Sampurasun,

Rumangsa Handarbeni, Melu Hangrungkebi, Mulat Sarira Hangrasa Wani

Rabu, 08 September 2010

DRAMA

A. Pengertosan Drama
Istilah drama asale saking basa Yunani ‘dran’ kang artose ginawe. Teng wewengkon Cerbon lan Indramayu saking jaman sengiyen masyarakate sampun ngenal drama sanajan wangune drama tradisional nggih niku masres. Sanese masres, drama ugi diseselaken teng tengah-tengah pagelaran tarling tradisional. Hal kang kados mekaten teng istilah basa Cerbon asring disebat lakonan. Miturut Suprapto (1993 : 24), drama punika komposisi syair kang diajengaken saged nggambaraken kegesangan lan perwatekan setunggale tiyang atanapi kelompok liwat akting lan dialog kang dilampahaken atanapi dipentasaken teng inggile panggung.
Istilah sanes kangge penggantos drama nggih niku tonil, bangsawan, sandiwara, lan masres. Sengiyen istilah tonil, bangsawan, sandiwara, lan masres angsal kesan kang kirang sae teng kalangan masyarakat, nanging saniki pandengan-pandengan punika sampun rinobih. Punapa malih sesampune kaum intelektual kados dene mahasiswa milet nyemplungaken dirie teng kegiatan drama punika.
Para ahli sastra gadah pendapat nyaniya wayang wong, wayang kulit, wayang klitik, lan wayang golek saged dilebetaken teng kelompok sandiwara. hal punika dumados keranten teng selebete wayang wong, wayang kulit, wayang klitik, lan wayang golek punika wonten paguneman lan gerak-gerik saking tokohe.
Setunggale drama kang diserat nembeke sampurna upami drama punika dimaenaken dening para pelakue teng inggil panggung (dipentasaken). Para pelaku punika kedah mahami sedanten isi cerios, sumerep punapa kang dimaksad dening penyerate, lan sanggem meranaken tokoh-tokoh kang wonten teng selebete drama punika kelawan sae.
Drama kang kaula kenal teng Cerbon saniki asale saking Yunani kuna kang gadah tetenger kados teng andap puniki.
1. Ceriose dawa-dawa, pramila punika cerios kang dawa punika kedah dibagi-bagi umume dados gangsal babak, unggal babak mangadeg teng atase adegan-adegan. Teng selebete babak-babak kawitan ditepangaken watek-watek pelaku liwat paguneman-paguneman sekaligus setunggale persoalan ditampilaken.
2. Unggal setunggale babak priyad disuguhaken kaliyan tetembangan kang isie kesimpulan saking cerios kang nembe priyad disuguhaken.
3. Biasae sederenge drama dimilai, langkung rumiyin dimaturaken prolog kangge mbangkitaken perhatosan penonton dumateng pagelaran lan nalika pagelaran punika priyad diakhiri kaliyan epilog.
Drama kang basajan saged dados drama kang sae, bader, gesang, lang mikat perhatosan upami kang meranaken punika sanggem mbakta perane piyambek-piyambek kelawan sae. Kadang-kadang ngantos semanten kepikate manah penonton dumateng pagelaran drama ngantos penonton lali nyaniya selerese kang piyambeke tingal punika cumi setunggale pagelaran, sanes kedadosan kang selerese. Mekaten ugi sewangsule, saged tumimbul raos bosen teng anahe penonton upami para pelakon punika mboten sanggem meranaken tokoh-tokohe kelawan sae.
Teng drama punika, penonton saged nyumerepi isi cerios lan watek liwat paguneman (dialog) lan gerak-gerike pelakue. Saking paguneman-paguneman punika penonton saged nyumerepi watek kang ala lan watek kang becik selebete cerios punika. Paguneman punika mboten kenging lincad saking inti cerios saking kawitan ngantos priyade cerios. Gerak-gerik para pelakue mboten kenging kelangkungan lan busana kang diangge ugi kedah disaluyuaken sareng isi cerios, jaman, lan kelungguhan cerios punika.
Mekaten ugi setting atanapi penataan panggung (dekorasi). Maksade, upami cerios punika dumados teng Abad XV lan upami latar pengkere punika mendet ruang dayoh mboten mumkin dekorasi panggunge punika wonten televisi keranten teng jaman punika dereng wonten televisi, mekaten ugi busana tiyang kang diangge dening istri lan jaler mboten mumkin kados busana kang wonten teng jaman saniki. Kewontenan iringan musik dahat diperlokaken minangka latar pengker kangge nggesangaken dalaning cerios, asal musik punika disaluyukaken kaliyan adegan kang siweg dimaenaken.
Selebete drama tradisional atanapi masres punika biasae lakon kang digelar punika nyriosaken cerios babad atanapi ceriosan sanes kang wonten tetaliane kaliyan setunggale peristiwa atanapi kedadosan setunggale wewengkon. Teng Cerbon, khususe Kapetakan maksih katah kelompok masres kados dene Budi Suci, Ramah Tamah, Jayabaya, Ramah Suci, Merah Delima, lan sanes-sanese. Umume masyarakat (khususe masyarakat Bedulan) langkung asring nyebataken nami masres punika kaliyan warni kelir ajenge kados masres kuning, masres abang, masres ijo, lan sapanunggalane.

B. Pikembangan Seni Drama
Awal pikembangan seni drama atanapi teater dipanggihi sekitar 3500 naun Sederenge Masehi teng Mesir. Seni drama punika dipanggihi teng tembok-tembok piramida kang nggambaraken setunggale pendeta kang siweg ngadeg teng ajengane jemaahe. Pendeta kang kasebat wau diilustrasikaken siweg maturaken setunggale cerios. Gambar pendeta kang ngangge topeng punika kenyataane siweg nggambaraken keagungan Sang Murbeng Dumadi. Piyambeke migunakaken seni drama selebete maturaken ajarane.
Sekitar naun 534 SM seni teater milai kinembang teng Yunani. Pagelaran teater punika ngrupiaken salah setunggale cara kangge ngormati Dewa Dionisus. Teng Yunani pikembangan teater rikat sanget, malah ngantos saniki lakon ‘Oediphus’ ngrupiaken setunggal lakon kang kawentar sanget. Lajeng cerios-cerios komedi teng jaman keemasan kekaisaran Romawi ugi ngrupiaken lakon kang populer sanget. Teater teng jaman Romawi ngrupiaken setunggale wangun lelipur kang dipentasaken teng waktos-waktos kang sampun tinemtos, cumi kangge kaum priyayi teng dinten-dinten becik.
Sementawis teng Cerbon seni drama ugi cekap kinembang kelawan rikat. Hal punika saged dibuktosaken kaliyan tuwuhe macem-macem wangun lan jinis drama tradisional lan moderen kang ngrupiaken lelipur masyarakat. Wangun lan jinis teater kasebat diantawise wayang, masres, lelakonan teng seni tarling, lan sapanunggalane. Nanging teng waktos saniki pikembangan seni drama teng Cerbon kawilang mandeg, malah setunggal-setunggal mbibaraken diri.

C. Anatomi Sastra Drama
Sanajan mboten sedanten, nanging katahe naskah-naskah drama umume dibagi teng atase babak-babak. Upami diteliti kelawan titen, pembagian babak punika dilampahaken kelawan titen, cermat, lan mboten sembarangan nanging pembagian babak punika gadah alesan kang kiyat. Kang dimaksad kaliyan babak nggih niku bagian ageng saking setunggale pementasan drama kang mangadege teng atase adegan-adegan. Babak kang enggal ditengeri kaliyan pergentosan setting (teng drama tradisional kados masres hal punika ditengeri kaliyan gentose kelir minangka latar pengkere), sedeng pergentosan adegan ditandai kaliyan melebet atanapi medale setunggal tokoh.
Setunggal babak biasae dibagi teng atase adegan-adegan. Kang dimaksad kaliyan adegan nggih niku bagian babak selebete lakon-lakon kang biasae ditengeri kaliyan medal atanapi mlebete tokoh secara sami-sami atanapi setunggal-setunggal. Cekakae, adegan punika ditengeri kaliyan perobihan cacahe tokoh teng inggile panggung keranten medal atanapi mlebet. Umpamie teng setunggale adegan, tokoh A kaliyan tokoh B siweg nglampahaken paguneman, hal punika kelebet teng adegan setunggal, lajeng tokoh B medal, kantun tokoh A piyambekan teng inggil panggung. hal punika sampun ngrobih saking adegan setunggal keranten robihe cacahe tokoh teng inggile panggung. Mekaten ugi upami wonten tokoh C kang mlebet, ugi kelebet teng perobihan adegan.
Bagian kang mboten kawon pentinge teng pagelaran drama nggih niku dialog. Dialog ngrupiaken bagian setunggale naskah drama kang arupi paguneman antawis kalih pelaku atanapi langkung.
Umpamie :
Ringgo : Lamon isun bisa gawe sawijine film langka wong wadone kah .…
Jim : Ikulah. Unggal dina sampe ping atusan, isun kedik duwe pikiran kang kaya konon.

Saking pentinge kelungguhan dialog teng selebete naskah drama ngantos mboten wontene dialog teng selebete naskah drama punika, maka rumpaka sastra punika mboten saged didolongaken teng selebete rumpaka sastra drama. Meh mboten wonten naskah drama kang mboten wonten dialoge. Mekaten ugi kelungguhane pituduh penganggit. Pituduh penganggit nggih niku bagian naskan drama kang nyukani pituduh dumateng pemaos atanapi awak pementasan kados dene sutradara, pelaku, lan awak pementasan sanese mangenani hal-hal kewontenan, suasana, peristiwa, lan panggawe atanapi perwatekan.
Umpamie :

Wong Asing : (ngadeg)
Apa ora wedi ning wayah bengi mengkenen meneng dewekan ning umah kang mencil, cuma wong wadon loro?
Simbok : Apa sing tek wedeni. Ning umah iki ora nana kang bisa dirampok. Lan sapa kanga rep gelem karo isun. Sinah bakal ngusir sapa bae wong kang teka mene klawan niat jahat. Deweke luwih kuat tinimbang wong lanang.
Wong Asing : (sambir mbungkuk, perasaane rada blenak)
Anake Ibu tegap badane.
Simbok : Ya. Deweke kuat lantaran deweke iku kudu menggawe ning kebon karo bapane.

Setunggale bagian drama kang penting lan ageng sanget peranane nggih niku basa. Basa ngrupiaken bagian kang mboten saged dipisahaken saking setunggale naskah drama. Hal punika dumados keranten mboten mumkin setunggale drama dipentasaken tanpa wontene drama minangka alat komunikasi verbal anatawis setunggal tokoh kaliyan tokoh kang sanese. Seliyane drama kontemporer ugi wonten jinis drama kang sama sekali mboten ngangge basa. Jinis drama kang dimasad nggih niku pantomim.
Teng hubungane kaliyan plot, basa gadah tetaliyan kang raket sanget keranten basa gadah peran kangge ngobahosikaken plot atanapi galur. Basa ugi mertelakaken latar pengker lan suasana cerios keranten liwat basa kang diucapaken dening pelaku, sage disumerepi mangenani panggenan, laku-lampah, peristiwa, kedadosan, suasana, waktos, mangsa, lan kewontenan sanes selebete dumadose cerios punika.
Bagian sanese kang biasae wonten teng naskah drama nggih niku prolog. Prolog atanapi prawacana nggih niku wacana kang diucapaken dening pemingpin sandiwara atanapi pemingpin acara teng bagian pembikaan setunggale drama tanapi sandiwara kang diserat dening penganggit lan ditaruh teng bagian ajeng. Dumasare prolog punika ngrupiaken penganter naskah kang isie setunggal keterangan kang mertelakaken kedadosan atanapai latar pengker peristiwa atanapi kedadosan dumadose cerios kang bade disajiaken. Hal punika bantos pemireng kangge nggampilaken mahami dalaning ceriosan. Prolog ugi saged diwuwusaken minangka pendapat penganggit mangenani cerios kang bade disajiaken.
Umpamie :

Prolog
(diucapaken dening pemingpin acara)

Pemiarsa ingkang kaula muliakaken,
Cerios puniki dumados
teng Majapahit sesampune Ratu Suhita
ngasoraken Wirabhumi teng Perang Paregreg
peparab Minak Jinggo, sederek tunggal rama
lan Damar Wulan
nembe kemawon dikukum pejah.
Teng alun-alun weringin kurung rubuh
gledeg jumeder teng tengahing siyang
panji agung pinggire geseng rumpeng, angus
pendopo agung mengadege doyong
sakae kropos digrogoti tikus
mangga sami-sami
mirsakaken
punapa ingkang bakal dumados
mangga sami-sami mbika soca, talingan, lan manah
panjenengan sedaya

Sanese prolog, wonten ugi istilah epilog, solilokui, aside, lan dramatik. Upami prolog punika dilampahakene teng ajenge naskah drama, maksade sederenge drama punika dimilai kangge mertelakaken latar pengkere dumadose cerios, epilog punika dilampahakene sewingkinge drama, maksade sesampune drama punika priyad. Biasae epilog punika ngrupiaken kesimpulan kang didamel penganggit mangenani cerios kang sampun disajiaken. Kadang-kadang epilog punika diseseli kaliyan wejangan atanapi nasehat, saged diwuwusaken nyaniya epilog punika amanat kang tinulis saking penganggit. Penganggit jaman saniki ketingale sungkan matesi kebebasan pemaos lan penonton. Hal punikalah kang nyebabaken penganggit mboten merlokaken wontene epilog teng wusanae pementasan drama.
Dramatik nggih niku samubarang kang ditampilaken lan disaluyukaken kaliyan pagelaran drama. Dramatik ngrupiaken panyaluyuan cerios kangge pagelaran sandiwara atanapi pendramaan. Dramatik ugi gadah pengertosan hal kang damel setunggale kedadosan dados langkung ngesanaken atanapi nyedihaken.
Sanese prolog, epilog, lan dramatik, wonten ugi istilah solilokui lan aside. Solilokui nggih niku setunggale bagian naskah drama kang isie ungkapan, pikiran, lan peraosan setunggale tokoh cerios kang diucapaken kangge diri pribadose piyambek. Aside nggih niku bagian naskah drama kang diucapaken dening tokoh drama lan ditujuaken secara langsung dumateng penonton kaliyan pengertosan tokoh sanese kang wonten teng pentas mboten mireng punapa kang diwicarengaken dening piyambeke kaliyan penonton. Aside asring dilampahaken dening pelakon drama tradisional kados dene lenong atanapi ludruk.

D. Struktur Dramatik Aristoteles
Teng selebete cerios-cerios dramatik konvensional (cerios drama kang ngrupiaken asil kesepakatan para ahli drama secara sami-sami), struktur dramatik kang lumrah dipigunakaken selebete pagelaran drama punika setunggale struktur drama kang disebat struktur dramatik Aristoteles. Diwuwusaken struktur dramatik Aristoteles keranten struktur dramatik punika dikenalaken lan disimpulaken dening Aristoteles (384 – 322 SM) saking rumpaka-rumpaka sastra Sopochles (495 – 406 SM).
Struktur nggih niku setunggale kemanunggalan saking bagian-bagian kang kesedantene silih tinalen, silih ndukung, lan silih ngajegi kangge ndukung setunggal tujuan. Upami salah setunggal kemawon bagian drama punika dirobih atanapi mboten wonten, maka hal punika bade ngrisak tatanan ceriosane. Maksade, cerios kang siweg digelaraken punika mboten wutuh, gadah kesan sembarangan, lan mboten saged ditampi kelawan sae.
Struktur dramatik Aristoteles piyambek mangadeg teng atase bagian-bagian kang mboten saged dipisahaken setunggal kaliyan sanese keranten antawis bagian-bagian punika sifate komplementif (silih gumantung, silih ngajegi, silih ndukung), pramila punika kesedantenane mboten saged dipisah-pisahaken. Anadene bagian-bagian kang dimaksad punika nggih niku eksposisi, komplikasi, resolusi, lan konklusi.
Eksposisi ngrupiaken bagian awal atanapi pembikaan setunggale rumpaka sastra drama. Saluyu kaliyan kelungguhane, eksposisi punika gadah fungsi minangka pembika kang nyukani penjelasan atanapi keterangan mangenani hal-hal kang diperyogiaken kangge langkung nggampilaken pemireng selebete mahami peristiwa-peristiwa selajenge.
Bagian komplikasi atanapi penggawatan ngrupiaken bagian selajenge saking eksposisi. Teng bagian punika, setunggale pelaku milai mendet prakrsa kangge nuju keparengane kaliyan cara sewang-sewangan. Komplikasi disusul kaliyan klimaks. Teng bagian klimaks punika, pihak-pihak kang silih tinentangan silih adep-adepan kangge nglampahaken peretangan pemungkas kang nemtosaken nasibe piyambek-piyambek.
Bagian selajenge nggih iku resolusi atanapi bagian pemecahan masalah. Teng bagian resolusi punika, sedanten permasalahan kang ditimbulaken dening wontene prakarsa para tokoh atanapi pelaku saged dipecahaken. Sedeng bagian kang paling pungkas nggih niku konklusi. Konklusi ngrupiaken bagian pamungkas kang isie para pelaku punika sampun nampi nasibe piyambek-piyambek saluyu kaliyan panggawe piyambek-piyambek. Maksade nasibe para pelaku kang kasebat sampun pinasti.
Pinten-pinten buku kang saged dilebetaken teng selebete kelompok drama kados dene :
1. Citra anggitan Usmar Ismail
2. Sam Pek Eng Tay anggitan Nano Riantiarno
3. Kapai-Kapai anggitan Arifin C. Noer
4. Ken Arok lan Ken Dedes anggitan Moh. Yamin
5. Kertajaya anggitan Sanusi Pane
6. Sandyakala ning Majapahit anggitan Sanusi Pane
7. Nyi Lenggang Kencana anggitan Armijn Pane

E. Jinis-Jinis Drama
Selerese jinis drama punika katah sanget, nanging dumasar jinise, drama punika saged dibagi dumasar isi lan jamane.
1. Dumasar Isie
Selerese wangun drama punika katah sanget kaliyan istilah kang benten-benten antawis wewengkon kang setunggal sareng wewengkon kang sanese. Dumasaraken isie, miturut Henry Guntur Tarigan, drama punika saged dikelompokaken dados sekawan jinis, nggih niku drama tragedi, drama komedi, melodrama, lan farce.

a. Drama Tragedi
Drama tragedi ngrupiaken sejinis drama kang isie atanapi ceriose serius lan nimbulaken pemikiran-pemikiran kang awrat selebete batin pemirsa, lumrahe cerios kang dimaenaken punika sifate kingking. Teng lebete drama tragedi digambaraken pelaku utamie ngalami kegagalan selebete nglawan nasib lan kerekasan-kerekasan kang pegot nyambung.
Katahe teng drama jinis tragedi punika, para pelakue manggihi pati teng wusanae cerios. Drama jinis tragedi ngrupiaken drama kang ngisahaken kegesangan atanapi paripolahe tiyang-tiyang penting kang gadah sifat herois atanapi sifat-sifat kepahlawanan. Contoh drama tragedi punika umpamie Nyai Dasimah, Ken Arok lan Ken Dedes, lan Baridin.
Jinis alur kang wonten teng selebete drama tragedi ngrupiaken alur kang wajar ngantos saged nimbulaken emosi, melas, sedih, lan wedos kang wajar teng manahipun pemirsa. Keuntungan kang ditampi sesampune mirsani drama jinis punika nggih niku saged nimbulaken pengalaman kang enggal dumateng pemaos atanapi pemirsane.

b. Drama Komedi
Drama komedi punika kewalikan saking drama jinis tragedi. Teng drama komedi punika, cerios kang disajiaken ngrupiaken cerios kang temae enteng, mboten nimbulaken pemikiran kang awrat dening pemaos atanapi pemirsane, lan nuwuhaken peraosan lucu lan kegugu dumateng penonton, keranten pelaku-pelaku nampilaken sikap kebodohane lan sedanten kang dilampahaken punika sarwa sawon. Kadang-kadang selebete kelucuan punika diseselaken sindiran kang ditujuaken dumateng setunggale golongan atanapi kelompok kang tinemtos. Diwuwusaken temae enteng keranten teng drama punika sanajan sifate serius, nanging angger diselipi kaliyan bobodoran.
Mekaten ugi unsur kedaosan atanapi peristiwa kang wonten teng selebete drama komedi punika kedadosan kang mumkin atanapi seolah-olah dumados teng lingkungan nyata. Nanging alur kang diwangun dening drama jinis komedi punika maksih alur kang wajar, inisiden kang wonten teng selebete cerios ditimbulaken dening tokoh, sanes tumimbul keranten situasi.

c. Melodrama
Sami kaliyan drama jinis tragedi, drama jinis melodrama ugi cerios lan tema kang dimajengaken punika ngrupiaken tema kang serius, nanging para pelakue mboten seserius kados teng drama tragedi. Teng jinis drama melodrama punika wonten perobihan nasib kang dialami dening tokohe lan tokoh punika biasae menang selebete perjuangane, kados dene perjuangan nglawan nasib, perejuangan nglawan kegesangan piyambek, perjuangan mertahanaken hak, perjuangan ngadepi tirani, lan sapanunggalane kang nimbulaken peraosan melas teng manah penonton. Raos melas kang dimajengaken teng melodrama tumujue teng sentimentalis.

d. Farce
Farce nggih niku setunggale jinis drama kang ngajengaken tema kang cerios, tema, lan tokoh-tokohe kangge kemumkinan dumados teng kegesangan sedinten-dinten punika mboten ageng. Kelucuan-kelucuan kang ditimbulaken dening tokohe punika cumi seecae piyambek mboten mretangaken punapa kedadosan punika saged ditampi akal atanapi mboten. Malah kesan kang ditimbulaken punika kesan kang asal-asalan, mbodohi diri piyambek, lan dipaksakaken keranten disusun kelawan mboten teratur lan sifate episodis. Maksade unggal adegan punika sifate sewang-sewangan mboten njalin setunggale cerios kang wutuh. Hal punika cumi merlokaken peyakinan sementawis dumateng cerios.
Kedadosan-kedadosan kang wonten teng selebete farce punika tumimbule saking situasi, sanes saking pelaku. Senajan mekaten, jinis drama punika ngrupiaken drama kang paling katah pemirsane. Hal punika dumados keranten pemirsa ngraos kelipur sesampune mirsani drama punika.
Sanese jinis kang sampun dipertelakaken teng inggil punika, maksih wonten jinis drama sanese, nggih niku lelucon, pantomim, opera, lan operet. Lelucon nggih niku setunggale drama kang sifate sami kaliyan komedi, nggih niku nuwuhaken raos kegugu dumateng penonton, nanging ceriose mboten teratur. Umume ceriosane punika cetek lan ditampilaken cumi seliwatan atanapi seselan teng antawis cerios utami, contohe kados dene dagelan Semar, Gareng, Petruk, lan Bangong.
Pantomim nggih niku jinis drama arupi ceriosan kang cara maturakene mboten kelawan paguneman, nanging kelawan isyarat lan gerak-gerik kang nggambaraken panggawe. Penonton saged mahami cerios upami pelaku punika saged nglampahaken gerak mimik lan gerak kinesik kelawan leres. Hal punika dumados keranten teng pantomim punika sama sekali mboten wonten paguneman. Wuwuh sae pelaku punika selebete nglampahaken panggawe kang nggambaraken paguneman, wuwuh gampil kangge penonton selebete nafsiraken cerios.
Opera nggih niku drama kang cara maturakene kaliyan paguneman lan tetembangan. Teng antawis paguneman lan tetembangan punika biasae diseseli kaliyan irama lantunan musik. Teng opera, peranan musik punika mboten cumi sederma latar pengker, nanging sami pentinge kaliyan paguneman lan tetembangan punika piyambek.
Teng Cerbon ngantos saniki dereng wonten opera kados wangun kang selerese, mekaten ugi dereng wonten kelompok-kelompok opera kang mangadeg. Hal punika dumados keranten opera mbutuhaken penembang kang gadag pendidikan kang ingil lan kalatih, mekaten ugi penabuh alat musike ugi kedah ahli. Sedeng operet nggih niku drama kang cara maturakene kaliyan paguneman lan tetembangan nanging langkung cendak tenimbang opera.

2. Miturut Jaman
Dumasaraken jamane, drama saged dibentenaken dados drama teng jaman Hindu, Islam, lan jaman kesusastraan enggal.

a. Jaman Hindu
Mangenani drama teng jaman Hindu punika mboten katah kang saged diceriosaken, keranten saking penyelidikan cumi sebagian alit drama teng Cerbon kang disumerepi wangun dramae, umpamie pagelaran wayang. Pagelaran wayang punika katah ugi jinise, kados dene wayang wong, wayang golek, wayang klitik, wayang kulit, lan wayang beber. Musik kang ngiringane punika gamelan. Kang maenaken wayang punika disebate dalang. Umume cerios kang dimajengaken dipendet saking cerios Mahabharata lan Ramayana. Wonten ugi wayang kang ceriose dipendet saking cerios-cerios rayat kang kawentar nanging mboten katulis, kados dene wayang golek papak.

b. Jaman Islam
Drama teng jaman Islam katahe maksih arupi wayang. Wayang teng jaman Islam punika sampun katah perobihan saking naskah aslie. Hal punika dilampahaken dening Sunan Kalijaga minangka setunggale sunan kang ahli teng bidang kesenian kangge nyebaraken Agama Islam. Teng jamane Sunan kalijaga punika, penonton mboten disuwuni bayaran, nanging penonton punika kedah ngucapaken kalimat syahadat minangka piranti pembayarane. Dados, penonton punika nembe angsal ningal pakeliran wayang sampune ngucapaken kalimat syahadat.
Teng lebete pakeliran wayang jaman punika katah sempalan kang sumejah diseselaken dening Sunan Kalijaga secara alon-alon nyewselaken istilah-istilah kang tinalenan kaliyan Agama islam. Umpamie nami ajian kang diagem dening para kesatria. nggih niku jimat layang jamus kalimasada, agem-ageme Yudistira dipendet saking kalih kalimat syahadat. Mekaten ugi nami-nami kados Samiaji secara etimologi asale saking tembung sami-sami ngaji, Nakula saking nakhulu, Sadewa saking saddawa, Bima saking bima kuntum ta’malun, lan sanes-sanese.

c. Jaman Kesusastraan Enggal
Teng jaman kesusastraan enggal meh sedanten wangun rumpaka sastra angsal ambekan enggal. Mekaten ugi rumpaka sastra drama. Mumkin disebabaken dening cita-cita kebangsaan kang milai tumimbul, teng setunggal sisih tuwuh keparengan penganggit-penganggit kangge mengetaken sedanten rayat teng masa kejayaan masa kang kepungkur. Penganggit-penganggit cenderung milih wangun-wangun drama, keranten ceriose langkung gesang lan isie saged ditampi dening penonton kang cacahe langkung katah. Pramila punika teng bidang drama ugi ketingal kemajengan-kemajengan, senajan mboten serikat kemajengan kang dialami dening puisi lan prosa. Urut-urutan babar buku-buku kang wangune drama kados dene : Babasari, Ken Arok lan Ken Dedes, Kertajaya, lan Sandyakala ning Majapahit.
Cumi kang kedah disadari nyaniya waktu punika kaum colonial siweg gadah kekuwasaan, dados mboten mumkin sedantene punika dilampahaken kaliyan terang-terangan, nanging dilampahaken kaliyan sindiran. Pramila punika, drama asring diistilahaken kaliyan sandiwara. kawitane sandiwara punika ngrupiaken propaganda penjajah kangge nanemaken kebudayaane piyambek, nanging teng perkembanagane, drama gadah tempat piyambek teng kesusastraan.
Mumkin keranten mboten wonten malih hiburan wekdal punika ngantos sandiwara punika tansah angsal perhatosan kang pinuh saking masyarakat. Sambutan kang mekaten angete punika saged nimbulaken gairah dumateng penganggite, ngantos tuwuh pinten-pionten sandiwara enggal kang mendet tema sanes saking peristiwa sejarah, nanging saking suka dukae masyarakat teng jaman punika.
Milai kawentar name kados Usmar Ismail minangka pencipta sandiwara, dibantun kaliyan Rosihan Anwar, El Hakim, teng bidang musik dening Cornel Simanjuntak, Tjok Sinsu, lan Haryo Singgih. Usaha piyambek-piyambeke punika nggih niku ningkataken mutu sandiwara liwat perobihan-perobihan kang mboten ngenal pegel. Drama piyambek angsal kemajengan kang pesat teng jamane Angkatan ’66. Katah perobihan kang saged dipanggihi. Mutue ditingkataken kangge nggayuh tataran internasional. lakon kang ditampilaken kadang-kadang dipendet saking drama asing kang kawentar teng sakukubeng jagat.
Seliyane punika, tuwuh punapa kang diwastani seni drama tari atanapi kang langkung asring disebat sendratari. Teng ngriki seni drama dilampahakenmboten dilampahaken kaliyan gerak lan paguneman, nanging dilampahaken kaliyan gerak jogedan kang gadah makna. Peranan musik dados langkung penting selebete sendratari punika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar