Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Minggu, 12 September 2010

BASA

A. Pengertosan Basa
Watesan basa kang lumrah diangge dumateng para ahli basa nggih niku setunggale sistem lambang arbitrer kang dipigunakaken dening setunggale masyarakat kangge kerja sami, interaksi, lan ngidentifikasi diri (Kridalaksana, 1982 : 17). Sedeng Edward Sapir mertelakaken nyaniya basa puniku ngrupiaken setunggale hal kang diasilaken dening alat ucape janma kang gadah makna, arbitrer, arupi sistem lambang ungel kang dipigunakaken dening janma kangge ngedalaken isi atie, boh pikiran, peraosan, atanapi keparengane (1921).
Minangka setunggale sistem, basa gadah komponen-komponen kang kasusun secara hierarkis. Komponen punika ngliputi komponen fonologis, morfologis, sintaksis, lan semantis. Saluyu kaliyan kewontenane minangka setunggale sistem, komponen-komponen punika silih nyukani makna, silih tinalenan, lan silih nemtosaken. Misale, bentene antawis tembung wana kaliyan wani ditemtosaken dening wontene pibentenan pianggean fonem /a/ kaliyan /i/ teng pengkere tembung-tembung punika. Fonem /i/ teng tataran kang langkung lajeng gadah kelungguhan minangka akhiran kang secara simultan saged digabungaken kaliyan ater-ater aN– ngantos saged mangun tembung siram dados nyirami.

B. Cakupan Basa
Pendapat kang nyatakaken nyaniya basa punika ngrupiaken sistem tanda kang mboten saged dipisahaken kaliyan penganggene. Aspek lambang lan semantik, ugi diungkapaken dening Ferdinand de Saussure (1916) ngungkapaken nyaniya ‘Cakupan basa punika mangadeg teng atase, la langue, la parole, lan la langage’.
La langue nggih niku unit kebasaan kang sipate kolektif lan digadahi dening unggal masyarakat basa, minangka unit sistem sosial budaya saking masyarakat bahasa. La parole nggih niku wujud basa kang dipigunakaken dening anggota masyarakat basa teng pianggean basa. Sedeng La langage nggih niku wujud pengelompokan la parole kang mengkine nimbulaken dialek atanapi register. Pramila punika, pemahaman dumateng sstem kang ndasari la langue dahat ageng bijie selebete upaya mahami setunggale sistem kebasaan.

1. Hakikat Basa
Antawis basa kang setunggal kaliyan basa kang sanese punika hakikate sami, boh basa kang dipigunakaken teng Cerbon, Teng Jawi Kilen, atanapi teng Nuswantara, malah ngantos teng manca negara. Secara umum basa punika ngrupiaken alat komunikasi antawis janma kang setunggal kaliyan janma kang sanese. Anadene hakikat basa punika nggih niku :
a. sistem : basa punika diwangun saking sejumlah komponen kang polae angger lan saged dikaidahaken. Minangka setunggale sistem, basa sifate sitematis lan sistemis. Sistematis artose basa sinusun miturut pola kang sampun temtos, boten secara acak atanapi sembrana. Sedeng kang dimaksad sistemis nggih niku sistem basa punikia sanes setunggale sistem tunggal, nanging mangadeg saking sejumblah subsistem.
b. unik : setunggale basa kang dipiangge dening setunggale masyarakat basa gadah tetenger khas kang boten digadahi dening basa kang sanes.
c. universal : secara umum, setunggale basa gadah tetenger kang sami antawis basa kang setunggal sareng basa kang sanese kang wonten teng jagat puniki.
d. lambang ungel : lumrah disebat ungel ujaran atanapi ungel basa. Lambang-lambang punika nglambangaken setunggale konsep kang gadah makna.
e. arbiter : hubungan antawis lambang kaliyan kang dilambangaken punika mboten gadah sifat wajib, saged robih, lan mboten saged dijelasaken punapa sebabe lambang punika ngonsep makna kados puniku. Teng wewengkon kang benten, antawis lambang kang setunggal kaliyan lambang kang sanes mumkin kemawon benten sanajan kang dilambangakene punika sami. Misale ‘ayam’ teng basa Cerbon robih dados ‘hayam’ teng basa Sunda.
f. konvensional : hubungan antawis setunggale lambang kaliyan hal kang dilambangaken punika ngrupiaken asil kesepakatan para pengangge basa.
g. produktif : saking sejumblah tembung kang kawates punika saged didamel ijen-ijenan sanes kang langkung katah, langkung ageng, lan cacahe mumkin mboten kewates.
h. dinamis : basa punika mboten ucul saking kemumkinan-kemumkinan wontene perobihan lan pikembangan kang sewaktos-waktos saged dumados.
i. rineka werna : artose basa punika dipigunakaken dening penutur kang macem-macem atanapi heterogen, kang gadah latar pengker sosial kang benten, mila basa punika rineka werna.
j. manusiawi : basa punika cumi digadahi lan diwedalaken dening janma. Maksade, sanese janma mboten wonten makluk sanes kang saged ngedalaken basa.

Setunggale ahli basa kang sanes nggih niku H. Douglas Brown (1980 : 5), sesampune nelaah watesan basa saking nem sumber, damel ringkesan kados teng andap puniki.
a. Basa ngrupiaken setunggale sistem kang sistematis, mumkin ugi kangge sistem generatif.
b. Basa ngrupiaken piranti kang arupi lambang-lambang arbitrer atanapi lambang mana suka.
c. Lambang-lambang punika terutami sifate vokal (ungel) nanging mumkin ugi gadah sifat visual.
d. Lambang-lambang punika gadah makna konvensional.
e. Basa punika dipigunakaken minangka piranti komunikasi.
f. Operasie basa punika teng selebete setunggale masyarakat basa (a speech community) atanapi budaya.
g. Basa punika hakikate gadah sifat manusiawi, sanajan mumkin mboten kawates teng janma kemawon.
h. Basa digadahi dening sedanten tiyang kaliyan cara kang meh/katah kesamian; basa lan blajar basa gadah tetenger kesemestaan (universal characteristics).


2. Fungsi Basa
Kados kang sampun disebataken teng inggil punika, secara umum basa saged dijelasaken minangka alat komunikasi, nanging secara khusus fungsi basa saged diwincik kados teng andap puniki.
a. Ditingal saking penuture, basa puniku gadah fungsi personal atanapi pribados. Jacobson (1960) nyebataken fungsi emotif, maksade basa saged dipigunakaken boten cumi kangge maturaken informasi, ide, gagasan, atanapi sanese, nanging basa ugi saged dipigunakaken kangge nyatakaken sikap dumateng punapa kang bade diucapaken.
b. Ditingal saking penanggap tuture, basa punika gadah fungsi direktif, nggih niku ngatur tingkah lakue pemireng atanapi penanggap tutur (Finocchiarro 1974,) nyebate fungsi interpersonal, sedeng Jacobson (1960) nyebate fungsi retorikal.
c. Ditingal saking kontak antawis penutur kaliyan penanggap tutur basa gadah fungsi fatik, (Jacobson : 1960, Finocchiarro : 1974) nyebate fungsi interpersonal, nggih niku fungsi njalin hubungan ngremeni, merhatekaken, ningalaken sikap rerencangan, atanapi solidaritas sosial.
d. Ditingal saking topik tuturane, basa gadah sipat referensional, (Finocchiaroo : 1974) nyebate fungsi representasional nggih niku minangka alat kangge micarengaken objek-objek peristiwa kang dumados teng seklilinge penutur atanapi kang wonten teng sekelilinge budaya umume,
e. Ditingal saking kode kang dipigunakaken, basa punika gadah fungsi metalingual atanapi metalinguistik (Jacobson : 1960, Finocchiarro : 1974) nggih niku basa punika saged dipigunakaken kangge micarengaken basa punika piyambek.
f. Ditingal saking amat kang dimaturakene, basa punika gadah fungsi imajinatif (Jacobson : 1960, Finocchiarro : 1974) nyebate fungsi poetic speech, nggih niku basa saged dipigunakaken kangge nyampekaken pikiran, gagasan, lan peraosan.

Michael Halliday teng selebete bukue kang judule “Explorations in the Functions of Language” (1973), njelasaken nyaniya basa punika gadah pitung fungsi, ngih niku :
a. Fungsi instrumental (the instrumental functions), nggih niku nglayani pengelolaan lingkungan, nyebabaken dumadose peristiwa-peristiwa kang tinemtos, lan ngrupiaken tindakan-tindakan komunikatif kang ngasilaken kondisi-kondisi kang tinemtos.
b. Fungsi regulasi (the regulatory functions) disebat ugi fungsi pengaturan, nggih niku nglampahaken tindakan kangge ngawasi sarta ngendaliaken peristiwa-peristiwa.
c. Fungsi representasional (the representational functions), nggih niku penggunaan basa kangge damel pernyataan-pernyataan, maturaken fakta-fakta, lan pangauningan, njelasaken atanapi nglaporaken kesunyatan kang selerese, kados kang ditingal dening setunggale tiyang.
d. Fungsi interaksional (the interactional functions), tugas basa punika kangge njamin lan mantepaken ketahanan ugi kelangsungan komunikasi sosial.
e. Fungsi personal (the personal functions), ngggih niku nyukani kesempetan dumateng setunggale pemicareng kangge ngekspresiaken peraosan, emosi pribados, lan reaksi-reaksi mendalem.
f. Fungsi heuristik (the heuristic functions), nggih niku njambet penggunaan basa kangge angsal ilmu pangauningan lan mlajari seluk-beluk lingkungan.
g. Fungsi imajinatif (the imaginative functions), nggih niku nglayani pangrumpakaan sistem-sistem atanapi gagasan-gagasan kang sifate imajinatif.

Stephen C. Levinson kang majengaken pendapate Jacobson (1960) nyaranaken nyaniya fungsi-fungsi ujaran punika saged difokusaken teng setunggale piranti dasar peristiwa komunikasi kados teng andap puniki.
a. Fungsi referensial : musataken perhatosane dumateng isi acuan setunggale pesen.
b. Fungsi emotif : musataken perhatosane dumateng kewontenane sang pemicareng.
c. Fungsi konatif : musataken perhatosan dumateng keparengan-keparengan pemicareng kang dilampahaken atanapi kang dipikiraken dening si pemireng.
d. Fungsi metalinguistik : musataken perhatosane dumateng sandi atanapi kode kang dipigunakaken.
e. Fungsi fatik : musataken perhatosane dumateng saluran (pembikaan, pemangunan, lan pemulasaraan hubungan atanapi konteks).
f. Fungsi puitik : musataken perhatosane dumateng kepripun carae setunggale pesen disandiaken atanapi diserat ngangge sandi.

Barbara S. Wood netelaken nyaiya fungsi basa punika wonten sedasah cacahe nggih niku : fungsi regulasi, fungsi instrumental, fungsi interaksional, fungsi heuristik, fungsi personal, fungsi imajinatif, fungsi pragmatik, fungsi matetik, fungsi interpersonal, lan fungsi ideasional.

3. Tetenger Basa
Benten kaliyan lambang-lambang kebasaan sanese kang umume maksih ngandung ambiguitas lan kebotenjelasan keranten gumantung teng konteks wacana, maka tanda-tanda kados rambu-rambu lalu-lintas sampun gadah pengertosan kang temtos. Nanging basa punika sanes arupi tanda nanging arupi lambang kang mbentenaken kaliyan tanda kang wonten teng rambu lalu-lintas atanapi tanda-tanda sanese. Anadene upami dibandingaken kaliyan lambang kang dipigunakaken dening sato kewan lan sistem tanda sanese, kados kang sampun diungkapaken dening Hockett (1960), Osgood (1980), lan Bollinger (1981) upami dikaitaken kaliyan aspek makna, tetenger basa nggih niku :
a. Alat fisis kang dipigunakaken gadah sifat netep (angger) lan gadah kriteria kang sampun tamtos. Hal punika keranten basa kang gadah resensi ungel tansah migunakaken alat ujar kang saluyu kaliyan kriteria kang tinemtos.
b. Organisme kang dipigunakaken gadah hubungan timbal balik. Alat ujaran kang dipigunakaken dening tiyang boh jaler, istri, atanapi suku, lan bangsa kang benten, sedantene punika migunakaken alat ujaran kang sami.
c. Migunakaken kriteria pragmatik. Diwuwus mekaten keranten piwujudan wangun kebasaan liwat pengangge, migunakaken kriteria pianggean kang tinemtos atanapi migunakaken kriteria kang sampun tamtos.
d. Ngandung kriteria semantik. Hal punika tumimbul keranten kegiatan pianggean basa gadah fungsi semantik kang tinemtos. Hal-hal kang kakandung teng kriteria semantik, kados dene pemilihan tembung, penataan ukara, atanapi wacana kedah pas keranten upami mboten pas, gagasan kang dimaturaken punika informasie saged nyimpang.
e. Gadah kriteria sintaksis. Diwuwus mekaten keranten tembung-tembung kang dipigunakaken kangge dados setunggale ukara kedah disusun saluyu kaliyan pola ukara kang sampun disepakati.
f. Nglibetaken unsur ungel-ungel atanapi unsur audiovisual. Desebat mekaten keranten pianggean basa sanese nglibetaken transmisi arupi ungel, ugi nglibetaken unsur paralanguage, nggih niku gerak mimik atanapi gerak bagian-bagian badan.
g. Gadah kriteria kombinasi lan gadah sifat produktif. Wontene tetenger punika ditandai kaliyan wontene potensialitas unsur kebasaan kangge manunggal secara sintagmatik, nggih niku hubungan unsur-unsur kebasaan kang teng tataran tinemtos secara linier atanapi hubungan kang sifate paradigmatik, nggih niku hubungan secara asosiatif saking unsur-unsur kang wonten teng selebete struktur sintagmatik kaliyan unsur sanese kang wonten teng jawi ngantos silih ngisi lan tinukeraken.
h. Gadah sipat arbitrer. Hubungan antawis lambang kebasaan kaliyan referen atanapi antawis lambang kaliyan kang dilambangaken cumi dumasar asil kesepakatan lan sanes saking kesanggeman lambang punika nyukani realitas jawi kang dirujuke.
i. Gadah ciri prevarikasi, keranten basa minangka realitas kapisah kaliyan dunia jawi kang diwakilane sesampune muncul selebete pianggean isie punika saged leres saged sawon.
j. Kawates lan relatif angger nggih niku teng hal pola ukara lan struktur tembung. Urutan tembung raba, bara, lan arab minangka wangun artikulasi ganda mboten mumkin robih dados abra.
k. Ngandung diskontinuitas. Secara paradoksal, sanese ngandung kontinuitas, basa ugi ngandung diskontinuitas, nggih niku ngalami perobihan lan pikembangan makna secara sekuentif atanapi evaluatif.
l. Gadah sipat hierarkis. Basa diwangun dening pranata komponen ungel, wangun, tembung, ukara, atanapi wacana. Unsur punika minagka sistem teng pianggean kewontenane gadah tataran kang wontene teng selebete tata tingkat kang tinemtos.
m. Gadah sipat sistemis lan simultan. Sanajan basa punika ngrupikaken setunggale strata kang gadah tata tingkat, minangka setunggale sistem komponen-komponen punika kedah dipigunakaken kelawan laras, luyu, lan simultan. Pramila punika, kesawonan selebete pemilihan ungel, penataan wangun, atanapi pola ukara secara sesarengan nemtosaken karakteristik ijenan ujaran kang dimunculaken.
n. Silih ngajegi lan silih ngisi. Teng hal punika, Hockett nyebat tetenger interchangeability saking basa. Mangkane, senajan basa punika gadah komponen kang kapisah keranten wontene potensialitas lan mobilitas, nanging komponen-komponen punika saged silih tetukeran, secara paradigmatik atanapi sintagmatik.
o. Informasi kebasaan saged disegmentasi, dihubungaken, dimanunggalaken, lan diabadikaken. Teng kegiatan tuturan, salami pemeran punika maksih gesang, basa saged dipigunakaken selebete ruang lan ijenan waktos kang benten-benten secara sambung-sinambung.
p. Transmisi budaya, nggih niku seliyane saged dipigunakaken kangge maturaken rekaman unsur lan nilai kebudayaan, basa ugi saged dipigunakaken minangka piranti pewaris kebudayaan punika piyambek.
q. Basa punika saged dipelajari. Basa kang maksih gesang atanapi sampun pejah (tembung arkais) maksih saged dipelajari. Kangge basa akang maksih gesang (dipigunakaken selebete tuturan) saged dipelajari liwat transfer, interaksi subjek belajar kaliyan masyaraklat pengangge, lan liwat pendidikan formal. Sedeng kangge basa kang sampun pejah (sampun mboten dipigunakaken teng tuturan) saged dipelajari liwat pendidikan formal, nanging objek belajare maksih kedah dipanggihaken.
r. Basa punika teng penganggeane gadah sipat bidimensional. Diwuwus mekaten keranten kewontenan makna ditemtosaken dening wontene hubungan antarlambang kebasaan punika piyambek, ugi ditemtosaken dening pemeran lan konteks sosial lan situasional kang nglatar pengkeri.

4. Wangun Nyata Basa
Anggene nglampahaken komunikasi, unggal janma migunakaken basa. Anadene wangun basa kang dipigunakaken punika saged dikelompokaken dados kalih jenis, nggih niku basa lisan kaliyan basa tulisan. Wonten sementawis tiyang kang nganggep basa punika wujude tigang macem keranten isyarat ugi dilebetaken minagka setunggale wangun basa.
Satuhune isyarat punika mboten kalebet teng wangun basa keranten isyarat mboten gadah syarat-syarat kang wonten teng hakikat lan fungsi basa. Setunggal contoh, misale basa punika gadah sifat dinamis artose basa saged kinembang tan winates, sedeng isayarat sanajan gadah makna nanging sing awit sengiyen ya angger mawon mekaten. Dados isyarat punika sifate statis. Anadene pengertosan basa lisan kaliyan basa tulisan nggih niku :
a. Basa lisan : basa kang dilampahaken dening janma kelawan media alat ucape janma lan mboten kaiket dening ruang, waktos, lan situasi pengungkapane saged mbantos pemahaman. Teng wujud punika, upamae bentene ukara patangledan kaliyan ukara warta saged dibentenaken saking pianggean ungel suprasegmental atanapi pemunculan kinesis nggih niku gerak bagian badan kang saged nyukani nuansa-nuansa kang tinemtos.
b. Basa tulisan : variasi basa kang dipigunakaen dening janma kelawan media arupi lambang-lambang grafis (tulisan) kang mboten kaiket dening ruang lan waktos lan meryogikaken kelengkepan adegan (struktur) praptaning dumateng penampi tuturan secara visual. Teng wujud punika, upami ukara warta atanapi patangledan saged dibentenaken kaliyan pianggean tanda waos titik (.) kaliyan tanda waos tangled (?).

5. Tatakrama Basa
Anggene nglampahaken komunikasi kaliyan tiyang sanes, penutur basa Cerbon kedah merhatekaken kaliyan sinten penutur punika nglampahaken komunikasi. Upami mboten merhatekaken kaliyan sinten penutur punika ngewontenaken komukisasi, saged mawon tiyang punika diwuwusaken mboten gadah undak-usuk, anggah-ungguh, atanapi tatakrama basa. Teng basa Cerbon, undak usuk basa punika saged dikelompokaken kaliyan tigang jenis variasi basa, nggih niku basa padinan, basa krama, lan basa krama inggil.
a. Basa padinan : disebat ugi basa bagongan ngrupiaken variasi basa kasar kang dipigunakaken sedinten-dinten. Ragam basa punika lumrah dipigunakaken micareng antawis tiyang kang yuswane sepantar, sareng tiyang kang yuswane langkung nem, lan sareng tiyang kang gadah status sosial kang sami.
b. Basa krama : disebat ugi bebasan ngrupiaken variasi basa lemes kang dipigunakaken dening tiyang kang siweg nglampahaken komunikasi kaliyan tiyang kang yuswane langkung sepah atanapi gadah status sosial kang langkung inggil.
c. Basa karma inggil : ragam basa kang paling alus lan lumrah dipigunakaken kangge micareng kalian pengageng, tiyang kang agung derajate, lan tiyang kang gadah kelungguhan inggil kang kedah diagungaken. Misale dipigunakaken nalika micareng kaliyan bupati, sultan, atanapi para santri kang micareng kaliyan ajengan.
C. Basa minangka Sistem Semiotik
Dihubungaken kaliyan tembung kang wonten teng selebete basa punika piyambek, unggal basa gadah fungsi deiksis. Makna fungsi deiksis nggih niku fungsi nuduhaken setunggale hal sejawine wangun kebasaan. Kedeisksisan punika selebete unggal basa njambet penuduhan dumateng objek, persona, lan persitiwa sehubungan kaliyan kewontenan pemeran selebete ruang lan waktos (Palmer, 1981 : 60). Misale kalih tiyang siweg komunikasi liwat telepon kados teng andap puniki.

A : Hey, Nur, sira kapan sida mangkate? Isun sih kiyen bae, lah!
B : Ngko, lagi nunggu udan reda, kih! Isun sih ngko bae nunggu udan reda, asale ning kene udan deres. Ning kono sih udan beli?
A : Ya wis lah, ning kene sih ora udan. Dadi kiyen bae wis isun sih mangkate.

Tembung isun lan ning kene teng paguneman kang wonten teng inggil punika, sanajan secara wangun kalih tembung punika sami nanging secara rujukan kekalih tembung punika benten. Tembung isun kang pertami ngrujuk teng pemicareng kaping setunggal sedeng tembung isun kang sanese ngrujuk teng pemicareng kang kaping kalih. Mekaten ugi frasa ning kene. Frasa ning kene kang pertami ngrujuk panggenan teng griyane pemicareng kaping kalih sedeng frasa ning kene kang kekalih ngrujuk panggenan teng griyane pemicareng kaping setunggal. Hal kang kados mekaten disebate deiksis.
Kajian basa minangka setunggale kode kang muncul teng selebete pianggean basa mokus teng : (1) karakteristik hubungan antawis wangun, lambang, atanapi tembung kang setunggal sareng tembung kang sanese, (2) hubungan antawis kebasaan kaliyan dunia jawi kang diacu, (3) hubungan antawis kode kaliyan pengangge. Studi mangenani sistem tanda sehubungan kaliyan ketigang butir punika arupi tanda kebasaan atanapi wangun tanda sanese kang dipigunakaken tiyang teng selebete komunikasi mlebete teng ruang lingkup sintaksis. Sedeng hubungan antawis tanda kebasaan kaliyan makna kang digadahie punika mlebet teng ruang lingkup semantik.
Basa minangka sistem semiotik dibentenaken dados tigang sistem komponen nggih niku, (1) sintaksis, nggih niku sistem kang tinalen kaliyan lambang lan hubungane, (2) semantik, nggih niku sistem kang tinalen kaliyan masalah hubungan antawis lambang kaliyan dunia jawi kang dirujuke, lan (3) pragmatik, nggih niku unsur atanapi bidang kajian kang tinalen kaliyan hubungan antawis pengangge basa kaliyan lambang teng penganggeyane (Lyon teng Aminudin, 2001 : 37).
Ditingal saking segi pianggean, komunikasi janma saged dibentenaken antawis media arupi basa atanapi media verbal kaliyan media non-basa atanapi non-verbal. Sementawis upami ditingal saking segi piranti pemunculane atanapi channel, basa dibentenaken teng atase basa lisan kaliyan basa tulisan.

D. Bedae Basa kaliyan Komunikasi
Katah kang nganggep nyaniya antawis basa kaliyan komunikasi punika sami, nanging selerese sanajan basa punika dipigunakaken minangka piranti komunikasi, nanging antawis basa kaliyan komunikasi punika satuhune benten. Anadene bentene basa kaliyan komunikasi nggih niku :
1. Basa minangka setunggale sistem kang dipigunakaken dening tiyang kelawan wujud tembung-tembung, ukara-ukara kang diwujudaken kaliyan lisan atanapi tulisan
2. Komunikasi ngrupiaken proses tuker-tinukeran informasi antawis penutur kang migunakaken simbul, tanda, lambang, atanapi kinesik.

E. Subsistem Basa
Basa punika sanes arupi sistem tunggal nanging basa punika kasusun saking subsistem-subsistem, nggih niku subsistem fonologi, subsistem morfologi, subsistem sintaksis, lan subsistem leksikon.
Fonologi nggih niku ilmu basa kang mlajari unen-unen basa, utamine kang nyakup sejarah lan teori perobihan unen-unen. Morfologi nggih niku ilmu basa kang mlajari morfem kaliyan kombinasi-kombinasie. Sintaksis nggih niku ilmu basa kang mlajari susunan-susunan tembung lan ukara. Sedeng leksikon nggih niku komponen basa kang ngemot sedanten informasi kang wonten hubungan makna kaliyan pianggean tembung teng selebeting basa.

F. Asal-Usul Basa
Ngantos waktos puniki dereng wonten para linguis kang saged njelasaken selerese kepripun asal-usule dumadose setunggal basa kang dipiangge dening janma punika. Para ahli cumi saged nginten-nginten asal-usule basa ditingal saking segi linguis piyambek-piyambek.
Dr. Teuku Jacob njelasaken nyaniya basa puniku kinembang secara alon-alon saking sistem kang ketutup marang system kang kebika awit 2 - ½ yuta taun kang wau, nanging nembe dianggep proto lingua antawis 100 ewu – 40 ewu taun kang langkung awit homo sapiens, nanging basa proto lingua punika kinembangpesate awit jaman tetanen.
1. Teori Tekanan Sosial saking Adam Smith
Basa menusa tumimbul keranten janma primitif punika diadepaken dateng kebutuhan-kebutuhan kangge silih mahami antawis setubnggal tiyang kaliyan tiyang kang sanese.

2. Teori Anomatopetik atanapi Ekoik saking J.G. Herder
Basa punika tumimbul keranten tiruan ungel-ungel sato kewan atanapi peristiwa alam, lajeng objek punika dipisamikaken supados saluyu kaliyan ungel kang diasilaken dening objek punika.

3. Teori Interjeksi saking Ettienne Bonnet Condilac
Basa punika babare saking ujaran-ujaran instingtif (gadah sipat naluriah) keranten wontene tekanan batin, pengraosan kang jero sanget, lan keranten kelaran kang dialami dening tiyang punika.

4. Teori Nativistik saking Max Mueller
Basa punika tumimbul keranten respons atanapi tanggapan kang disukani tiyang ing ngatase ungel-ungel kang khas kang tumimbul saking swantene barang-banrang kang digebugi.

5. Teori Yo He Ho saking Noire
Basa punika tumimbul keranten janma primitif tansah ngandikakaken atanapi ngucapaken ungel-ungel kang khas nalika piyambeke sedanten siweg nglampahaken pedamelan-pedamelan kangge srana nambih semangete.

6. Teori Isyarat saking Wilhelm Wundt
Basa punika tumimbul keranten tiyang punika gadah peraosan kang arupi wangun khusus kang ngrupiaken tetalian antawis syaraf reflector / reseptor kaliyan syaraf efektor kang nimbulaken gerakan-gerakan ekspresif.

7. Teori Isyarat Oral saking Sir Richard Pagett
Basa punika tumimbul saking isyarat kang dilampahaken kaliyan tangan kang dilampahaken tanpa sadar lan milai digentoisaken kaliyan alat-alat sanese kang ngasilaken isyarat kang langkung cermat.

8. Teori Permainan Vokal saking Jespersen
Basa primitif punika kados dene basae lare-lare alit arupi glendengan atanapi senandung kang mboten wonten kepotusane, mboten ngungkapaken pikiran punapa-punapa, lan tumimbul saking padolanan vokal.

9. Teori Kontrol Sosial saking Grace Andrus de Laguna
Ujaran punika ngrupiaken setunggale pranata kang mumkinaken tiyang-tiyang kangge kriya sesarengan kang ngondisikaken lan ngubungaken macem-macem kegiatan tiyang kangge nggayuh tujuan sesarengan.

10. Teori Kontak saking G. Revesz
Basa punika cukule saking unen-unen kang ekspresif kanga wale mboten gadah makna ekspresif. Saking unen-unen ekspresif punika tumnimbul unen-unen kontak kang gadah fungsi kangge njalin hubungan kaliyan tiyang sanes.

G. Variasi Basa
Katah variasi basa kang wonten teng jagat puniki. nanging saking semanten katahe punika, variasi basa saged dikelompokaken dumasar penutur, dumasar tingkat status golongan sosial, dumasar penggunaan, lan dumasar keformalan.

1. Dumasar Penutur
Dumasar penuture, variasi basa saged dibentenaken dados ragam idiolek, dialek, kronolek, lan sosiolek.
a. Idiolek : variasi basa kang digadahi dening tiyang piyambek-piyambek kang benten kaliyan pangandikane tiyang sanes. Misale ucapan ‘dikit’, mumkin mawon teng waktos sanes kang ngucapaken ‘dikit’ punika dados ndikit, dipit, ndipit, ndisik, lan sanes-sanese.
b. Dialek : variasi basa kang diangge dening sekelompok penutur kang cacahe relatif kang wonten teng setunggale wewengkon, wilayah, atanapi daerah kang sampun temtos. Misale tembung ‘ora’ dilisanaken dening tiyang saking Bedulan kaliyan ‘oro’ lan tembung ‘engkoe’ dilisanaken kaliyan ‘mengkoe’ atanapi ‘engkae’.
c. Kronolek : disebat ugi dialek temporal, nggih niku variasi basa kang dipigunakaken dening kelompok sosial kang sampun temtos, misale tembung ‘tangan’ punika ngrupiaken bagian tangan nggih niku bagian awit sikut tumeka teng telapak tangane kemawon, sedeng upami kang ngomong punika dokter, maka tangan puniku ngrupiaken bagian badan sing awit pucuke jriji tumeka teng lengen/kelek.
d. Sosiolek : variasi basa kang dipigunakaken dening tiyang kang gadah status sosial, kelas sosial, lan golongan sosial tinemtos. Misale tembung ‘omongan’ upami kang ngomong punika tiyang alit kaliyan pengageng maka ‘omongan’ punika dados ‘pangandika’.

2. Dumasar Tingkat, Status, Golongan Sosial
Dumasar tingkat, status, lan golongan sosial, variasi basa saged dibentenaken dados akrolek, basilek, vulgar, slang, kolokial, jargon, argot, lan ken.
a. Akrolek : variasi sosial kang dianggepe variasi basa kang langkung inggil dibandingaken kaliyan variasi sosial kang sanese. Misale ‘mastaka’ dianggep langkung inggil saking ‘sirah’, lan ‘sirah’ dianggepe langkung inggil saking ‘endas’.
b. Basilek : variasi sosial kang dianggep kirang gengsi atanapi malah dianggep andap. Misale cara nimbali tiyang sepuh jaler kaliyan ngangge sebatan ‘mama’ dianggepe langkung andap tinimbang ‘papa’ atanapi ‘papi’.
c. Vulgar : variasi sosial kang tetengere katingal pianggeyan tembung-tembung basa kang dipigunakaken dumateng tiyang kang mboten sekolah atanapi kalangan kang mboten gadah pendidikan kang inggil.
d. Slang : variasi sosial kang gadah sipat khusus lan rusiah. Variasi puniki dipigunakaen dening kalangan kang tinemtos kang kewontenane kewates sanget lan mboten kenging disumerepi dening tiyang sanes kang mboten kalebet teng kelompoke atanapi golongane piyambek. Misale variasi basa kang dipigunakaen dening para pencoleng.
e. Kolokial : variasi sosial puniki ngrupiaken variasi basa kang dipigunakaken kangge komunikasi sedinten-dinten. Misale variasi basa ngoko atanapi variasi basa kang disebat basa padinan.
f. Jargon : variasi sosial kang pianggeane kewates teng kelompok sosial kang sampun temtos nanging variasi puniki boten gadah sipat rusiah. Misale, setunggale kenek angkot asring ngucapaken ‘narik ora sukikie’ maksade ‘benjing niku njalanaken angkot mboten’.
g. Argot : variasi sosial kang penggunaane kawates teng tiyang kang gadah profesi kang sampun temtos lan gadah sipat rusiah. Misale variasi basa kang dipigunaaken dening pulisi waktos nginte penjahat.
h. Ken : variasi sosial kang sampun temtos kang nada atanapi swantene punika nimbulaken raos melas dumateng tiyang kang mirenge kados ngrengek-ngrengek, mingsek-mingsek, lan umume kebek kaliyan pura-pura. Misale basa kang asring dipiangge dening pengemis.

3. Dumasar Penggunaane
Dumasar Penggunaane, variasi basa saged dibentenaken dados ragam basa sastra, ragam basa jurnalistik, ragam basa militer, lan ragam basa ilmiah.
a. Ragam basa sastra : ragam basa sastra teng penggunaane nekanaken segi estetika atanapi keendahan, daya ungkap kang paling pas lan gadah tetenger euphony.
b. Ragam basa jurnalistik : basa kang biasa dipiangge teng surat kabar, majalah, buletin, lan sapanunggalane. Basa jurnalistik gadah ciri basajan, ringkes, komunikatif, lan winates dening waktos lan tempat.
c. Ragam basa militer : ragam basa kang biasa dipiangge dumateng kelompok militer ciri-cirie ringkes, sifate tegas saluyu sareng tugas lan kewontenan militer punika.
d. Ragam basa ilmiah : ragam basa kang biasa dipigunakaken teng suasana atanapi situasi ilmiah kados dene penyeratan buku-buku ilmiyah, jurnal ilmiah, laporan ilmiah, lan sapanunggalane. Ragam basa puniki lugas, pertela, lan kedah bebas saking gejala metafora, idiom, lan keambiguan.

4. Dumasar Keformalane
Dumasar Keformalane, saking semanten katahe variasi basa kang wonten saged dibentenaken dados ragam beku, ragam resmi, ragam usaha, ragam santai, lan ragam akrab.
a. Ragam beku : ragam basa puniki biasa dipigunakaken selebete suasana khidmat lan upacara-upacara resmi.
b. Ragam resmi : variasi basa kang dipigunakaken teng selebete pidato-pidato kenegaraan, surat dines, buku-buku wucalan, lan sapanunggalane.
c. Ragam usaha : variasi basa puniki biasae dipigunakaken teng selebete omongan-omongan teng rapat-rapat atanapi waktos guru nyampekaken proses pembelajaran teng sekolah.
d. Ragam santai : variasi basa kang dipigunakaken teng selebete suasana atanapi situasi kang boten resmi. Ragam basa puniki biasae digunakaken kangge omong-omongan kaliyan rencang atanapi keluwargi kang sampun akrab atanapi dalit.
e. Ragam akrab : variasi basa kang biasa dipigunakaken dening para penutur kang sampun akrab.

H. Jenis-jenis Basa
Miturut Stewart, basa saged digolongaken dados pitung jenis, nggih niku :
a. basa standar : basa kang gadah sekawan dasar penjenisan atanapi klasifikasi basa nggih niku standardisasi, otonomi, historisitas, lan vitalitas.
b. basa klasik : basa kang sampun boten gadah vitalitas keranten sampoun boten wonten kang migunakaken.
c. basa artivisial : basa kang disusun lan didamnel kaliyan maksad kangge didadosaken basa penganter (lingua franca) internasional.
d. basa vernakular : basa umum sedinten-dinten (basa padinan) kang dipigunakaken dening setunggale bangsa atanapi setunggale wilayah geografis.
e. basa kriol : ragam basa puniki ngrupiaken asil pengembangan saking basa pidgin.
f. basa pidgin : ragam basa puniki ngrupiaken ragam basa kang mboten gadah sekawan dasar penjenisan atanapi klasifikasi basa nggih niku standardisasi, otonomi, historisitas, lan vitalitas.
g. basa dialek : variasi basa puniki ngrupiaken variasi basa kang boten gadah standardisasi lan otonomi.

I. Proses Penampian Unsur Basa Asing
Wonten sekawan cara atanapi proses teng cara penampian unsure basa asing dados basa Cirebon, nggih niku :
a. cara audial : teng cara puniki penutur basa awite mireng butir-butir alit leksikal kang dituturakren dening penutur atanapi penulis aslie, lajeng nyobi migunakaken punapa kang dipirengaken atanapi diwaos lajeng diucapaken atanapi diserataken. Contoh : eau de colognette diucapaken dados kolonyet.
b. cara visual : cara penerapan basa kados puniki dilampahaken liwat wangun tulisan basa asaing lajeng wangun tulisan punika diluyuaken miturut aturan-aturan kang wonten teng selebete dokumen kebasaan. Misale system dados sistem.
c. terjemahan langsung : kosa tembung diilari kesamiane atanapi padanane kang wonten teng basa Cirebon. Misale paarde krach dados tenaga kuda.
d. terjemahan konsep : kosa tembung dititeni konsene kelawan tinalaten lajeng diilari kosa tembung basa Cirebone kang konsepe raket kaliyan kosa tembung asing punika. Misale network diterjemahaken dados jaringan.

J. Ilmu-Ilmu Basa
Kados ilmu-ilmu kang sanese, ilmu basa gadah sifat umum, maksade mboten kaiket dening setunggale basa. Sanajan mekaten, dumasar basa kang dipelajari ilmu basa saged dibentenaken dados ilmu basa Cerbon, nggih niku ilmu basa kang khusus mlajari basa Cerbon, ilmu basa Sunda nggih niku ilmu basa kang khusus mlajari basa Sunda, lan ilmu-ilmu basa kang sanese.
Sanese dumasaraken teng basa kang dipelajari, ilmu basa ugi saged dibentenaken dumasaraken struktur interene. Dumasaraken struktur interne ilmu basa saged dibentenaken dados fonetik, fonemik, fonologi, morfologi, sintaksis, lan semantik.
Minangka setunggale ilmu, ilmu basa dalit pataliane kaliyan ilmu-ilmu sanese kados dene antropologi, sosiologi, psikologi, lan kesusastraan. Dumasaraken hubungan ilmu basa kaliyan ilmu-ilmu sanese punika, ilmu basa saged dipibentenaken dados etnolinguistik, psikolinguistik, sosiolinguistik, stilistika, lan sanes-sanese.
Sanese kang sampun kasebat teng inggil pinika, ilmu basa saged dipibentenaken teng atase ilmu basa historis, ilmu basa komparatif, lan ilmu basa deskriptif. Ilmu basa historis nggih niku ilmu basa kang mlajari pikembangan sistem setunggale basa saking setunggale jaman teng jaman kang sanese. Ilmu basa komparatif nggih niku ilmu basa kang mlajari perbandingan sistem setunggal basa kaliyan sistem basa kang sanese. Sedeng ilmu basa deskriptif nggih niku ilmu basa kang mlajari sistem setunggale basa teng setunggale jamaan kang sampun tinemtos.
Minangka setunggale sistem, basa mangadeg teng atase fonem, tembung, frasa, klausa, ukara, wacana, makna, lan konteks pianggean katut perobihan-perobihan kang tumempel dumateng basa punika piyambek. Kesedantene punika dipelajari dening ilmu basa piyambek-piyambek, Sanajan mekaten kesedantene punika gadah hubungan kang raket lan silih tinalenan. Anadene ilmu-ilmu basa kang dimaksad nggih niku :
a. Tata Basa : ilmu basa kang nitikawrataken kajiane marang representasi kaidah gramatik kang sifate konvensional kaliyan relasi pengertosan lan korespondensi pemetaan kang njelasaken secara formal atanapi resmi tentang fungsi ideasional secara rinci lan relatif angger.
b. Pragmatik : ilmu basa kang bidang kajiane nitikawrataken dateng interpretasi kaidah kang sipate non-konvensional lan korespondensi pemecahan masalah kang njelasaken secara fungsional mangenani fungsi basa kang sifate interpersonal tekstual kang dijelasaken kelawan rinci nanging sifate mboten tetep.
c. Sintaksis : ilmu basa kang kajiane nitikawrataken marang telaah hubungan-hubungan formal antawis tanda-tanda (frase, klausa, lan ukara) kang setunggal kaliyan tanda-tanda kang sanese (Charles Morris, 1934).
d. Semantik : ilmu basa kang kajiane nelaah hubungan makna tranda-tanda kaliyan objek kang ngurupiaken wadah penerapan tanda-tanda atanapi makna kang dimaksad (Rudolf Carnapp).
e. Sosiolinguistik : ilmu basa kang mlajari basa kelawan tujuan kangge nyumerepi hubungan basa kaliyan masyarakat atanapi lingkungan sosial kang benten.
f. Psikolinguistik : ilmu basa kang bidang kajiane mlajari hubungan basa kaliyan kondisi kejiwaan penutur basa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar