Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Rabu, 08 September 2010

PROSA

A. Pengertosan Prosa
Prosa ngrupiaken anggitan bebas (mboten kaiket dening iketan-iketan kados teng selebete puisi) kang ngrupiaken ceriosan kang diemban dening pelaku-pelaku kang sampun temtos kaliyan pemeranan, latar, lan tahapan alur, tur rangkean cerios kang ugi sampun temtos dumasaraken asil imajinasi penganggit ngantos njalin setunggale cerios. Minangka setunggale genre sastra, prosa ngandung unsur-unsur kang ngliputi penganggit atanapi narator, isi penciptaan, media arupi basa, lan elemen-elemen fiksional.

B. Pepasingan Prosa
Pepasingan prosa saged dilampahaken teng atase dumasar jaman lan dumasar jinise.
1. Kesusastraan Lami
Dumasaraken jamane, prosa saged dikelompokaken dados prosa lami lan prosa enggal. Prosa lami saged dikelompokaken dados prosa jaman purba, prosa jaman Hindu, lan prosa jaman Islam.

a. Prosa Jaman Purba
Prosa kang saged dikelompokaken teng prosa jaman purba nggih niku dongeng. Dongeng ngrupiaken sejinis cerios cendak kang gesang teng selebete masyarakat secara turun temurun lan biasae dilampahakan ngangge basa lisan lan biasae diangge dening aki-aki atanapi nini-nini kangge nilemaken putue, nanging saniki sampun katah dongeng kang sumejah dibukukaken. Cerios-cerios teng selebete dongeng punika nyriosaken setunggale hal kang tinalenan kaliyan ajaran-aran kebajikan, pepek, lan priyad teng lingkungane kang singget punika. Pemireng saged mahami upami cerios punika sampun priyad nalika pendongeng sampun mandeg cinerios.
Miturut pertimbangan akal, pancen dongeng punika mboten saged katampi dening akal, artose dongeng punika kebek kenging unsur-unsur hayal. Hal punika mumkin dumados keranten dongeng punika sumebare saking cangkem teng cangkem lan tiyang kang ndongeng punika secara mboten sadar mlebetaken daya hayale piyambek teng dongeng punika. Saged ugi disebabaken dening cara pemikiran kaki moyang kang maksih basajan sanget lan maksih dipengaruhi dening hal-hal kang sifate tahayul. Katah hal-hal kang mboten dipahami dening kaki moyang punika. Umpamie, upami wonten granaan sasih diceriosaken nyaniya sasih punika didahar dening buta ijo atanapi gledeg punika dumados nalika malekat mbakta pecut ngudag-ngudag idajil, lan sapanunggalane. Dumateng hal-hal punika biasae kaki moyang cinerios dicampur kaliyan hayalan saluyu kaliyan dalaning pikiran piyambek-piyambek.
Keistimewaan sanese kang wonten teng selebete dongeng nggih niku dongeng punika mboten ngenal wates yuswa, waktos, lan panggenan. Nanging asringe dongeng punika diceriosaken dening kaki atanapi nini nalika nilemaken putue, maka dongeng-dongeng punika maksih gesang ngantos jaman saniki. Upami ditingal saking yuswane, dongeng punika kalebet teng jinis prosa lisan kang sampun sepuh sanget, malah mumkin langkung sepuh tinimbang jinis-jinis prosa kang sanese. Wonten dongeng kang sampun diceriosaken dening tiyang sewu naun kang sampun, umpamie cerios wayang naging ngantos saniki maksih asring kapireng, boh liwat tutur kang tinular atanapi malah didamel sinetron.
Ditingal saking pelaku-pelakue, dongeng punika saged dipasing dados dongeng mangenani setan, sato kewan, tiyang bodoh, lan dongeng istana atanapi kerajaan.
1) Dongeng setan. Dongeng jinis punika babar teng tengah-tengah masyarakat akibat tiyang katah kang percanten dumateng wontene roh-roh alus teng sekitare piyambeke, umpamie teng kuburan-kuburan, wiwitan kang ageng, griya kang suwung nenaunan, lan sapanunggalane. Upami wonten setunggale tiyang kang katiban bala, piyambeke mboten ngilari punapa sebabe bala punika selerese dumados, nanging tiyang atanapi masyarakat punika langkung rumiyin nganggep hal punika dumados keranten roh-roh kang siweg murka. Umpamie wonten tiyang kang katiban sakit sesampune siram teng lepen diwuwusaken kasambet kenging setan toya, upami peningalan mboten awas teng wanci sumurupe srengenge (bade maghrib) diwuwusaken keranten medale sendekala, atanapi upami kesasar diwuwusaken keranten diumpetaken dening wewe gombel, lan kepercantenan sanes-sanese.
2) Dongeng mangenani sato kewan. Kaki moyang ningal sato kewan punika gesang teng tengah-tengah masyarakat lan gadah tingkah laku kados janma, malah saged ngucap tata janma. Maisa asring dipersonifikasikaken kaliyan tiyang kang bodoh, kancil asring dipersonikasikaken kaliyan tiyang kang katah akale, buaya asring dipersonifikasikaken kangge tiyang kang seneng dahar sembari ngagir, lan sanes-sanese.
3) Dongeng tiyang bodoh. Rupine, dongeng mangenani tiyang bodoh punika cumi dongeng minangka panglipur lara kang sumejah majengaken kebodohan setunggale tiyang ngantos sedanten panggawee tiyang punika sarwa sawon, kikuk, atanapi ripuh kang nimbulaken keluluan-kelucuan dumateng pemaos atanapi pemirenge. Unggal wewengkon dipestekaken gadah tokoh kang benten kaliyan kelucuan kang ugi benten, umpamie tokoh Si Kabayan, Lebai Malang, Abu Nawas, lan sapanunggalane.
4) Dongeng istana atanapi kerajaan. Pelaku teng dongeng jinis punika nggih niku setunggale raja, permaisuri, putra mahkota, lan pranata kerajaan sanese kados mahamentri, mentri, mbok emban (inang pengasuh), lan prajurit. Benten kaliyan kerajaan jaman saniki, kerajaan jaman sengiyen biasae disebat kerajaan antah berantah. Rajae dicap minangka keturunan dewa, mangkane raja punika diceriosaken gadah kesakten kang luar biasa. Teng dongeng jinis punika katah peristiwa kang dumadose kelawan ajaib. Umpamie saged damel bengawan atanapi candi kang katahe sewu cumi setunggal dalu, ngalih istana saking Negara Jonggrang Selaka, ngrobih alas banaliwungan dados nagri kang panjang apunjung pasir awukir cumi setunggal dalu, lan sapanunggalane.

Prosa teng jaman purba ugi wonten prosa kang disebat basa umirama kados dene kaba, tambo, lan sekapur sirih teng rineka warni upacara adat. Kaba ngrupiaken sejinis cerios penglipur ati kang asring dilampahaken teng tengahe dalu lan biasae diiringi ngangge rebab, sedeng tambo punika sejinis cerios sejarah kang keleresan isie punika angel dipercanten. Saking sedantene kedadosan kang wonten teng selebete cerios punika paling banter cumi kalih persen kang leres-leres dumados, sedeng kang langkunge punika hayalan pendongenge.
Teng selebete upacara adat sampun lumrah pemangku adat, sesepuh adat, atanapi tokoh adat ngucapaken sekapur sirih. Teng andap puniki wonten cuplikan sekapur sirih kang diucapaken dening sesepuh adat teng selebete setunggale upacara adat.
Umpamie :
Adat kang rata
Setunggal pusaka
Adat datan tinular
Satya datan rinobah
Mupakat datan ngalih
Giri sami dipanek
Lurah sami ditenjogi
Cicir sami rugi
Katah sami untung
Lemah sekepel tekdadosaken gunung
Toye setetes tekdadosaken segara
Marang rencang sadolanan
Sajamban, sasumur
Dalan satuntunan
Lumampah saayunan
Lenggah sejajar

b. Prosa Jaman Hindu
Upami teng jaman purba sampun dikenal dongeng jinis mambang, minangka akibat wontene agami kang dibakta dening pedagang saking India, tokoh-tokoh mambang sampun tinambih kaliyan tokoh dewa-dewi, widadara-widadari, lan denawa-denawi. Dados, dongeng-dongeng punika maksih wonten, malah tokoh-tokohe wuwuh katah. Umpamie dongeng mangenani Dewi Sri kang ngantos saniki dianggep saged ndugiaken kesuburan dateng sabin lan tegalan.
Dongeng mangenani sato kewan kang kawentar teng kesusastraan Hindu nggih niku Panca Tantra. Buku punika dianggep penting sanget keranten dianggep buku babon saking dongeng sato kewan sakukube bumi. Panca Tantra ngrupiaken dongeng kang diserat ngangge basa Sansekerta lan diterjemahaken dening pedagang India ngangge basa piyambeke nggih niku basa Tamil. Naun 1835, Abdullah bin Abdul Kadir Munsyi dibantos dening Tambi Mattu Prapa Pater nerjemahaken Panca Tantra punika ngangge basa Melayu. Terjemahan Panca Tantra punika diwastani Panca Tanderan kang isie gangsal cerios. Teng jaman kesastraan Hindu punika babar buku-buku kados Arjuna Wiwaha anggitan Mpu Kanwa, Mahabharata anggitan Mpu Sedah lan Mpu Panuluh, lan Negara Keratagama anggitan Mpu Prapanca.

1) Mahabharata, ngrupiaken salah setunggal saking kalih epos ageng kang kewentar seliyane Ramayana. Awale cerios Mahabharata punika diserat ngangge basa Sansekerta. Miturut para arif wicaksana, Kitab Ramayana dicap langkung sepuh tinimbang Mahabharata. Ramayana lan Mahabharata kekalihe ngemot uraian mangenani adat istiadat, kebiasaan, lan kebudayaan janma jaman punika.
Penganggit atanapi kang langkung pas dicap minangka penyair Ramayana nggih niku Mpu Walmiki, sedeng Mahabharata dianggit dening Bhagawan Wyasa. Mpu Panini nyebat upami Mahabharata minangka ‘kisah peperangan ageng Wangsa Bharata’ . Teng anggepan tradisional, Bhagawan Wyasa minangka penyair epos Mahabharata ugi nyusun Kitab Weda, Wedanta, lan Purana, kinten-kinten naun 300 sederenge Masehi ngantos Abad IV Masehi. Dados, kitab Mahabharata punika disusun salami 700 naun. Kaliyan jangka waktos kang semanten lamie punika, kados mboten mumkin upami kitab punika disusun dening setunggal tiyang nggih niku Bhagawan Wyasa kemawon, punapa malih Bhagawan Wyasa ugi disebat minangka penyusun kitab suci.
Teng Kitab Purana dikenal wontene ‘wyasa’ kang cacahe wolu likur tiyang. Istilah wyasa maknae penyusun atanapi penyatur. Teng tetaliyan punika mumkin penganggit atanapi penyair punika disebat kaliyan istilah Bhagawan Wyasa. Punapa malih upami asil rumpakae punika ngrupiaken monumen mahakarya saking jamane. Maka, wajar upami unggal penganggit atanapi penyair angsal pepujian atanapi pengormatan ngantos asngsal peparab bhagawan, malah mumkin kemawon penyair teng jaman punika didewa-dewakaken. Sanajan mekaten, ahli sastra saking wetan lan kilen ngeyakini nyaniya penganggit atanapi penyair Kitab Mahabharata punika Bhagawan Wyasa, atanapi secara lengkep disebat kaliyan peparab Krishna Dwipayana Wyasa.
Kitab Mahabharata ngalami penambihan kang dilampahaken dening penyusun-penyusun saking mangsa kang setunggal teng mangsa selajenge. Teng selebete Aswalayana Strautasutra disebataken nyaniya epos Mahabharata versi purwa mangadeg teng atase 24.000 siloka. Versi punika kinembang wangune ngantos saniki prapta 100.000 siloka. Saking cacahe siloka kang kasebat punika dibagi dados wolulas parwa (wolulas buku). Buku kang dimaksad nggih niku :
a) Adiparwa (Buku Penganter). Buku Adiparwa ngemot asal-usul lan saejarah keturunan keluwargi Pendawa, Kurawa, kelairan, watek, lan sifat Drestarastra lan Pandudewanatha, ugi putra-putra piyambeke, timbule permusuhan, pimangenanian antawis kalih sederek sepupu, nggih niku Kurawa lan Pendawa, lan suksese Pendawa menangaken sayembara Dewi Draupadi, putri Kerajaan Pancala.
b) Sabhaparwa (Buku Persidangan). Buku Sabhaparwa nglukisaken persidangan kekalih putra mahkota Kurawa lan Pendawa, kasorane Yudhistira selebete dolanan kuclak, lan pembucalan Pendawa teng Wana.
c) Wanaparwa (Buku Pangumbaraan Pendawa teng Wana). Buku Wanaparwa nyriosaken kegesangan pendawa selebete pangumbaraan teng Wana Kamyaka. Buku punika ngrupiaken buku kang paling dawa, antawise ngemot episode cerios Nala lan Damayanti, ugi masalah-masalah pokok cerios Ramayana.
d) Wirataparwa (Buku Pendawa teng Negri Wirata). Buku Wirataparwa ngisahaken kegesangan Pendawa selebete nglampahaken penyamaran salami setunggal naun teng Nagri Wirata minangka darma pamungkas saking pembucalane, nggih niku naun kaping tigang welas atanapi mangsa kang pamungkas saking mangsa pembucalan Pendawa.
e) Udyogaparwa (Buku Usaha lan Persiapan). Buku Udyogaparwa nglukisaken usaha lan persiapan Kurawa lan Pendawa selebete ngadepi perang Bharatayudha teng Padang Kurukshetra.
f) Bhismaparwa (Buku Mahasenapati Bhisma). Buku Bhismaparwa nglukisaken kepripun tandange wadyabala Kurawa kang dipingpin dening Mahasenopati Bhisma perang nglawan wadyabala Pandawa.
g) Dronaparwa (Buku Mahasenapati Drona). Buku Dronaparwa nyeriosaken peperangan, siasat, lan taktik kang dipigunakaken dening Mahasenapati Drona nalika ngadepi wadyabala Pendawa selebete perang Bharata.
h) Karnaparwa (Buku Mahasenapati Karna). Buku Karnaparwa nyeriosaken peperangan teng Padang Kurukshetra antawis wadyabala Kurawa kang dipingpin dening Mahasenapati Karna nalika ngadepi wadyabala Pendawa selebete perang Bharata, pejahe Gatotkaca, lan pejahe Mahasenapati Karna kenging Arjuna.
i) Salyaparwa (Buku Mahasenapati Salya). Buku Salyaparwa nyeriosaken Prabu Salya minangka mahasenapati Kurawa kang pamungkas sesampune pejahe Bhisma, Drona, lan Karna. Mingpine Salya lan Duryodana kang ketaton dilurug dening wadyabala Pendawa ngantos seda.
j) Sauptikaparwa (Buku Panglurugan teng Wanci Dalu). Buku Sauptikaparwa nglukisaken panglurugan lan pembakaran perkemahan Pendawa teng wanci dalu kang dilampahaken dening tigang satria Kurawa.
k) Striparwa (Buku Rangda). Buku Striparwa nyeriosaken katahe tiyang istri kang dados rangda saking kekalih pihak, mekaten ugi kaliyan Dewi Gandari permaisuri Prabu Drestarastra, duka cita keranten semah-semahe seda teng papan alaga.
l) Shantiparwa (Buku Kedamean Jiwa). Buku Shantiparwa isie ajaran-ajaran Bhisma dumateng Yudhistira mangenani moral lan tugas kewajiban setunggale raja kelawan maksad nyukani ketenangan jiwa dumateng sinatria punika.
m) Anusasanaparwa (Buku Ajaran). Buku Anusasanaparwa isie terasan atanapi lajengan wejangan Bhisma dumateng Yudhistira lan sedae Bhisma nuju swargaloka.
n) Aswamedhikaparwa (Buku Asmawedha). Buku Aswamedhikaparwa nggambaraken lumangsunge upacara Asmawedha lan kepripun Yudhistira angsal peparab Maharaja Diraja.
o) Asramaparwa (Buku Petapan). Buku Asramaparwa nyeriosaken semedie Raja Drestarastra, Dewi Gandari, lan Dewi Kunti teng selebete wana kang wusanae
kebakaran lan musnahaken ketigang tiyang punika.
p) Mausalaparwa (Buku Gegaman Gada). Buku Mausalaparwa nggambaraken wangsule Balarama lan Krishna teng alam kelanggengan, keleme Negara Dwaraka teng dasar samudra, lan musnahe bangsa Yadawa.
q) Mahaprashthanikaparwa (Buku Lelampahan Suci). Buku Mahaprashthanika-parwa nggambaraken kepripun Yudhistira ngantunaken tahta keprabon lan sumerahaken singgasanae dumateng Parikeshit, sang putra Abimanyu, lan kepripun pandawa nglampahaken lelampahan suci sapucuke Giri Himalaya kangge seba dumateng Batara Indra.
r) Swargarohanaparwa (Buku Manek teng Swargaloka). Buku Swargarohana- parwa nyeriosaken Yudhistira, Bhima, Arjuna, Nakula, Sadewa, lan Draupadi dumugi teng gerbang lawang swarga loka lan kepripun ujian lan cecobian pamungkas kang diadepi dening Yudhistira sederenge mlebet teng swargaloka.

Seliyane buku kang cacahe wolulas punika, wonten suplemen kang disebat Hariwangsa lan Bhagavadh Gita. Buku Hariwangsa ngrupiaken suplemen kang nyeriosaken asal-usul kelairan lan sejarah kegesangan Krishna.
Bhagavad Gita ngrupiaken suplemen kang isie wejangan Krishna dumateng Arjuna kang ngraos mangmang lan kingking ningal sanak sedereke pejah teng ajengane. Hal punika ndadosaken Arjuna mboten pareng tanding jurit. Kangge mbangkitaken sumangete Arjuna, Krishna mengetaken tugas lan kewajiban setunggale ksatria saluyu kaliyan dharmae.

2) Arjuna Sasrabahu, benten kaliyan Mahabharata lan Ramayana. Cerios Arjuna Sasrabahu dereng wonten kang nyerat selebete wangun wawacan. Selebete pakeliran wayang ugi cerios mangenani Arjuna Sasrabahu punika maksih arang sanget didadosaken minangka lakon pakeliran wayang. M.A. Salmun teng Padalangan, 1961, ugi cumi ngemot ringkesane kemawon.
Lakon Arjuna Sasrabahu (biasae diserat kaliyan Arjuna Sasrabau atanapi Arjuna Sasra kemawon) selerese dawa sanget, nanging katahe ngisahaken Rahwana lan sempalan (bagbagan lakon) kang nyeriosaken tokoh sanes. Umpamie Resi Gotama lan putra-putra piyambeke, Subali, Sugriwa, lan Dewi Anjani, Wisrawana kang diperangi dening Rahwana, lan Bambang Sumantri kang ngabdi dumateng Arjuna Sasrabahu lan rayie, Sukrasana kang ngalih Taman Sriwedari.
3) Ramayana, ngrupiaken setunggale epos kang kawentar lan disusun dening Mpu Walmiki. Buku punika nyriosaken Sang Ramawijaya kang dibantun dening Lakshmana lan pasukan ketek kang dipingpin dening Hanuman mertahanaken hak lan kewajibane minangka sema kang sah saking Dewi Shinta kang diculik dening Rahwana raja Alengkadirja.
Rahwana teng prosa Cerbon asring ugi disebat minangka Dasamukha, hal punika keranten Rahwana gadah watek mboten sae kang cacahe sedasah. Dasamukha punika maksade watek kang mboten sae kang cacahe sedasah, sanes mastakae Rahwana kang cacahe sedasah.

c. Prosa Jaman Islam
Mlebete agami Islam kang dibakta dening pedagang saking Gujarat teng Nuswantara pancen milet mernani kesusastraan Melayu (Indonesia). Dugie agami enggal punika mboten secara ujug-ujug mungkes kesusaastraan Hindu kang langkung rumiyin sampun wonten, malah mlebete agami Islam punika nyugihaken kesusastraan Nuswantara piyambek. Anadene kesusastraan Islam kang gadah peranan kang ageng dumeteng perbendaharaan kesusastraan Melayu nggih niku kados teng andap puniki.
1) Hikayat Bayan Budiman atanapi Hikayat Kojah Maimun, Hikayat Kojah Mubarak, Cerios Taifah. Selerese cerios punika asale saking India kaliyan judul Syukasaptati (artose pitung dasah cerios paksih nuri). Tiyang Parsi nerjemahaken cerios punika ngangge basa Parsi kaliyan judul Tuti Nameh. Anadene prosa kang mlebet teng Indonesia nggih niku prosa kang ngangge basa Parsi. Pramila punikalah sebabe Hikayat Bayan Budiman dianggep angsal pengaruh saking kesusastraan Islam.
2) Hikayat 1001 Dalu. Hikayat punika kawentar teng mangsa Islam nggayuh kejayane, nggih niku mangsa pemerentahan Sultan Harun Al Rasyid pungkesan Abad VIII. Cerios punika kawentar teng sakurebeng langit selumaeng bumi lan sampun disalin ngangge katah basa.
Cerios punika diwastani 1001 dalu keranten kabare cerios punika dilampahaken secara sambung sinambung ngantos 1001 dalu lamie. Teng Indonesia, cerios-cerios kang dipendet saking 1001 dalu punika disadur, dipasing-pasing, lan disebaraken secara kapisah ngantos dikenal masyarakat kaliyan Hikayat Putri Jakor manikam, Siti Hasanah, Sinbad Si Pelaut, Ali Baba, Abu Nawas, Aladin lan Lampu Wasiat, lan sanes-sanese.
3) Hikayat Bachtiar. Latar pengker cerios punika sami kaliyan 1001 dalu nggih niku nyimpangi paten kaliyan nglampahaken cerios. Teng ngriki, kang cinerios punika putra raja kang dibucal nalika maksih abrit, dipupu dening saudagar, lajeng putra punika diwastani Bachtiar. Nikulah sebabe cerios punika diwastani Hikayat Bachtiar.
4) Hikayat Amir Hamzah. Cerios punika nyriosaken setunggale pahlawan Islam kang gagah perkosa. Hikayat Amir Hamzah asring diceriosaken sederenge majeng perang supados timbul raos kewantun dumateng prajurit kang bade majeng perang. Hikayat punika teng Jawi dikenal kaliyan cerios Menak Amir.

Seliyane kang sampun diserat teng inggil punika maksih katah judul cerios kang tumimbul teng jaman Islam kados dene : Hikayat Musang Berjanggut, Hikayat Muhammad Ibnu Al Hanafiah, Hikayat Sultan Iskandal Zulkarnain, Tajjus Salatina, Bustanus Salatina, Hikayat Nabi Sulaiman, lan cerios-cerios panji.

2. Kesusastraan Enggal
Secara umum prosa teng kesusastraan enggal saged dibagi dados kalih golongan, nggih niku sastra imajinatif atanapi prosa fiksi lan sastra non-imajinatif atanapi prosa non-fiksi. Teng prosa imajinatif punika unsur imajinasi atanapi hayali langkung kiyat tinimbang teng sastra non-imajinatif. Mekaten ugi teng selebete penggunaan basae, sastra imajinatif langkung nitikawrataken teng penggunaan tembung-tembung kang gadah makna konotatif (katah makna), sedeng teng sastra non-imajinatif langkung nitikawrataken teng penggunaan tembung-tembung kang gadah makna denotatif (tunggal makna). Pramila punika, tetenger sastra imajinatif nggih niku, (1) sastra imajinatif langkung katah sifat hayalie, (2) migunakaken tembung-tembung kang gadah makna konotatif, lan (3) gadah syarat-syarat seni. Anadene tetenger sastra non-imajinatif nggih niku, (1) sastra non-imajinatif katah unsur faktuale tenimbang unsur hayale, (2) migunakaken tembung-tembung kang gadah makna denotatif, (3) bebas saking ketaksaan basa kados dene ambiguitas, redundansi, lan jinis ketaksaan sanese, lan (4) gadah syarat-syarat estetika seni.
Teng prake, sastra non-imajinatif punika ngliputi rumpaka-rimpaka kang wangune esei, kritik, biografi, otobiografi, lan sejarah, katut memoar, catetan padinan, lan surat-surat. Selebete sastra moderen, genre sastra kang sampun disebat teng inggil punika maksih arang kang nglebetaken teng kelompok rumpaka sastra. Kang mlebet teng rumpaka sastra punika cumi jenis rumpaka imajinatif. Hal punika saged dimaklumi keranten sejarah sastra teng Indonesia umume lan teng Cerbon khususe maksih singget atanapi nem yuswane.
Pujangga damel rumpaka dumasaraken fakta atanapi kasunyatan kang leres-leres wonten lan dumados sedawaneng kesanggeman penganggit punika damel rumpaka sastra. Penyajian selebete wangun sastra punika ugi diampili dening daya imajinasi penganggit. Pramila punika, saumpami wonten tigang pujangga damel fakta kang sami, saged dipestekaken ngasilaken rumpaka sastra kang benten.

a. Sastra Non-imajinatif
Sastra non-imajinatif ngrupiaken rumpaka sastra kang langkung mentingaken penggunaan basa kang gadah makna denotatif. Kang kalebet teng ragam sastra non-imajinatif nggih niku esei, kritik, biografi, otobiografi, sejarah, memoar, catetan padinten, lan serat-serat.

1) Esei
Esei kalebet teng jinis sastra non-imajinatif. Esei nggih niku anggitan cendak mangenani setunggal kesunyatan kang dionceki miturut pandengan pribadose penganggit. Teng esei punika pikiran lan peraosan tuwin kesedantenan pribados penyerate kagambar kelawan pertela, keranten esei pancen ngrupiaken ungkapan pribados penyerat dumateng kewontenan setunggal fakta. Maos setunggale esei punika kados mirengaken penyerat micareng sareng pemaos kelawan akrab, kados setunggal rencang kang siweg ngungkapaken pengalaman, pikiran, lan peraosan pribadose.
Setunggal esei saged micareng mangenani hal-hal punapa kemawon lan mboten perlu tansah micarengaken hal sastra. Setunggal esei kenging micarengaken kegesangan semut, pemandangan alam, candi, lan sanes-sanese. Sanajan teng selebete rumpaka sastra kesedantenan pribados penganggit micareng teng rumpaka sastra, nanging teng esei punika unsur pemikiran langkung nonjol tinimbang unsur peraosan.
Cara ngupas setunggale fakta teng rumpaka esei saged dibagi dados sekawan golongan, nggih niku :
a) esei deskripsi, nggih niku upami teng selebete esei punika cumi wonten penggambaran setunggal kesunyatan punapa wontene, datan wonten kecenderungan penganggite kangge nafsiraken fakta. Anadene tujuan penyeratan esei deskripsi punika cumi motret lan nglaporaken punapa kang disumerepi dening penganggite,
b) esei eksposisi, nggih niku upami selebete esei punika penyerat mboten cumi nggambaraken kesunyatan, nanging ugi mertelakaken rerangkenan sebab-akibat, kegunaan, lan esak-mboten esak saking titik pandeng kang sampun temtos. Pokoke selebete esei eksposisi, penganggit saged mertelakaken kesunyatan seajeg mumkin.
c) esei argumentasi, nggih niku esei kang mboten cumi nuduhaken kesunyatan, nanging ugi nuduhaken permasalahan. Permasalahan punika nonten dianalisis lan dipendet setunggale kesimpulan. Tujuan penyeratan esei argumentasi nggih niku mecahaken setunggal masalah lan teng pungkase disimpulaken dening penganggite.
d) esei narasi, nggih niku esei kang nggambaraken setunggale kesunyatan selebete wangun urutan kronologis teng wangun cerios.

2) Kritik
Kritik ngrupiaken analisis kangge mbiji setunggal rumpaka seni, teng hal puniki rumpaka sastra. Tujuan seni mboten cumi nuduhaken kelangkungan, kekirangan, atanapi leres lan sawone setunggale rumpaka sastra, nanging tujuan kang pamungkas nggih niku kangge ndorong pujangga kangge anggayuh penciptaan sastra seinggil mumkin lan ugi ndorong pemaos kangge ngapresiasi rumpaka sastra kang langkung sae teng waktos mangke.
Cara medamel kritik sastra saged digolongaken dados kalih, nggih niku nganalisis dumasaraken deduksi lan nganalisis dumasaraken induksi. Kritikus kang medamel dumasaraken deduksi tansah ngagem setunggale ukuran kang dipercanten lan dipigunakaken secara konsekuen.
Teng analisis sastra dumasaraken deduksi, samubarang kesimpulan mangenani kelangkungan lan kekirangan setunggal rumpaka sastra dibiji dumasasraken ukuran-ukuran kang diangge punika. Dados, kritikus langkung rumiyin ngewontenaken hukum-hukum, prinsi-prinsip, lan norma-norma ukuran penilaian sastra kang diageme. Sewalike, kritikus kang medamel dumasaraken teng induksi nguculaken samubarang hukum-hukum, prinsip-prinsip, kaedah-kaedah, lan norma-norma ukuran penilaian kang wonten. Kritikus niteni lan nganalisis setunggale rumpaka sastra lan mendet kesimpulan arupi hukum-hukum, prinsip-prinsip, kaedah-kaedah, lan norma-norma enggal saking rumpaka sastra punika.
Sanese punika, kritik sastra maksih saged dibentenaken antawis kritik impresionistik, kritik penghakiman, lan kritik teknis. Kritik impresionistik nggih niku kritik kang arupi kesan-kesan pribados pengritik secara subjektif dumateng setunggale rumpaka sastra. Teng hal puniki kritikus secara pribados dahat gadah peranan. Kritik penghakiman nggih niku kritik kang medamel secara deduksi kaliyan ngagem dumateng ukuran-ukuran sastra kang tinamtos kangge netepaken sastra punika sae atanapi mboten sae. Sedeng kritik sastra secara teknis nggih niku kritik sastra kang nuduhaken kekirangan-kekirangan tinamtos saking setunggale rumpaka sastra ngantos pujangga punika saged mersaekaken kesawonan-kesawonan punika.

3) Biografi
Biografi atanapi riwayat gesang ngrupiaken cerios mangenani gesang setunggal tiyang atanapi tokoh kang diserat dening tiyang sanes. Wonten sekawan jinis biografi, nggih niku biografi ilmiah, biografi awrat sasisih, biografi populer, lan novel biografi.
Biografi ilmiah nggih niku biografi kang kebek kenging data-data teknis kang arupi keahlian-keahlian saking tokoh kang sinerat. Biografi awrat sasisih nggih niku biografi kang katah ngumpetaken atanapi ngicalaken segi-segi kang dinilai mboten sae saking tokoh kang diwicarakaken demi tujuan-tujuan tinemtos.
Biografi populer nggih niku biografi kang nekenaken penggambaran-penggambaran riwayat gesang setunggale tiyang secara pertela, objektif, gesang, lan kebek kenging warni, mboten ngalem atanapi ngerehaken panggawe tokoh kang kasebat. Sedeng novel biografi dumasare ngrupiaken novel kang langkung mentingaken unsur-unsur hayali tinimbang kesunyatan.

4) Otobiografi
Otobiografi nggih niku riwayat gesang kang diserat dening tokohe piyambek, atanapi kadang-kadang diserat dening tiyang sanes nanging atas penuturan atanapi sepangauning tokoh kang kasebat. Kelangkungan otobiografi nggih niku kedadosan-kedadosan atanapi hal-hal alit sanese kang mboten disumerepi dening tiyang sanes keranten mboten wonten buktose saged diungkapaken. Mekaten ugi sikap, pendapat, lan peraosan tokoh kang dereng disumerepi dening tiyang sanes ugi saged diungkapaken. Anadene kekirangan saking otobiografi nggih niku tokoh punika asring ngumpetaken hal-hal kang diraose saged ngudunaken citra positif piyambeke.

5) Sejarah
Sejarah nggih niku cerios jaman rumuhun setunggale masyarakat dumasaraken sumber-sumber tinulis atanapi tan tinulis. Sanajan sejarah punika dumasaraken teng kasunyatan kang dipendet saking sumber-sumber, nanging penyajiane mboten ucul saking unsur-unsur hayali penganggite. Kesunyatan sejarah biasae winates lan mboten ajeg, ngantos kangge nggambaraken jaman rumuhun punika, penganggit perlu ngrekonstruksi dumasaraken daya hayal atanapi imajinasie ngantos peristiwa punika dados ajeg lan saged dipahami.

6) Memoar
Dumasare, memoar nggih niku setunggale otobiografi, nggih niku riwayat gesang kang diserat dening tokohe piyambek, nanging bentene memoar punika matesi teng setugel pengalaman tokohe kemawon. Umpamie pengalaman kang dialami dening tokoh punika nalika peristiwa G 30 S / PKI, maka kang diceriosaken teng memoar punika cumi mangenani peristiwa G 30 S/PKI kemawon. Kesunyatan selebete memoar punika memoare punika piyambek, sanajan selebete memoar punika unsur hayali ugi ampil gadah peranan.

7) Catetan Padinten
Catetan padinden nggih niku catetan kang didamel dening setunggale tiyang mangenani awake piyambek atanapi lingkungan gesange kang diserat secara teratur. Saged diwuwusaken nyaniya catetan padinan ngrupiaken ungkapan jiwa saking setunggale tiyang mangenani kesedantenan hal kang tinalenan kaliyan situasi kejiwaan tiang. Catetan padinten asring dibiji gadah kadar sastra keranten diserat secara jujur lan spontan ngantos ngasilaken ungkapan-ungkapan kang tulen lan bening, nggih niku setunggale kualitas kang diregeni selebete sastra.

8) Serat-Serat
Serat-serat saking tokoh kang tinamtos saged dibiji minangka rumpaka sastra keranten kualitas kang sami kaliyan catetan padinten. Genre sastra non-imajinatif punika dereng kinembang kelawan sae ngantos wontene genre sastra kados mekaten dereng dikenal minagka setunggale genre sastra. Punapa kang dikenal kaliyan genre sastra teng Indonesia atanapi teng Cerbon khususe cumi ngliputi rumpaka imajinasi kemawon.

b. Sastra Imajinatif
Tinalenan rumpaka-rumpaka sastra imajinatif kaliyan kesunyatan kegesangan atanapi realitas kegesangan pancen dahat tipis. Pujangga sesenggolan kaliyan realitas lajeng nafsiraken atanapi ngreaksi dumateng kegesangan punika teng selebete rumpaka sastra imajinatif.
Prosa fiksi atanapi prosa imajinatif dumasare kabagi dados tigang genre, nggih niku novel atanapi roman, cerios cendak, lan novelette. Ketigang genre kang kasebat punika selerese gadah unsur-unsur fiksi kang sami, nanging takeran unsure benten kaliyan maksad kang benten ugi.
Prosa imajinatif punika katah maceme. Hal punika saged ditingal saking sisih periodie lan jinise.

1) Dumasar periodie
Dumasar periodie, sastra Indonesia moderen saged dikelompokaken dados periode Angkatan Balai Pustaka, periode Angkatan Pujangga Baru, periode Angkatan ’45, periode Angkatan ’50, lan periode Angkatan ’70.
a) Periode Angkatan Balai Pustaka (1920 – 1940)
Jinis prosa kang nonjol teng periode punika nggih niku roman, sanajan cercen lan puisi arupi pantun ugi katah diseselaken selebete roman-roman. Rumpaka prosa kang babar teng periode punika kados dene : ‘Azab dan Sengsara’ rumpaka Merari Siregar, ‘Siti Nurbaya’ rumpaka Marah Rusli, ‘Katak Hendak Menjadi Lembu’ lan ‘Hulubalang Raja’ rumpaka Nur Sutan Iskandar, ‘Kehilangan Mestika’ rumpaka Selasih, ‘Di Bawah lindungan Ka’bah’ lan ‘Tenggelamnya Kapal Van Der Wijk’ rumpaka Hamka, lan sapanunggalane.

b) Periode Angkatan Pujangga baru
Teng periode punika boh puisi boh prosa umume kagolong teng aliran romantik. Hal punika disebabaken wontene pengaruh sastra romantik teng negeri Welandi nggih niku Gerakan ’80. Aliran romantik Gerakan ’80 punika nyukani pengaruh selebete struktur lan ragam sajak-sajake, ugi selebete pemilihan objek lan masalah.
Aliran romantik ketingal saking gaya penuturan, peraosan, lan pelukisan alam kang inan. Para penganggit Pujangga baru ugi nyenengi wangun ballada kang ugi disenengi dening pujangga aliran romantik kilen. Rumpaka sastra kang dianggep penting teng jaman punika kados dene : ‘Nyanyian sunyi’ lan ‘Buah Rindu’ rumpaka Amir Hamzah, ‘Layar Terkembang’ rumpaka Sutan Takdir Alisyahbana, ‘Rindu Dendam’ rumpaka J.E. Tatengkeng, ‘Belenggu’ rumpaka Armijn Pane, lan sanes-sanese.

c) Periode Angkatan ’45
Teng periode punika kewontenan perang dunia kaping kalih mengaruhi rumpaka lan permasalahan sastra khususe prosa teng Indonesia keranten kesengsaraan lan kemasakatan gesang teng jaman penjajahan Jepang. Isi prosa umume ngisahaken mangenani perlawanan-perlawanan kados dene perlawanan dumateng kewontenan lan nasib waktos punika.

d) Periode Angkatan ‘60
Periode Angkatan ’50 punika teng dumasare nerasaken konvensi Angkatan ’45, cumi kemawon wonten perobihan selebete gaya cinerios. Teng periode punika kinembang jenis puisi epik kang kawentar, nggih niku ballada.Tema kang wonten teng selebete puisi punika umume nyeriosaken masalah perang, kejanmaan, tiyang kang pareng babas saking penjajahan, atanapi bebas saking kekejeman. Pramila punika, sastrawan minangka setunggale anggota masyarakat lan bangsa mboten ucul saking masalah kemasyarakatan lan budaya panggenan piyambeke gesang.

e) Periode Angkatan ‘70
Kaliyan muncule pujangga-pujangga enggal kang gadah bakat teng pungkasan naun 1970, maka muncul ugi periode sastra, khususe kangge puisi kang gadah corak piyambek. Para pujangga nem namekaken periode punika minangka Angkatan ’70 atanapi Angkatan ’80. Teng periode punika, seliyane puisi ngalami pikembangan kang sae selebete rangkenan sejarah puisi, kinembang ugi sastra pop arupi novel-novel pop kang maksih gadah corak konvensional.

2) Dumasar Jinise
Dumasar jinise, sastra Indonesia modern saged dikelompokaken novel, cerios cendak, lan novelette.
a) Novel
Selebete artos kang wiyar, novel punika cerios kang wangune prosa kaliyan ukuran kang wiyar. Ukuran kang wiyar teng ngriki maksade cerios kelawan plot (alur) kang kompleks, karakter kang katah, tema kang kompleks, suasana cerios kang rineka warni, lan setting kang rineka macem, nanging ukuran wiyar teng ngriki ugi mboten mutlak kados mekaten, mumkin kang wiyare punika cumi setunggal unsur fiksie kemawon, umpamie temae kemawon atanapi alure kemawon, sedeng setting, karakter, lan sanes-sanese punika cumi setunggal.
Istilah novel sami kaliyan istilah roman. Tembung novel asale saking basa Italia kang pungkase kinembang teng Inggris lan Amerika. Sedeng istilah roman asale saking genre romance saking Abad Pertengahan. Dumasar asal-usul istilah punika pancen wonten sekedik pibentenan antawis novel kaliyan roman, nggih niku novel langkung cendak tinimbang roman, nanging ukuran wiyare unsur cerios meh sami.
Novel saged dibagi dados tigang golongan, nggih niku novel kinasihan, novel petualangan, lan novel fantasi. Novel kinasihan njambet peranan tokoh jaler lan istri secara imbang, malah kadang-kadang peranan istri langkung dominan. Teng selebete novel jinis puniki meh sedanten tema lan sebagian ageng novel kalebet teng novel jinis puniki.
Novel petualangan dahat sekedik nglebetaken unsur tiyang istri. Upami tiyang istri punika disebataken teng jinis novel petualangan, maka penggambarane meh stereotip lan gadah peranan kang kirang.
Novel fantasi nyriosaken hal-hal kang mboten realistis lan sarwa mboten mumkin ditingal saking pengalaman sedinten-dinten. Novel jinis fantasi migunakaken karakter kang mboten realistis, setting lan plot ugi mboten wajar kangge maturaken ide atanapi gagasan penganggite. Novel jinis fantasi punika mentingaken ide, konsep, lan gagasan kang jelas dimaturaken selebete cerios fantastik, maksade nyalahi hukum-hukum empiris lan pengalaman sedinten-dinten.

b) Cerios Cendak
Awal pituwuhan cercen dimilai sekira pitengahan naun 30-an. Masa pituwuhan cercen Indonesia dimilai sekitar pitengahan naun 40-an. Cercen teng masa punika cenderung arupi hiburan, sedeng nilai artistike (nilai keinanan) kirang sanget.
Pituwuhan cercen teng Indonesia diawali kaliyan terbite cerpen kang judule ‘Teman Duduk’ anggitan M. Kasim. M. Kasim ngrupiaken pelopor tuwuhe cercen teng Indonesia, ngantos piyambeke disebat minangka Bapak Cercen Indonesia. Teng naun 50-an, penyair-penyair selebete majalah Kisah dan sastra secara jujur selebete rumpaka sastrae nggambaraken dunia sosial janma selebete hubungane kaliyan budaya, keluwargi, politik, ekonomi, lan negara.
Cerios cendek nggih niku cerios anatapi narasi (sanes analisis argumentatif) kang sifate fiktif (mboten leres-leres dumados nangin sewaktos-waktos saged dumados), lan relatif cendak. Cerios cendak nggih niku cerios kang wangune prosa kang relatif cendak. Tembung cendak selebete watesan punika mboten pertela ukuran-ukurane. Ukuran cendak teng ngriki diartosaken minangka sepindah linggih atanapi sepenginuman kopi selebete waktos kang kirang saking setunggal jam. Diwuwusaken cendak ugi keranten genre cerios cendak cumi gadah setunggal efek, karakter, plot, mboten ngrobih nasibe pelaku, lan setting kang kewates, mboten rineka warni, lan mboten kompleks.
Minangka rumpaka sastra, cerios cendek saged ditingal saking tetengere. Hal punika saged ditingal saking pengertosan cerios cendak punika piyambek. Seliyane ceriose cendak, cercen lumrahe gadah efek tunggal (a single effect) kang dimaturaken liwat setunggale episode atanapi adegan tunggal kang cacahe kawates.
Tetalenan kaliyan istilah cerios cendak punika maksih saged dibagi dados tigang kelompok, nggih niku cerios cendak, cerios cendak kang dawa (long shot story), wonten cercen kang cekap dawa (middle short story) lan cerios cendak kang cendak (short-short story). Punapa kemawon istilahe, secara hakiki cerios cendak gadah tujuan nggih niku kangge nyukani gambaran kang landep lan pertela selebete wangun kang tunggal, wungkul, lan anggayuh efek tunggal dumateng pemaose.
Kewungkulan atanapi keajegan cerios punika ditingal saking sisih-sisih unsur kang mangune. Anadene unsur-unsur kang dimaksad nggih niku peristiwa cerios (alur atanapi plot), tokoh cerios (karakter) tema cerios, suasana cerios (mood lan atmosfir cerios), latar cerios (setting), titik pandengan penyerios (point of view), lan gaya (style) penganggite.
Wonten jinis-jinis cerios kang cendak, nanging sanes cerios cendak. Jinis kang dimaksad nggih niku fabel, parabel, cerios rayat, lan anekdot. Fabel ngih niku cerios cendak kang para pelakue sato kewan kang gadah ajaran-ajaran moral. Mekaten ugi sareng parabel nggih niku cerios cendak kang ngandung ajaran-ajaran moral dipendet saking kitab suci. Cerios rayat (dongeng) nggih niku cerios cendak mangenani tiyang-tiyang atanapi peristiwa-peristiwa setunggale kelompok suku atanapi bangsa kang diwarisaken turun temurun, biasae pewarisane punika dilampahaken kelawan lisan. Sedeng anekdot nggih niku cerios kang cendek kang isie cerios lucu lan eksentrik saking tokoh-tokoh sejarah atanapi tiyang biasa.
Sanese punika ugi wonten cerios cendek kang diistilahaken kaliyan legenda lan mitos. Legenda ngrupiaken cerios rayat kang tinalenan kaliyan kedadosan atanapi asal-muasal setunggale wilayah atanapi panggenan lan dipercanten nyaniya hal punika leres-leres dumados. Sedeng mitos ngrupiaken ceriosan cendak kang tinalenan kaliyan pantangan atanapi pamali kang maksih dipercanten kewontenane, sing sinten tiyang kang nglanggar mitos punika bakal angsal bebendu, bala, atanapi karmae piyambek

c) Novelet
Novelet nggih niku cerita cendak kang wangune prosa kang dawae antawis cerios cendak kaliyan novel. Wangun novelet ungi asring disebat cerios cendak kang dawa. Benten antawis novelet kaliyan cerios cendak nggih niku novelet langkung wiyar jambetane selebete tema, plot, lan unsur-unsur kang sanese. sedeng bentene kaliyan novel nggih niku novelet langkung cendak tinimbang novel lan dimaksadaken kangge diwaos sepindah linggih kangge nggayuh efek tunggal dumateng pemaose. Teng prake, ukuran kandel novelet antawis 50 ngantos 60 kaca, sedeng cerios cendak kandele antawis 5 ngantos 15 kaca.

C. Fiksi Sastra lan Eskapisme
Mboten saged dipungkiri saking semanten katahe wangun atanapi genre prosa, wangun novel kaliyan cerios cendak kang paling katah diserat lan diwaos tiyang. Kekalih genre prosa punika relatif gampil kangge dipahami lan dikersani. Punikalah sebabe meh sedanten majalah lan surat kabar ngemot novel lan cerios cendak, sedeng genre puisi kang angel keranten tuntutan intensitase kirang gadah tempat selebete media massa umum. Puisi cumi diterbitaken dening majalah-majalah sastra lan budaya surat kabar.
Wonten kalih hal kang mbentenaken wacana fiksi sastra kaliyan fiksi populer. Pertami, tuntutan hiburan enteng teng novel lan cerios cendak popular, sedeng novel lan cerios cendak sastra malah dituntut kangge nyukani pemahaman gesang puniki secara wiyar. Kaping kalih, fiksi populer sifate eskapisme, nggih niku nguculaken diri saking kasunyatan gesang lan persoalan gesang sedinten-dinten. Keranten dasar tujuane benten, maka wonten tetenger kang saged disimak saking prosa fiksi populer kaliyan prosa fiksi sastra punika nggih niku wangun lan isi.

1. Wangun
Ditingal saking sisih wangune, antawis prosa fiksi populer kaliyan prosa fiksi sastra gadah pibentenan kang dahat pertela. Anadene pibentenane punika kados teng andap puniki.
a. Fiksi populer ngutamikaken plot cerios lan kirang nggarap unsur-unsur fiksi sanese. Teng jinis prosa kang kagolong fiksi popular punika, unsur plot langkung nekanaken teng katahe suspense (ketegangan) kang mancing kepareng-sumerepan pemaos dumateng setunggale dalaning cerios. Fiksi dipungkes kaliyan wusana kang mbagjakaken (happy ending) keranten nyukani kebagjaan dumateng pemaos. Selebete fiksi wonten tigang kemumkinan mungkes cerios, nggih niku tokoh umasil ngatasi masalah, tokoh gagal ngatasi masalah, lan tokoh dijoraken mboten ngatasi masalah atanapi konflike.
b. Maksih tinalenan kaliyan plot cerios, prosa fiksi populer langkung ndasaraken diri dumateng pola-pola cerios kang tinemtos. Wonten katah tipe fiksi populer kang gadah pola dalaning cerios sewang-sewangan. Selebete hal mpunika dikenal pola cerios detektif, pola cerios spionase, pola cerios roman, pola cerios misteri, pola cerios silat, pola cerios western, pola cerios mistik lan horor, lan pola cerios sanes-sanese. Unggal pola cerios kang enggal kantun ngampili pola cerios kang sampun wonten mawon, nanging dalaning ceriosane punika benten.
c. Tema selebete fiksi populer mboten dipentingaken, ngantos hal punikalah kang nyebabaken kenging punapa prosa fiksi populer punika tebih saking masalah kegesangan lan kados mboten peduli dumateng masalah kegesangan.
d. Karakter selebete prosa fiksi populer sifate stereotip, nggih niku makili gambaran masyarakat umum mangenani setunggal pelaku. Umpamie tukang beca tansah dilukisaken minangka tiyang masakat lan mboten ‘dahar bangku sekolahan’. Sopir tansah digambaraken minangka tiyang kang kasar, brutal, lan kirang ajar. Penggambaran punika jelas nyugihaken pandengan pemaos mangenani janma.

2. Isi
Ditingal saking sisih isie, antawis prosa fiksi populer kaliyan prosa fiksi sastra gadah perbentenan kang dahat pertela. Hal punika saged ditingal saking katah sisih kang dahat pertela mbentenakene. Anadene pibentenane punika kados teng andap puniki.
a. Meh mboten wonten materi atanapi informasi penting prosa fiksi popular kang saged nyaketaken pemaos dumateng kesunyatan kegesangan supados piyambeke langkung paham lan saged maklum marang kesunyatan kegesangan punika. Informasi dumasar pangauning mumkin wonten, nanging mboten dionceki dumugi teng hakekate. Setunggal fiksi sejarah populer mumkin kebek kenging fakta sejarah, nanging salami piyambeke mboten nyaketaken pemaos dumateng pemahaman diri piyambeke, pemahaman dumateng masyarakat, pemahaman dumateng janma sanes, lan sanes-sanese, maka rumpaka kados mekaten angger mboten gadah nilai sastra.
b. Masalah moral ugi mboten dados ukuran kangge mbiji setunggale rumpaka fiksi punika sifate populer tah sastra. Setungale novel popular saged kemawon kebek kenging ajaran moral kang dianut dening setunggale masyarakat kang gesang teng jaman punika, nanging salami novel punika mboten saged nyukani interpretasi moral kang enggal dumateng pemaose, maka novel punika dianggep kirang nilai sastrae.
c. Teng sisih ekspresi, fiksi populer biasae diserat kados kriya pertukangan kemawon. Pinikilah sebabe setunggal penulis fiksi populer dahat produktif mbabaraken novel-novel. Penganggit kang kados mekaten selerese mboten saged ngedalaken kesugihan batine dumateng pemaos. Teng hal punika, penganggit cumi tumindak minangka tukang cerios.
d. Pianggean basa teng prosa fiksi populer sanes ngrupiaken pemanggihan khusus penganggite. Basa prosa fiksi populer nggih niku basa komunikasi biasa kang sampun lumrah diangge dening tiyang teng setunggale masyarakat. Mboten wonten basa kang ngrupiaken ungkapan ekspresi pribadose kang khas. Rata-rata basa prosa fiksi populer punika kirang kiyat, kirang intens, kirang asli, lan kirang spontan.

D. Unsur-Unsur Prosa
Setunggal cerios kedah wutuh lan ajeg, maksade setunggale cerios kedah gadah unsur-unsur kang sanggem mangun keajegan setunggale cerios. Teng hal punika, penganggit saged musataken perhatosane cumi teng setunggal unsur, saged ugi musataken perhatosane teng samubarang unsur kang wonten teng selebete cerios. Sami kaliyan genre sastra sanese kados puisi lan drama, gadah unsur-unsur kang nyekapi syarat minangka asil karya sastra. Anadene unsur-unsur kang dimaksad punika kados dene setting, penokohan, gaya, alur, plot, titik pandeng, tema, amanat, suspense, foreshadowing, limited focus lan unity.

1. Setting
Setting atanapi latar pengker ngrupiaken latar kedadosan setunggale peristiwa atanapi kedadosan teng setunggale karya sastra arupi prosa. Latar pengker punika saged arupi tempat, waktos, barang-barang, peristiwa, atanapi suasana lair atanapi suasana kebatinan kang gadah fungsi fisikal lan fungsi psikologis. Setting punika mboten cumi gadah fungsi minangka latar pengker kang sipate fisikal, nanging setting ugi gadah fungsi kangge nyiptakaken suasana psikologis ngantos setting punika sanggem nuansakaken makna kang sampun temtos lan sanggem nyiptakaken suasana-suana sanese lan ngobahosikaken emosi atanapi aspek-aspek kejiwaan pemaos atanapi pemirenge.
Celakae, katah penganggit selebete milih tetenger khas unggal rumpaka-rumpakae kelawan setting kang tinemtos punika cumi matesi teng wangun wadahe kemawon, mboten diimbangi kaliyan visi penganggite kang saged ngolah setunggale tema dasar penganggite dumasaraken setting kang monoton. Pandengan gesang pengangit lan cara mandeng penulis dumateng masalah-masalah gesang kang wonten teng wilayahe kang kedah dikembangaken.
Setting atanapi latar pengker punika secara umum saged dibagi kalih jenis, nggih niku setting kang arupi fisik lan setting arupi nonfisik (psikologis). Kang dimaksad kaliyan setting fifik punika setting kang saged katangkep dening p[anca indera, sedeng setting non-fisik punika setting kang mboten saged katangkep dening panca indera. Kangge langkung mertelakaken mangenani perbentenan setting fisikal kaliyan setting nonfisik punika, teng andap puniki wonten cuplikan prosa saking Mahisa Alit kang judule Nasib.

Ning sawijineng pojok pasar kang durung patia sibuk, wayah masih isuk repet-repet, awa atis masih nembus kulit, angin lembut silir-silir nambah atis awake kang gering aking, nanging bocah cilik iku masih ndodok dewekan ning duwure unduk-undukan sungkrah kang ngundung-undung sambir krodongan sarung kang kedelengane masih sarung kang dinggo wingi lan dina-dina sedurunge. Sekali-kali krungu gemletuke untu cecatuken. Ning tangane kagegem kertas-kertas tabekan, sementara ning inggir tengene katon tumpukan-tumpukan kertas, kardus, majalah, lan koran kang wis dipilih lan dikumpulaken deweke. Matae kang cilik lan kuyu masih katon ayup-ayupen ndengak munjuk, ndeleng fajar kang alon-alon mulai mancaraken sinare.

Saking cuplikan prosa kang judule Nasib punika, saged dipanggihi latar pengker arupi :
a. tempat, kados dene : pasar
b. barang, kados dene : angin kang silir-silir, unduk-undukan sungkrah kang ngundung-undung, kertas-kertas tabekan, tumpukan kardus, majalah, koran, srengenge kang mulai muncul.
c. waktos, kados dene : enjing repet-repet, fajar kang mulai mancaraken sinare.
d. suasana atanapi kewontenan, kados dene : pasar kang dereng patia sibuk, awa atis masih nembus kulit, kewontenane lare alit kang maksih ayup-ayupen.
e. suara, kados dene : sekali-kali krungu gemletuke untu cecatuken lan suara-suara kang biasa wonten teng pasar.

Selajenge, Leo Hamalian lan Frederick R. Karel njelasaken ‘Teng setunggale karya sastra ugi sanes ngrupiaken tempat, peristiwa, suasana, lan barang-barang teng lingkungan mawon, nanging ugi suasana kebatinan kang gadah hubungan kaliyan sikap selebete pikiran, prasangka, atanapi gaya gesang setunggale masyarakat selebete nanggapi setunggal masalah’.
Suasana kebatinan kang wonten lan dialami dening tokoh lare alit teng cuplikan prosa punika temtos kemawon cumi saged dialami dening tiyangsaking kalangan kang mboten gadah atanapi mlarat, sebab upami lare alit punika saking golongan tiyang kang gadah atanapi sugih banda kaya temtos kemawon kedadosan kados teng inggil punika mboten mumkin dumados keranten wanci enjing sampun wonten teng pojoke peken lan raket kaliyan barang-barang tilas, dados saged disimpulaken nyaniya lare alit punika setunggale pemulung, keranten upami lare alit punika saking golongan kang mampu temtos maksih kemulan rapet teng griya.
Mekaten ugi suasana kebatinan kang ditimbulaken dening fajar kang alon-alon mancaraken sinare nyirataken harapan kang digadahi dening tokoh (lare alit) mbok menawi mbesuk nasib kang dialami dening tokoh punika saged robih.

2. Penokohan
Kang dimaksad penokohan punika kinaitan kaliyan nami tokoh, jenis tokoh, sikap, lan perwatekan atanapi karakteristik tokoh. Pelaku kang ngemban cerios atanapi peristiwa selebete prosa fiksi ngantos njalin setunggal cerios disebate tokoh, sedeng cara kang diangge dening penganggit ningalaken tokoh atanapi pelaku punika disebate penokohan.
Kecenderungan prosa moderen nekanaken dumateng unsur perwatekan tokohe. Nanging hal punika teng prosa lami unsur perwatekan mboten dipentingaken, Teng penulisan prosa jinis punika katah diciptakaken karakter ageng lan perwatekan tokoh kang mboten gampil dilaliaken.
Miturut Boulton, cara penganggit nggambaraken atanapi munculaken tokohe punika katah carae. Mumkin penganggit nampilaken pelaku atanapi tokoh kang gesange cumi teng alam impen, pelaku kang gadah sumanget perjuangan kang ageng,pelaku kang seneng nglampahaken panggawe kang ngrugiaken tiyang sanes, atanapi pelaku kang mentingaken dirie piyambek. Setunggale tokoh kang gadah peranan kang ageng atanapi penting selebete cerios disebate tokoh utami, sedeng tokoh kang mboten gadah peranan kang ageng atanapi kirang penting disebate tokoh ampilan atanapi tokoh pembantu. Tokoh pembantu punika fungsie cumi ndukung tokoh utami lan peristiwa teng selebete cerios.
Selebete nemtosaken pelaku utami kaliyan pelaku ampilan punika, pemireng atanapi pemaos saged ningal saking asringe tokoh punika muncul, mumkin ugi saking judul cerios keranten penganggit asring damel judul cerios ngangge nami tokoh utami, umpamie Sangkuriang, Malin Kundang, Lutung Kasarung, lan sapanunggalane. Seliyane mekaten ugi, asringe nami tokoh punika disebat teng cerios saged ditemtosaken nyaniya tokoh punika kelebet teng tokoh utami. Kangge nemtosaken tokoh utami kaliyan tokoh tambahan ugi saged ditemtosaken lewat pituduh kang disukani dening penganggit. Tokoh utami biasae asring disukani komentar dening penganggit.
Dumasar perwatekane, karakteristik tokoh punika wonten kalih, nggih niku tokoh protagonis lan tokoh antagonis. Tokoh protagonis nggih niku tokoh kang gadah perwatekan kang sae. Biasae karakteristik tokoh protagonis punika disenengi dening pemireng. Sedeng tokoh antagonis punika tokoh kang gadah watek mboten sae, kados galak, brangasan, culas, tumindak dursila, seneng damel keributan, lan watek-watek sanese kang disengiti dening pemaos. Karakter antagonis piyambek saged dibentenaken dados kalih macem, nggih niku tokoh alazon kaliyan antiwirawan. Tokoh alazon nggih niku tokoh kang gadah perwatekan seneng bobad, gede bohong, pendusta, lan sapanunggalane, sedeng tokoh antiwirawan nggih niku tokoh kang gadah perwatekan kang mboten gadah sumanget gesang, mboten gadah pikiran kang saged ditingal saking pola tingkah laku lan pangandikan, ugi mboten gadah nilai-nilai kegesangan.
Seliyane punika, selebete ragam pelaku wonten kang disebat simple character, complex character, dynamic character, lan static character. Kang dimaksad kaliyan simple character atanapi karakter basajan nggih niku pelaku kang mboten katah nampilaken wontene kompleksitas masalah selebete diri pribadose atanapi teng lingkungane. Complex character atanapi karakter kompleks nggih niku pelaku kang kemunculane gadah obsesi batin kang kompleks ngantos wontene pelaku kang gadah karakter kompleks punika nggambaraken watek kang kompleks ugi. Dynamic character atanapi karakter dinamis nggih niku pelaku kang gadah perobihan atanapi pikembangan batin mumkin ugi perobihan nasib teng akhir cerios. Tokoh kang kados mekaten disebate round character atanapi tokoh buled, sedeng static character atanapi karakter statis nggih niku tokoh kang mboten nuduhaken perobihan watek awit pelaku punika muncul ngantos cerios punika priyad.
Anadene tokoh lan penokohan kang wonten teng cuplikan prosa kang judule Nasib teng inggil punika saged diidentifikasi kados teng andap puniki.
a. Nami tokoh teng cuplikan prosa teng inggil punika mboten disebataken atanapi dereng disebataken, cumi diidentifikasi minangka lare alit mawon.
b. Jenis tokoh kang diemban dening pelaku utami teng cuplikan prosa teng inggil punika saged diidentifikasi minangka tokoh simple character saking golongan tiyang biasa (sanes pengageng atanapi tiyang kang gadah kemampuan amogasidi atanapi gadah kekiyatan gaib kang luar biasa).
c. Golongan tokoh teng cuplikan prosa teng inggil punika saged diidentifikasi minangka tokoh saking kalangan mboten mampu selebete hal punika nggih niku pemulung.
d. Sikap kang digadahi dening tokoh teng cuplikan prosa punika sabar lan nampi kewontenane dilairaken saking golongan tiyang kang masakat.
e. Karakter kang digadahi dening tokoh (lare alit) teng cuplikan prosa teng inggil punika saged diidentifikasi ulet keranten unggal enjing dugi teng peken kangge ngempelaken barang-barang tilas, khususe kertas-kertas tilas.

Selebete mahami watek pelaku, pemaos atanapi pemireng saged nlusuri liwat hal kang kados teng andap puniki :
a. tuturan penganggit dumateng karakteristik pelaku,
b. penggambaran fisik tokoh,
c. gambaran kang disukani penganggit liwat gambaran lingkungan kegesangane,
d. nuduhaken kepripun perilakue,
e. ningal kepripun pelaku punika micareng mangenani diri piyambeke,
f. mahami kepripun dalan pikirane,
g. ningal kepripun pelaku sanese micarengaken piyambeke,
h. ningal kepripun pelaku-pelaku kang sanese punika nyukani reaksi dumateng piyambeke,
i. ningal kepripun pelaku punika ngewontenaken reaksi dumateng pelaku kang sanese.
j. penerangan langsung saking penganggit.

3. Gaya
Istilah gaya dipendet saking istilah ‘style’ saking basa Latin ‘styllus’ kang gadah makna leksikal ‘alat kangge nyerat’. Teng selebete rumpaka sastra, istilah gaya gadah pengertosan ‘cara kang diangge dening setunggale penganggit selebete maturaken gagasan kaliyan migunakaken media basa kang inan lan haronis, tuwin sanggem nuansakaken makna lan suasana kang saged nyumponi daya intelektual lan emosi pemaose’. Scharbach nyebat gaya minangka setunggal hal kang suci, inan, lan perwujudan janma piyambek.

a. Unsur-Unsur Gaya
Unsur gaya kang wonten teng selebete prosa fiksi njambet pilihan tembung, penataan tembung lan ukara, lan nuansa makna kaliyan suasana penuturan kang ditingalaken.
Umpamie :
Deweke mlempat ning gigireng turangga, diseblak sesanter-santere. Diseblak terus. Santer-santer. Serombongan pasukane ngintil sing buri, nanging katon adoh. Deweke terus nyeblak jaran sesanter-santere maju mengarep, nerjang, mbabik, ngantem, ngancuraken prajurit-prajurit Kurawa cuma nganggo sewilah keris kang disabet-sabetaken ning pasukan Kurawa kang parek karo deweke. Pasukan Kurawa kang ora nduga, ora nyana, ora nyangka bakal arep olih serangan sing sewijine sinatria, sanajan dewekan nanging tumandange nggegirisi kang semana bringas lan trengginase, buyar tetawuran lir ayam ndeleng ulung. Apa maning sinantria mau galak kaya dene banteng ketaton. Sementara pasukan liman sing pihak Pendawa terus ngantem mamrahaken kekalahan kang ora cilik, ngakibataken tatu-tatu kang gede marang pasukan Kurawa. Abimanyu ngorek koreng sing jero, teka setitik. Pasuka Kurawa kang wis kerepotan ngladeni tumandang jurite Abimanyu pada kaget sewise weruh nyaniya ning jeroe pasukane ana wong asing. Lan wong asing iku ora samar ora pangling, Abimanyu, senopati ing alaga saking Pendawa.

Selebete kutipan paragraf teng inggil punika katah pilihan tembung kang ditata kelawan istimewa. Umpamie, maju mengarep, nerjang, ngantem, ngancuraken, buyar tetawuran, ngorek tatu, lan sanes-sanese. Sanese punika dipanggihi variasi dawa cendeke ukara. Wonten kang mangadege cumi kalih tembung kados diseblak terus, wonten ugi kang mangadege saking komplemen kados dene santer-santer. Intie, paragraf punika katah ngandung gaya basa atanapi figurative language, kados dene repetisi, paraleslisme, metonimia, atanapi hiperbola.

b. Hubungan Gaya kaliyan Ekspresi Penganggit
Gaya dumasare gadah hubungan kang raket kaliyan cara kang diangge dening setunggale penganggit kangge nampilaken gagasan-gagasane. Pengekspresian gagasan atanapi ide punika selajenge winujud teng selebete gaya basa kaliyan sedanten rineka ragame. Gaya tinalenan kaliyan ekspresi keranten gaya cara lan alat kang diangge dening penganggit kangge ngewujudaken gagasan, sedeng ekspresi ngrupiaken proses atanapi kegiatan perwujudan gagasan punika piyambek. Gaya Iwan Simatupang kangge nglukisaken setunggale suasana sepi kang wonten teng selebete batin setunggal tiyang dilukisaken kaliyan gaya teng andap puniki.

Lengang lan sepi sing ditemui dening deweke sedawaneng lelaku separan-paran ning dalan iki gawe mangmang kang ana ning dirie dewek kiyen wis kaya bengien, balik maning, atos kaya dene waja. Wus semene lawase deweke nglakoni, ora ketemu karo sapa-sapa. Sing arep atawa sing arah deweke teka. Malah makhluk kang katone remeh kaya dene lamuk lan laler ora nana deweke temui.
Benten kaliyan Titiek W. selebete nggambaraken suasana kesepian setunggal tiyang kaliyan gaya penceriosan kados teng andap puniki.

Yah … ari lagi ditinggal lakine ngobrol lan gemuyu-gemuyu cekikikan karo batur-bature kaya konon, Larasati sering ngrasa dewekan ning kene. Larasati ngrasae ora nana maning sewijineng wong kang peduli marang deweke, Larasati mundur, ndodok tengok-tengok ning ranjange kang semampir kelambu, terus kelambu sing matesi ruang mangan karo kamere iku ditarik mudun alon-alon lir ora duwe tenaga sampe katutup rapet-rapet, dirubuhaken badane sambir mandeng pyan.

Unggal penganggit gadah cara piyambek-piyambek kang benten antawis penganggit kang setunggal kaliyan penganggit kang sanese. Malah, sanajan piyambeke kesah saking gagasan atanapi ide kang sami, wangun pematurane punika saged dipestiaken benten. Hal kados mekaten, teng selebete sastra diistilahaken kaliyan individuasi.

4. Alur
Alur nggih niku rangkenan cerios kang diwangun dening tahapan-tahapan peristiwa atanapi kedadosan ngantos njalin setunggale cerios kang dilampahaken dening tokoh teng setunggale cerios.
Miturut Moulton lan Henshaw, tahapan alur atanapi peristiwa saged dibagi dados exposition, inciting force, rising action, crisis, climax, falling action, lan conclussion. Exposition nggih niku tahap awal kang isie penjelasan mangenani waktos lan tempat dumadose peristiwa lan pengenalan tokoh kang dukung setunggale cerios. Tahap inciting force nggih niku tahapan nalika tumimbule kekiyatan, niyat, lan prilaku kang silih tinentangan. Tahap rising action ngrupiaken tahap situasi kang ditengeri kaliyan milai manase suasana, keranten pelaku-pelaku kang wonten teng cerios punika milai gadah konflik. Crisis ngrupiaken waktos situasi wuwuh panas lan para pelaku sampun angsal gambaran nasib kang bakal tumiba. Kang dimaksad climax nggih niku situasi puncak nalika konflik punika kadare paling gawat ngantos para pelaku punika nampi kadar nasibe piyambek-piyambek. Falling action nggih niku tumurune kadar konflik ngantos ketegangan teng cerios punika sampun redi kangge nuju conclusion nggih niku tahapan pemriyadan.
Loban mbagi tahapan alur dados eksposisi, komplikasi, klimaks, relasi, lan denovemen atanapi pemriyadan. Denovemen wonten kalih jenise, nggih niku katastrofa pemriyadan kaliyan situasi kang ngingkingaken sedeng solusi nggih niku pemriyadan kang sifate maksih kebika lantaran pemaos piyambek kang kedah mriyadaken piyambek liwat daya imajinasie.
Seliyane kang sampun disebataken teng ingil punika, dumasar kerapetane, alur saged dibentenaken dados kalih jinis, nggih niku alur rapet lan alur renggang. Kang dimaksad kaliyan alur rapet nggih niku setunggale jinis alur kang jalinan peristiwae raket sanget. Teng jinis alur rapet, pemaos kedah ngampili teras-terasan keranten upami mboten ngampili sanajan setunggal adegan atanapi episode, maka pemaos atanapi pemireng punika mboten saged nagkep unsur-unsur alur atanapi tahapan-tahapan kang wonten teng alur. Dados, pemaos kedah ngampili alur cerios secara teras-terasan.
Alur renggang nggih niku setunggale jinis alur kang jalinan peristiwae renggang ngantos kangge mahami tahapan alur punika, pemaos atanapi pemireng mboten kedah ngampili kesedantenan cerios. Malah togging prana, pemaos atanapi pemireng mumkin mawon saged nafsiraken kepripun cerios punika pungkasane.
Dumasaraken waktos kedadosane, alur cerios saged dibentenaken dados tigang jenis, nggih iku alur majeng, alur mundur, lan alur campuran.
a. Alur majeng nggih niku alur kang nuduhaken peristiwa kaliyan kronologis atanapi urut tinurutan, mboten bolak-balik, lan saluyu kaliyan tahapan-tahapan alur kang wajar. Adegan dibika kaliyan adegan minangka sebab lan ditutup kaliyan adegan minangka akibat.
b. Alur mundur nggih niku alur cerios kang diawiti saking tahapan conclussion, exposition, inciting force, rising action, crisis, climax, lan dipungkes falling action. Alur jinis punika ditengeri kaliyan kedadosan pamungkas, adegan punika lajeng disusul kaliyan adegan asal muasal timbule kedadosa. Dados, alur punika dibika kaliyan akibat lan disusul kaliyan sebab tumimbule kedadosan.
c. Alur campuran nggih niku alur kang nggabungaken alrur majeng kaliyan alur mundur. Teng jenis alur puniki kedadosan dimilai teng waktos saniki, lajeng flashback teng kedadosan sengiyen kang dumasari peristiwa kang ndumadosken peristiwa punika, lan teng pungkase, peristiwa atanapi waktos punika wangsul malih teng kewontenan waktos saniki.

5. Plot
Kangge penganggit, plot punika diprasasataken minangka rangkang anggitan kang didadosaken panggeran selebete ngembangaken isi cerios. Sedeng kangge pemaos, pemahaman plot ngrupiaken pemahaman isi cerios secara wungkul, runtut, lan pertela. Tahapan plot diwangun dening ijenan-ijenan peristiwa, unggal peristiwa diemban dening pelaku kaliyan perwatekane piyambek-piyambek. Pramila punika, istilah plot kedah dibentenaken kaliyan alur atanapi dalan cerios. Umpamie : raja pejah ngrupiaken alur, sedeng raja kang pejah lantaran diracun atanapi nginum racun ngrupiaken plot.
Kegiatan pemahaman plot secara teknis diawiti kaliyan kegiatan maos teks atanapi cerios secara kesedantenan. Sembare maos, pemaos punika nafsiraken pikiran-pikiran utami unggal paragraf atanapi ijenan paguneman (dialog) kang wonten teng selebete cerios punika. Sesampune mahami kesedantenan isi cerios, pemaos sepindah malih maos kelawan cermat. Seliyane punika, kangge mahami plot pemaos ningal catetan-catetan kang sampun didamel.
Plot kaliyan dalaning cerios (alur) pancen mboten kapisahaken, nanging kedah dibentenaken. Tiyang asring nyampuradukaken antawis pengertosan plot kaliyan alur. Dalaning cerios ngemot kedadosan, nanging setunggale kedadosan punika dumados keranten wontene sebab atanapi alesan. Kang ngobahosikaken kedadosan cerios kang sinebat punika diistilahaken kaliyan plot.

6. Titik Pandeng
Titik pandeng atanapi kang langkung lumrah disebat point of view nggih niku cara kang diangge dening penganggit kangge nampilaken cerios, karakter para pelaku, alur, lan unsur-unsur cerios sanese selebete cerios kang dipaparaken. Titik pandeng atanapi puser penyeriosan saged dibentenaken dados sekawan jinis, nggih niku narrator omniscient, narrator observer, narrator observer omniscient, lan narrator the third person omniscient.
Narrator omniscient nggih niku narator atanapi penyerios keng teng ngriki ugi gadah fungsi minangka pelaku ceriosan. Keranten pelaku ugi penyerios, maka toging prana penyerios ugi ngrupiaken penutur kang sarwa sumerep mangenani samubarang hal kang wonten teng selebete uteke pelaku utami atanapi sejumblah pelaku sanese kang dipertelakaken secara fisikal lan psikologis. Pramila punika, samubarang kang wonten selebete batin pelaku tuwin kemumkinan nasib penyerios atanapi narator ugi sanggem maparaken cerios punika sanajan cumi arupi lamunan atanapi impen pelaku kang kasebat atanapi ngrupiaken setunggal hal kang dereng dumados.
Disebat narrator observer upami selebete nyriosaken, penyerios cumi gadah fungsi minangka pengamat dumateng pemunculan pelaku, tuwin cumi sumerep selebete wates kang sampun temtos, nggih niku perilaku batiniah pelaku. Upami teng narrator omniscient penyerat atanapi penyerios nyebataken asma pelaku utami kaliyan sebatan kula, reang, atanapi isun, teng narrator observer punika penyerat atanapi penyerios nyebataken asma pelaku utami kaliyan sebatan, piyambeke, deweke, atanapi asma-asma sanese.
Narrator observer omniscient ngrupiaken gabungan antawis narrator omniscient kaliyan narrator observer. Teknik kados mekaten ugi disebate narrator multiple. Teng selebete narrator observer omniscient, penganggit sanajan dados pengamat saking pelaku, nanging selebete cerios punika penganggit ugi ngrupiaken penyatur kang sarwa sumerep sanajan pelaku maksih nyebataken asma pelaku kaliyan sebatan deweke atanapi piyambeke. Teng hal punika, prasasate penganggit punika kados dalang kang sanes cumi sumerepe mangenani tetenger fisikal lan psikologis secara kesedantenan, nanging ugi sumerep mangenani nasib kang mengkine dialami dening pelaku.
Teng selebete cerios prosa fiksi, mumkin kemawon pengangit wonten teng selebete cerios kang dirumpaka piyambeke linaku minangka pelaku kaping tiga kang sarwa sumerep. Teng hal punika, minangka pelaku kaping tiga kang sarwa saumerep, penganggit atanapi penyerios maksih mumkin nyebataken asma pelaku kaliyan sebatan asma piyambeke kula, isun, atanapi reang. Minangka pelaku kaping tiga, penyerios mboten kejambet secara langsung teng kesedantenan ijenan lan jalinan cerios. Hal kang kados mekaten disebate narrator the third person omniscient atanapi narator tiyang kaping tiga.

7. Tema
Istial tema miturut Scharbach asalae saking basa Latin kang artose ‘wadah kangge naruh setunggale piranti’. Diwuwus mekaten keranten tema ngrupiaken ide kang ndasari setunggal cerios ngantos gadah peranan ugi manangka titik tolak penganggit selebete maparaken rumpaka fiksi kang dirumpakakaken. Keranten tema punika ngrupiaken hubungan antawis makna kaliyan prayojana, pemaparan prosa fiksi dening penganggite, maka kangge mahami tema kang sampun disinggung teng inggil punika, pemaos kedah langkung rumiyin mahami unsur-unsur signifikan kang mbangun setunggal cerios, nyimpulaken makna kang digadahi, tuwin ngubungaken kaliyan prayojana penganggite ngrumpaka.
Selajenge, Brook ngungkapaken nyaniya ‘Selebete ngapresiasi tema punika, selerese ngrupiaken pemahaman lan asil kontemplasi penganggit kang gadah tinalenan kaliyan masalah kejanmaan lan masalah sanes kang sifate universal’. Kang peryogi diperhatekaken teng pemahaman tema punika pemaos saged nyimpulaken saking kesedantenan cerios lan kandungan makna kang wonten teng selebete unggal unsur kang signifikan selebete cerios nalika mangun rumusan-rumusan kang tinemtos. Sanese punika, pemaos saged nemtosaken liwat judul kang dipiangge. Selebete upaya pemahaman tema, pemaos perlu merhatekaken secara cermat langkah-langkah kados teng andap puniki :
a. mahami setting selebete prosa fiksi kang diwaos.
b. mahami ijenan peristiwa atanapi kedadosan, pokok pikiran, lan tahapan peristiwa selebete prosa fiksi kang diwaos,
c. mahami plot atanapi alur cerios prosa fiksi kang diwaos,
d. ngubungaken pokok-pokok pikiran kang setunggal kaliyan pokok-pokok pikiran kang sanese kang disimpilaken saking ijenan-ijenan peristiwa kang dipaparaken teng setunggale cerios,
e. nemtosaken sikep penganggit dumateng pokok-pokok pikiran kang dimajengaken,
f. ngidentifikasi tujuan penganggit maparaken cerios tinolak saking ijenan pokok pikiran tuwin sikap penganggit dumateng pokok pikiran kang dimajengaken,
g. nafsiraken tema selebete cerios kang diwaos lan nyimpulaken tema selebete setunggal ukara atanapi langkung kang diajengaken dados ide dasar kang dipaparaken dening penganggit.

8. Amanat
Amanat ngrupiaken gagasan atanapi ide kang ndasari rumpaka sastra sekaligus pesen kang pareng dimaturaken penganggit dumateng pemaos atanapi pemireng. Antawis cerios kang setunggal kaliyan cerios kang sanese, sanajan alur, tema, atanapi plote punika benten, nanging saged mawon amanat kang dimaksad punika sami.
Lumrahe amanat punika ngrupiaken ajakan kang dilampahaken dening penganggit kangge dilampahaken dening pemaos. Ajakan punika lumrahe ngrupiaken anjuran, hukum-hukum, prinsip-prinsip, kaedah-kaedah, atanapi norma-norma kebecikan kang sayogyane dilampahaken dening tiyang gesang.

9. Suspense lan Foreshadowing
Kang dimaksad kaliyan suspense nggih niku ketegangan lan peraosan kang dialami dening pemaos atanapi pemireng sesampune maos, ningal, atanapi mireng konflik mental lan konflik sosial kang landep, lajeng disusul kaliyan foreshadowing kang diciptakaken dening penganggit kangge narik perhatosan ngantos pemaos mboten ngraos bosen.
Foreshadowing (pembayangan punapa kang bakal dumados), nggih niku gejala kang dialami dening pemaos atanapi pemireng nalika siweg ngamati setunggal adegan atanapi episode kang tinalenan kaliyan proses mbayangaken kedadosan punapa kang bakal dumados sesampune pelaku nglampahaken setunggale pedamelan atanapi panggawe.

10. Limited Focus lan Unity
Limited focus disebat ugi pematesan fokus atanapi titik pusat ngrupiaken pemusatan atanapi penitikawratan setunggal masalah kang dados tujuan penganggit kang wonten teng selebete rumpaka sastra ngantos timbul perhatosan pemaos atanapi pemireng dumateng rumpaka sastra kang dimaksad. Hal punika ndadosaken pemaos langkung gampil ngayati lan ngersani setunggal rumpaka sastra. Pamrahe, pemaos punika angsal pengalaman lan pangauning kang enggal saking asil maos rumpaka sastra.
Unity ngrupiaken ngrupiaken kemanunggalan antawis unsur cerios kang setunggal kaliyan unsur cerios kang sanes supados cerios punika langkung gampil dipahami lan mboten nimbulaken kesawonan selebete nafsiraken cerios. Mboten manunggale antawis unsur kang setunggal kaliyan unsur kang sanese punika saged nimbulaken kesawonan selebete nafsiraken, maka hal punika ndadosaken bubrah teng selebete cerios.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar