punika. Unsur-unsur kang dados kajian teori ekstensional punika umpamie tembung, sintaksis, lan semantik.

j. Teori Semantis
Teori semantik dipelopori dening Empson. Teori punika benten kaliyan kelibetan semantik selebete teori ekstensional kang langkung katah nuju teng aspek linguistike. Teori semantik teng hal punika langkung katah ngrupiaken penerapan semantik punika piyambek selebete usaha mahami makna selebete setunggale teks sastra.
Saluyu kaliyan kompleksitas pemaparan teks sastra punika, toging prana kajian makna liwat teori semantik punika mboten cumi tinalenan kaliyan unsur-unsur linguistik, nanging ugi tinalenan kaliyan unsur-unsur selebete struktur wacana kang sifate metaforis atanapi verbal icon tur unsur-unsur sosial basa kang ndukung pemaknaan wangun kasebat.
Tevetan Thodorof kang mbentenaken unsur sintaksis minangka media pemapar kang tinalenan kaliyan unsur unsur-unsur kebasaan lan verbalisasi minangka unsur-unsur struktur wacana kang sifate metaforis ngantos gadah peranan selebete maparaken setunggale gagasan.

k. Teori Struktural
Upami teori semantik punika cumi nekanaken teng aspek makna teng setunggale teks sastra, teori struktural punika teng pandengan Olsen pusat kajiane ngliputi aspek wangun atanapi struktur kaliyan aspek teksture. Hal punika saluyu kaliyan kewontenan lambang atanapi sign kang mboten saged diuculaken saking unsur signifier lan signified. Selebete teori struktural, lambang kang sampun gadah perilaku selebete konteks wacana ngrupiaken pusat kawitan kajian ngantos angsal makna saking kang linambang atanapi signifier sarta setunggale hal kang dilambangaken atanapi signified serkaligus saged dipahami.

l. Teori Mimesis
Teori mimesis gadah anggepan nyaniya teks (rumpaka) sastra punika dumasare ngrupiaken wakil atanapi gambaran saking setunggale kasunyatan kang wonten teng selebete pikiran penganggit kang dituangaken liwat rumpaka sastra. Pramila punika, kangge saged mahami kasunyatan kang digambaraken teng selebete teks sastra, pemaos langkung rumiyin kedah gadah bekal pangauning lan pemahaman kang cekap ngenai kasunyatan punika piyambek, boh arupi pengalaman atanapi pangauningan.

m. Teori Emotif
Teori emotif ngrupiaken teori kang gadah anggepan nyaniya rumpaka sastra dumasare wonten saking kejeroane emosi penganggite. Pramila punika, selebete maos teks sastra, pemaos ugi kedah gadah kejeroan raos atanapi emosi ngatos wonten tinautan antawis setunggale hal kang dipaparaken dening penganggit kaliyan respons kang digadahi pemaos.
n. Teori Ekspresif
Memper kaliyan teori emotif, teori ekspresif kang dopelopori dening Plato lan Arisrtoteles gadah pandengan nyaniya teks sastra utamie puisi dumasare ngrupiaken ekspresi spontan kang inolah liwat jerone emosi penganggit. Ekspresi spontan selebete hal punika sampun kabebasaken saking tali iketan kesan pengamatan penganggit dumateng setunggale objek. Nanging keranten ekspresi spontan punika diawiti dening ndek-ndekan pengalaman pengaggit, kajian liwat teori ekspresif punika asring diawiti kaliyan upaya pemahaman dumateng realitas kang dados bungkah timbule obsesi atanapi pengalaman.

5. Mupangat Apresiasi sastra
Minangka setunggale hal kang gadah aspek kang rineka ragam, wonten mupangat kang digadahi dening pemaos sesampune nglampahaken kegiatan apresiasi sastra. Anadene mupangat kang digadahi dening pemaos sesampune nglampahaken kegiatan apresiasi punika saged dibagi dados kalih jenis, nggih niku mupangat secara umum lan mupangat secara khusus.

a. Mupangat secara umum
Kados kang sampun disumerepi dening masyarakat, peminat, atanapi pemaos sastra punika rineka ragam. Kerinekaragaman punika lajeng nyebabaken timbule keragaman selebete kegiatan apresiasi sastra. Upami teng bagbagan puniki disebat mupangat secara umum selerese kang dimaksad nggih niku mupangat ngapresiasi sastra secara general.
Sehubungan kaliyan kompleksitas aspek kang digadahi dening rumpaka sastra, Olsen ngungkapaken nyaniya cipta sastra semboten-mbotene gadah tigang elemen atanapi anasir kang dening Olsen diistilahaken kaliyan (1) aesthetic properties, kang wonten hubungane kaliyan unsur-unsur intrinsik atanapi media pemaparan setunggale rumpaka sastra, (2) asthetic dimension, kang wonten hubungane kaliyan dimensi kainan kang dikandung dening setunggale rumpaka sastra, lan (3) aesthetic object, kang wonten hubungane kaliyan kesanggeman rumpaka sastra kangge ndadosaken objek kegiatan janma saluyu kaliyan kerinekaragaman tujuan kang pareng digayuh.

b. Mupangat secara khusus
Pengertosan mupangat secara khusus punika saged diartosaken minangka mupangat kang digayuh dening setunggale pemaos sehubungan kaliyan upaya panggayuhan tujuan-tujuan kang tinemtos.
Anadene maos setunggale rumpaka sastra nyukani mupangat kados dene :
1) nyukani informasi kang kang wonten hubungane kaliyan angsale nilai-nilai kegesangan,
2) nyugihaken pandengan atanapi wawasan kegesangan minangka setunggale unsur kang gadah hubungan kaliyan makna atanapi artos peningkatan kualitas kegesangan janma punika piyambek,
3) saged nyukani pemahaman nilai-nilai budaya kang wonten teng jamane sastra punika didamel,
4) saged ngembangaken sikap kritis pemaos selebete ngamati pikembangan jaman saluyu kaliyan kelungguhan sastra punika piyambek minangka salah setunggale kreasi janma kang sanggem dados semacem peramal ngenai pikembangan jaman teng waktos mangkin.

I. Aliran-Aliran Sastra
Aliran sastra kang dados model atanapi panutan teng setunggale jaman biasae dikintil dening sebagian ageng penyair teng jaman punika, malah milet dados karakteristik karya sastra teng jaman punika. Selebete nafsiraken lambang, tanda, pocapan, pemilihan tembung, lan ungkapan–ungkapan kang sampun temtos, pangauning tentang aliran sastra punika mbantos sanget. Aliran-aliran sastra kang dikintil dening para penyair kados teng andap puniki.

1. Aliran Romantik
Aliran romantik pareng nggambaraken kesunyatan gesang kelawan kainanan tanpa cacad. Upami kang digambaraken punika kabagjaan, maka kabagjaan punika ngrupiaken kebagjaan kang sampurna. Sewangsule, upami kang digambaraken punika kasengsaraan atanapi kesedihan, maka penganggit pareng kang digambaraken punika kekingkingan kang sampurna lan pemaos ngedalaken soca ludirae (banyu mata) saged dikuras ngantos telas. Mangkane, aliran romantik asring ditalenaken kaliyan sifat sentimental atanapi cengeng.
Teng aliran romantik, peraosan langkung ditonjolaken sedeng rasio dinomerkalihaken. Teng puisi moderen, penyair kang saged dikategoriaken penyair romantik kados dene : Mohammad Yamin, Amir Hamzah, Y.E. Tatengkeng (Angkatan Pujangga Baru), Ramadhan K.H., Kirdjomulyo, lan Rendra (periode 1953-1961). Buku kumpulan puisi Ramadhan K.H. kang judule ‘Priyangan Si Jelita’ ngrupiaken setunggale contoh kumpulan puisi romantik sesanpune aliran romantik ditentang dening Chairil Anwar sekira naun 1945-1949. ‘Priangan Si Jelita’ nggambaraken kainan alam Priangan, wanodya-wanodya, lan gunung atanapi bukit teng wewengkon Pasundan. Lembute gambaran suasana punika saged dihayati selebete cuplikan sajak Priangan Si Jelita kang sumejah dialihbasakaken kangge keperyogian penyeratan buku puniki.

Priangan Si Jelita

Seruling rinencangan pantun
tangisaken sengasarae tiyang Priangan
selendang abrit, abriteng getih
tumurun teng Cikapundung

Bandung, dasareng bengawan
mlajeng tinumpuk teng bukit-bukit
Seruling miyambek teng pinggir-pinggir
tangisan keris ical teng sumur
melati petak, petaking manah
ical kinasih diandikaken pejah

Bandung, dasareng bengawan
derita mendal teng kulit-kulit

2. Aliran Realisme
Benten kaliyan aliran romantik, aliran realisme nggambaraken sedanten hal kelawan realistis, punapa wontene. Selebete nggambaraken punapa wontene punika, wates-wates kepantesan, pamali, lan hal kang mboten sopan maksih diperhatekaken. Realitas kegesangan kang mboten pantes digambaraken, kang mlanggar pamali lan mboten sopan mboten digambaraken dening penyair.
Teng realisme, penggambaran kedadosan atanapi peristiwa digambaraken kelawan titen lan telaten, nanging sedantene digambaraken kelawan wajar. Upami kang digambarakene punika janma, maka mboten peryogi digambaraken kaliyan ‘putri duyung’ atanapi ungkapan sanese.
Selebete puisi Indonesia, Sutan Takdir Alisjahbana ngrupiaken tokoh kawitan aliran realisme. Nanging kang dados model dening penyair nggih niku Chairil Anwar. Penyair sanese kang saged dikatagoriaken nganut aliran realisme nggih niku Asrul Sani, Rivai Apin, Sitor Situmorang, lan Subagyo Sastrowardoyo. Contoh sajak Chairil Anwar kang saged dikategoriaken nganut aliran realisme,
misale :
Isa
dumateng Nasrani sejati
iku badan
ngucur getih
ngucur getih

rubuh
tugel
nyanggrek pitakon : isun salah?

tekdeleng badan ngucur getih
ingsun kekaca sajroning getih

winayang terang ning sasoca masa
tinuker rupa iki sigra
nutup tatu
ingsun asukan

iku badan
ngucur getih
ngucur getih

3. Aliran Realisme Sosial
Kesunyatan kang digambaraken dening realisme sosial nggih niku kesunyatan kang dialami dening masyarakat kang sengsara, kados dene kaum buruh, kuli, lan tani. Kang dipentingaken teng realisme sosial nggih niku kesunyatan gesang masyarakat golongan revolusioner, setunggale golongan kang mihak buruh tani (atanapi golongan komunis). Selerese, perjoangan kangge buruh tani punika cumi alesan kangge nutupi kepentingan parte komunis. Hal punikalah kang ditentang dening penyair kang mlebet teng aliran realisme sosial. Dados, aliran relisme sosial punika prakteke ngrupiaken antithesis LEKRA. Artose, aliran realisme sosial punika sumejah dibabaraken minangka penyeimbang atanapi malah lelawanan atanapi tinentangan saking propaganda kang dilampahaken dening LEKRA.
Aliran realisme sosial ngalami pikembangan kang rikat sanget teng warsa 1962 ngantos warsa 1965, nggih niku waktos LEKRA (Lembaga Kebudayaan Rakyat) gadah kuwasa teng selebete bidang kebudayan lan seni. Taufik Ismail nglukisaken kesengsaraan dan penderitaan rayat minangka akibat penyelewengan para pemimpin jaman orde lami. Kesengsaraan rayat punika ugi disebabaken dening PKI (kang dibela LEKRA). Teng andap puniki setunggal sajak Taufik Ismail kang nggambaraken sengsarae rayat waktos punika.

Kemis Enjing

Dinten puniki, kaula tangkep tangan-tangan Kebatilan
Kang selami niki ngangge seragam kagungan
Lan nitih kreta-kreta kencana
Lan migunakaken meterai keprabon
Kaliyan swanten glantangan meratasnamiaken
Kawula dukana kang mangpuluh yuta

Dinten niki kaula sumerahaken piyambeke sadaya
Kangge digantung teng tiyang keadilan
Penyebar wisa pitenah lan dusta durjana
Taun tinaun lawase

4. Aliran Ekspresionisme
Penyair aliran ekspresionisme mboten ngungkapaken kesunyatan secara objektif, puisi-puisie leres-leres saking ekspresi jiwa, sanes mimesis. Nanging kadang-kadang penyair golongan realisme ugi gadah sipat ekspresionistis.
Sajak ekspresionisme punika mboten nggambaraken alam atanapi kesunyatan, sanes ugi nggambaraken kesan dumateng alam atanapi kasunyatan, nanging cetusan langsung saking jiwa. Sajak Asrul Sani teng andap puniki ngrupiaken contoh ekspresi sang penyair kang dimajengaken lewat pangandikan kanjeng ibu dumateng putrane.

Surat sing Kanjeng Ibu

Lungaa ning jagat kang amba, Anakingsun
Lungaa ning urip kang bebas
Selawas angin masih angin buritan
Lan srengenge isun masih nyinari gegodongan
Sajrone wana lan giri ijo

Atanapi sajake Saini K.M. teng andap puniki
Sajak kanggo Anakingsun

Tumekeng ngendi tresnaing rama lan ibu, anakingsun
Lamon ora tumekeng pugaseng jriji
Arep kantun gemetere bae. Nyawel
Ngawe-awe sing stasiun cilik. Plabuan kepencil

Trus sira deweklah rama lan ibu
Sing nasibira
Trimaen bumi lan langit, udan kemriwis
Awan lan bengi ing kalbunira

Sepisan pan teka nalika sira tegak dewekan
Ngadega nduwureng bau, ya, pedeken endasingsun
Cawelen lintang-lintang saking abad tumekeng abad
Cuma bisa tekdelaki

5. Aliran Impresionisme
Kesunyatan selebete impresionisme nuwuhaken kesan-kesan teng selebete diri penyair. Punapa kang dimajengaken dening penyair ngrupiaken kesan penyair sesampune ngayati kesunyatan gesang. Anadene objek kesunyatan punika saged arupi janma, peristiwa, barang, lan sanes-sanese. Kesan kang tumimbul diolah teng selebete batin penyair lajeng penyair damel deskripsi kesane punika teng selebete puisi.
Maksad utami puisi aliran impresionisme punika nggih niku mertelakaken kesan kang wonten teng selebete pikiran, peraosan, lan kesadaran penyair. Sajake Sanusi Pane kang judule ‘Candi Mendut’, lan ‘Syiwa Nataraja’, lan sajake Abdul Hadi W.M. kang judule ‘Sarangan’ lan ‘Tawangmangu’, atanapi sajake Mahatmanto kang judule ‘Bunglon’ lan sanes-sanese ngrupiaken contoh sajak kang sifate impresionisme.

Wadon-Wadon Prekasa

Wadon-wadon sing nggawa cepon ning isuk njeput
Sing endi deweke kabeh
Ning statsiun sepur deweke kabeh teka sing bukit-bukit desa
Sedurunge sempritan sepur isuk nglilir
Sedurunge dina ngawiti pesta kerja

Wadon-wadon sing nggawa cepon sajerone sepur
Mendi deweke kabeh
Deweke kabeh lomba karo diwangkara nuju gerbang kota
Ngrebut urip ning pasar-pasar kota
Wadon-wadon sing nggawa capon ning isuk njeput
Sapa deweke kabeh
Oyod-oyod ngosed sing lemah pibukitan tumurun ning kota
Deweke kabeh : tresna asih kang oyeg ngimpi desa demi desa

6. Aliran Imajis
Miturut kaum imajis, kesunyatan punika kedah dilukisaken selebete imaji visual kang bening lan jelas. Tembung-tembung dipilih kelawan titen lan efisien. Basa kang dipilih ngrupiaken basa kang dipiangge sedinten-dinten (basa padinan). Ngantos kangge mahami makna puisi imajis punika, pemaos mboten susah ningal kamus atanapi nglibetaken pikiran kang ruwed. Puisi kaum imajis asring memper kaliyan prosa. Hal punika disebabaken penyair pareng migunakaken basa padinan.
Tokoh aliran imajis kang saged dimajengaken kados dene Sapardi Djoko Damono kaliyan kumpulan puisi kang judule ‘Dukamu Abadi’, ‘Mata Pisau’, lan ‘Perahu Kertas’. Penyair nem-neman kados dene Adri Darmaji, B.Y. Tand, Beni Setia, lan Hettu Emka ngrupiaken pengikut Sapardi. Contoh sajak imajis kados teng andap puniki.

Peristiwa Mau Isuk

Mau isuk sewijineng sopir oplet crita karo tukang warung
tentang wong lanang kang katelindes motor waktu nyabrang.

Mau isuk pesuruh kantor crita karo tukang warung tentang
bature kang katelindes motor waktu nyabrang, mbentus
aspal, trus rame-rame digotong ning pinggir dalan

Mau awan tukang waung crita ning sira tentang isun kang
katelindes mpotor waktu nyabrang, mbentus aspal, terus
digotong rame-rame ning pinggir dalan lan nunggu setengah jam
sedurunge dipapag ambulans lan mati setekaneng rumah sakit
Bengi kiyen sira pengen pisan crita ning isun tentang peristiwa iku

Sapardi Djoko Damono, 1983

J. Latar Pengker Sosial Penyair
Mitos Jawi ngresep sanget teng manahe masyarakat, terutami masyarakat Jawi. Katah mitos-mitos Jawi kang mengaruhi cara pandeng setunggale penganggit anggene damel rumpaka-rumpaka sastra awit jaman sengiyen ngantos saniki. Hal punika disebabaken keranten pancen teng wewengkon Jawi punika katah mitos-mitos kang diyakini kewontenane.
Teng antawis cerios-cerios masyarakat, epos Mahabharata, Ramayana, lan cerios-cerios rayat gadah pengaruh kang kiat sanget, keranten selebete cerios punika wonten wejangan luhur. Kados dene kang diserat dening Goenawan Mohammad teng selebete ‘Asmarandana’ kang diserat dumasar cerios Minakdjinggo–Damarwulan teng andap puniki.

Asmarandana

Piyambeke mireng kebak-kebaking lar lelawa tumurun saking gegodongan keranten angin teng kembang kemuning. Piyambeke mireng swanten ringkik turangga lan langkah pedati nalika langit bersih, ngedengaken bimasakti malih, kang tebih. Nanging, teng antawis piyambeke kekalih, mboten wonten kang ngandika ….
Anjasmara adiningsun, manggona sedela kaya bengien
Wulan uga lembaran jroning angin, ngejor jroning waktu
Lewat remeng lan kunang-kunang, sira lali rupaningsun
Teklaliaken rupanira

Sajak kang dipendet saking nami setunggale pupuh nggih niku pupuh asmarandana kang kawentar punika nyriosaken waktos pepetalan antawis Damarwulan kaliyan Anjasmara. Damarwulan dititah dening Ratu Kencana Wungu tanding jurit nglawan Minakjinggo. Cuplikan teng inggil punika nggambaraken nalika Damarwulan pamit dumateng Anjasmara kangge kesah serlami-lamie keranten Damarwulan ngraos mboten kiat nandingi jurite Minakjinggo kang gadah puisaka Gada Wesi Kuning, piyambeke bakal kasoran. Tanpa nyumeremi latar pengker cerios punika temtos kemawon bakal kangelan ngilari maknae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar